PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 3 hlm. 9-11
  • Carané Ngadhepi Masalah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Ngadhepi Masalah
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 REMBUGEN MASALAHÉ
  • 2 RUNGOKNA LAN COBA GATÈKNA KEKAREPANÉ
  • 3 TINDAKNA APA SING WIS DIPUTUSKÉ
  • Kudu Setya karo Bojoné
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Carané Tetep Rukun karo Maratuwa
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 3 hlm. 9-11
Wong lanang ngrungokké tenanan pas bojoné lagi crita

BAGÉAN 3

Carané Ngadhepi Masalah

”Mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akèh banget.”​—1 Pétrus 4:8

Nèk bar mantènan terus urip bareng, biyasané akèh masalah merga carané mikir, perasaané lan carané didhidhik wong tuwané mbiyèn béda-béda. Masalah uga isa teka saka njaba, lan kedadèan sing ora dinyana-nyana.

Akèh wong bebojoan sing ora gelem ngadhepi masalahé, ning Alkitab kandha nèk masalah kuwi kudu diadhepi. (Matéus 5:23, 24) Nèk gelem manut karo tuntunané Alkitab, wong bebojoan isa ngrampungi masalahé.

1 REMBUGEN MASALAHÉ

ALKITAB KANDHA: ”Ana . . . wayahé caturan.” (Kohèlèt 3:1, 7) Nèk ana masalah, apiké nyedhiyakké wektu kanggo rembugan. Pas rembugan, siji lan sijiné isa blaka apa sing dirasakké lan sing dikarepké. Kudu ’ngucap kang nyata’, yaiku aja ngapusi bojoné. (Éfesus 4:25) Nèk wis mulai mikir èlèké bojoné, aja terus padu. Bèn masalah cilik ora dadi gedhé, wangsulan sing alus penting banget bèn ora dadi padu.​—Wulang Bebasan 15:4; 26:20.

Nèk nduwé kekarepan sing béda, aja terus nesu-nesu, ning tetep duduhna katresnan lan tetep ngajèni bojoné. (Kolosé 4:6) Aja nganti neng-nengan, merga masalahé kudu cepet-cepet dirampungké.—Éfesus 4:26.

Wong bebojoan ngrembug masalah bareng-bareng

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Miliha wektu sing pas kanggo ngrembug masalahé

  • Nèk bojoné lagi ngomong, aja diselani. Kudu dirungokké nganti rampung. Bar kuwi, gentènan panjenengan sing ngomong

2 RUNGOKNA LAN COBA GATÈKNA KEKAREPANÉ

ALKITAB KANDHA: ”Kowé padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajèn-ingajènan.” (Rum 12:10) Ngrungokké sing tenanan kuwi penting. Kudu ngerti apa sing dikarepké, carané nduwé tepa slira lan ”andhap asor”. (1 Pétrus 3:8; Yakobus 1:19) Aja éthok-éthok ngrungokké padhahal omongané ora digagas. Nèk lagi tandang gawé apa waé, mandhega dhisik, banjur gatèkna sing diomongké, utawa nèk pancèn ora isa diselani ya isa diomongké mengko. Panjenengan ora éntuk nganggep bojo kuwi mungsuh, ning di anggep kanca sing ditresnani. Dadi, panjenengan ora cepet nesu.​—Kohèlèt 7:9.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Rungokna tenanan nganti mudheng sing dikarepké, senajan panjenengan ora seneng karo sing diomongké

  • Saka omongané, coba dingertèni kekarepané. Gatèkna sikapé lan carané ngomong

3 TINDAKNA APA SING WIS DIPUTUSKÉ

ALKITAB KANDHA: ”Angger kangèlan mesthi ana pituwasé, nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.” (Wulang Bebasan 14:23) Nèk mung nggawé keputusan thok kuwi ora cukup. Keputusan sing wis digawé kudu ditindakké bareng-bareng. Senajan pancèn butuh upaya lan mempeng nindakké kuwi, ning asilé mesthi apik. (Wulang Bebasan 10:4) Nèk masalahé disangga bareng-bareng, masalahé isa ndang rampung.​—Kohèlèt 4:9.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Putuské apa sing kudu ditindakké bèn masalahé rampung

  • Ajeg mriksa apa sing wis ditindakké

MASALAH DIRAMPUNGKÉ BARENG-BARENG

Upaya sing ditindakké bareng-bareng kanggo ngrampungké masalah ndadèkké urip bebojoan kuwat lan nyenengké. (Wulang Bebasan 24:3) Aja ngungkit-ungkit masalah utawa ngéling-éling salahé bojoné mbiyèn. (Wulang Bebasan 17:9) Dadi, carané ngrampungi masalah yaiku, kudu diadhepi bareng-bareng lan nggunakké pathokané Alkitab.

COBA DIPIKIR . . .

  • Masalah penting apa sing péngin tak rembug karo bojoku?

  • Aku kudu tumindak apa bèn aku isa ngerti perasaané bojoku bab masalah kuwi?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim