Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
5-11 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | MATIUS 20-21
”Sapa Waé sing Péngin Dadi sing Utama Kudu Ngladèni Liyané”
(Matius 20:3) Wektu kira-kira jam sanga ésuk, dhèwèké lunga manèh lan ndelok ana wong-wong sing nganggur ing pasar.
nwtsty média
Pasar
Ana pasar, contoné kaya ing gambar iki, sing panggonané ana ing pinggir dalan. Wong-wong sing dodol kerep-kerepé ndèlèhké akèh barang-barangé ing dalan lan ngalang-alangi sing liwat. Penduduk ing kono blanja peralatan rumah tangga, grabah, lan barang-barang sing larang. Merga ora ana lemari ès, saben dina wong-wong kudu blanja ing pasar. Ing kéné, wong-wong sing blanja isa krungu kabar saka pedagang utawa wong-wong liya sing teka. Bocah-bocah uga dolanan, lan wong-wong sing nganggur ngentèni ana sing nawani gawéan. Sakliyané kuwi, Yésus uga tau nambani wong-wong lara ing pasar lan Paulus uga tau nginjil ing pasar. (Kis 17:17) Ahli Taurat lan wong-wong Farisi seneng digatèkké lan dihormati ing panggonan umum iki.
(Matius 20:20, 21) Banjur, bojoné Zébédéus marani Yésus bareng karo anaké loro lan sujud, terus ngomongké penjaluké marang Yésus. 21 Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Apa sing kok péngini?” Wong wadon kuwi njawab, ”Ing Kratoné panjenengan, aku nyuwun supaya anakku loro iki isa lungguh cedhak panjenengan, siji ing sisih tengen, lan sijiné ing sisih kiwané panjenengan.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 20:20, 21
ibuné anak-anaké Zébédéus: Iki ibuné rasul Yohanes lan Yakobus. Ing buku Markus, rasul Yohanes lan Yakobus klebu wong sing marani Yésus. Wong loro kuwi nduwé pepénginan, ning pepénginan kuwi sing nyampèkké ibuné sing jenengé Salomé. Mbokmenawa Salomé sedulur wadoné ibuné Yésus.—Mat 27:55, 56; Mrk 15:40, 41; Yoh 19:25.
siji ing sisih tengen, lan sijiné ing sisih kiwané panjenengan: Tengen lan kiwa padha-padha nduduhké kamulyan lan kedudukan, ning sing paling dimulyakké ana ing sisih tengen.—Ms 110:1; Kis 7:55, 56; Rm 8:34.
(Matius 20:25-28) Banjur Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk para pemimpin ing donya iki padha mréntah rakyaté, lan para pejabat uga nguwasani rakyaté. 26 Nanging kowé aja kaya ngono. Sapa waé sing péngin dadi sing utama kudu ngladèni liyané, 27 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji ing antaramu, kudu dadi budhakmu. 28 Kaya Putrané manungsa teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 20:26, 28
sing ngladèni: Utawa ”abdi”. Alkitab kerep nggunakké tembung Yunaniné, yaiku di·aʹko·nos sing maksudé wong sing tekun lan sregep nindakké tugasé kanggo kepentingané wong liya. Tembung iki digunakké kanggo Yésus. (Rm 15:8), abdiné Kristus (1Kor 3:5-7; Kol 1:23), abdiné jemaat (Flp 1:1; 1Tim 3:8), para pelayan, (Yoh 2:5, 9) lan pegawé pamréntahan (Rm 13:4).
Wulangan Penting
(Matius 21:9) Sakliyané kuwi, wong akèh sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus padha mbengok, ”Gusti Allah, paringana keslametan marang Putrané Daud! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah! Sing ana ing swarga, paringana keslametan marang panjenengané!”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 21:9
Gusti Allah, paringana keslametan: Lit., ”Hosana.” Iki tembung Yunani saka ungkapan Ibrani sing artiné ”Gusti Allah, paringana keslametan” utawa ”tulung slametna”. Tembung iki digunakké kanggo nyuwun bantuané Gusti Allah bèn isa menang utawa slamet. Uga isa diterjemahké ”tulung, paringana slamet marang”. Sakbanjuré, tembung kuwi digunakké kanggo nyanyian lan donga. Tembung Ibraniné ana ing Ms 118:25, kuwi bagéan saka Mazmur Halèl sing ajeg dinyanyèkké wektu Paskah. Mula, wong-wong langsung kèlingan tembung iki. Salah siji cara Gusti Allah njawab donga iki, yaiku wektu nguripké manèh Putrané Daud saka antarané wong mati. Ing Mat 21:42, Yésus ngutip Ms 118:22, 23 lan nggunakké ayat kuwi kanggo Mèsias.
Putrané Daud: Ungkapan iki nduduhké garis keturunané Yésus lan tugasé dadi Mèsias.
(Matius 21:18, 19) Wektu bali menyang Yérusalèm pas isih ésuk banget, Yésus krasa luwé. 19 Yésus ndelok ana wit ara ing pinggir dalan banjur diparani. Nanging Yésus ora nemokké wohé siji-sijia kejaba mung godhong. Yésus banjur kandha marang wit kuwi, ”Kowé ora bakal ngetokké woh manèh.” Wit ara kuwi langsung alum.
Piwulang bab Iman saka Wit Ara
Apa sebabé Yésus nggawé wit ara kuwi dadi alum? Yésus njelaské alesané, ”Saktenané aku kandha, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé ora mung bakal isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi, nanging kowé uga mesthi isa ngongkon gunung iki, ’Mumbula lan njegura ing laut,’ lan kuwi bakal kelakon. Lan apa waé sing kok suwun wektu ndonga, kuwi kabèh bakal kok tampa nèk kowé nduwé iman.” (Matius 21:21, 22) Iki dudu sing sepisanan Yésus kandha nèk iman isa mindhah gunung.—Matius 17:20.
Dadi, Yésus nggawé wit ara kuwi dadi alum kanggo nduduhké pentingé nduwé iman marang Gusti Allah. Dhèwèké kandha, ”Apa waé sing kok dongakké lan kok suwun, padha nduwéa iman nèk kowé wis nampa kuwi. Lan kowé mesthi bakal nampa apa sing kok suwun kuwi.” (Markus 11:24) Kuwi piwulang penting kanggo kabèh pengikuté Yésus, utamané kanggo para rasul sing sedhéla manèh bakal ngadhepi akèh ujian sing abot. Sakliyané kuwi, ana piwulang liyané bab iman sing isa kita tampa.
Kaya wit ara iki, bangsa Israèl saka njaba kétoké apik nanging sakjané ora. Bangsa Israèl kuwi bangsa sing nduwé perjanjian karo Gusti Allah. Saka njaba, bangsa kuwi kétoké manut hukumé Gusti Allah, nanging sakjané ora nduwé iman lan ora ngasilké woh sing apik. Bangsa kuwi malah nolak Putrané Gusti Allah. Mula, wektu nggawé wit ara kuwi dadi alum, Yésus nduduhké apa sing bakal dialami bangsa sing ora nduwé iman lan ora ngasilké woh kuwi.
Maca Alkitab
(Matius 20:1-19) ”Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré. 2 Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga menyang kebon angguré. 3 Wektu kira-kira jam sanga ésuk, dhèwèké lunga manèh lan ndelok ana wong-wong sing nganggur ing pasar. 4 Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku, lan kowé bakal tak wènèhi opah sing pantes.’ 5 Wong-wong kuwi banjur mangkat. Kira-kira jam 12 awan lan jam 3 soré, dhèwèké lunga manèh kanggo nggolèk buruh liyané. 6 Akiré, wektu kira-kira jam lima soré, dhèwèké lunga lan ketemu karo wong-wong sing lagi ngadeg lan ora nindakké apa-apa. Dhèwèké takon, ’Ngapa kowé mung ngadeg waé sedina muput lan ora kerja?’ 7 Wong-wong kuwi njawab, ’Merga ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku.’ 8 ”Wektu wis arep wengi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi kandha marang mandoré, ’Celuken para buruh lan bayaren opahé, saka sing teka kèri dhéwé nganti sing teka dhisik dhéwé.’ 9 Banjur, wong-wong sing kerja wiwit jam lima soré mara, lan saben wong nampa opah sak dinar. 10 Sakwisé kuwi, wong-wong sing kerja saka ésuk padha mara, lan ngira bakal dibayar luwih akèh. Nanging, jebulé wong-wong kuwi uga diopahi sak dinar. 11 Mula wong-wong kuwi mulai padha protès marang sing nduwé kebon 12 lan kandha, ’Wong-wong sing teka kèri kuwi mung kerja sak jam, nanging panjenengan mènèhi opah sing padha karo aku sing wis kerja sedina muput lan kepanasen.’ 13 Nanging, wong sing nduwé kebon anggur kuwi njawab salah siji saka wong-wong kuwi, ’Aku ora tumindak salah marang kowé. Kowé kan wis setuju tak bayar sak dinar, ta?’ 14 Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing tak bayarké marang kowé. 15 Apa aku ora éntuk nggunakké dhuwitku dhéwé sakarepku? Utawa apa kowé iri merga aku apikan karo wong kuwi?’ 16 Mula, wong sing pungkasan bakal dadi sing kapisan, lan sing kapisan bakal dadi sing pungkasan.” 17 Wektu mlaku menyang Yérusalèm, Yésus ngajak 12 muridé misah saka wong-wong liyané, lan kandha, 18 ”Padha rungokna! Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Putrané manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké, 19 lan bakal masrahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya kanggo diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”
12-18 MARET
SINAU SAKA ALKITAB
”Manut Rong Préntah sing Paling Penting”
(Matius 22:36-38) ”Guru, préntah endi sing paling penting ing hukum Taurat?” 37 Yésus njawab, ”’Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, lan sakwutuhé pikiranmu.’ 38 Iki préntah sing paling penting lan paling utama.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 22:37
ati: Nèk digunakké kanggo kiasan, tembung kuwi maksudé wong kuwi sakabèhé. Nèk disebutké bareng karo ”nyawa” lan ”pikiran”, tembung iki maksudé kusus lan tegesé émosi, kepénginan, lan perasaané wong. Telung tembung sing digunakké, yaiku ati, nyawa, lan pikiran, ora isa disebutké dhéwé-dhéwé lan kudu digunakké bebarengan. Kuwi nduduhké rasa tresna sing wutuh kanggo Gusti Allah.
nyawa: Utawa ”sakabèhé uripé”.
pikiran: Yaiku, kemampuan kanggo mikir. Wong kudu nggunakké kemampuané kanggo kenal lan nresnani Yéhuwah. (Yoh 17:3, cathetan ngisor; Rm 12:1) Ing PT 6:5, tembung basa Ibraniné nggunakké telung tembung, ’ati, nyawa, lan kekuwatan.’ Ning buku Matius sing nganggo basa Yunani, nggunakké tembung ”pikiran” lan dudu ”kekuwatan”. Mungkin ana pirang-pirang alesan ngapa tembungé béda. Sing kapisan, ing basa Ibrani kuna, ora ana tembung sing kusus kanggo ”pikiran”. Ning maksudé tembung ”pikiran” kuwi wis klebu ing tembung ”ati”. Wektu tembung ”ati” digunakké nganggo cara kiasan, iki maksudé pikiran, perasaan, sikap, lan pepénginané wong. (PT 29:4; Ms 26:2; 64:7) Mula nèk tembung Ibraniné ”ati”, Septuaginta Yunani nggunakké tembung ”pikiran”. (Pd 8:21; 17:17; WB 2:10; Yé 14:13) Alesan sing kapindho Matius nggunakké tembung Yunani ”pikiran” lan dudu ”kekuwatan”, yaiku ing basa Ibrani, tembung ”kekuwatan” maksudé isa kekuwatan fisik utawa kemampuan kanggo mikir. Dadi maknané mèh padha. Mula, para penulis Injil ora nggunakké tembung sing padha wektu nyuplik kitab Pangandharing Torèt.
(Matius 22:39) Préntah kapindho sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 22:39
Préntah kapindho: Mat 22:37 nyebutké jawabané Yésus sing langsung marang wong Farisi. Ning ing ayat iki, Yésus ora mung njawab pitakonané wong Farisi kuwi. Yésus nyebutké préntah kapindho. (Km 19:18) Yésus mulang nèk rong préntah kuwi ana hubungané lan kabèh hukum Taurat sarta Tulisan Para Nabi diringkes ing rong préntah kuwi.—Mat 22:40.
pepadha: Tembung Yunani kanggo ”pepadha” (lit., ”sing manggon cedhak”) maksudé ora mung wong sing manggon ing cedhaké kita. Ning kuwi uga maksudé kabèh wong.—Luk 10:29-37; Rm 13:8-10.
(Matius 22:40) Rong préntah kuwi sing dadi dhasaré kabèh isiné Taurat lan Tulisan Para Nabi.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 22:40
Taurat lan Tulisan Para Nabi: ”Taurat” kuwi maksudé buku Purwaning Dumadi nganti Pangandharing Torèt. ”Tulisan Para Nabi” maksudé buku-buku sing isiné ramalan ing Kitab-Kitab Ibrani. Ning wektu istilah kuwi disebutké bebarengan, sing dimaksud yaiku kabèh Kitab-Kitab Ibrani.—Mat 7:12; 22:40; Luk 16:16.
dhasaré: Arti sing saktenané saka tembung Yunani iki ”gumantung”. Ning ayat iki nggunakké arti kiasan sing tegesé ”gumantung karo utawa dhasaré yaiku”. Dadi, Yésus nduduhké nèk katresnan kuwi dadi dhasaré kabèh Kitab-Kitab Ibrani, ora mung ing hukum Taurat lan Sepuluh Préntah.—Rm 13:9.
Wulangan Penting
(Matius 22:21) Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 22:21
marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar: Iki jawabané Yésus sing uga dicathet ing Mrk 12:17 lan Luk 20:25. Iki uga siji-sijiné jawabané Yésus sing nyebut bab Kaisar Romawi. Sing dimaksud ”duwèké Kaisar” kuwi klebu mbayar jasa saka pamréntah. Tembung kuwi uga maksudé kita kudu manut lan ngajèni pamréntah.—Rm 13:1-7.
marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah: Iki klebu ibadahé wong sing ditindakké kanthi saktulusé ati, katresnan sing bener-bener tulus, lan manut tenan.—Mat 4:10; 22:37, 38; Kis 5:29; Rm 14:8.
(Matius 23:24) Penuntun-penuntun wuta! Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 23:24
Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg: Kanggoné wong-wong Israèl, nyamuk lan unta kuwi kéwan najis paling cilik lan paling gedhé. (Km 11:4, 21-24) Yésus nggunakké perbandhingan iki kanggo nduduhké nèk para pemimpin agama kuwi bener-bener munafik. Yésus kandha nèk para pemimpin agama nyaring ombèn-ombèné bèn ora dinajiské karo nyamuk, ning wong-wong kuwi ngrèmèhké bab sing luwih penting ing hukum Taurat. Kuwi digambarké kaya ngeleg unta.
Maca Alkitab
(Matius 22:1-22) Sepisan manèh, Yésus mulang wong-wong nganggo umpama. Yésus kandha, 2 ”Kraton swarga kuwi kaya raja sing nganakké pésta mantènan kanggo anaké lanang. 3 Raja kuwi ngutus para budhaké kanggo nyeluk para undangan menyang pésta mantènan kuwi, nanging wong-wong mau ora gelem teka. 4 Banjur raja mau ngutus budhak-budhak liyané, lan kandha, ’Omonga marang wong-wong sing wis diundang: ”Aku wis nyiapké akèh maeman. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo padha teka ing pésta!”’ 5 Nanging para undangan kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing menyang ladhang, ana sing ngurusi usahané, 6 sing liyané malah nangkep para budhak mau, banjur para budhak kuwi dianiaya lan dipatèni. 7 ”Raja dadi nesu banget, banjur ngutus tentarané kanggo matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké, lan mbakar kuthané wong-wong kuwi. 8 Banjur raja ngomong marang para abdiné, ’Pésta mantènané wis siap, nanging para undangan kuwi ora pantes teka ing pésta iki. 9 Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama, lan undangen sapa waé sing kok temoni kanggo teka ing pésta mantènan iki.’ 10 Para budhak mau banjur lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, klebu wong jahat lan apik. Panggonan kanggo pésta kuwi nganti kebak tamu. 11 ”Wektu raja mlebu kanggo nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong lanang sing ora nganggo klambi pésta. 12 Mula raja takon, ’Ngapa kowé teka mréné ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. 13 Raja banjur ngongkon para abdiné, ’Talènana tangané lan sikilé, terus uncalna ing njaba, ing pepeteng. Ing kono, dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’ 14 ”Akèh wong sing diundang, nanging sing dipilih mung sithik.” 15 Banjur wong-wong Farisi lunga lan nggawé rencana supaya Yésus kejebak omongané dhéwé. 16 Mula wong-wong Farisi mau banjur ngongkon murid-muridé lunga karo pengikuté partai Hérodès kanggo nemoni Yésus lan kandha, ”Guru, aku ngerti nèk panjenengan mesthi ngomongké sing bener, uga mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah, lan ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané. 17 Mula, piyé pendapaté guru? Mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 18 Nanging Yésus ngerti pikiran jahaté wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kowé nguji aku? 19 Duduhna dhuwit rècèh kanggo mbayar pajeg kuwi.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. 20 Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” 21 Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” 22 Wektu krungu omongané Yésus, wong-wong kuwi nggumun banget banjur padha lunga.
19-25 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | MATIUS 24
”Tetep Waspada ing Dina-Dina Pungkasan”
(Matius 24:12) Lan merga kejahatan saya akèh, katresnané akèh-akèhé wong bakal saya suda.
it-1-IN 1174 ¶2
Katresnan
Katresnané Wong Isa Suda. Wektu ngandhani para muridé bab sing bakal kelakon mbésuk, Yésus kandha nèk katresnané wong (a·gaʹpe) sing ngakuné percaya marang Gusti Allah bakal saya suda. (Mat 24:3, 12) Rasul Paulus kandha nèk salah siji tandhané mangsa sing angèl diadhepi yaiku wong-wong bakal ”ngutamakké mburu bandha”. (2Tim 3:1, 2) Dadi, wong isa lali karo pathokan sing bener lan katresnané bakal suda. Kuwi nduduhké pentingé terus nresnani lan ngupaya saya tresna nganggo cara mikirké tenanan Alkitab lan nindakké pathokan-pathokan ing Alkitab ing urip kita.—Éf 4:15, 22-24.
(Matius 24:39) Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. Semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa.
w99-IN 15/11 19 ¶5
Apa Kita Wis Netepi Kewajiban Kita marang Yéhuwah?
5 Bab jaman sing susah iki, Yésus tau kandha, ”Kaya kahanan ing jamané Nuh, semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa. Sakdurungé Banjir Gedhé teka, wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera. Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. Semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa.” (Mat. 24:37-39) Nèk ora kakèhan, mangan lan ngombé kuwi ora salah. Lan urip bebojoan kuwi pengaturan saka Gusti Allah. (Pd. 2:20-24) Ning nèk ora ati-ati, kita isa dadi luwih mentingké bab-bab sing lumrah mau, lan kuwi isa nggawé kita keslimur. Mula panjenengan isa ndonga marang Yéhuwah. Banjur Yéhuwah bakal mbantu kita bèn ngutamakké Kratoné Allah lan nindakké apa sing bener, klebu netepi kewajiban kita marang Yéhuwah.—Mat. 6:33; Rm. 12:12; 2 Kor. 13:7.
(Matius 24:44) Mula, buktèkna nèk kowé siap, merga Putrané manungsa bakal teka ing wektu sing ora kok sangka-sangka.
Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé Yésus
Yésus kandha nèk murid-muridé kudu terus jaga-jaga lan siap. Kanggo nduduhké pentingé bab iki, Yésus nyritakké umpama liyané, ”Nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi bakal tetep jaga-jaga lan ora ngejarké omahé dibobol. Mula, buktèkna nèk kowé siap, merga Putrané manungsa bakal teka ing wektu sing ora kok sangka-sangka.”—Matius 24:43, 44
Wulangan Penting
(Matius 24:8) Nanging kuwi kabèh mung lagi wiwitané kasangsaran.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 24:8
kasangsaran: Tembung Yunani iki ana hubungané karo rasa lara sing dirasakké wong wadon wektu nglairké. Sing dimaksud ing ayat iki yaiku sengsara, rasa lara, lan masalah-masalah umumé. Gambaran bab rasa lara wektu nglairké isa waé kanggo nduduhké nèk sakdurungé sengsara gedhé sing disebutké ing Mat 24:21, masalah-masalah sing wis diramalké Alkitab bakal luwih kerep kedadéan, lan saya parah, sarta masalah-masalah mau bakal kelakon suwé banget.
(Matius 24:20) Terusa ndonga supaya pas wayahé kowé mlayu ora ngepasi musim dingin utawa dina Sabat.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 24:20
musim dingin: Pas musim dingin, udané deres, hawané adhem, lan ana banjir. Kuwi nggawé wong-wong angèl nèk arep lunga, nggolèk pangan, lan golèk penginapan.—Éz 10:9, 13.
dina Sabat: Ing wilayah-wilayah kaya Yudéa, merga ana hukum bab dina Sabat, kuwi nggawé wong-wong kangèlan wektu arep lunga adoh lan nggawa barang-barang. Gerbang-gerbang kutha uga ditutup wektu dina Sabat.—Deloken Kis 1:12 lan deloken bagéan 16 saka brosur Tuntunan kanggo Sinau Alkitab.
Maca Alkitab
(Matius 24:1-22) Wektu Yésus ninggalké bait, murid-muridé marani lan nduduhké marang Yésus bangunan-bangunan bait. 2 Yésus kandha, ”Apa kowé ndelok kabèh bangunan iki? Saktenané aku kandha, kabèh iki bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.” 3 Wektu Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun, murid-muridé marani Yésus wektu ora ana wong liya. Murid-murid kuwi takon, ”Kandhanana aku kabèh, kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandha rawuhé panjenengan lan tandha pungkasané jaman iki? 4 Yésus njawab, ”Ngati-atia supaya aja nganti ana sing nyasarké kowé kabèh, 5 merga akèh wong bakal teka nganggo jenengku, nganggo cara kandha, ’Aku iki Kristus,’ lan wong-wong kuwi bakal nyasarké akèh wong. 6 Kowé bakal krungu swara perang lan warta-warta bab perang. Nanging aja nganti kowé kuwatir, merga bab-bab iki kudu kelakon. Nanging kuwi durung pungkasané. 7 ”Merga bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Uga bakal ana kurang pangan, lan gempa bumi ing ngendi-endi. 8 Nanging kuwi kabèh mung lagi wiwitané kasangsaran. 9 ”Banjur wong-wong bakal nggawé kowé sengsara lan matèni kowé, lan kowé bakal digethingi kabèh bangsa merga jenengku. 10 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing bakal ngedoh saka Gusti Allah, padha ngianati lan nggethingi siji lan sijiné. 11 Bakal ana akèh nabi-nabi palsu sing nyasarké akèh wong. 12 Lan merga kejahatan saya akèh, katresnané akèh-akèhé wong bakal saya suda. 13 Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké. 14 Lan kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka. 15 ”Mula, wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké karusakan, kaya sing dikandhakké liwat Nabi Danièl, ngadeg ing panggonan suci, (sing maca kudu mikirké tenanan supaya isa ngerti maksudé), 16 wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan. 17 Wong sing ana ing ndhuwur omah aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing omahé, 18 lan wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk klambi njabané. 19 Cilaka wong wadon sing mbobot lan sing isih nyusoni bayi ing mangsa kuwi! 20 Terusa ndonga supaya pas wayahé kowé mlayu ora ngepasi musim dingin utawa dina Sabat. 21 Merga wektu kuwi, bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kedadéan saka wiwitané donya nganti saiki, lan ora bakal kedadéan manèh. 22 Sakjané, nèk dina-dina kuwi ora digawé singkat, ora bakal ana wong sing dislametké. Nanging merga wong-wong pilihan, dina-dina kuwi bakal digawé singkat.
26 MARET–1 APRIL
”Tetepa Waspada”
(Matius 25:1-6) ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. 2 Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana. 3 Prawan sing bodho nggawa lampuné, nanging ora nggawa minyak cadangan. 4 Prawan sing wicaksana nggawa lampuné lan uga nggawa minyak ing botol. 5 Merga mantèn lanang ora teka-teka, para prawan mau dadi ngantuk lan keturon. 6 Wektu tengah wengi, ana wong sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka! Metua kanggo nyambut dhèwèké!’
(Matius 25:7-10) Banjur kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné. 8 Prawan sing bodho kandha marang prawan sing wicaksana, ’Aku njaluk minyakmu sithik waé, merga lampuku wis arep mati.’ 9 Prawan sing wicaksana njawab, ’Kétoké ora cukup nèk dienggo aku lan kowé. Lungaa marang wong sing dodol minyak lan tukua kanggo awakmu dhéwé.’ 10 Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi tuku minyak, mantèn lanang teka. Prawan-prawan sing wis siap terus mlebu bareng mantèn lanang ing pésta mantènan, banjur lawangé ditutup.
(Matius 25:11, 12) Sakwisé kuwi, prawan lima liyané padha teka lan kandha, ’Pak, Pak, aku bukakna lawang!’ 12 Mantèn lanang kuwi njawab, ’Tak kandhani sing saktenané, aku babar blas ora kenal kowé.’
Wulangan Penting
(Matius 25:31-33) Wektu Putrané manungsa teka ing kamulyané bareng karo kabèh malaékat, dhèwèké bakal lungguh ing tahtané sing mulya. 32 Kabèh bangsa bakal diklumpukké ing ngarepé, lan dhèwèké bakal misahké wong-wong, kaya pangon misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. 33 Lan dhèwèké bakal manggonké wedhus gèmbèl ing sisih tengené, lan wedhus jawa ing sisih kiwané.
w15-IN 15/3 27 ¶7
Setya Ndhukung Para Seduluré Yésus
7 Saiki, kita isa paham perumpamaan bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa. Kita ngerti nèk ”Putrané manungsa” utawa ”Raja” kuwi Yésus. Sing dimaksud ’seduluré’ Yésus kuwi wong-wong Kristen terurap, sing mréntah ing swarga bareng Yésus. (Rm. 8:16, 17) ”Wedhus gèmbèl” lan ”wedhus jawa” kuwi maksudé kabèh wong. Wong-wong kuwi ora dipilih nganggo roh suci. Wong-wong kuwi bakal diadili persis sakdurungé sengsara gedhé rampung. Lan Yésus bakal ngadili wong-wong kuwi miturut tumindaké wong-wong kuwi marang wong-wong Kristen terurap sing isih ana ing bumi. Merga akhir kuwi wis cedhak, kita mesthi matur nuwun banget marang Yéhuwah merga Yéhuwah nduduhké sithik mbak sithik apa tegesé perumpamaan ing Matius 24 lan 25.
(Matius 25:40) Raja njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé nindakké kuwi kanggo aku.’
w09-IN 15/10 16 ¶16-18
”Kowé Kuwi Sahabat-Sahabatku”
16 Nèk panjenengan péngin urip ing firdaus, piyé panjenengan isa nduduhké nèk ndukung sedulur-seduluré Kristus? Coba gatèkna telung cara. Sing kapisan, nginjil sing tenanan. Yésus mréntahké para seduluré kanggo nginjil ing salumahing bumi. (Mat. 24:14) Ning, nèk ora dibantu karo wedhus-wedhus liya, para seduluré Yésus sing isih ana ing bumi ora bakal isa nindakké tanggung jawab kuwi. Sakjané, wektu anggota wedhus-wedhus liya kuwi nginjil, wong-wong kuwi mbantu sedulur-seduluré Kristus nindakké tugas suciné. Kaya Yésus, budhak sing setya lan wicaksana ngajèni banget upaya sing ditindakké wedhus-wedhus liyané.
17 Cara sing kapindho, mènèhi sumbangan kanggo ndhukung gawéan nginjil. Yésus ngongkon para muridé bèn nggunakké ”bandha saka donya sing ora bener iki”. (Luk. 16:9) Kuwi dudu tegesé hubungan kita karo Yéhuwah isa diijoli karo bandha. Wektu nggunakké bandha kita kanggo kepentingané Kratoné Gusti Allah, kuwi bukti nèk kita nresnani Yéhuwah ora mung nganggo omongan, ning nganggo ”tumindak sing tulus”. (1 Yoh. 3:16-18) Carané nduduhké nèk kita mènèhi sumbangan, yaiku mèlu nginjil, nyumbang dhuwit sing isa digunakké kanggo pembangunan, ngrumat Balé Ibadah, lan gawéan nginjil sakdonya. Ora masalah sepira akèhé sumbangan kita, Yéhuwah lan Yésus mesthi ngajèni banget nèk kita nyumbang kanthi bungah.—2 Kor. 9:7.
18 Cara sing katelu, yaiku manut arahané para pinituwa ing jemaat. Para pinituwa dipilih nganggo roh suci liwat arahané Kristus. (Éf. 5:23) Paulus nulis, ”Kowé kabèh kudu manut lan tundhuk marang wong-wong sing mimpin kowé.’ (Ibr. 13:17) Kadhang, angèl kanggo nampa arahan sing dhasaré Alkitab, sing diwènèhké para pinituwa ing jemaat. Isa waé merga ngerti nèk wong-wong kuwi ora sampurna, kita dadi ngrèmèhké naséhaté. Senajan ngono, Kristus, sing dadi Kepala jemaat, isih nggunakké para pinituwa sing ora sampurna. Dadi, cara kita nanggepi naséhat saka para pinituwa kuwi ana pengaruhé ing hubungan kita karo Yésus. Nèk mikirké sipat-sipat sing apik saka para pinituwa lan kanthi bungah manut arahané, kuwi bukti nèk kita nresnani Yésus.
Maca Alkitab
(Matius 25:1-23) ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. 2 Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana. 3 Prawan sing bodho nggawa lampuné, nanging ora nggawa minyak cadangan, 4 Prawan sing wicaksana nggawa lampuné lan uga nggawa minyak ing botol. 5 Merga mantèn lanang ora teka-teka, para prawan mau dadi ngantuk lan keturon. 6 Wektu tengah wengi, ana wong sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka! Metua kanggo nyambut dhèwèké!’ 7 Banjur kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné. 8 Prawan sing bodho kandha marang prawan sing wicaksana, ’Aku njaluk minyakmu sithik waé, merga lampuku wis arep mati.’ 9 Prawan sing wicaksana njawab, ’Kétoké ora cukup nèk dienggo aku lan kowé. Lungaa marang wong sing dodol minyak lan tukua kanggo awakmu dhéwé.’ 10 Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi tuku minyak, mantèn lanang teka. Prawan-prawan sing wis siap terus mlebu bareng mantèn lanang ing pésta mantènan, banjur lawangé ditutup. 11 Sakwisé kuwi, prawan lima liyané padha teka lan kandha, ’Pak, Pak, aku bukakna lawang!’ 12 Mantèn lanang kuwi njawab, ’Tak kandhani sing saktenané, aku babar blas ora kenal kowé.’ 13 ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé. 14 ”Kraton kuwi uga diumpamakké kaya wong lanang sing arep lunga menyang luar negri. Dhèwèké ngundang budhak-budhaké lan masrahké hartané marang budhak-budhak kuwi. 15 Sing siji diwènèhi limang talènta, sing liyané rong talènta, lan sing liyané manèh sak talènta, miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Banjur wong kuwi lunga menyang luar negri. 16 Budhak sing nampa limang talènta kuwi langsung lunga lan nggunakké talènta kuwi kanggo usaha, lan dhèwèké éntuk untung limang talènta manèh. 17 Semono uga, budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. 18 Nanging budhak sing mung nampa sak talènta lunga lan ngubur dhuwité majikané ing njero lemah. 19 ”Suwé sakwisé kuwi, majikané teka lan étung-étungan karo budhak-budhak mau. 20 Banjur budhak sing nampa limang talènta maju lan nggawa limang talènta manèh. Dhèwèké kandha, ’Ndara, panjenengan wis masrahi aku limang talènta. Saiki deloken, aku éntuk untung limang talènta manèh,’ 21 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.’ 22 Banjur budhak sing nampa rong talènta maju lan kandha, ’Ndara, panjenengan wis masrahi aku rong talènta. Saiki deloken, aku éntuk untung rong talènta manèh.’ 23 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.’