Kudu Persiapan Bèn Trampil Mulang
Yésus wis tau ping loro ditakoni bab urip saklawasé, ning saben njawab, dhèwèké mesthi mikirké jawaban sing cocog karo sing takon. (Lk. 10:25-28; 18:18-20) Senajan wis ngerti banget bahan sing dinggo sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu mikirké kebutuhané siswa sakdurungé sinau. Apa sing marakké dhèwèké angèl nampa utawa angèl ngerti sing disinaoni? Ayat endi sing ana ing bahan sinau sing kudu diwacakké kanggo dhèwèké? Sepira akèhé bahan sing kudu disinaoni? Mbokmenawa awaké dhéwé perlu nyiapké conto, katrangan, utawa pitakonan bèn dhèwèké ngerti sing disinaoni. Senajan Yéhuwah sing nukulké rasa péngin sinau Alkitab ing njero atiné, awaké dhéwé kudu njaluk berkahé Yéhuwah wektu persiapan, kanggo siswa Alkitab kuwi, lan kanggo upayané awaké dhéwé mbantu dhèwèké.—1 Kr. 3:6; Yb. 1:5.