-
PembukaRungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
-
-
Pembuka
Gusti Allah kuwi kaya bapak sing sayang karo anaké. 1 Pétrus 5:6, 7
Bapak sing sayang lan perduli karo anaké mesthi mulang anaké carané bèn isa bahagia. Gusti Allah ya mulang manungsa carané bèn isa bahagia.
Ajarané Gusti Allah isa nggawé manungsa nduwé harapan.
Nèk ngrungokké Gusti Allah, njenengan bakal dituntun, dilindhungi, lan dibantu wektu ana masalah.
Ning ora mung kuwi, njenengan ya bakal urip saklawasé.
Gusti Allah kandha, ”Mrénéa . . . Rungokna bèn kowé tetep urip.” Yésaya 55:3
-
-
Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
-
-
BAGÉAN 1
Piyé Carané Ngrungokké Gusti Allah?
Maca Alkitab kuwi padha karo ngrungokké Gusti Allah. 2 Timotius 3:16
Gusti Allah ngongkon manungsa bèn nulis apa sing Dhèwèké karepké supaya dingertèni manungsa. Kuwi ditulis ing buku sing jenengé Alkitab.
Gusti Allah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Nèk ngrungokké Dhèwèké, njenengan bakal dadi wong sing wicaksana.—Wulang Bebasan 1:5.
Gusti Allah péngin kabèh wong maca Alkitab. Saiki, Alkitab basané macem-macem.
Nèk péngin ngrungokké Gusti Allah, njenengan kudu maca lan ngerti isiné Alkitab.
Saiki ana akèh sing sinau Alkitab. Matius 28:19
Seksi-Seksi Yéhuwah isa mbantu njenengan ngerti isiné Alkitab.
Sak donya, Seksi-Seksi Yéhuwah ngajari wong-wong soal Gusti Allah.
Nèk péngin sinau soal kuwi, ora perlu mbayar. Njenengan ya isa teka ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.
-