PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • kr bab 9 hlm. 87-97
  • Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn
  • Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kudu Cepet Tumindak lan Ngrasa Bungah
  • Sang Raja Mimpin Gawéan Manèn sing Paling Gedhé
  • Umpama sing Cetha bab Hasil Panèn
  • Alesan Kabèh Abdiné Yéhuwah Ngrasa Bungah
  • Saka ’Plethèké Srengéngé, tekan Surupé’
  • Bungah Merga Mèlu Nginjil
    Ayo Nyanyi kanggo Yéhuwah
Kratoné Allah Wis Mréntah
kr bab 9 hlm. 87-97

BAB 9

Hasil Nginjil Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn

INTINÉ BAB IKI

Yéhuwah nukulké wiji Kratoné Allah

1, 2. (a) Apa sebabé murid-muridé Yésus padha bingung? (b) Panèn apa sing dimaksudké Yésus?

PARA murid padha bingung wektu Yésus kandha, ”Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dienèni.” Para murid nolèh nèng arah sing diduding Yésus. Ning, pategalan sing didelok isih ijo, durung kuning. Wiji barliné lagi waé thukul. Mula, murid-muridé Yésus mungkin mikir, ’Panèn barli isih pirang-pirang sasi manèh, maksudé Yésus panèn apa ya?’—Yo. 4:35.

2 Sing dimaksudké Yésus dudu panèn biyasa. Yésus nggunakké kesempatan kuwi kanggo mènèhi murid-muridé rong piwulang penting bab panèn rohani yaiku manèn wong. Apa waé piwulangé? Bèn ngerti, ayo digatèkké critané.

Kudu Cepet Tumindak lan Ngrasa Bungah

3. (a) Apa sing mungkin nggawé Yésus kandha, ”Pategalan-pategalan kang katon kuning iku wus kena dienèni”? (b) Piyé Yésus nerangké maksud omongané?

3 Yésus ngomong bab kuwi ing akir taun 30 M, nèng cedhak Sikhar, kutha ing Samaria. Wektu murid-muridé mlebu ing kutha kuwi, Yésus ngentèni ing pinggir sumur, nèng kono Yésus nginjil marang wong wadon Samaria. Wong wadon kuwi langsung ngerti pentingé wulangané Yésus. Pas murid-muridé bali nemoni Yésus, wong wadon kuwi cepet-cepet bali nèng Sikhar kanggo nyritakké wulangané Yésus marang tangga-tanggané. Sakwisé krungu critané, akèh wong mara nemoni Yésus nèng sumur. Pas ndelok nèng arah pategalan lan saka kadohan ana akèh wong Samaria mara, mungkin wektu kuwi Yésus kandha, ”Tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dienèni.” Yésus nerangké nèk sing dimaksud dudu panèn biyasa, ning panèn rohani. Terus Yésus kandha, ”Kang derep . . . nglumpukaké woh kang tumuju marang ing urip langgeng.”—Yo. 4:5-30, 36.

4. (a) Apa rong piwulang penting bab panèn rohani sing dikandhakké Yésus? (b) Apa pitakonan sing bakal dirembug?

4 Apa rong piwulang penting bab panèn rohani sing dikandhakké Yésus? Kapisan, gawéan kuwi kudu cepet ditindakké. Ukara ”pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dienèni” nduduhké nèk murid-muridé kudu cepet tumindak. Kanggo nduduhké luwih cetha manèh bab kuwi, Yésus uga kandha, ’Kang derep wis nampa bawon [utawa, opah].’ Saiki panèn wis mulai lan hasil panènané kudu cepet diklumpukké. Kapindho, sing nyambut gawé padha bungah. Yésus kandha nèk sing nyebar winih lan sing panèn ”loro-loroné padha bungah”. (Yo. 4:35b, 36) Yésus mesthi bungah wektu ndelok ”akèh wong Samaria . . . padha pracaya marang Panjenengané”. Murid-muridé uga bakal ngrasakké bungah pas nindakké gawéan manèn kanthi saktulusé ati. (Yo. 4:39-42) Crita ing abad kapisan iki penting banget kanggo awaké dhéwé, merga kuwi nggambarké apa sing lagi kedadéan saiki, ing mangsa panèn rohani sing paling gedhé. Kapan panèn jaman modhèren diwiwiti? Sapa waé sing mèlu? Lan apa hasilé?

Sang Raja Mimpin Gawéan Manèn sing Paling Gedhé

5. Sapa sing mimpin gawéan manèn ing sakdonya, lan piyé wahyu sing ditampa Yokanan nduduhké nèk gawéan kuwi kudu cepet ditindakké?

5 Liwat rasul Yokanan, Yéhuwah nduduhké nèk Yésus diparingi tugas mimpin gawéan sakdonya kanggo manèn wong. (Wacanen Wahyu 14:14-16.) Ing wahyu iki, Yésus nganggo mahkota lan nggawa arit. ”Mustakané [Yésus] ngagem makutha mas” kuwi nggambarké wewenangé dadi Raja sing mréntah. ”Astané ngasta arit kang landhep” nggambarké Yésus dadi Sing Manèn. Liwat malaékaté, Yéhuwah ngendika nèk ”panènan ing bumi sampun sepuh”. Kuwi nduduhké nèk manèn kuwi gawéan sing kudu cepet ditindakké. Malaékat kuwi kandha, ”Sampun dumugi mangsanipun ngenèni.” Mula, kudu cepet tumindak. Kanggo nanggepi dhawuhé Yéhuwah yaiku ”nglampahaken arit”, Yésus nyabetké arité lan nindakké gawéan manèn wong ing bumi. Sepisan manèh wahyu kuwi ngélingké nèk ”pategalan-pategalan kang katon kuning iku wus kena dienèni”. Apa wahyu iki mbantu awaké dhéwé ngerti kapan gawéan manèn kuwi diwiwiti? Ya.

6. (a) Kapan wektu panèn diwiwiti? (b) Kapan ”panènan ing bumi” diwiwiti? Terangna.

6 Wektu nindakké gawéan manèn, ing Wahyu bab 14 diduduhké nèk Yésus nganggo mahkota (ayat 14), kuwi tegesé Yésus wis dadi Raja ing taun 1914. (Dn. 7:13, 14) Ora let suwé, Yésus dipréntah kanggo mulai manèn (ayat 15). Urutan kedadéané padha karo umpama sing diwulangké Yésus bab mangsa panèn gandum. Yésus kandha, ”Wektu panèn iku wekasaning jaman.” Dadi, mangsa panèn lan wekasaning jaman diwiwiti ing wektu sing padha yaiku taun 1914. Terus, ’ing wektu [panèn]’, panèn sing saktenané dimulai. (Mt. 13:30, 39) Nèk nliti sejarahé, awaké dhéwé isa ndelok nèk panèn kuwi diwiwiti pirang-pirang taun sakwisé Yésus dadi Raja. Sing sepisanan, saka taun 1914 nganti wiwitan taun 1919, Yésus nggawé murni wong Kristen pilihan. (Ml. 3:1-3; 1 Pt. 4:17) Terus ing taun 1919, ”panènan ing bumi” diwiwiti. Yésus cepet tumindak, carané yaiku nglantik abdi sing setya kanggo mbantu sedulur-sedulur ngerti nèk gawéan nginjil kudu cepet ditindakké. Gatèkna apa sing kedadéan.

7. (a) Apa sing mbantu sedulur-sedulur paham pentingé gawéan nginjil? (b) Sedulur-sedulur saya semangat nindakké gawéan apa?

7 Ing sasi Juli 1920, majalah The Watch Tower kandha, ”Sakwisé nliti Alkitab, saya cetha nèk gréja [jemaat] diwènèhi kaurmatan gedhé kanggo martakké Kratoné Allah.” Contoné, ramalan ing buku Yésaya mbantu para sedulur paham nèk warta bab Kratoné Allah kudu diwartakké ing saklumahing bumi. (Yé. 49:6; 52:7; 61:1-3) Senajan ora ngerti piyé carané gawéan iki ditindakké, ning umaté Allah percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu. (Wacanen Yésaya 59:1.) Sakwisé nduwé pangertèn sing luwih cetha bab gawéan nginjil, sedulur-sedulur saya semangat nindakké gawéan iki. Piyé tanggepané para sedulur?

8. Ing taun 1921, apa rong piwulang penting bab gawéan nginjil sing dipahami para sedulur?

8 Ing sasi Desember 1921, The Watch Tower ngumumké, ”Taun iki, taun sing paling apik. Luwih akèh wong ngrungokké wulangan sing bener ing taun 1921 ketimbang taun-taun sakdurungé. Ning, isih akèh sing kudu ditindakké . . . Ayo awaké dhéwé nindakké kuwi kanthi bungah.” Omongan kuwi nduduhké nèk para sedulur paham rong piwulang penting bab gawéan nginjil sing dikandhakké Yésus marang murid-muridé: Gawéan kuwi kudu cepet ditindakké, lan sing nyambut gawé padha bungah.

9. (a) Apa hasilé merga para sedulur mempeng nginjil, lan ing taun 1954, apa sing disimpulké The Watchtower bab gawéan manèn? (b) Terangna jumlah penginjil sing saya akèh ing sakdonya saksuwéné 50 taun iki. (Deloken grafik ”Jumlah sing Saya Akèh Sakdonya”.)

9 Ing taun 1930-an, sakwisé ngerti nèk golonganing wong akèh saka wedhus liyané bakal nampa wulangan sing bener bab Kratoné Allah, para sedulur saya mempeng nginjil. (Yé. 55:5; Yo. 10:16; Wy. 7:9) Apa hasilé? Jumlah wong sing martakké warta Kratoné Allah saya mundhak, saka 41.000 wong ing taun 1934 dadi 500.000 wong ing taun 1953. The Watchtower 1 Desember 1954 nyimpulké, ”Merga roh suciné Yéhuwah lan kuwasa saka Pangandikané, panèn gedhé sakdonya isa kelakon.”a—Za. 4:6.

JUMLAH SING SAYA AKÈH SAKDONYA

Negara

1962

1987

2013

Australia

15.927

46.170

66.023

Brasil

26.390

216.216

756.455

Prancis

18.452

96.954

124.029

Italia

6.929

149.870

247.251

Jepang

2.491

120.722

217.154

Meksiko

27.054

222.168

772.628

Nigeria

33.956

133.899

344.342

Filipina

36.829

101.735

181.236

Amerika Serikat

289.135

780.676

1.203.642

Zambia

30.129

67.144

162.370

JUMLAH SING SINAU ALKITAB SAYA AKÈH

1950

234.952

1960

646.108

1970

1.146.378

1980

1.371.584

1990

3.624.091

2000

4.766.631

2010

8.058.359

Umpama sing Cetha bab Hasil Panèn

10, 11. Ing umpama bab wiji sawi, bab apik apa saka wiji kuwi sing diterangké?

10 Umpama sing diceritakké Yésus bab Kraton nggambarké hasil-hasil cetha saka gawéan manèn. Ayo digatèkké umpama bab wiji sawi lan ragi. Awaké dhéwé kususé bakal nggatèkké piyé rong umpama kuwi kelakon ing jaman pungkasan.

11 Umpama bab wiji sawi. Ana wong lanang nandur wiji sawi. Wiji kuwi banjur thukul dadi wit sing dinggoni akèh manuk. (Wacanen Matéus 13:31, 32.) Bab apik apa saka wiji kuwi sing diterangké ing umpama iki? (1) Thukulé wiji kuwi nggumunké banget. ”Wiji iki . . . cilik dhéwé”, ning dadi wit sing ’pangé gedhé’. (Mk. 4:31, 32) (2) Wiji kuwi mesthi thukul. ”Bareng wis disebar, banjur thukul.” Yésus ora kandha, ”Mungkin bakal thukul.” Ning, Yésus kandha, ”Banjur thukul.” Ora ana sing isa ngendhegké thukulé wiji kuwi. (3) Wit sing saya gedhé kuwi nggawé seneng kabèh sing mara lan nyedhiyakké panggonan. Dikandhakké nèk ”manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono” lan ”padha bisa nusuh ana ing ayomané”. Piyé telung bab kuwi kelakon ing panèn rohani jaman modhèren?

12. Apa hubungan antarané umpama bab wiji sawi karo gawéan manèn saiki? (Deloken grafik ”Jumlah sing Sinau Alkitab Saya Akèh”.)

12 (1) Thukulé: Umpama kuwi nduduhké nèk warta bab Kratoné Allah lan jemaat Kristen saya mundhak akèh. Wiwit 1919, wong-wong sing semangat manèn diklumpukké ing jemaat Kristen sing wis digawé murni. Jumlahé penginjil wektu kuwi isih sithik, ning mundhaké cepet banget. Jumlahé jemaat Kristen sing saya mundhak saka wiwitan taun 1900-an nganti saiki pancèn nggumunké. (Yé. 60:22) (2) Mesthi thukul: Mundhaké jemaat Kristen ora isa diendheg. Senajan akèh tentangan sing diumpamakké kaya watu sing nibani wiji cilik kuwi, ning wiji kuwi terus thukul. (Yé. 54:17) (3) Dadi panggonan: ”Manuk-manuk ing awang-awang” sing nemokké panggonan ing wit kuwi nggambarké jutaan wong sing tulus ing kira-kira 240 negara sing gelem nampa wulangan bener lan dadi bagéan saka jemaat Kristen. (Yk. 17:23) Ing kono, wong-wong kuwi nampa pangan rohani, kahanan sing nentremké, lan pangayoman.—Yé. 32:1, 2; 54:13.

Manuk sing jinisé werna-werna éntuk pangayoman saka wit gedhé

Umpama bab wiji sawi nduduhké nèk panggonan lan pangayoman dirasakké wong-wong sing ana ing jemaat Kristen (Deloken paragraf 11, 12)

13. Apa sing isa digatèkké saka umpama bab ragi?

13 Umpama bab ragi. Sakwisé wong wadon nyampurké ragi karo glepung, adonan kuwi dadi ngembang. (Wacanen Matéus 13:33.) Apa sing isa digatèkké saka umpama iki? Ana loro. (1) Hasil sing saya mundhak nyebabké ana owah-owahan. Glepungé ”kemrasukan kabèh” nganti adonan dadi ngembang. (2) Mrasuk rata. ”Glepung trigu telung taker” dadi ngembang merga ragi mau. Piyé rong bab kuwi nggambarké panèn rohani ing jaman modhèren?

14. Apa hubungan antarané umpama bab ragi karo gawéan manèn saiki?

14 (1) Owah-owahan: Ragi nggambarké warta bab Kratoné Allah, lan adonan glepung nggambarké manungsa. Padha kaya ragi nyebabké glepungé dadi malih wektu dicampur, semono uga warta bab Kratoné Allah nyebabké wong-wong ngowahi uripé sakwisé nampa warta kuwi. (Rm. 12:2) (2) Mrasuk rata: Ragi sing mrasuk rata ing adonan glepung nggambarké warta bab Kratoné Allah sing nyebar rata nganti ”salumahing bumi”. (PR. 1:8, BJP) Katrangan iki uga nduduhké nèk warta Kratoné Allah bakal tetep nyebar ing negara-negara sing nglarang gawéan nginjilé umaté Allah, senajan ora dingertèni akèh wong.

15. Piyé ramalan ing Yésaya 60:5, 22 kelakon? (Deloken uga kothak ”Kanggoné Yéhuwah Kabèh Mungkin”, ing kaca 93, lan ’Kang Cilik Dhéwé Dadi Bangsa kang Santosa’, kaca 96-97.)

15 Kira-kira 800 taun sakdurungé Yésus mulang rong umpama mau, Yéhuwah liwat Yésaya ngramalké sepira gedhéné panèn rohani ing jaman modhèren lan rasa bungahé sing nyambut gawé.b Yéhuwah nerangké nèk wong-wong ”saka tanah adoh” bakal padha gumrudug teka nèng pakumpulané Yéhuwah. Marang ”Yérusalèm”, sing nggambarké wong-wong pilihan sing isih urip ing bumi, Yéhuwah ngendika, ”Kowé bakal ndeleng kuwi mau kabèh, mula atimu bungah. Saka bungahmu kowé bakal gugup. Kasugihané bangsa-bangsa bakal diwènèhaké marang kowé, kasugihan sing asalé saka sabrangé segara.” (Yé. 60:1, 4, 5, 9, BJP) Pangandika kuwi pancèn nyata. Saiki, wong-wong sing wis suwé ngabdi marang Yéhuwah pancèn bungah wektu ndelok cacahé penginjil ing negarané sing mauné mung sithik, mundhak dadi éwonan wong.

Alesan Kabèh Abdiné Yéhuwah Ngrasa Bungah

16, 17. Apa sebabé ”kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah”? (Deloken kothak ”Wiji Cilik Thukul ing Amazon”.)

16 Sakdurungé, Yésus kandha, ”Kang derep . . . nglumpukaké woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah.” (Yo. 4:36) Apa sebabé ”loro-loroné padha bungah” pas panèn sakdonya? Ayo digatèkké telung alesané.

17 Kapisan, awaké dhéwé bungah merga ngerti Yéhuwah mèlu kerja ing gawéan iki. Wektu nginjil bab Kratoné Allah, awaké dhéwé nyebar wiji. (Mt. 13:18, 19) Pas mbantu wong liya dadi muridé Yésus, awaké dhéwé manèn wohé. Lan wektu ndelok Yéhuwah nggawé wiji kuwi ”thukul sarta saya dhuwur”, kabèh ngrasa bungah lan nggumun. (Mk. 4:27, 28) Ana wiji sing wis awaké dhéwé sebar, ning lagi thukul sukmbèn lan dipanèn wong liya. Panjenengan mungkin nduwé pengalaman kaya Joan, sedulur wadon ing Inggris sing dibaptis 60 taun kepungkur, sing crita, ”Aku ketemu karo wong sing kandha nèk aku mbiyèn sing sepisanan nginjil marang dhèwèké. Jebulé, ana Seksi liya wis mbantu wong kuwi sinau Alkitab lan dadi abdiné Yéhuwah. Aku seneng merga ngerti nèk wiji sing tak sebar wis thukul lan dipanèn.”—Wacanen 1 Korinta 3:6, 7.

KANGGONÉ YÉHUWAH KABÈH MUNGKIN

YÉSUS kandha, ”Apa kang mokal [utawa, ora mungkin] tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah.” (Lk. 18:27) Akèh pengalaman mbuktèkké nèk omongan kuwi bener. Upaya kanggo ngendhegké gawéan nginjil mesthi gagal, merga Yéhuwah mbantu awaké dhéwé nindakké kuwi.

Zacharie

Zacharie Elegbe (umur 66 taun, baptis taun 1963) isih éling piyé gawéan nginjil ing Benin sing dilarang, malah mbantu sedulur-sedulur. ”Taun 1976, ana 2.300 penginjil, gawéan nginjil dilarang lan pamréntah ngongkon ngumumké pelarangan kuwi liwat radhio ing kabèh basa dhaérah. Kuwi durung tau kelakon sakdurungé. Senajan ing Benin ana luwih saka 60 basa, siaran radhio wektu kuwi mung ana ing limang basa. Mula, pas pelarangan kuwi diumumké ing kabèh basa dhaérah, ana éwonan wong ing dhaérah plosok krungu bab Seksi Yéhuwah kanggo sing sepisanan. Wong-wong kuwi dadi mikir, ’Seksi Yéhuwah kuwi sapa, lan ngapa kok dilarang?’ Terus, pas para sedulur teka ing dhaérah kuwi, akèh sing akiré gelem nampa wulangan sing bener.” Saiki, ana luwih saka 11.500 Seksi ing Benin.

Mariya

Mariya Zinich (umur 74 taun, baptis taun 1957) kandha, ”Wektu kira-kira umur 12 taun, aku lan keluargaku dibuwang saka Ukraina nèng Siberia, Rusia. Senajan pamréntah ngupaya ngendhegké gawéan nginjil ing bekas Uni Soviet, ning jumlahé Seksi Yéhuwah saya akèh. Kuwi kabèh nggawé aku yakin nèk iki pancèn gawéané Yéhuwah. Ora ana sing isa ngendhegké.” Ana sedulur liya sing jenengé Mariya (umur 73 taun, baptis taun 1960) kandha, ”Merga akèh sedulur sing dibuwang ing Siberia, pamréntah malah ngekèki kesempatan akèh wong ing dhaérah plosok kanggo krungu wulangan sing bener.”

Jesús

Jesús Martín (umur 77 taun, baptis taun 1955) kandha, ”Wektu aku sinau Alkitab, mung ana 300 Seksi ing Spanyol. Ing taun 1960, sing nentang Seksi Yéhuwah saya kejem. Pamréntah ngongkon polisi kanggo numpes Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu kuwi, angèl mbayangké piyé kabar apik isa diwartakké ing kabèh dhaérah nèng negara iki. Kétoké para sedulur ora isa tumindak apa-apa. Ning saiki, ana mèh 111.000 Seksi Yéhuwah ing Spanyol. Senajan akèh banget alangan, aku ndelok dhéwé jumlah kuwi saya akèh. Iki nggawé aku tambah yakin, nèk Yéhuwah karo awaké dhéwé, ora ana sing ora mungkin.”

18. Piyé 1 Korinta 3:8 mbantu awaké dhéwé tetep bungah?

18 Kapindho, awaké dhéwé bakal tetep bungah nèk kèlingan omongané Paulus, ”Gusti Allah bakal ngupahi siji-sijiné manut penggawéané déwé-déwé.” (1 Kr. 3:8, Basa Jawa Suriname [BJS]) Opah kuwi diwènèhké merga upayané, dudu merga hasilé. Kuwi bener-bener jaminan sing nglipur ati, utamané kanggo sing nginjil ing panggonan sing tanggepané kurang apik. Kanggo Yéhuwah, saben Seksi sing saktulusé ati mèlu gawéan nyebar wiji wis ”metokaké woh akèh”, mulané kudu bungah.—Yo. 15:8; Mt. 13:23.

19. (a) Miturut ramalané Yésus ing Matéus 24:14 apa sebabé awaké dhéwé bungah? (b) Apa sing kudu diéling-éling nèk awaké dhéwé ora suksès ndadèkké murid?

19 Katelu, awaké dhéwé bungah merga gawéan iki nggenepi ramalan. Wektu murid-muridé Yésus takon, ”Punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?” Yésus ngandhani nèk salah siji tandhané yaiku gawéan nginjil sakdonya. Apa kuwi maksudé gawéan ndadèkké murid? Dudu, merga Yésus kandha, ”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa.” (Mt. 24:3, 14) Mula, gawéan nyebar winih yaiku martakké Kratoné Allah, dadi salah siji bagéan saka tandha kuwi. Wektu martakké Kratoné Allah, élinga nèk senajan ora suksès ndadèkké murid, awaké dhéwé wis suksès mènèhi ”paseksi”.c Ora soal piyé tanggepané wong-wong, awaké dhéwé mèlu nggenepi ramalané Yésus lan nduwé kaurmatan gedhé dadi ”réwangé nyambut-gawé” Gusti Allah. (1 Kr. 3:9, BJP) Kuwi bener-bener alesan kanggo bungah.

Saka ’Plethèké Srengéngé, tekan Surupé’

20, 21. (a) Piyé ramalan ing Maléakhi 1:11 kelakon? (b) Bab gawéan manèn, apa tékadé panjenengan, lan apa sebabé?

20 Ing abad kapisan, Yésus mbantu para muridé ngerti nèk gawéan manèn kudu cepet ditindakké. Wiwit taun 1919, Yésus uga mbantu muridé jaman modhèren bèn ngerti bab kuwi. Hasilé, umaté Allah luwih tenanan nindakké gawéan kuwi. Gawéan manèn ora isa diendhegké. Kaya ramalané Maléakhi, gawéan nginjil saiki ditindakké saka ’plethèké srengéngé, tekan surupé’. (Ml. 1:11) Ora soal ing endi waé, sing panèn lan sing nyebar loro-loroné padha bungah. Saka mlethèké nganti angslupé srengéngé, utawa sedina muput, sing panèn lan sing nyebar nyambut gawéné tenanan.

21 Nèk mikirké manèh kedadéan-kedadéan luwih saka 100 taun kepungkur, lan ndelok piyé sakelompok cilik umaté Allah wis dadi ”bangsa kang santosa”, atiné awaké dhéwé bakal ”gumun” lan mesthi bungah banget. (Yé. 60:5, 22) Muga-muga rasa bungah lan katresnan marang Yéhuwah, ”kang Kagungan panèn”, nggawé awaké dhéwé terus nindakké tugas kanggo ngrampungké gawéan panèn sing paling gedhé iki.—Lk. 10:2.

a Kanggo katrangan luwih akèh bab hasil gawéan manèn saka taun 1919 nganti 1992, deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah, bab 22 bagéan 2, 3, 4, 5.

b Kanggo katrangan luwih akèh bab ramalan iki, deloken Nubuat Yesaya—Terang bagi Seluruh Umat Manusia II, kaca 303-320.

c Wulangan sing penting kuwi wis dingertèni karo Siswa-Siswa Alkitab sing wiwitan. Zion’s Watch Tower terbitan 15 November 1895 ngandhakké, ”Senajan mung sathithik gandum sing isa diklumpukké, paling ora paseksèn bab sing bener isa diwènèhké. . . . Kabèh wong isa martakké Injil.”

Sepira Nyatané Kratoné Allah kanggo Panjenengan?

  • Apa hasil saka Kratoné Allah bab gawéan manèn?

  • Apa pengaruh umpama bab wiji sawi lan ragi kanggo panjenengan ing gawéan nginjil?

  • Apa waé alesan panjenengan bungah ing gawéan nginjil?

WIJI CILIK THUKUL ING AMAZON

Antônio Simões

Antônio Simões

PINITUWA sing setya umuré 91 taun jenengé Antônio Simões isih éling piyé bapaké lan pakdhéné krungu kabar apik, yaiku liwat rong selebaran sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah. Dhèwèké takon karo tamuné, ”Njenengan péngin ngerti ceritané?” Tamuné njawab, ”Iya, péngin.” Terus karo mèsem, Antônio lungguh lan cerita.

”Bapakku jenengé Zeno, dhèwèké penginjil gréja Baptis. Taun 1931, bapakku nekani anggota gréjané nèng dhaérah plosok ing alas Amazon. Nèng omahé wong wadon kuwi, Bapak ndelok rong selebaran Alkitab. Wong wadon mau nemokké selebaran kuwi nèng gréja, ning ora ngerti sapa sing nggawa. Siji selebaran ngrembug bab neraka, sijiné ngrembug bab wong mati bakal diuripké manèh. Bapak langsung kepikiran karo masé ipar, jenengé Guilherme, sing kerep ngomong, ’Aku ora percaya neraka sing mulad-mulad. Gusti Allah sing welas asih ora mungkin nggawé neraka.’ Merga péngin cepet ngekèki selebaran kuwi marang Guilherme, Bapak langsung numpak prau lan ndhayung dhéwé suwéné wolung jam nèng omahé Guilherme ing Manaquiri, kampung cedhak Manaus.

Antônio Simões nyekel rong foto saka jemaat sing sepisanan ing Manaquiri, Negara Bagéan Amazonas, Brasil

Jemaat kapisan ing Negara Bagian Amazonas ing Brasil

”Sakwisé nliti tenanan rong selebaran kuwi, Bapak karo Pakdhé Guilherme kandha, ’Iki sing bener.’ Terus, Bapak karo Pakdhé langsung nulis surat marang kantor cabang ing Brasil kanggo njaluk wacan liyané. Bapak metu saka gawéané dadi pastor, terus Bapak lan Pakdhé mulai nginjil ing dhaérah plosok kuwi. Ing wektu setaun waé, ana sakjemaat madeg ing Manaquiri. Ora let suwé, 70 wong ing désa kuwi teka ing pakumpulan ibadah, iki jemaat sing paling gedhé ing Brasil wektu kuwi.” Antônio mandheg sedhéla, terus takon, ”Carané warta bab Kraton mlebu ing Amazon apik banget, ta?” Pancèn. Rong wiji sing cilik, yaiku rong selebaran Alkitab, thukul ing alas Amazon sing amba banget, terus dadi jemaat sing saya gedhé. Saiki, Jemaat Manaquiri sing madeg 83 taun kepungkur, dudu siji-sijiné jemaat ing Negara Bagian Amazonas ing Brasil. Ning salah siji saka 143 jemaat ing kana.

’KANG CILIK DHÉWÉ DADI BANGSA KANG SANTOSA’

”KANG cilik dhéwé bakal dadi golongan kang gedhé, tuwin kang ringkih dhéwé bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yéhuwah, bakal énggal nindakaké iku ing wektu kang wus Suntemtokaké.” (Yé. 60:22) Piyé ramalan kuwi kelakon? Piyé kelakoné ramalan kuwi mengaruhi Seksi-Seksi sakdonya sing wis suwé ngabdi?

Börje Nilsson

Börje Nilsson (umur 84 taun, baptis taun 1943) kandha, ”Aku éling ana sedulur sing dipilih munggah swarga dadi kolportir ing taun 1920-an. Pas nampa tugasé, yaiku mèh separo negara Swedia, dhèwèké manut terus langsung nginjil. Gawéané lan gawéan sedulur sing setya liyané diberkahi Yéhuwah. Saiki ana luwih saka 22.000 penginjil ing kéné. Senajan aku saya tuwa, aku péngin terus manut marang Yéhuwah. Ora ana sing isa ngerti apa sing wis disiyapké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé sukmbèn.”

Etienne Esterhuyse

Etienne Esterhuyse (umur 83 taun, baptis taun 1942) kandha, ”Wektu ndelok umaté Yéhuwah nèng Afrika Selatan saya akèh, saka kira-kira 1.500 ing taun 1942 lan saiki luwih saka 94.000 wong, aku nggumun banget. Dadi bagéan saka pakumpulan sing gedhé iki bener-bener nguwatké imanku.”

Keith Gaydon

Keith Gaydon (umur 82 taun, baptis taun 1948) kandha, ”Aku ndelok dhéwé jumlahé penginjil ing Inggris saya mundhak saka kira-kira 13.700 ing taun 1948, saiki dadi mèh 137.000. Aku yakin nèk iki gawéané Yéhuwah. Nèk nganggo kekuwatané manungsa kuwi ora mungkin isa, ning Yéhuwah kuwi sing ’nindakké kaélokan’.”—Pa. 15:11.

Ulrike Krolop

Ulrike Krolop (umur 77 taun, baptis taun 1952) kandha, ”Sakwisé Perang Donya II, Seksi-Seksi sing wis tekun senajan dianiaya Nazi, nyemangati sedulur-sedulur ing jemaat nèng Jerman. Akèh wong butuh panglipur, aku lan para sedulur ora ragu-ragu nglipur wong-wong merga Seksi-Seksi ora mèlu-mèlu ing perang sing medèni kuwi. Luwih saka 60 taun iki, aku wis ndelok piyé roh suciné Yéhuwah nuntun umaté. Saiki, ana luwih saka 164.000 Seksi-Seksi ing kéné. Kuwi bener-bener hasil sing nggumunké.”

Mariya Brinetskaya

Mariya Brinetskaya (umur 77 taun, baptis taun 1955) kandha, ”Bèn ora dicekel, aku dibaptis pas bengi-bengi. Terus, bojoku dikirim nèng kamp kerja paksa merga dhèwèké Seksi. Aku terus nginjil nèng désaku ing Rusia, ning ngati-ati banget. Ana tangga-tanggaku sing akiré nampa wulangan sing bener. Wektu kuwi mung ana sithik Seksi, ning aku seneng banget merga saiki ana luwih saka 168.000 Seksi ing Rusia.”

Kimiko Yamano

Kimiko Yamano (umur 79 taun, baptis taun 1954) kandha, ”Wektu aku ngerti ana 10.000 penginjil ing Jepang taun 1970, aku nangis merga seneng. Aku janji manèh karo Yéhuwah, ’Sakjegé urip aku bakal terus setya karo Panjenengan.’ Bayangna sepira senengé aku saiki, merga jumlah penginjil nèng kéné luwih saka 216.000.”

Daniel Odogun

Daniel Odogun (umur 83 taun) kandha, ”Pas aku dibaptis taun 1950, ing Nigeria ana 8.000 penginjil. Saiki, ana kira-kira 351.000 penginjil. Wektu kebaktian, aku trenyuh merga ndelok akèh banget wong sing teka, lan aku éling ayat ing Hagai 2:8. Yéhuwah pancèn lagi ngobahké bangsa-bangsa lan barang sing aji digawa mlebu. Aku isih ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil, merga nginjil kuwi caraku kandha, ’Matur nuwun Yéhuwah.’”

Carlos Silva

Carlos Silva (umur 79 taun) kandha, ”Aku dibaptis taun 1952. Ana 5.000 Seksi ing Brasil wektu kuwi. Taun kuwi, kebaktian dianakké ing gedhung olahraga ing São Paulo. Aku mung ndelok ana rong mobil ing parkiran. Ana sedulur lanang sing nduding nèng arah Stadion Pacaembu, terus takon, ’Mungkin ora ya sukmbèn gedhung kuwi kebak karo Seksi Yéhuwah?’ Kétoké ora mungkin, ning taun 1973 gedhung kuwi dikebaki 94.586 wong. Saiki, ana luwih saka 767.000 Seksi ing Brasil. Jumlah kuwi bener-bener nggumunké.”

Carlos Cázares

Carlos Cázares (umur 73 taun) kandha, ”Aku dibaptis taun 1954, taun kuwi ana 10.500 penginjil ing Meksiko. Merga pas kuwi gawéan akèh banget, aku dilantik dadi pinituwa wilayah pas umur 21 taun. Bener-bener berkah sing gedhé isa ndelok dhéwé kelakoné ramalan ing Yésaya 60:22. Saiki, ana luwih saka 806.000 penginjil ing Meksiko sing mimpin luwih saka sakyuta wong sing sinau Alkitab. Kuwi nggumunké tenan.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim