-
”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
”Sujud lan Nyembah Aku Sepisan Waé”
8. Ing godhaan sing ketelu, apa sing sakjané dikarepké Sétan?
8 Wacanen Matius 4:8-11. Ing godhaan sing ketelu, Sétan wis ora nggunakké cara sing alus. Dhèwèké terang-terangan ngomongké apa sing dikarepké. Sétan nduduhké ”kabèh pamréntahané manungsa ing donya lan kemuliaané” marang Yésus (mungkin liwat wahyu). Tapi, Sétan ora nduduhké èlèké pamréntahané manungsa. Terus Sétan ngomong, ”Kabèh iki bakal tak wènèhké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.”b Kétok banget nèk Sétan péngin disembah. Sétan péngin bèn Yésus ora nyembah Bapaké, ning nyembah dhèwèké. Sétan péngin nggawé Yésus mikir nèk dhèwèké manut karo tawarané Sétan, dhèwèké bakal urip kepénak, sugih, lan nduwé kuwasa sing gedhé. Kuwi berarti Yésus ora perlu sengsara, nganggo mahkota duri, dipecut, lan mati ing cagak. Kabèh pamréntahan ing donya iki duwèké Sétan. Mula, Sétan isa nawakké kuwi marang Yésus. Yésus ya ngomong nèk Sétan kuwi sing nguwasani donya iki. (Yoh. 12:31; 1 Yoh. 5:19) Sétan mesthi bakal mènèhké apa waé bèn Yésus ora nyembah Bapaké manèh.
9. (a) Sétan péngin bèn umaté Yéhuwah ngapa, lan dhèwèké ngupaya nindakké apa? (b) Nèk ngibadah marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal nindakké apa? (Deloken kothak ”Ibadah Kuwi Maksudé Apa?”)
9 Saiki, Sétan ya péngin bèn awaké dhéwé nyembah dhèwèké utawa ora manut karo apa sing dikarepké Yéhuwah. Sétan kuwi ”allahé donya iki”. Kuwi berarti dhèwèké dadi allahé kabèh agama palsu sing disebut Babilon Gedhé. (2 Kor. 4:4) Sing mèlu agama palsu wis ana milyaran. Tapi, Sétan isih durung puas. Dhèwèké péngin bèn umaté Yéhuwah ora manut karo Yéhuwah. Sétan ngupaya bèn awaké dhéwé luwih ngutamakké nggolèk bandha lan kedudukan sing dhuwur. Sétan péngin bèn awaké dhéwé mikir nèk ora perlu dadi muridé Yésus timbang sengsara merga nindakké apa ”sing bener”. (1 Ptr. 3:14) Nèk awaké dhéwé ora nindakké ibadah sing murni lan mèlu-mèlu wong-wong ing donya iki, kuwi padha waé awaké dhéwé nyembah Sétan. Piyé carané bèn awaké dhéwé aja nganti kaya ngono?
10. Piyé carané Yésus nolak godhaané Sétan sing ketelu, lan apa sebabé Yésus nolak godhaan kuwi?
10 Awaké dhéwé isa niru carané Yésus nolak godhaané Sétan sing ketelu. Merga setya banget karo Yéhuwah, Yésus langsung ngusir Sétan lan kandha, ”Lungaa, Sétan!” Padha kaya sing sakdurungé, Yésus ngutip ayat ing Pangandharing Torèt sing ana jenengé Gusti Allah. Yésus ngomong, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’” (Mat. 4:10; PT. 6:13) Yésus langsung nolak godhaané Sétan. Dhèwèké ora péngin suksès lan urip kepénak ing donya iki merga dhèwèké ngerti nèk kuwi kabèh mung sementara. Yésus ngerti nèk mung Bapaké sing kudu disembah. Yésus ya ngerti nèk dhèwèké ”nyembah” Sétan, senajan mung pisan waé, kuwi berarti dhèwèké manut karo Sétan. Yésus ora gelem nganggep Sétan gusti allahé. Akhiré, ”Iblis ninggalké Yésus.”c
”LUNGAA, SÉTAN!” (Deloken paragraf 10)
11. Piyé carané awaké dhéwé nglawan Sétan?
11 Yéhuwah nggawé manungsa isa bébas milih apa waé sing dikarepké. Kaya Yésus, awaké dhéwé isa milih nolak godhaané Sétan lan pengaruh saka donya sing jahat. Dadi, ora ana sing isa meksa awaké dhéwé bèn ora nyembah Yéhuwah. Sétan ya ora isa meksa. Nèk awaké dhéwé tetep setya lan nglawan Sétan ”nganggo iman sing kuwat”, kuwi sakjané awaké dhéwé lagi ngomong, ”Lungaa Sétan!” (1 Ptr. 5:9) Sakwisé Yésus nolak godhaané Sétan, Sétan langsung lunga. Sétan ya bakal lunga nèk awaké dhéwé nolak godhaané. Alkitab kandha, ”Kowé kudu nglawan Iblis, lan dhèwèké bakal mlayu saka kowé.”—Yak. 4:7.
Awaké dhéwé isa milih nolak godhaané Sétan (Deloken paragraf 11, 19)
Sétan Péngin Kabèh Wong Ora Nindakké Ibadah sing Murni
12. Wektu ing Taman Èden, apa buktiné nèk Sétan péngin nggawé wong-wong ora ngibadah marang Yéhuwah manèh?
12 Saka godhaan sing ketelu, kétok nèk Sétan kuwi sing pertama kali péngin nggawé wong-wong ora ngibadah marang Yéhuwah manèh. Mbiyèn, wektu ing Taman Èden, Sétan mulai nduduhké nèk dhèwèké ora seneng Yéhuwah disembah. Dhèwèké péngin nguwasani manungsa. Kuwi kétok wektu dhèwèké nggodha Hawa bèn ora manut karo préntahé Yéhuwah. Terus, Hawa mempengaruhi Adam bèn mèlu-mèlu kaya ngono. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:1-5; 2 Kor. 11:3; Why. 12:9) Kuwi berarti Adam lan Hawa nyembah Sétan, senajan wong loro kuwi mungkin ora ngerti nèk Sétan sing mempengaruhi. Wektu mempengaruhi manungsa bèn mbrontak ing Èden, kuwi berarti Sétan nudhuh apa pancèn Yéhuwah nduwé hak kanggo mréntah. Kuwi ya berarti Sétan ngupaya nggawé manungsa ora nyembah Yéhuwah manèh. Kok isa?
-
-
”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
b Ana buku sing mbahas soal omongané Sétan kuwi. Buku kuwi kandha, ’Pas pertama kali nggodha manungsa, Sétan berhasil nggawé Adam lan Hawa ora setya. Wektu kuwi masalah utamané yaiku manut karo kepénginané Sétan apa Gusti Allah, maksudé kudu milih arep nyembah sing endi. Sétan kuwi sombong banget. Dhèwèké péngin disembah kaya Gusti Allah.’
-