PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 3/15 hlm. 3-6
  • Pakumpulan Sadurungé Nginjil sing Cocog karo Tujuané

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pakumpulan Sadurungé Nginjil sing Cocog karo Tujuané
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Bèn Pakumpulan Sakdurungé Nginjil Isa Bermanfaat
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 3/15 hlm. 3-6

Pakumpulan Sadurungé Nginjil sing Cocog karo Tujuané

1. Apa tujuané pakumpulan sadurungé nginjil?

1 Mbiyèn, Yésus ngumpulké 70 muridé sadurungé mangkat nginjil. (Lk. 10:1-11) Yésus njamin nèk para muridé ora bakal nyambut gawé dhéwé wektu nginjil, lan bakal dituntun karo ”kang Kagungan panèn”, yaiku Yéhuwah. Yésus uga maringi tuntunan bèn para muridé isa nindakké tugasé, lan ngatur supaya gawéan nginjil ditindakké loro-loro. Pakumpulan sadurungé nginjil (PDL) sing saiki ana, tujuané tetep padha, yaiku mbantu penginjil dadi luwih semangat, trampil, lan tumata.

2. Kuduné sepira suwéné pakumpulan sadurungé nginjil kuwi?

2 Saiki pakumpulan sadurungé nginjil suwéné 10 nganti 15 menit. Kuwi wis klebu mbagi kanca nginjil, mbagi dhaérah, lan ndonga. Ning kuwi bakal diowahi. Mulai April, pakumpulan sadurungé nginjil suwéné lima tekan pitung menit. Nèk iki dianakké bar pakumpulan ibadah, malah isa luwih cekak manèh merga mau wis ngrembug Alkitab. Merga wektuné ora suwé, wektu kanggo nginjil isa luwih akèh. Nèk ana perintis utawa penginjil sing wis mulai nginjil sadurungé pakumpulan iki, wektu nginjilé ora kepedhot suwé.

3. Piyé carané ngatur pakumpulan sadurungé nginjil bèn isa mbantu para penginjil?

3 Pakumpulan sadurungé nginjil kudu diatur bèn isa mbantu para penginjil. Ing akèh jemaat, luwih apik nèk pakumpulan sadurungé nginjil dianakké per kelompok nginjil (KDL), ora digabung. Dadi ora kadohan saka omahé para sedulur ing kelompok iku, utawa saka dhaérah nginjilé. Wektu kanggo ngatur para penginjil luwih cepet lan pengawasé kelompok isa luwih nggatèkké para sedulur ing kelompoké. Kumpulan pinituwa jemaat (Badan Penatua) isa nggawé putusan sing cocog, manut karo kabutuhan lan kahanan ing dhaérah kuwi. Sadurungé acara iki dipungkasi nganggo donga sing cekak, sing teka kudu wis éntuk kanca nginjil lan ngerti dhaérah nginjilé.

4. Apa sebabé pakumpulan sadurungé nginjil kudu dianggep padha pentingé karo pakumpulan ibadah liyané?

4 Padha Pentingé karo Pakumpulan Ibadah Liyané: Merga pakumpulan sadurungé nginjil mung mbantu sing arep lunga nginjil, ora kabèh sing teka ing pakumpulan ibadah kudu mèlu. Senajan ngono, ora berarti pakumpulan sadurungé nginjil ki ora penting. Kaya pakumpulan ibadah liyané, pakumpulan sadurungé nginjil uga peparingé Yéhuwah kanggo nggatèkké sarta nulungi siji lan sijiné. (Ib. 10:24, 25). Dadi, sing mimpin kudu persiapan tenanan bèn rembugané isa ngluhurké Yéhuwah lan ana gunané kanggo sing teka. Kuwi kabèh bakal kelakon nèk para penginjil ngupaya teka ing pakumpulan iki.

5. (a) Apa tugasé sedulur sing ngawasi gawéan nginjil ing bab ngatur pakumpulan sadurungé nginjil? (b) Piyé carané sedulur wédok mimpin pakumpulan sadurungé nginjil? (Deloken artikel ”Nèk Sedulur Wédok sing Mimpin.”)

5 Sing Disiapké Sedulur sing Mimpin: Supaya mengko isa siap mimpin pakumpulan ibadah, sedulur kuwi kudu ditunjuk lan ditugasi sadurungé. Cara kuwi uga dinggo ing pakumpulan sadurungé nginjil. Nèk pas kumpul per kelompok nginjil, pengawasé kelompok utawa asistèné ditunjuk kon mimpin kelompoké. Ning, pas digabung dadi siji sak jemaat, sedulur sing ngawasi gawéan nginjil (pengawas dinas) nugasi salah sijiné sedulur kon mimpin. Sedulur sing ngawasi gawéan nginjil ngekèki jadwal para sedulur sing mimpin lan jadwal kuwi ditèmplèkké ing blabag wara-wara. Sedulur sing ngawasi gawéan nginjil kuduné tliti milih sedulur sing cocog kanggo mimpin, merga mutuné pakumpulan iki gumantung karo carané mulang lan carané ngatur sedulur kuwi. Nèk ora ana pinituwa, isa nunjuk abdiné jemaat (hamba pelayanan) utawa sedulur lanang sing wis baptis tur sing wis dilatih. Nèk kuwi kabèh ora ana, isa nunjuk sedulur wédok sing wis baptis tur sing mumpuni.​—Deloken artikel ”Nèk Sedulur Wédok sing Mimpin”.

6. Apa sebabé sedulur sing wis ditunjuk mimpin kudu persiapan tenanan?

6 Pas éntuk tugas Sekolah kanggo Mulang Alkitab utawa Piwulang kanggo Nginjil, mesthiné awaké dhéwé tenanan lé persiapan. Awaké dhéwé ora persiapan ing dalan pas mangkat. Persiapan kanggo pakumpulan sadurungé nginjil kuduné ya kaya ngono. Merga wektu pakumpulan sadurungé nginjil bakal dadi luwih cendhak, persiapan sing tenanan kuwi penting banget, dadi pakumpulan kuwi isa maédahi lan rampungé ora molor. Persiapan sing tenanan kuwi klebu nyepakké dhaérah.

7. Apa waé sing isa dirembug ing pakumpulan iki? (Deloken kothak ing kaca 6)

7 Sing Dirembug: Merga kahanan saben dhaérah béda-béda, abdi sing setya ora nyedhiyakké rancangan bahan kanggo saben pakumpulan sadurungé nginjil. Kothak sing judhulé ”Sing Isa Dirembug ing Pakumpulan Sadurungé Nginjil” ngekèki saran-saran sing isa dinggo. Biasané, acara ing pakumpulan iki rembugan. Kadhang kala uga ana wulangan sing dilakonké utawa bahané saka vidhéo sing ana ing jw.org. Pas persiapan, sedulur sing mimpin kudu mikirké apa sing isa mbantu penginjil dadi luwih semangat lan trampil nginjil dina iku.

8. Apa sing apiké dirembug ing pakumpulan sadurungé nginjil dina Setu lan Minggu?

8 Saben Setu, para penginjil biasané nawakké Menara Pengawal lan Sadarlah! Akèh sedulur sing nginjil saben Setu ora metu nginjil dina-dina liyané, dadi mbokmenawa angèl ngéling-éling bebukané rembug sing wis dilakonké pas Ibadah Sakulawarga. Dadi, sedulur sing mimpin isa ngrembug manèh conto carané nawakké wacan sing ana ing kaca mburi dhéwé Kagiyatané Abdiné Allah. Isa uga ngrembug warta lan kedadéan ing dhaérah kuwi sing isa dadi bahan rembugan pas nawakké majalah, utawa ngrembug carané marani manèh wong sing wis tau nampa majalah. Nèk carané nawakké majalah wis tau dirembug, sedulur sing mimpin isa njaluk saran cekak utawa para sedulur sing teka kon nyritakké pengalaman sing nggedhèkké ati, sing ana kaitané karo majalah sing ditawakké mau. Pas dina Minggu, sedulur sing mimpin isa ngrembug wacan sing ditawakké sasi kuwi. Nèk sing ditawakké buku Kabar Apik, Rungokna, lan Alkitab Ajarkan, carané nawakké salah sijiné buku kuwi isa dirembug ing kono.

9. Apa sing isa dirembug nèk ana kampanye kusus pas dina Setu-Minggu?

9 Nèk jemaat mèlu kampanye kusus pas dina Setu-Minggu, sedulur sing mimpin isa mikirké carané nawakké majalah sing paling anyar sisan karo ngekèki undangan utawa selebaran, utawa isa ngrembug apa sing perlu ditindakké nèk kepethuk wong sing tanggepané apik. Uga isa nyritakké pengalaman pas dina-dina kampanye kuwi.

10, 11. Apa sebabé persiapané para penginjil penting kanggoné pakumpulan sadurungé nginjil?

10 Sing Disiapké Para Penginjil: Para penginjil sing teka ing pakumpulan sadurungé nginjil nduwé andhil gedhé bèn pakumpulan iki isa kasil. Nèk wis persiapan, mbokmenawa ing Ibadah Sakulawarga, isa ana sing dibagi karo penginjil liyané. Persiapan uga klebu njupuk majalah lan buku liyané sadurungé teka, dadi ora usah kesuwèn ing pakumpulan kuwi lan isa cepet mangkat nginjil.

11 Kuduné awaké dhéwé teka ing pakumpulan sadurungé nginjil pirang-pirang menit sadurungé mulai. Kuwi penting banget. Pancèn kuduné awaké dhéwé ora telat teka ing kabèh acara pakumpulan ibadah. Nèk awaké dhéwé teka telat ing pakumpulan sadurungé nginjil, kuwi ngganggu liyané. Kok isa? Sedulur sing mimpin wis mikirké sing teka sadurungé mbagi tugas. Nèk sing teka sithik, dhèwèké nugaské para sedulur nggarap dhaérah sing durung rampung digarap. Nèk ana sing teka mung mlaku padhahal dhaérah nginjilé adoh, isa dipasangké karo sing nggawa sepédha montor utawa mobil. Nèk dhaérahé ora aman, kelompoké sedulur lanang isa ditugaské karo kelompoké sedulur wédok, utawa ing cedhaké. Sedulur sing ringkih ditugaské ing dhaérah sing ora munggah mudhun. Sedulur sing isih anyar ditugaské karo sing wis pengalaman. Dadi, nèk ana sing telat, tugas sing wis dibagi ndadak diowahi kanggo nugaské sing telat mau. Ya pancèn isa waé awaké dhéwé teka telat. Ning nèk kulina telat, kuwi kudu takon karo awaké dhéwé, kuwi merga kurang ngajèni pakumpulan sadurungé nginjil apa merga ora isa ngatur kagiyatané awaké dhéwé.

12. Nèk panjenengan mèh nggolèk dhéwé kanca nginjil, apa sing kudu digatèkké?

12 Para penginjil sing teka ing pakumpulan isa mutuské, apa arep milih dhéwé kanca nginjilé sadurungé pakumpulan mulai, apa arep dipilihké. Nèk milih dhéwé, apa panjenengan gelem gonta-ganti kanca nginjil, ora mung karo kuwi-kuwi waé? (2 Kr. 6:11-13) Apa panjenengan isa nginjil karo sing anyaran kanggo mbantu bèn dhèwèké luwih trampil mulang? (1 Kr. 10:24; 1 Tm. 4:13, 15) Tuntunan sing ana ing pakumpulan sadurungé nginjil kudu tenanan digatèkké, klebu tuntunan bab ing dhaérah ngendi kudu mulai nginjil. Bar pakumpulan rampung, aja ngowahi sing mau wis diatur lan gèk ndang mangkat nginjil.

13. Nèk kabèh nggatèkké tenanan lan nindakké tugasé dhéwé-dhéwé, pakumpulan sadurungé nginjil isa ngekèki paédah apa?

13 Bar nginjil, para muridé Yésus sing cacahé 70 ”bali kanthi bungah”. (Lk. 10:17) Kuwi merga Yésus wis ngandhani wong-wong kuwi sadurungé mangkat nginjil. Saiki, pakumpulan sadurungé nginjil ya nduwé paédah sing padha. Nèk kabèh nggatèkké tenanan lan nindakké tugasé dhéwé-dhéwé, pakumpulan sadurungé nginjil bakal mbantu awaké dhéwé dadi luwih semangat, trampil, lan tumata anggoné ngekèki ”paseksi marang sakabèhing bangsa”.​—Mt. 24:14.

Wektu mimpin pakumpulan sadurungé nginjil, sedulur wédok iki kudu nganggo kudhung lan lungguh. Sing dirembug padha karo sing dirembug sedulur lanang. Carané ngrembug aja kaya ngajari sing teka, ning nganggo cara rembugan kelompok. Nèk dhèwèké njaluk tulung sedulur wedok liyané ndonga, sing ndonga kuwi ya kudu nganggo kudhung. Nèk ana sedulur lanang sing wis dibaptis lagi teka sawisé acarané dimulai, acara kuwi kudu diteruské karo sedulur lanang mau. Sedulur sing ngawasi gawéan nginjil kudu ngerti carané ngrampungké masalah sing mbokmenawa bakal diadhepi lan ngekèki tuntunan sing cocog kanggo ngadhepi masalah kuwi. Masalah sing diadhepi contoné, ing pakumpulan kuwi mung ana sedulur lanang sing isih enom banget, mbokmenawa umuré durung nganti las-lasan, ning pinituwa rumangsa sedulur lanang kuwi durung cocog mimpin pakumpulan. Nèk ngono, sedulur sing ngawasi gawéan nginjil isa ngandhani kabèh sing teka, nèk sedulur wédok kuwi sing kuduné mimpin pakumpulan. Ning, sing ndonga kudu sedulur lanang kuwi nèk nurut pinituwa dhèwèké wis cocog. Uga, mbokmenawa ana sedulur lanang sing wis diwasa ning ora éntuk mimpin pakumpulan utawa ndonga, merga alesan sing mung dingertèni para pinituwa. Tanpa nyebutké alesané, para pinituwa isa nugasi sedulur wédok kuwi kanggo mimpin pakumpulan lan ndonga, senajan sedulur lanang mau ana ing kono. Para pinituwa uga ngandhani sedulur lanang kuwi jadwalé para sedulur wédok mimpin pakumpulan sadurungé nginjil.

Pakumpulan sadurungé nginjil kudu dianggep padha pentingé karo pakumpulan ibadah liyané

Pas persiapan, sedulur sing mimpin kudu mikirké apa sing isa mbantu penginjil dadi luwih semangat lan trampil nginjil dina iku

Nèk Sedulur Wédok Sing Mimpin

Wektu mimpin pakumpulan sadurungé nginjil, sedulur wédok iki kudu nganggo kudhung lan lungguh. Sing dirembug padha karo sing dirembug sedulur lanang. Carané ngrembug aja kaya ngajari sing teka, ning nganggo cara rembugan kelompok. Nèk dhèwèké njaluk tulung sedulur wedok liyané ndonga, sing ndonga kuwi ya kudu nganggo kudhung. Nèk ana sedulur lanang sing wis dibaptis lagi teka sawisé acarané dimulai, acara kuwi kudu diteruské karo sedulur lanang mau. Sedulur sing ngawasi gawéan nginjil kudu ngerti carané ngrampungké masalah sing mbokmenawa bakal diadhepi lan ngekèki tuntunan sing cocog kanggo ngadhepi masalah kuwi. Masalah sing diadhepi contoné, ing pakumpulan kuwi mung ana sedulur lanang sing isih enom banget, mbokmenawa umuré durung nganti las-lasan, ning pinituwa rumangsa sedulur lanang kuwi durung cocog mimpin pakumpulan. Nèk ngono, sedulur sing ngawasi gawéan nginjil isa ngandhani kabèh sing teka, nèk sedulur wédok kuwi sing kuduné mimpin pakumpulan. Ning, sing ndonga kudu sedulur lanang kuwi nèk nurut pinituwa dhèwèké wis cocog. Uga, mbokmenawa ana sedulur lanang sing wis diwasa ning ora éntuk mimpin pakumpulan utawa ndonga, merga alesan sing mung dingertèni para pinituwa. Tanpa nyebutké alesané, para pinituwa isa nugasi sedulur wédok kuwi kanggo mimpin pakumpulan lan ndonga, senajan sedulur lanang mau ana ing kono. Para pinituwa uga ngandhani sedulur lanang kuwi jadwalé para sedulur wédok mimpin pakumpulan sadurungé nginjil.

Sing Isa Dirembug ing Pakumpulan Sadurungé Nginjil:

  • Conto carané nawakké wacan sing ana ing Kagiyatane Abdine Allah.

  • Vidhéo sing isa dinggo ing gawéan nginjil sing ana ing jw.org.

  • Carané nginjil, klebu carané ngajak omong, carané marani manèh, utawa ngomongké sumbangan karo wong sing nampa wacan.

  • Ayat Alkitab sing isa ngekèki semangat sing ana gandhèngané karo nginjil.

  • Pengalaman nginjil ing dhaérah kuwi utawa sing ana ing wacan.

  • Katrangan saka artikel ing Kagiyatané Abdiné Allah.

  • Katrangan sing paling anyar saka bagéan ing Piwulang kanggo Nginjil.

  • Katrangan sing ana gandhèngané karo nginjil ing Menara Pengawal.

  • Katrangan sing ana gandhèngané karo nginjil sing ana ing buku Sekolah Pelayanan lan ”Mari Jadilah Pengikutku”.

  • Bahan saka jw.org sing isa digunakké ing gawéan nginjil.

  • Cara nggunakké buku ”Mengenal Isi Firman Allah” ing gawéan nginjil.

  • Carané ngajak omongan wong-wong sing ora percaya karo Gusti Allah, sing percaya évolusi, lan sing agamané Hindu utawa Budha.

  • Carané njawab wong sing ora gelem neruské omong-omongan merga kakèhan alesan.

  • Carané mbantu kanca nginjil bèn tambah trampil pas nginjil.

  • Carané nginjil nèk ketemu wong sing nganggo basa liya.

  • Tugas liyané ing gawéan nginjil, contoné nggolèki wong sing nganggo basa liya, nginjil nganggo tilpun, nginjil ing panggonan umum, mara manèh (KK), utawa mulang Alkitab (PAR).

  • Pengéling-éling bèn ngati-ati, ora kaku, nduwé tata krama, polah tingkahé tumata, lan liyané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim