PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pembuka
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
    • Pembuka

      Gusti Allah kuwi kaya bapak sing sayang karo anaké. 1 Pétrus 5:6, 7

      Sak keluarga lagi mlaku menyang Firdaus

      Bapak sing sayang lan perduli karo anaké mesthi mulang anaké carané bèn isa bahagia. Gusti Allah ya mulang manungsa carané bèn isa bahagia.

      Ajarané Gusti Allah isa nggawé manungsa nduwé harapan.

      Nèk ngrungokké Gusti Allah, njenengan bakal dituntun, dilindhungi, lan dibantu wektu ana masalah.

      Ning ora mung kuwi, njenengan ya bakal urip saklawasé.

      Gusti Allah kandha, ”Mrénéa . . . Rungokna bèn kowé tetep urip.” Yésaya 55:3

  • Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
    • BAGÉAN 1

      Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?

      Maca Alkitab kuwi padha karo ngrungokké Gusti Allah. 2 Timotius 3:16

      Saka swarga Yéhuwah ngongkon wong-wong nulis Alkitab

      Gusti Allah ngongkon manungsa bèn nulis apa sing Dhèwèké karepké supaya dingertèni manungsa. Kuwi ditulis ing buku sing jenengé Alkitab.

      Gusti Allah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Nèk ngrungokké Dhèwèké, njenengan bakal dadi wong sing wicaksana.​—Wulang Bebasan 1:5.

      Alkitab ing akèh basa; wong lanang lagi maca Alkitab ing basané

      Gusti Allah péngin kabèh wong maca Alkitab. Saiki, Alkitab basané macem-macem.

      Nèk péngin ngrungokké Gusti Allah, njenengan kudu maca lan ngerti isiné Alkitab.

      Saiki ana akèh sing sinau Alkitab. Matius 28:19

      Seksi Yéhuwah macakké ayat Alkitab, terus ngajari wong kuwi soal Alkitab

      Seksi-Seksi Yéhuwah isa mbantu njenengan ngerti isiné Alkitab.

      Sak donya, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajari wong-wong soal Gusti Allah.

      Pakumpulan ibadah ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah

      Nèk péngin sinau soal kuwi, ora perlu mbayar. Njenengan ya isa teka ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

      • Omongané Gusti Allah kuwi bener.​—Yohanes 17:17.

      • Ngapa kok kudu percaya karo Gusti Allah?​—Wilangan 23:19.

  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
    • BAGÉAN 2

      Gusti Allah Kuwi Sapa?

      Saka swarga Yéhuwah ndelok kabèh ciptaané

      Gusti Allah kuwi mung siji lan jenengé Yéhuwah. (Mazmur 83:18) Gusti Allah kuwi ora kétok lan manggoné ing swarga. Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé. Gusti Allah ya péngin awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké lan sayang karo wong liya. (Matius 22:35-40) Gusti Allah kuwi Mahakuwasa lan sing nggawé sak kabèhé.

      Sing diciptakké pertama kali kuwi malaékat sing kuwat, sing saiki disebut Yésus Kristus. Yéhuwah ya nyiptakké malaékat liyané.

      Yéhuwah nyiptakké kabèh sing ana ing swarga . . . lan ing bumi. Wahyu 4:11

      Yéhuwah nyiptakké langit lan bumi sak isiné.​—Purwaning Dumadi 1:1.

      Yéhuwah nyiptakké manungsa sing pertama, yaiku Adam, saka debu.​—Purwaning Dumadi 2:7.

      • Ngapa kok kudu ngluhurké Yéhuwah?​—Yésaya 42:5.

      • Apa waé sipaté Gusti Allah?​—Pangentasan 34:6.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim