Kiwa: Pakumpulan ibadah nèng njaba ing London, Inggris, taun 1945; tengen: Kebaktian istiméwa ing Malawi, Afrika, taun 2012
BAGÉAN 5
Pendhidhikan Kratoné Allah—Sang Raja Nglatih Umaté
ANA sedulur sing isih enom saka jemaat panjenengan lagi ceramah sing sepisanan ing kebaktian. Panjenengan mèsem lan bangga wektu ndeloki dhèwèké. Karo ngrungokké ceramahé, panjenengan mikir, ’Yéhuwah maringi pelatihan sing apik banget marang umaté. Buktiné ya sedulur iki. Dhèwèké wis nggawé akèh kemajuan wiwit ceramahé sing sepisanan.’ Sedulur kuwi nggawé kemajuan sing apik sakwisé mèlu Sekolah kanggo Perintis. Akir-akir iki, dhèwèké lan bojoné mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Wektu kabèh sing teka padha keplok-keplok merga ceramahé apik banget, panjenengan ndelok sakiwa tengené panjenengan lan mikirké tuntunan sing wis ditampa umaté Allah.
Alkitab ngramalké nèk umaté Allah bakal ”dadi siswaning Yéhuwah”. (Yé. 54:13) Awaké dhéwé saiki urip ing jaman wektu ramalan iki kelakon. Awaké dhéwé didhidhik ora mung liwat wacan-wacan, ning uga liwat pakumpulan ibadah, kebaktian, lan akèh sekolah sing dirancang bèn awaké dhéwé siyap nindakké tugas saka pakumpulané Yéhuwah. Ing bagéan iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé kabèh pendhidhikan iki dadi bukti sing nyata nèk Kratoné Allah saiki wis mréntah.