Lagu 138
Yéhuwah Asma-Mu
Allah sing sejati;
Sing nggawé jagat iki,
Nganti turun temurun,
Yéhuwah asma-Mu.
Lan ing endi-endi
Kamulyan-Mu ngebaki.
Aku atur panuwun,
Dadi jemaat-Mu.
(REFREIN)
Yéhuwah, Yéhuwah,
Ora ana liya.
Allahku Sing Mahakwasa
Salumahing bumi.
Lan Mahaluhur ing swarga;
Kabèh kudu ngerti.
Yéhuwah, Yéhuwah,
Iku asmané kang mulya.
Dadi apa waé,
Manut karo kersa-Mu;
Lan nganti selawasé,
Yéhuwah asma-Mu.
Kaurmatan gedhé
Bisa nyandhang asma-Mu.
Seneng banget rasané
Disebut seksi-Mu.
(REFREIN)
Yéhuwah, Yéhuwah,
Ora ana liya.
Allahku Sing Mahakwasa
Salumahing bumi.
Lan Mahaluhur ing swarga;
Kabèh kudu ngerti.
Yéhuwah, Yéhuwah,
Iku asmané kang mulya.
(Delengen uga 2 Bb. 6:14; Ms. 72:19; Yé. 42:8.)