PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb16 November hlm. 3
  • Wong Wédok sing Apik Nurut Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wong Wédok sing Apik Nurut Alkitab
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Kang Lanang Kondhang Ana ing Gapuraning Kutha”
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • ”Kepalané Saben Wong Wédok Kuwi Wong Lanang”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
mwb16 November hlm. 3

SINAU SAKA ALKITAB | WULANG BEBASAN 27-31

Wong Wédok sing Apik Nurut Alkitab

Wulang Bebasan 31 isiné wejangan sing apik kanggo Raja Lemuèl saka ibuké bab golèk bojo sing apik.

Wong wédok sing apik kuwi isa dipercaya

Wong wédok ing jaman Alkitab nyepakké panganan kanggo keluargané

31:10-12

  • Mènèhi saran sing apik lan ndhukung keputusan-keputusan ing keluarga

  • Sing lanang percaya nèk bojoné bakal nggawé keputusan sing wicaksana. Dadi sing wédok ora kudu njaluk ijin dhisik saben nggawé keputusan

Wong wédok sing apik kuwi sregep

Wong wédok ing jaman Alkitab nggiling gandum

31:13-27

  • Urip sedherhana lan ora boros, mula keluargané isa kopèn sarta nganggo sandhangan sing rapi lan pantes

  • Kerja mempeng lan ngopèni keluargané saka ésuk nganti wengi

Wong wédok sing apik kuwi rohaniné apik

Wong wédok lagi ndonga

31:30

  • Nduwé hubungan sing cedhak lan manut karo Gusti Allah

APA PANJENENGAN NGERTI?

Koral abang kuwi watu karang sing asalé saka balung-balung kéwan sing cilik banget ing njero laut. Ing jaman Alkitab, koral abang kuwi aji lan larang banget merga apik, langka, lan angèl nggolèké. Kuwi anané ing Laut Tengah lan Laut Merah.

Koral abang

Merga aji banget, Alkitab kerep nyebutké koral barengan karo emas, pérak, lan watu safir. Ing Alkitab Basa Jawa, koral kerep diterjemahké ”mutiara”.

Alkitab kandha nèk wong wédok sing apik kuwi ”ajiné ngungkuli mutiara [koral]”.​—WB 31:10.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim