Lagu 21
Welas Asih Nggawé Seneng Ati
1. Welas asih diduwèni,
Bakal nggawé seneng ati.
Uga nyenengaké Gusti,
Welas asih Yah sejati.
Yéhuwah uga maringi,
Tebusan ’nggo donya iki.
Wong-wong perlu dikandhani,
Bab welas asihé Gusti.
2. Huwah maringi berkahé,
Kanggo wong sing ngupayak’ké.
Sing niru welas asihé,
Senajan akèh salahé.
Welas asih diduduh’ké,
Wektu Injil diwartak’ké.
Bèn wong ngerti bab Kratoné,
Wis teka pamréntahané.
3. Allah Huwah pancèn tresna,
Marang abdiné sing setya.
Wektu ngadili manungsa,
Welas asihé Yah nyata.
Kanggo wong sing t’rus ngupaya,
Welas asih saben dina.
Yah wis maringi tuladha,
Yésus nindak’ké sing padha.