PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 42
  • Naséhat ing Alkitab soal Wong sing Nikah lan Ora Nikah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Naséhat ing Alkitab soal Wong sing Nikah lan Ora Nikah
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Urip Bebojoan Kuwi Anugrah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Apa Sebabé Yéhuwah Nggawé Urip Bebojoan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 42
Pelajaran 42. Wong lanang karo bojoné lagi ngobrol karo sedulur wédok ing kafé.

PELAJARAN 42

Naséhat ing Alkitab soal Wong sing Nikah lan Ora Nikah

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Ana sing ngomong nèk wong kudu nikah bèn isa bahagia. Tapi kenyataané, sing nikah ya ana sing ora bahagia. Terus, sing ora nikah ya ana sing bahagia. Menurut Alkitab, nikah apa ora, kabèh ana manfaaté.

1. Apa manfaaté nèk ora nikah?

Menurut Alkitab, ”Wong sing nikah éntuk manfaat, ning wong sing ora nikah éntuk manfaat luwih akèh.” (Wacanen 1 Korintus 7:​32, 33, 38.) Kok isa? Wong sing ora nikah ora perlu mikirké bojo sing kudu diopèni, dadi isa luwih bébas. Misalé, ana luwih akèh sing isa dilakoni kanggo Yéhuwah. Contoné, dhèwèké isa nginjil ing panggonan sing adoh, terus ya nduwé akèh wektu kanggo Yéhuwah.

2. Apa waé manfaaté nèk nikah sah?

Wong sing nikah ya isa éntuk manfaat. Menurut Alkitab, ”Wong loro bareng-bareng luwih apik timbang dhèwèkan.” (Pengkhotbah 4:9) Wong sing nikah isa éntuk manfaat, terutama nèk manut karo pathokané Alkitab. Wong sing nikah sah wis janji nèk bakal terus sayang lan ngajèni bojoné. Hasilé, isa dadi ngrasa luwih aman timbang nèk mung kumpul kebo. Anak-anaké ya dadi luwih ngrasa dilindhungi.

3. Menurut Yéhuwah, perkawinan kuwi kudu piyé?

Wektu pertama kali nikahké manungsa, Yéhuwah ngomong, ”Wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng karo bojoné”. (Purwaning Dumadi 2:​24) Yéhuwah péngin wong lanang karo bojoné terus sayang lan urip bareng nganti seumur hidup. Mung éntuk cerai nèk bojoné laku jina. Menurut Yéhuwah, pihak sing ora salah sing éntuk nentokké arep cerai apa ora.a (Matius 19:9) Yéhuwah nglarang wong Kristen poligami.​—1 Timotius 3:2.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé carané wong sing nikah lan sing ora nikah isa bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.

4. Wong sing ora nikah isa éntuk luwih akèh manfaat

Menurut Yésus, ora nikah kuwi anugrah. (Matius 19:​11, 12) Wacanen Matius 4:​23, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yésus ora nikah. Apa buktiné nèk kesempatan kuwi dienggo nglayani Yéhuwah lan mbantu wong liya?

Wong Kristen sing ora nikah ya isa bahagia kaya Yésus. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Wong Legan sing Setya (3:​11)

  • Apa waé sing isa dilakoni wong sing ora nikah bèn isa bahagia?

Keterangan

Ing Alkitab ora ana keterangan umur pira wong éntuk nikah. Tapi, nèk péngin nikah kudu nunggu sik nganti ”wis cukup umur”. Kuwi maksudé ora nikah wektu rasa péngin kanggo hubungan sèks lagi kuwat-kuwaté merga kuwi isa marahi wong nggawé keputusan sing ora bener.​—1 Korintus 7:​36.

5. Ngati-ati wektu arep milih bojo

Kudu dipikir tenanan wektu arep milih bojo. Wacanen Matius 19:​4-6, 9, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok ora éntuk kesusu nikah?

Liwat Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sifaté calon bojo sing apik. Sing paling penting dhèwèké kudu sayang Yéhuwah.b Wacanen 1 Korintus 7:​39 lan 2 Korintus 6:​14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok kudu nikah mung karo sing seiman?

  • Menurut njenengan, piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing nikah karo wong sing ora sayang Yéhuwah?

Banthèng gedhé karo keledai cilik lagi kangèlan mikul kayu ing guluné.

Nèk kéwan loro sing béda banget narik beban bareng-bareng, loro-loroné bakal sengsara. Nèk nikah karo sing ora seiman, bakal ngalami akèh masalah

6. Niru pandhangané Yéhuwah soal perkawinan

Ing Israèl mbiyèn, ana wong lanang sing megat bojoné sak senengé dhéwé. Wacanen Maléakhi 2:​13, 14, 16, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Yéhuwah sengit nèk ana sing megat bojoné tapi alesané ora sesuai karo pathokané Alkitab?

Wong wédok ndelok bojoné lunga saka omah. Anaké wédok sedhih karo ndhekep ibuné.

Nèk ana sing laku jina lan pegatan, keluarga isa dadi susah

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Perkawinan​—Ikatan sing Permanèn (4:​30)

  • Nèk saiki bojoné njenengan durung sayang karo Yéhuwah, njenengan isa tetep bahagia. Tapi njenengan kudu piyé?

7. Manut pathokané Yéhuwah soal perkawinan

Ana sing kudu berjuang bèn isa manut pathokané Yéhuwah soal perkawinan.c Apa waé berkahé? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Manut Pathokané Yéhuwah soal Perkawinan (4:​14)

Wacanen Ibrani 13:​4, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, pathokané Yéhuwah soal perkawinan kuwi isa ditrapké apa ora? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

Yéhuwah péngin perkawinan lan perceraian kudu sah soalé ing akèh negara, kuwi sing diwajibké pemerintah. Wacanen Titus 3:​1, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk wis nikah, apa njenengan yakin perkawinan kuwi wis sah menurut hukum pemerintah?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Nèk wis ora cocog mendhing pegatan waé.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Nikah apa ora, kabèh ana manfaaté lan isa bahagia nèk manut Yéhuwah.

Jawaben

  • Piyé bèn wong sing ora nikah isa éntuk luwih akèh manfaat?

  • Menurut Alkitab, ngapa kok kudu nikah mung karo sing seiman?

  • Menurut Alkitab, éntuk pegatan mung merga apa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa maksudé mung nikah karo sing ”padha-padha muridé Gusti”?

”Pitakonané sing Maca” (Warta Penting 1 Juli 2004)

Ana naséhat sing apik soal pacaran lan nikah. Deloken vidéoné.

Persiapan Nikah (12:01)

Ana pengalamané wong lanang sing ngrasa nèk berkah saka Yéhuwah luwih akèh timbang sing dhèwèké korbanké. Deloken vidéoné.

Aku Berharap Dhèwèké Gelem Sinau Alkitab (1:​56)

Apa waé sing kudu dipikirké nèk arep pisahan utawa pegatan?

”Nganggep Berharga ’Apa sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah’” (Warta Penting Desember 2018)

a Nèk ora merga laku jina, tapi kudu pisah, deloken Cathetan 4.

b Ana kebiasaan nèk wong tuwa sing milihké bojo kanggo anaké. Nèk mémang ngono, wong tuwa kuduné milihké calon sing sayang karo Yéhuwah. Kuwi luwih penting timbang sugihé utawa jabatané.

c Nèk saiki lagi urip bareng tapi ora nikah, njenengan isa milih ninggalké wong kuwi utawa nikah karo dhèwèké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim