-
Buktèkna Nèk Panjenengan Nresnani Gusti AllahPanjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 16
Buktèkna Nèk Panjenengan Nresnani Gusti Allah
Nèk péngin terus kekancan, kudu sok omong-omongan karo kanca panjenengan. Panjenengan ngrungokké kanca kuwi, lan dhèwèké ngrungokké panjenengan. Panjenengan uga ngomongké sing apik-apik bab kanca kuwi marang wong liya. Kuwi padha karo nèk awaké dhéwé kekancan karo Gusti Allah. Gatèkna kandhané Alkitab bab iki:
Ajega ndonga marang Yéhuwah. ”Tansah padha ndedongaa.”—Rum 12:12, Basa Jawi Padintenan (BJP).
Wacanen Alkitab. ”Tembung-tembung isiné pituturé Gusti Allah kuwi kabèh metuné sangka pikirané Gusti Allah déwé. Mulané tembung-tembung kuwi kabèh kenèng dienggo mulangi bab sing bener, kenèng dienggo mbenerké piwulang sing klèru.”—2 Timotéus 3:16, Basa Jawa Suriname (BJS).
Wulangen wong liya bab Gusti Allah. ”Mulané padha lungaa, sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu, . . . padha wulangen bab apa kang wis Dakdawuhaké marang kowé kabèh.”—Matéus 28:19, 20.
Ayo padha cedhak karo kanca-kancané Gusti Allah. ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana.”—Wulang Bebasan 13:20.
Ayo teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Balé Ibadahé. ”Hayuk pada nggatèkké marang sakpada-pada, kanggo tanda katrésnan lan kabetyikan [kabecikan] marang sakpada-pada . . . pada ngélingké sakpada-pada.”—Ibrani 10:24, 25, BJS.
Ayo mèlu nyumbang kanggo ndhukung gawéan nginjil. ”Saben wong mènèhana manut rilaning atiné, lan aja karo nggrundel utawa merga kepeksa. Sebab Gusti Allah ngasihi wong sing wèwèh kanthi sukalila.”—2 Korinta 9:7, BJP.
-
-
Carané Bèn Isa Terus Dadi Kancané Gusti AllahPanjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 17
Carané Bèn Isa Terus Dadi Kancané Gusti Allah
Dhasaré kekancan kuwi katresnan. Saya akèh sinau bab Gusti Allah, katresnan panjenengan marang Yéhuwah ya saya gedhé. Nèk katresnan kuwi saya gedhé, panjenengan dadi péngin ngabdi marang Yéhuwah. Kuwi mbantu panjenengan dadi muridé Yésus Kristus. (Matéus 28:19) Nèk gelem nggabung karo Seksi-Seksi Yéhuwah, panjenengan isa dadi kancané Gusti Allah saklawasé. Piyé carané bèn isa terus dadi kancané Gusti Allah?
Kudu manut karo dhawuh-dhawuhé Yéhuwah. Kuwi tandha nèk panjenengan nresnani Yéhuwah. ”Awit tresna marang Allah kuwi tegesé netepi dhawuh-dhawuhé kabèh. Mangka dhawuh-dhawuhé mau tumraping kita ora abot.”—1 Yokanan 5:3, Basa Jawi Padintenan (BJP).
Tindakna sing wis disinaoni. Kaya sing dicritakké Yésus, wong sing pinter mbangun omahé ing ndhuwur padhas, ning wong sing bodho mbangun omahé ing ndhuwur pasir. Pas udan angin, omah ing ndhuwur padhas mau ora ambruk, ning omah sing ana ing ndhuwur pasir ambruk lan rusak. Yésus ngendika nèk wong sing ngrungokké lan nindakké wulangané kuwi kaya wong sing pinter, sing mbangun omahé ing ndhuwur padhas. Wong sing ngrungokké wulangané ning ora nindakké, kuwi kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir. Panjenengan péngin niru sing endi?—Matéus 7:24-27.
Janji kanggo ngabdi. Tegesé panjenengan ndonga marang Yéhuwah lan janji nèk arep ngabdi utawa nindakké kersané saklawasé. Nindakké kersané Gusti Allah kuwi mbuktèkké nèk panjenengan dadi muridé Yésus Kristus.—Matéus 11:29.
Dibaptis. ”Ngadeka lan kana njaluk dibaptis, supaya dosamu dingapura nganggo jenengé Gusti Yésus.”—Para Rasul 22:16, Basa Jawa Suriname (BJS).
Sing tenanan anggoné ngabdi marang Yéhuwah. ”Ing penggawéan apa waé, nyambuta gawé karo seneng, dianggep nyambutgawé kanggo Gusti, ora kanggo manungsa.”—Kolosé 3:23, BJS.
-
-
Dadia Kancané Gusti Allah kanggo Saklawasé!Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 18
Dadia Kancané Gusti Allah kanggo Saklawasé!
Butuh upaya kanggo mulai kekancan, semono uga butuh upaya kanggo terus kekancan. Upaya panjenengan kanggo mulai lan terus kekancan karo Gusti Allah bakal diberkahi kanthi lubèr. Alkitab kandha nèk, ”Sang Kristus wus mardikakaké kita.” (Galati 5:1) Apa tegesé?
Panjenengan isa bébas saiki. Panjenengan isa bébas saka wulangan sing ora bener, lan ora diapusi manèh karo Iblis. Panjenengan isa bébas saka rasa putus asa merga ora nduwé pengarep-arep, sing saiki lagi dirasakké akèh wong sing ora kenal Yéhuwah. (Rum 8:22) Kanca-kancané Gusti Allah uga dibébaské saka rasa ’wedi marang pati’.—Ibrani 2:14, 15.
Panjenengan isa bébas ing Pirdus mbésuk. Panjenengan isa bener-bener bébas ing Pirdus mbésuk. Ing Pirdus ora ana manèh perang, penyakit, lan kabèh sing jahat. Alkitab kandha bab Gusti Allah, ”Sedaya Paduka paringi cekap, sarta Paduka tuwuki ing sakabetahanipun.”—Jabur 145:16, Basa Jawi Padintenan (BJP).
Kanca-kancané Gusti Allah bakal urip saklawasé. Urip saklawasé kuwi hadiah saka Gusti Allah sing aji banget kanggo wong sing ngupaya dadi kancané Gusti Allah. (Rum 6:23) Coba dipikir, apa tegesé kuwi kanggo panjenengan?
Bakal ana wektu kanggo nindakké kabèh sing panjenengan senengi. Mbokmenawa panjenengan péngin ajar nggitar lan nyuling, ajar mbathik, lan ajar nggawé barang-barang saka lempung. Utawa mbokmenawa péngin ngerti bab kéwan lan tanduran. Lan, mbokmenawa panjenengan péngin lunga ing dhaérah sing durung tau diparani lan ketemu wong-wong ing kono. Kabèh iki isa kelakon nèk panjenengan urip saklawasé.
Bakal ana wektu kanggo kekancan karo wong akèh. Merga urip saklawasé, panjenengan isa kenal luwih akèh wong-wong sing dadi kancané Gusti Allah. Panjenengan bakal ngerti bakat lan sipat-sipaté sing apik, lan wong-wong kuwi bakal dadi kanca panjenengan. Panjenengan lan wong-wong kuwi bakal nresnani siji lan sijiné. (1 Korinta 13:8) Merga urip saklawasé, panjenengan isa kekancan karo kabèh wong sak donya. Sing paling penting, panjenengan isa saya raket kekancan karo Yéhuwah saklawasé. Muga-muga panjenengan isa dadi kancané Gusti Allah kanggo saklawasé.
-