Lagu 16
Ayo Mbéla Kratoné!
1. Tuntunané Yéhuwah diupaya,
Sinau Alkitab saben dina.
Supaya wektu Armagédhon teka,
Ora bakal mèlu sirna.
(REFREIN)
Ayo padha ndhisik’ké Kratoné!
Mbéla pamréntahané.
Yéhuwah bakal maringi berkahé,
Nèk nuruti préntahé.
2. Sing péngin éntuk tuntunané Allah,
Ora perlu kuwatir lan susah.
Merga bakal diayomi Yéhuwah,
Setya karo putrané Yah.
(REFREIN)
Ayo padha ndhisik’ké Kratoné!
Mbéla pamréntahané.
Yéhuwah bakal maringi berkahé,
Nèk nuruti préntahé.
3. Padha gatèkna lan padha bungaha,
Saiki Kratoné Yah wis teka.
Cahya kamulyané Yah dadi nyata,
Mung marang Yah kudu setya.
(REFREIN)
Ayo padha ndhisik’ké Kratoné!
Mbéla pamréntahané.
Yéhuwah bakal maringi berkahé,
Nèk nuruti préntahé.
(Delengen uga Ms. 59:17; WB. 18:10; 1 Kr. 16:13.)