PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 18 hlm. 30-31
  • Dadia Kancané Gusti Allah kanggo Saklawasé!

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Dadia Kancané Gusti Allah kanggo Saklawasé!
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngabdi marang Gusti Allah, Sumberé Kebébasan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Carané Bèn Bener-Bener Bébas
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Ngajèni Kebébasan kanggo Milih
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 18 hlm. 30-31

BAB 18

Dadia Kancané Gusti Allah kanggo Saklawasé!

Butuh upaya kanggo mulai kekancan, semono uga butuh upaya kanggo terus kekancan. Upaya panjenengan kanggo mulai lan terus kekancan karo Gusti Allah bakal diberkahi kanthi lubèr. Alkitab kandha nèk, ”Sang Kristus wus mardikakaké kita.” (Galati 5:1) Apa tegesé?

Dua pria di Firdaus

Panjenengan isa bébas saiki. Panjenengan isa bébas saka wulangan sing ora bener, lan ora diapusi manèh karo Iblis. Panjenengan isa bébas saka rasa putus asa merga ora nduwé pengarep-arep, sing saiki lagi dirasakké akèh wong sing ora kenal Yéhuwah. (Rum 8:22) Kanca-kancané Gusti Allah uga dibébaské saka rasa ’wedi marang pati’.—Ibrani 2:14, 15.

Panjenengan isa bébas ing Pirdus mbésuk. Panjenengan isa bener-bener bébas ing Pirdus mbésuk. Ing Pirdus ora ana manèh perang, penyakit, lan kabèh sing jahat. Alkitab kandha bab Gusti Allah, ”Sedaya Paduka paringi cekap, sarta Paduka tuwuki ing sakabetahanipun.”—Jabur 145:16, Basa Jawi Padintenan (BJP).

Kanca-kancané Gusti Allah bakal urip saklawasé. Urip saklawasé kuwi hadiah saka Gusti Allah sing aji banget kanggo wong sing ngupaya dadi kancané Gusti Allah. (Rum 6:23) Coba dipikir, apa tegesé kuwi kanggo panjenengan?

Seorang pria dan seorang gadis kecil memperhatikan seekor binatang, dan seorang wanita sedang melukis

Bakal ana wektu kanggo nindakké kabèh sing panjenengan senengi. Mbokmenawa panjenengan péngin ajar nggitar lan nyuling, ajar mbathik, lan ajar nggawé barang-barang saka lempung. Utawa mbokmenawa péngin ngerti bab kéwan lan tanduran. Lan, mbokmenawa panjenengan péngin lunga ing dhaérah sing durung tau diparani lan ketemu wong-wong ing kono. Kabèh iki isa kelakon nèk panjenengan urip saklawasé.

Bakal ana wektu kanggo kekancan karo wong akèh. Merga urip saklawasé, panjenengan isa kenal luwih akèh wong-wong sing dadi kancané Gusti Allah. Panjenengan bakal ngerti bakat lan sipat-sipaté sing apik, lan wong-wong kuwi bakal dadi kanca panjenengan. Panjenengan lan wong-wong kuwi bakal nresnani siji lan sijiné. (1 Korinta 13:8) Merga urip saklawasé, panjenengan isa kekancan karo kabèh wong sak donya. Sing paling penting, panjenengan isa saya raket kekancan karo Yéhuwah saklawasé. Muga-muga panjenengan isa dadi kancané Gusti Allah kanggo saklawasé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim