PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lvs bab 15 hlm. 200-212
  • Carané Bèn Semangat Nyambut Gawé

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Semangat Nyambut Gawé
  • Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • CONTO SAKA YÉHUWAH LAN YÉSUS
  • PANDHANGAN SING BENER SOAL NYAMBUT GAWÉ
  • KUDU MILIH GAWÉAN SING KAYA APA?
  • ”MASTÈKKÉ PERKARA-PERKARA ENDI SING LUWIH PENTING”
  • GAWÉAN SING PALING PENTING
  • Seneng Wektu Mempeng Nyambut Gawé
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • ’Apa Kowé Tresna marang Aku Ngluwihi Iki?’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Nyambut Gawé Bareng Yéhuwah Marahi Bungah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
lvs bab 15 hlm. 200-212
Sedulur lanang nginjil karo kanca kerjané

BAB 15

Carané Bèn Semangat Nyambut Gawé

”Saben wong bisa . . . ngrasakaké kasenengan ing sajroning kangèlané [utawa, kerja kerasé] kabèh.”​—KOHÈLÈT 3:13.

1-3. (a) Piyé pandhangané wong-wong soal nyambut gawé? (b) Pitakonan apa waé sing bakal rembug ing bab iki?

WONG-WONG ing donya iki kerja keras kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluargané. Senajan ngono, akèh sing ora seneng lan ora semangat nyambut gawé. Mula, piyé carané bèn awaké dhéwé isa semangat nyambut gawé?

2 Yéhuwah kandha, ”Saben wong bisa mangan, ngombé lan ngrasakaké kasenengan ing sajroning kangèlané kabèh, iku uga peparingé Gusti Allah.” (Kohèlèt 3:13) Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kepénginan kanggo nyambut gawé. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé seneng wektu nyambut gawé.​—Wacanen Kohèlèt 2:24; 5:17.

3 Mula, piyé carané bèn awaké dhéwé isa semangat nyambut gawé? Wong Kristen aja nganti nyambut gawe apa? Piyé carané bèn gawéané awaké dhéwé aja nganti ngganggu ibadah? Gawéan apa sing paling penting?

CONTO SAKA YÉHUWAH LAN YÉSUS

4, 5. Piyé pandhangané Yéhuwah soal gawéan?

4 Yéhuwah seneng nyambut gawé. Purwaning Dumadi 1:1 kandha, ”Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi.” Sakwisé rampung nggawé bumi sak isiné, Yéhuwah kandha nèk kabèh sing digawé kuwi apik banget. (Purwaning Dumadi 1:31) Yéhuwah puas karo hasil gawéané.​—1 Timotius 1:11.

5 Yéhuwah terus nyambut gawé. Yésus kandha, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki.” (Yohanes 5:17) Senajan ora isa ngerti kabèh gawéan sing lagi ditindakké Yéhuwah, ning awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah saiki isih terus nyambut gawé, misalé milih wong-wong sing bakal mréntah karo Yésus ing swarga. (2 Korintus 5:17) Yéhuwah ya terus nuntun lan perduli karo manungsa. Buktiné, léwat gawéan nginjil, ana akèh wong sing isa kenal karo Yéhuwah lan nduwé harapan urip saklawasé ing bumi firdaus.​—Yohanes 6:44; Roma 6:23.

6, 7. Yésus mènèhi conto apa soal nyambut gawé?

6 Kaya Yéhuwah, Yésus ya seneng nyambut gawé. Sakdurungé teka ing bumi, Yésus dadi pekerja ahliné Yéhuwah kanggo nggawé kabèh sing ana ing swarga lan bumi. (Wulang Bebasan 8:22-31; Kolose 1:15-17) Wektu ing bumi, Yésus ya kerja keras. Pas isih enom, Yésus diajari carané nggawé perabotan lan mbangun omah. Akhiré, Yésus isa trampil lan dikenal dadi ”tukang kayu”.​—Markus 6:3.

7 Ning, gawéané Yésus sing paling penting ing bumi yaiku nginjil lan mulang wong-wong soal Yéhuwah. Saksuwéné telung taun setengah, Yésus sregep nginjil saka ésuk nganti bengi. (Lukas 21:37, 38; Yohanes 3:2) Wektu nginjil, Yésus ya kudu mlaku adoh ngléwati dalan sing èlèk.​—Lukas 8:1.

8, 9. Apa sebabé Yésus seneng nindakké tugasé?

8 Yésus nganggep nèk tugas saka Gusti Allah kuwi kaya panganan. Yésus isa éntuk kekuwatan merga nglakoni tugas kuwi. Malah, Yésus ya tau nganti ora mangan merga saking senengé nginjil. (Yohanes 4:31-38) Yésus terus mulang wong-wong soal Yéhuwah. Mula, Yésus isa kandha, ”Aku wis ngluhurké Panjenengan ing bumi lan ngrampungké gawéan sing Panjenengan paringké marang aku.”​—Yohanes 17:4.

9 Awaké dhéwé mesthi péngin niru Yéhuwah lan Yésus sing semangat nyambut gawé lan puas karo hasil gawéané. (Éfésus 5:1; 1 Pétrus 2:21) Mula, awaké dhéwé ya kudu semangat nyambut gawé.

PANDHANGAN SING BENER SOAL NYAMBUT GAWÉ

10, 11. Piyé carané bèn nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé?

10 Umaté Yéhuwah sregep nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluarga. Pancèn ora gampang bèn isa terus semangat nyambut gawé. Mula, awaké dhéwé kudu piyé?

Sedulur lanang seneng wektu nyambut gawé

Awaké dhéwé isa semangat nyambut gawé nèk nduwé pandhangan sing bener

11 Nduwé pandhangan sing bener. Awaké dhéwé mungkin ora isa ngubah keadaan, ning isa ngubah pandhangan. Awaké dhéwé kudu ngerti sing dipéngini Yéhuwah. Contoné, Yéhuwah péngin kepala keluarga nyukupi kebutuhan keluargané. Alkitab kandha nèk wong sing ora gelem nyukupi kebutuhan keluargané kuwi ”luwih ala ketimbang wong sing ora nduwé iman”. (1 Timotius 5:8) Kepala keluarga kudu nyukupi kebutuhan keluargané, ora masalah dhèwèké seneng apa ora karo gawéané. Kuwi isa nyenengké Yéhuwah.

Sedulur wédok seneng wektu nyambut gawé

12. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé sregep lan jujur?

12 Sregep lan jujur. Nèk sregep lan jujur, awaké dhéwé isa luwih semangat nyambut gawé. (Wulang Bebasan 12:24; 22:29) Contoné, awaké dhéwé isa dipercaya majikan. Majikan mesthi seneng karo karyawan sing jujur merga ora bakal nyolong dhuwit, wektu, utawa liyané. (Éfésus 4:28) Sing paling penting, Yéhuwah nggatèkké nèk awaké dhéwé sregep lan jujur. Awaké dhéwé ya isa nduwé ”hati nurani sing jujur” merga wis nyenengké Yéhuwah.​—Ibrani 13:18; Kolose 3:22-24.

Sedulur lanang nginjil karo kanca kerjané

13. Apa hasilé nèk tingkah lakuné awaké dhéwé apik?

13 Ngerti nèk tingkah lakuné awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé bèn terus semangat nyambut gawé. (Titus 2:9, 10) Nèk tingkah lakuné awaké dhéwé apik, mungkin ana kanca kerja sing akhiré gelem sinau Alkitab.​—Wacanen Wulang Bebasan 27:11; 1 Pétrus 2:12.

KUDU MILIH GAWÉAN SING KAYA APA?

14-16. Apa sing kudu dipikirké wektu arep milih gawéan?

14 Senajan ora ana daftar gawéan sing éntuk utawa ora éntuk ditindakké, ning ana pathokan-pathokané Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener soal gawéan. (Wulang Bebasan 2:6) Awaké dhéwé isa nggunakké pathokan kuwi wektu mikirké pitakonan-pitakonan iki.

Sedulur lanang lagi nggolèk gawéan

Golèka gawéan sing ora nglanggar préntahé Yéhuwah

15 Apa gawéan iki marahi aku nglanggar préntahé Yéhuwah? Awaké dhéwé wis ngerti tumindak apa waé sing ora disenengi Yéhuwah, misalé nyolong lan ngapusi. (Pangandharing Torèt 20:4; Kisah 15:29; Éfésus 4:28; Wahyu 21:8) Dadi, awaké dhéwé ora bakal nggolèk gawéan sing nglanggar préntahé Yéhuwah.​—Wacanen 1 Yohanes 5:3.

16 Apa gawéan iki ndhukung tumindak sing ora disenengi Yéhuwah? Misalé, piyé nèk awaké dhéwé ditawani dadi tukang bangunan kanggo mbangun gréja? Sakjané dadi tukang bangunan kuwi ora salah, ning nèk mèlu mbangun geréja, kuwi padha waé ndhukung ajaran palsu merga geréja mulangké ajaran sing ora disenengi Yéhuwah. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dianggep salah karo Yéhuwah.​—Wahyu 21:22-24.

17. Piyé carané isa nggawé keputusan sing bener soal gawéan?

17 Nèk mikirké pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa dadi wong ”sing terus nggunakké kesanggupané kanggo mikir, sing wis dilatih kanggo mbédakké sing bener lan sing salah”. (Ibrani 5:14) Pikirna iki, ’Nèk aku nampa gawéan iki, apa pengaruhé kanggo hati nuraniné wong liya? Apa gawéan iki nggawé aku kudu manggon adoh saka anak-bojo, malah nganti ing luar negeri? Apa pengaruhé kanggo bojo lan anakku?’

”MASTÈKKÉ PERKARA-PERKARA ENDI SING LUWIH PENTING”

18. Apa sebabé terus ngutamakké ibadah kuwi ora gampang?

18 Jaman saiki, ora gampang kanggo terus ngutamakké ibadah merga ’kahanané angèl diadhepi lan mbebayani’. (2 Timotius 3:1) Nggolèk gawéan lan isa terus nyambut gawé kuwi ora gampang. Ning, gawéan dudu sing paling penting. Awaké dhéwé kudu ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. (1 Timotius 6:9, 10) Mula, piyé carané bèn isa ”mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting” lan tetep nyukupi kebutuhan keluarga?​—Filipi 1:10.

19. Apa sebabé nèk percaya karo Yéhuwah awaké dhéwé dadi ora ngutamakké gawéan?

19 Percaya karo Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 3:5, 6.) Yéhuwah nggatèkké lan ngerti kebutuhané awaké dhéwé. (Jabur 37:25; 1 Pétrus 5:7) Alkitab kandha, ”Aja nresnani dhuwit, lan kowé kudu ngrasa puas karo apa sing ana, merga Gusti Allah ngendika, ’Aku babar blas ora bakal ninggalké kowé, lan Aku babar blas ora bakal ngejarké kowé.’” (Ibrani 13:5) Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé terus-terusan kuwatir soal nyukupi kebutuhan keluarga. Wis ana akèh bukti nèk Yéhuwah isa nyukupi kebutuhané umaté. (Matius 6:25-32) Senajan sibuk nyambut gawé, awaké dhéwé kudu terus sinau Alkitab, nginjil, lan teka ing pakumpulan ibadah.​—Matius 24:14; Ibrani 10:24, 25.

20. Piyé carané bèn isa ngutamakké ibadah?

20 Ngutamakké ibadah marang Yéhuwah. (Wacanen Matius 6:22, 23.) Awaké dhéwé aja mburu bandha bèn isa tetep ngutamakké ibadah. Aja nganti awaké dhéwé ngutamakké dhuwit, urip méwah, lan piranti èlèktronik sing paling anyar. Awaké dhéwé ya aja nganti utang. Nèk wis kebacut utang, kuwi kudu cepet-cepet dilunasi. Nèk ora ngati-ati, bandha isa ngentèkké wektu lan tenaga nganti awaké dhéwé ora nduwé wektu kanggo ndonga, sinau Alkitab, lan nginjil. Awaké dhéwé kuduné puas nduwé cukup ”panganan lan sandhangan”. (1 Timotius 6:8) Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa terus ngutamakké ibadah.

21. Apa sebabé kudu ngutamakké sing luwih penting?

21 Ngutamakké sing luwih penting. Awaké dhéwé kudu ngati-ati nggunakké wektu, tenaga, lan bandha bèn ora ngutamakké sing kurang penting. Contoné, ngutamakké pendidikan utawa dhuwit. Yésus kandha, ”Terus utamakna dhisik Kratoné Allah.” (Matius 6:33) Sing awaké dhéwé utamakké isa kétok saka keputusan, kebiasaan, cita-cita, lan kegiatané awaké dhéwé saben dina.

GAWÉAN SING PALING PENTING

22, 23. (a) Gawéan apa sing paling penting? (b) Apa sing isa mbantu awaké dhéwé bèn semangat nyambut gawé?

22 Gawéan sing paling penting yaiku ngabdi marang Yéhuwah lan nginjil. (Matius 24:14; 28:19, 20) Awaké dhéwé péngin niru Yésus sing semangat nginjil. Ana sing pindhah menyang dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Sing liyané sinau basa liya bèn isa nginjil marang wong-wong sing nggunakké basa kuwi. Awaké dhéwé isa takon karo para sedulur sing wis tau nglakoni kaya ngono bèn isa ngerti piyé perasaané merga wis ngutamakké Yéhuwah.​—Wacanen Wulang Bebasan 10:22.

Wong bebojoan lagi nginjil

Ngabdi marang Yéhuwah kuwi gawéan sing paling penting

23 Jaman saiki, akèh sing kudu kerja keras kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Yéhuwah ngerti lan seneng karo upayané awaké dhéwé. Mula, ora masalah apa gawéané, awaké dhéwé péngin niru Yéhuwah lan Yésus sing semangat nyambut gawé. Ning, awaké dhéwé kudu tetep ngutamakké ibadah. Kuwi bakal nggawé awaké dhéwé bahagia.

PATHOKANÉ ALKITAB

1 YÉHUWAH MÈNÈHI AWAKÉ DHÉWÉ KEPÉNGINAN KANGGO NYAMBUT GAWÉ

”Saben wong bisa mangan, ngombé lan ngrasakaké kasenengan ing sajroning kangèlané kabèh, iku uga peparingé Gusti Allah.”​—Kohèlèt 3:13.

Apa sebabé nyambut gawé kuwi anugrah saka Gusti Allah?

  • Purwaning Dumadi 1:1, 31; Kohèlèt 2:24; Yohanes 5:17

    Yéhuwah seneng nyambut gawé lan péngin awaké dhéwé semangat nyambut gawé.

  • Wulang Bebasan 8:22-31; Kolose 1:15-17

    Yésus ya seneng nyambut gawé wektu ing swarga lan ing bumi.

  • Markus 6:3; Lukas 21:37, 38; Yohanes 4:31-38; 17:4

    Yésus tenanan nglakoni tugasé senajan kuwi ora gampang.

2 NDUWÉ PANDHANGAN SING BENER SOAL GAWÉAN

”Apa kowé wis tau weruh wong kang sregep lan prigel ing gawé? Wong kang mengkono iku bakal ngawula ing ngarsaning ratu.”​—Wulang Bebasan 22:29

Piyé carané bèn isa semangat nyambut gawé?

  • Wulang Bebasan 12:24; Kolose 3:22-24; Ibrani 13:18

    Senajan ora isa ngubah keadaan, awaké dhéwé isa ngubah pandhangan. Awaké dhéwé ya kudu sregep lan jujur.

  • Wulang Bebasan 27:11; 1 Timotius 5:8; 1 Pétrus 2:12

    Yéhuwah péngin kepala keluarga nyukupi kebutuhan keluargané. Tingkah lakuné awaké dhéwé sing apik isa ngluhurké Yéhuwah.

  • Pangentasan 20:13-15; Wulang Bebasan 2:6; Roma 14:19-22; Éfésus 5:28–6:4; 1 Yohanes 5:3; Wahyu 18:4

    Alkitab mbantu awaké dhéwé mikirké pengaruhé gawéan kanggo awaké dhéwé, keluarga, para sedulur, lan Yéhuwah.

3 NGUTAMAKKÉ SING PALING PENTING

”Mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10

Apa sing kudu diutamakké?

  • Jabur 37:25; Wulang Bebasan 3:5, 6; 1 Pétrus 5:7

    Yéhuwah ngerti kebutuhané awaké dhéwé.

  • Matius 6:25-32; 1 Timotius 6:8-10; Ibrani 13:5

    Awaké dhéwé kudu puas karo sing diduwèni.

  • Wulang Bebasan 10:22; Matius 6:33; 28:19, 20; Ibrani 10:24, 25

    Terusa ngutamakké ibadah. Kuwi gawéan sing paling penting.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim