Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
7-13 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 7-8
”Pikulen Cagak Paukuman lan Terusa Ngetutké Aku”
(Markus 8:34) Yésus banjur nyeluk wong-wong lan murid-muridé, terus kandha, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané, lan terus ngetutké aku.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 8:34
nolak pepénginané dhéwé: Utawa ”mènèhké kabèh haké” . Iki nduduhké nèk wong kuwi gelem nolak kabèh pepénginané utawa mènèhké kabèh sing diduwèni kanggo Gusti Allah. Ing basa Yunani, tembung iki artiné ”kudu isa nolak pepénginané dhéwé”. Iki cocog merga isa waé kuwi klebu nolak pepénginan pribadi, ambisi, utawa urip sing kepénak. (2Kor 5:14, 15) Markus uga nggunakké tembung sing padha wektu nyritakké Pétrus sing ora ngakoni Yésus.—Mrk 14:30, 31, 72.
w92-IN 1/8 17 ¶14
Apa Panjenengan Ngupaya kanggo Urip Saklawasé?
14 Yésus kandha marang kumpulan wong lan para muridé, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, (utawa, ”dhèwèké kudu kandha, ’Ora’ karo awaké dhéwé,” Charles B. Williams) kudu mikul cagak paukumané, lan terus ngetutké aku.” (Mrk. 8:34) Wektu nampa undangan iki, kita kudu siap kanggo ”terus” nolak pepénginan kita dhéwé. Kita nindakké kuwi dudu merga kuwi ana paédahé, ning merga kita isa kélangan kesempatan urip saklawasé. Nggawé kemajuan rohani kuwi biasané butuh wektu lan upaya, ning nèk ora jaga-jaga, kabèh upaya kuwi isa sia-sia.
(Markus 8:35-37) Merga sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, nanging sapa waé sing kélangan nyawané merga aku lan merga kabar apik, dhèwèké bakal urip manèh. 36 Sakjané, apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané? 37 Lan, saktenané, apa sing bakal dikèkké wong kanggo ngijoli nyawané?
w08 -IN 15/10 25-26 ¶3-4
Apa sing Panjenengan Upayakké Bèn Tetep Urip?
3 Wektu kuwi Yésus ngejokké rong pitakonan, ”Apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané?” Lan, ”Apa sing bakal dikèkké wong kanggo ngijoli nyawané?” (Mrk. 8:36, 37) Jawabané cetha. Nèk isa éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané, kuwi ora ana paédahé. Nduwé bandha kuwi mung ana paédahé nèk kita isih urip lan isa nggunakké bandha kuwi. Pitakonané Yésus sing kapindho yaiku, ”Apa sing bakal dikèkké wong kanggo ngijoli nyawané?” Kuwi isa waé ngélingké kita karo tudhuhané Sétan ing jamané Ayub, ”Wong bakal ngekèkké apa waé bèn ora kélangan nyawané.” (Ay. 2:4, NW) Kanggoné wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah, omongané Sétan isa waé bener. Akèh wong nindakké apa waé bèn isa tetep urip, senajan kudu nglanggar hukum. Ning wong-wong Kristen ora kaya ngono.
4 Kita ngerti nèk Yésus ora teka ing bumi kanggo mènèhi keséhatan, bandha, lan umur sing dawa. Yésus teka kanggo mènèhi kesempatan bèn kita isa urip saklawasé. Lan kuwi aji banget. (Yoh. 3:16) Wong Kristen mesthi ngerti maksud pitakonané Yésus sing kapisan, yaiku ”Apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya ning kélangan urip saklawasé?” Jawabané cetha, kuwi ora ana paédahé. (1 Yoh. 2:15-17) Bèn isa njawab pitakonané Yésus sing kapindho, kita kudu mikir, ’Wis sepira akèhé pengorbananku bèn mbésuk aku isa urip saklawasé?’ Jawaban kanggo pitakonan kuwi kétok saka uripé awaké dhéwé.—Bandhingna Yohanes 12:25.
(Markus 8:38) Ing generasi sing dosa lan ora setya iki, sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Putrané manungsa uga bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Putrané manungsa teka karo para malaékat suci nganggo kuwasané Bapaké.”
Putrané Manungsa Kuwi Sapa?
Dadi, para pengikuté Yésus kudu kendel lan lila nggawé pangurbanan kanggo mbuktèkké nèk pantes ditresnani Yésus. Yésus kandha, ”Ing generasi sing dosa lan ora setya iki, sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Putrané manungsa uga bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Putrané manungsa teka karo para malaékat suci nganggo kuwasané Bapaké.” (Markus 8:38) Banjur, wektu Yésus teka, ”dhèwèké bakal mbales saben wong miturut tumindaké wong kuwi”. —Matius 16:27.
Wulangan Penting
(Markus 7:5-8) Mula wong-wong Farisi lan ahli Taurat takon marang Yésus, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné para leluhur, nanging malah mangan nganggo tangan sing najis?” 6 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong-wong munafik, bener banget sing diramalké Nabi Yésaya bab kowé. Dhèwèké nulis, ’Umat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku. 7 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.’ 8 Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan nggondhèli tradhisiné manungsa.”
Pitakonané Sing Maca
Apa sebabé wisuh tangan diributké para mungsuhé Yésus?
▪ Wektu omongan karo Yésus lan para muridé, wisuh tangan dadi salah sijiné bab sing diributké para mungsuhé Yésus. Hukum Musa nerangké nèk ana bab-bab sing marahi wong dadi reged, contoné, kusta utawa lépra, getih wektu mènstruasi, spèrma sing metu saka wong lanang, lan gupak bathang kéwan utawa jenasahé manungsa. Hukum kuwi uga ngatur carané bèn wong isa resik manèh, nganggo cara wisuh, diciprati, utawa ngekèkké kurban.—Km., bab 11-15; Wi., bab 19.
Para guru agama Yahudi sing disebut rabi nggawé Hukum Musa dadi saya ruwed. Ana sing kandha nèk para rabi nemtokké apa waé sing marahi wong dadi reged lan nambahi aturan bab carané wong isa resik manèh. Wong-wong kuwi nemtokké barang-barang apa waé sing isa dadi reged utawa ora, lan nggawé aturan bab upacara sing isa nggawé wong dadi resik manèh.
Para mungsuhé Yésus takon, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné para leluhur, nanging malah mangan nganggo tangan sing najis?” (Mrk. 7:5) Wong-wong Farisi kuwi ora ngrembug masalah keséhatan yaiku bab kudu wisuh tangan sakdurungé mangan. Ning, malah nggawé aturan nèk sakdurungé mangan, wong kudu nggawé upacara wisuh tangan. Ana katrangan sing nyebutké nèk para rabi ”ngributké baskom endi sing kudu digunakké, banyu apa sing arep dinggo, sapa sing arep nggrujugké banyu kuwi, lan bagéan tangan endi waé sing kudu diwisuhi”.
Piyé tanggepané Yésus bab hukum sing ditambah-tambahi kuwi? Yésus kandha karo para pemimpin agama Yahudi, ”Wong-wong munafik, bener banget sing diramalké Nabi Yésaya bab kowé. Dhèwèké nulis, ’Umat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku. Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.’ Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan nggondhèli tradhisiné manungsa.”—Mrk. 7:6-8.
(Markus 7:32-35) Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing nduwé gangguan wicara. Wong-wong kuwi nyuwun supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong mau. 33 Yésus banjur nggawa wong kuwi ngedoh saka wong-wong liyané. Wektu ora ana wong liya ing sakcedhaké, Yésus banjur nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi. 34 Yésus banjur ndhangak ndelok langit, ngunjal ambekan lan kandha, ”Effata,” sing tegesé ”Mengaa”. 35 Kupingé wong kuwi langsung kebukak. Gangguan wicarané mari, lan wong kuwi dadi isa cetha anggoné omongan.
w00-IN 15/2 17-18 ¶9-11
Apa Panjenengan ”Nduwé Pikirané Kristus”?
9 Wong lanang kuwi budheg lan bisu. Mbokmenawa Yésus nganggep nèk wong kuwi isin utawa ndredheg. Mula ora kaya biasané, Yésus nggawa wong lanang kuwi ngalih saka kumpulan wong ing kana, menyang panggonan sing sepi. Banjur, Yésus nggunakké basa isyarat karo wong lanang kuwi bèn dhèwèké ngerti apa sing bakal ditindakké Yésus. Yésus ”banjur nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi.” (Mrk. 7:33) Banjur, Yésus ndhangak ndelok langit lan ngunjal ambegan. Tumindaké Yésus iki nduduhké marang wong lanang mau nèk sing arep ditindakké kuwi merga kuwasa saka Gusti Allah. Lan Yésus kandha, ”Mengaa.” (Mrk. 7:34) Wong lanang kuwi langsung mari, dhèwèké isa ngrungokké lan ngomong.
10 Tumindaké Yésus kuwi nduduhké nèk Yésus tanggap karo perasaané wong liya. Lan sipat kuwi nggawé Yésus mikirké perasaané wong liya wektu arep tumindak. Wong Kristen kudu terus niru sipaté Yésus. Alkitab ngélingké, ”Sing pungkasan, kowé kabèh kudu nyawiji ing pikiran, isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, nduwé rasa welas asih, lan andhap asor.” (1 Ptr. 3:8) Dadi, kita kudu mikirké perasaané wong liya wektu omongan lan tumindak.
11 Ing jemaat, kita mikirké perasaané wong liya nèk ngajèni, lan tumindak marang wong liya kaya sing kita péngini wong liya tumindak marang kita. (Mat. 7:12) Dadi kita kudu ngati ati karo apa sing kita omongké lan carané awaké dhéwé ngomong. (Kol. 4:6) Kita kudu éling nèk omongan sing ora dipikir isa nusuk kaya pedhang. (WB. 12:18) Piyé nèk ing keluarga? Wong sing wis bebojoan kudu nresnani lan tanggap karo perasaan siji lan sijiné. (Éf. 5:33) Wong sing wis bebojoan ngupaya bèn omongané ora kasar, gampang ngritik, lan nylekit. Anak-anak uga nduwé perasaan lan wong tuwa kudu mikirké perasaané bocah-bocah. Wektu ndisiplin, wong tuwa kudu tetep mikirké perasaané anaké lan aja nganti nggawé anaké dadi isin. (Kol. 3:21) Nèk mikirké perasaané wong liya, kuwi bukti nèk kita nduwé pikirané Kristus.
Maca Alkitab
(Markus 7:1-15) Ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat teka saka Yérusalèm lan nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus. 2 Banjur wong-wong kuwi weruh ana murid-muridé Yésus sing mangan nganggo tangan sing najis, yaiku tangan sing ora wijik dhisik. 3 (Merga nggondhèli tradhisiné para leluhur, wong Farisi lan kabèh wong Yahudi mesthi ngwijiki tangané nganti tekan sikut sakdurungé mangan, 4 Sakwisé bali saka pasar, wong-wong kuwi mesthi ngresiki awaké sakdurungé mangan. Isih ana akèh tradhisi liyané sing ditindakké lan digondhèli karo wong-wong kuwi, contoné, ngekum gelas, téko, lan wadhah saka tembaga.) 5 Mula wong-wong Farisi lan ahli Taurat takon marang Yésus, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné para leluhur, nanging malah mangan nganggo tangan sing najis?” 6 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong-wong munafik, bener banget sing diramalké Nabi Yésaya bab kowé. Dhèwèké nulis, ’Umat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku. 7 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.’ 8 Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan nggondhèli tradhisiné manungsa.” 9 Yésus neruské omongané, ”Kowé kuwi pinter banget nggolèk cara bèn ora nglakoni préntahé Gusti Allah supaya isa nglakoni tradhisimu. 10 Contoné, Musa kandha, ’Ajènana bapakmu lan ibumu,’ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’ 11 Nanging kowé kandha, ’Wong éntuk kandha marang bapak utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu, wis tak wènèhké dadi kurban (maksudé, persembahan sing kusus kanggo Gusti Allah),” ’ 12 Dadi, kowé ora ngéntukké wong kuwi nindakké apa-apa manèh kanggo bapak utawa ibuné. 13 Mula, kowé ngrèmèhké pangandikané Gusti Allah merga tradhisi sing kok wulangké turun-temurun. Lan ana akèh manèh perkara kaya ngéné iki sing kok tindakké.” 14 Yésus ngundang manèh wong akèh sing ana ing kono, lan kandha, ”Kowé kabèh, rungokna aku, lan ngertènana iki. 15 Apa sing mlebu ing cangkemé wong ora nggawé dhèwèké najis, nanging apa sing metu saka wong, kuwi sing nggawé dhèwèké najis.”
14-20 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 9-10
”Wahyu sing Nguwatké Iman”
(Markus 9:1) Banjur Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kratoné Allah teka nganggo kuwasa sing gedhé.”
w05-IN 15/1 12¶9-10
Ramalan-Ramalan bab Yésus
Yésus wis mènèhi bukti-bukti nèk dhèwèké kuwi Mèsias luwih saka setaun sakdurungé. Wektu kuwi, Paskah taun 32 M uga wis rampung. Akèh wong sing mbiyèné percaya karo Yésus mulai mandheg ngetutké Yésus. Isa waé merga dianiaya, mburu bandha, utawa kuwatir karo uripé. Mbokmenawa sing liyané kecéwa merga Yésus ora gelem didadèkké dadi raja. Wektu Yésus ditantang karo para pemimpin agama Yahudi, Yésus ora nggawé mukjijat kanggo kepentingané dhéwé. (Mat. 12:38, 39) Akèh wong mbokmenawa padha bingung karo tumindaké Yésus kuwi. Sakliyané kuwi, Yésus uga nduduhké bab-bab sing angèl dipahami karo para muridé, yaiku ”nèk dhèwèké kudu lunga menyang Yérusalèm lan ngalami akèh aniaya saka para pemimpin, imam kepala, lan ahli Taurat, banjur dipatèni”.—Mat. 16:21-23.
10 Sanga utawa sepuluh sasi sakbanjuré, wis wektuné ”kanggo [Yésus] ninggalké donya iki lan lunga marang Bapak”. (Yoh. 13:1) Merga Yésus nresnani para muridé sing setya, Yésus janji nèk ana muridé sing bakal ndelok tandha saka swarga. Janji kuwi ora diwènèhké marang wong-wong Yahudi sing ora percaya. Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Putrané manungsa teka ing Kratoné.” (Mat. 16:28) Maksudé Yésus dudu ana muridé sing bakal terus urip nganti Kratoné Gusti Allah madeg taun 1914. Ning maksudé, Yésus bakal mènèhi wahyu sing nggumunké bab kamulyané ing Kraton kuwi. Wahyu mau disebut transfigurasi.
(Markus 9:2-6) Nem dina sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes menyang gunung sing dhuwur. Mung Yésus lan wong telu kuwi sing ana ing kono. Ing kono, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus malih, 3 lan klambi njabané dadi saya putih lan padhang banget. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké kain nganti putihé ngungkuli kuwi. 4 Wong telu kuwi uga ndelok Élia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus. 5 Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Rabi, aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” 6 Sakjané Pétrus bingung arep ngomong apa, merga wong telu kuwi padha wedi banget.
w05-IN 15/1 12 ¶11
Ramalan-Ramalan bab Yésus
11 Nem dina sakwisé, Yésus ngejak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ing gunung, mbokmenawa ing salah siji panggonan ing gunung Hèrmon. Ing kana ”wajahé Yésus malih. Wajahé Yésus mancarké sinar kaya srengéngé, lan klambi njabané dadi padhang njingglang”. Ing kana uga ana Musa lan Élia bareng karo Yésus lagi omong-omongan. Kedadéan iki mbokmenawa kelakon ing wayah bengi, dadi kétoké luar biasa banget. Malah kuwi marahi Pétrus dadi gumun, terus dhèwèké kandha nèk arep ngedegké kémah telu ing kana kanggo Yésus, Musa, lan Élia. Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug ana méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi, banjur ana swara saka méga kuwi, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.”—Mat. 17:1-6.
(Markus 9:7) Banjur ana méga teka lan nutupi wong-wong kuwi, lan ana swara saka méga mau, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani. Rungokna dhèwèké.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 9:7
swara: Iki sing kapindho sing dicathet ing Injil wektu Yéhuwah ngomong langsung karo manungsa.
Wulangan Penting
(Markus 10:6-9) Nanging saka wiwitan, ’Gusti Allah nggawé manungsa lanang lan wadon. 7 Mula, wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, 8 lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji’, mula wong lanang lan wadon kuwi dudu loro manèh, nanging siji. 9 Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”
w08-IN 15/2 30 ¶8
Piwulang Penting saka Buku Markus
10:6-9. Kersané Yéhuwah sing wiwitan yaiku wong sing wis nikah ora éntuk pisah. Dadi, ketimbang nggawé keputusan kanggo pegatan, wong sing wis bebojoan kudu ngetrapké pathokan-pathokan saka Alkitab kanggo ngatasi masalah sing lagi diadhepi.—Mat. 19:4-6.
(Markus 10:17, 18) Wektu Yésus neruské perjalanané, ana wong lanang mlayu nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi takon, ”Guru Sing Apik, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” 18 Yésus kandha, ”Ngapa kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 10:17, 18
Guru Sing Apik: Sebutan ”Guru Sing Apik” kuwi digunakké kanggo ngurmati wong-wong sing nduwé jabatan, ning mung kanggo nyenengké wong kuwi. Para pemimpin agama péngin disebut kaya ngono. Kanggoné Yésus, ora masalah nèk wong-wong nyebut dhèwèké ”Guru” lan ”Gusti”. (Yoh. 13:13) Ning Yésus seneng nèk kabèh kaurmatan mung kanggo Bapaké.
Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah: Yésus ngakoni nèk mung Yéhuwah sing nduwé pathokan sing paling luhur kanggo apa sing apik, lan nduwé hak kanggo nemtokké apa sing apik lan sing èlèk. Merga mangan buah sing dilarang, Adam lan Hawa péngin kaya Yéhuwah, isa nemtokké sing apik lan sing èlèk. Ning, Yésus ora kaya ngono. Kanthi andhap asor, Yésus ngakoni haké Yéhuwah. Ing Alkitab, Yéhuwah wis nduduhké apa sing apik liwat préntah-préntahé.—Mrk. 10:19.
Maca Alkitab
(Markus 9:1-13) Banjur Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kratoné Allah teka nganggo kuwasa sing gedhé.” 2 Nem dina sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes menyang gunung sing dhuwur. Mung Yésus lan wong telu kuwi sing ana ing kono. Ing kono, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus malih, 3 lan klambi njabané dadi saya putih lan padhang banget. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké kain nganti putihé ngungkuli kuwi. 4 Wong telu kuwi uga ndelok Élia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus. 5 Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Rabi, aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” 6 Sakjané Pétrus bingung arep ngomong apa, merga wong telu kuwi padha wedi banget. 7 Banjur ana méga teka lan nutupi wong-wong kuwi, lan ana swara saka méga mau, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani. Rungokna dhèwèké.” 8 Murid telu kuwi langsung nolèh ngiwa-nengen, lan ndelok ora ana wong liya manèh sing bareng wong-wong kuwi, kejaba mung Yésus. 9 Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus kanthi tegas ngélikké murid-muridé supaya ora nyritakké apa sing wis didelok mau marang wong liya, nganti Putrané manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati. 10 Murid-murid kuwi nganggep serius omongané Yésus. Nanging wong telu kuwi rembugan dhéwé bab maksudé Yésus diuripké manèh saka antarané wong mati. 11 Murid-murid kuwi mulai takon marang Yésus, ”Apa sebabé para ahli Taurat kandha nèk Élia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?” 12 Yésus njawab, ”Élia pancèn teka luwih dhisik lan dhèwèké bakal nyiapké sakabèhé. Nanging apa hubungané karo ayat sing kandha nèk Putrané manungsa kudu ngalami akèh kasangsaran lan dirèmèhké? 13 Aku kandha marang kowé, Élia sakjané wis teka, nanging wong-wong tumindak sakarepé dhéwé marang dhèwèké, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 10:4, 11
(Markus 10:4) Wong-wong kuwi njawab, ”Musa ngéntukké wong lanang nggawé surat pegatan resmi kanggo megat bojoné.”
surat pegatan resmi: Utawa ”surat pegatan”. Wong lanang sing arep pegatan kudu nyiapké surat pegatan resmi lan kayané kudu kandha marang para pemimpin. Kuwi ditindakké bèn sing arep megat nduwé wektu kanggo mikirké manèh keputusan mau. Tujuané Hukum kuwi kayané bèn ora kesusu pegatan lan bèn wong wédok éntuk perlindungan hukum. (PT 24:1) Ning ing jamané Yésus, para pemimpin agama nggawé pegatan dadi luwih gampang. Malah ahli sejarah abad kapisan, Yosefus, kuwi wong Farisi sing tau pegatan. Dhèwèké kandha nèk pegatan kuwi éntuk merga ”alesan apa waé (biasané sing kerep megat kuwi wong lanang).”
(Markus 10:11) Yésus kandha marang murid-muridé, ”Nèk wong lanang megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké laku jina lan ora setya marang bojoné.
megat bojoné: Utawa ”ngusir bojoné”. Omongané Yésus sing dicathet Markus iki isa luwih dipahami nèk ndelok ing Mat 19:9. Ing ayat kuwi, omongané Yésus luwih lengkap. Ana ukara ”sakliyané merga hubungan sèks sing ora sah”. Sing dicathet Markus bab omongané Yésus iki isa ditrapké nèk alesané pegatan kuwi merga ”hubungan sèks sing ora sah” (Yunani, porneia) sing ditindakké karo bojo sing ora setya.
laku jina lan ora setya marang bojoné: Yésus nolak ajaran sing wis umum kanggo para Rabi sing ngijinké wong lanang megat bojoné ”nganggo alesan apa waé”. (Mat 19:3, 9) Kanggoné wong Yahudi, wong lanang sing laku jina lan ora setya marang bojoné kuwi ora umum. Para Rabi mulang nèk wong lanang ora isa laku jina, mung wong wédok sing isa laku jina. Yésus ngajèni wong wédok nganggo cara kandha nèk wong lanang nduwé kewajiban sing padha karo sing wédok.
21-27 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 11-12
”Dhèwèké Nglebokké Luwih Akèh Timbang Wong Liya”
(Markus 12:41, 42) Yésus banjur lungguh madhep kothak-kothak sumbangan lan mulai nggatèkké wong-wong sing nglebokké dhuwit ing kono. Akèh wong sugih nglebokké dhuwit sing akèh. 42 Banjur ana randha miskin sing teka lan nglebokké rong dhuwit rècèh sing cilik banget ajiné.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 12:41, 42
kothak-kothak sumbangan: Sumber Yahudi kuna kandha nèk kothak-kothak sumbangan kuwi wadhah bentuké kaya trompèt utawa sungu, lan ana bolongan cilik ing ndhuwuré. Wong-wong isa mènèhké werna-werna persembahan ing kono. Basa Yunani sing digunakké ing ayat iki uga digunakké ing Yoh 8:20, yaiku ”kothak sumbangan”. Istilah kuwi maksudé panggonan cedhak Lataré Wong Wadon. (Deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bagéan 15.) Miturut para rabi, ana 13 kothak sumbangan sing didèlèhké ing témbok ing panggonan kuwi. Ana sing percaya nèk ing bait ana panggonan kanggo nglumpukké dhuwit saka kothak-kothak sumbangan mau.
rong dhuwit rècèh: Lit., ”rong lepta”, bentuk jamak saka tembung basa Yunani lepton, sing tegesé cilik lan tipis. Sak lèpton kuwi padha karo 1/128 dinar lan kayané dhuwit rècèh tembaga utawa perunggu sing paling cilik ing Israèl.—Deloken Daftar Istilah ”Lepton”, lan buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bagéan 18.
cilik banget ajiné: Lit., ”yaiku sak kwadrans.” Tembung Yunaniné kodrantes (saka tembung Latin quadrans) maksudé dhuwit tembaga utawa perunggu Romawi. Kuwi padha karo 1/64 dinar. Ing ayat iki, Markus nggunakké dhuwit Roma kanggo njelaské ajiné dhuwit sing umum digunakké wong-wong Yahudi.—Deloken buku Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bagéan 18.
(Markus 12:43) Mula Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Saktenané aku kandha, randha miskin iki nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan.
w97-IN 15/10 16-17 ¶16-17
Yéhuwah Seneng karo Upayané Panjenengan sing Saktulusé Ati
16 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, ing tanggal 11 Nisan, sedina muput Yésus ing bait. Ing kono, akèh wong padha ragu karo wewenangé Yésus. Pitakonané wong-wong kuwi angèl, contoné soal pajeg, soal wong mati diuripké manèh, lan liyané. Yésus ngelokké ahli Taurat lan wong Farisi. Yésus kandha nèk wong-wong kuwi ”ngrampas omahé randha-randha”. (Mrk. 12:40) Banjur Yésus lungguh ing Lataré Wong Wadon. Miturut kebiasaan Yahudi, ing kono ana 13 kothak sumbangan. Yésus lungguh lan nggatèkké wong-wong sing mènèhi sumbangan. Akèh wong sugih sing teka, lan ana sing sombong, uga nganggep nèk dhèwèké kuwi wong bener. (Bandhingna Matius 6:2.) Yésus nggatèkké salah siji wong wédok. Nèk didelok, wong wédok lan sumbangané kuwi kétoké mung biasa-biasa waé. Yésus isa ndelok atiné wong, mula dhèwèké ngerti nèk wong wédok mau ”randha miskin”. Yésus uga ngerti sepira akèhé sumbangané wong wédok kuwi, yaiku ”rong dhuwit rècèh sing cilik banget ajiné.”—Mrk. 12:41, 42.
17 Yésus nyeluk murid-muridé, merga péngin murid-muridé ndelok dhéwé piwulang sing arep diwulangké Yésus. Yésus kandha nèk randha miskin mau ”nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan”. Miturut Yésus, sumbangané wong wédok kuwi luwih akèh timbang total sumbangané wong-wong liya. Wong wédok kuwi ”nglebokké kabèh duwèké”, dhuwité sing terakhir. Merga nindakké kuwi, wong wédok mau sakjané pasrah karo Yéhuwah. Wong sing dadi tuladha bab mènèhi biasané sumbangané ora ana ajiné kanggoné manungsa, ning kanggoné Yéhuwah kuwi aji banget.—Mrk. 12:43, 44; Yak. 1:27.
(Markus 12:44) Wong-wong kuwi mènèhi saka kaluwihan bandhané. Nanging randha kuwi senajan miskin, nglebokké kabèh duwèké, yaiku kabèh sing diduwèni kanggo nyambung uripé.”
w97-IN 15/10 17 ¶17
Yéhuwah Seneng karo Upayané Panjenengan Sing Saktulusé Ati
17 Yésus nyeluk murid-muridé, merga péngin murid-muridé ndelok dhéwé piwulang sing arep diwulangké Yésus. Yésus kandha nèk randha miskin mau ”nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan”. Miturut Yésus, sumbangané wong wédok kuwi luwih akèh timbang total sumbangané wong-wong liya. Wong wédok kuwi ”nglebokké kabèh duwèké”, dhuwité sing terakhir. Nèk nindakké kuwi, wong wédok kuwi pasrah karo Yéhuwah. Wong sing dadi tuladha bab mènèhi biasané sumbangané ora ana ajiné kanggoné manungsa, ning kanggoné Yéhuwah kuwi aji banget.—Mrk. 12:43, 44; Yak. 1:27.
w87-E 12/1 30 ¶1
Apa Kita Kudu Nggawé Pengorbanan Wektu Arep Mènèhi?
Ana akèh piwulang saka crita iki. Sing paling penting yaiku kaurmatan kanggo ndhukung ibadah sejati nganggo bandha kita. Kanggoné Yéhuwah, sing aji kuwi nèk kita ikhlas mènèhi lan mènèhké apa sing kita anggep penting. Dadi, apa kita mènèhké sing kayané ora pati penting? Utawa apa kita kudu nggawé pengorbanan wektu arep mènèhi?
cl-IN 185 ¶15
Kawicaksanan Ana ing Pangandikané Gusti Allah
15 Wong wédok kuwi sakjané ora pati penting timbang wong-wong liyané sing teka ing bait. Ning apa sebabé wong wédok kuwi dipilih lan dicritakké ing Alkitab? Saka conto iki, Yéhuwah mulang kita nèk Yéhuwah kuwi seneng ngajèni. Yéhuwah seneng nampa pangurbanan kita sing sak tulusé ati lan Yéhuwah ora mbandhingké karo wong liya. Yéhuwah ngerti nèk iki cara sing apik kanggo mulang kita bab apa sing bener lan iki nggedhèkké ati.
Wulangan Penting
(Markus 11:17) Yésus mulang wong-wong lan kandha, ”Apa kowé ora ngerti sing wis ditulis ing Kitab Suci? ’Omah-Ku bakal disebut omah donga kanggo kabèh bangsa’, nanging malah kok dadèkké guwa rampok.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 11:17
omah donga kanggo kabèh bangsa: Saka antarané papat penulis injil sing nyuplik Yé 56:7, mung Markus sing nglebokké katrangan ”omah donga kanggo kabèh bangsa”. (Mat 21:13; Luk 19:46) Bait ing Yérusalèm kuwi panggonan kanggo wong Israèl lan wong-wong asing sing péngin ngabdi lan ndonga marang Yéhuwah. (1Ra 8:41-43) Yésus ngelokké wong-wong Yahudi sing nggunakké bait kanggo dodolan lan dadèkké bait dadi guwa rampok. Tumindaké wong-wong kuwi nggawé wong-wong saka kabèh bangsa dadi males teka ing bait kanggo ndonga. Lan ngalang-alangi wong-wong kuwi kanggo kenal Yéhuwah.
(Markus 11:27, 28) Yésus lan murid-muridé teka manèh ing Yérusalèm. Wektu Yésus mlaku ing bait, para imam kepala, ahli Taurat, lan para pemimpin marani Yésus 28 lan takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?”
Piwulang bab Iman Saka Wit Ara
Bar kuwi, Yésus lan para muridé tekan Yérusalèm. Kaya biasané, Yésus mlebu ing bait lan mulai mulang. Para imam kepala lan para pemimpin mungkin isih kèlingan karo apa sing Yésus tindakké sakdurungé marang para tukang ngijoli dhuwit. Mula padha takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?”—Markus 11:28.
Maca Alkitab
(Markus 12:13-27) Banjur wong-wong kuwi ngutus sapérangan wong Farisi lan pengikuté partai Hérodhès marang Yésus, kanggo nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé. 14 Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora? 15 Kita kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik, mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé nguji aku? Duduhna marang aku dhuwit dinar siji.”16 Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Yésus banjur takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17 Banjur Yésus kandha, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” Wong-wong kuwi padha nggumun banget krungu omongané Yésus. 18 Banjur, ana wong-wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, 19 Guru, Musa nulis nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing wis mati mau nduwé keturunan. 20 Ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah, nanging wektu mati, dhèwèké ora nduwé keturunan. 21 Banjur sing kapindho nikah karo randha mau, nanging mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. 22 Kabèh wong pitu mau mati tanpa nduwé keturunan. Lan akiré wong wadon kuwi uga mati. 23 Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.” 24 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah, mulané kowé klèru. 25 Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong lanang lan wong wadon ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. 26 Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, apa kowé ora tau maca ing kitab Musa bab suket eri sing murub? Wektu kuwi Gusti Allah ngendika marang Musa, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ 27 Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.”
28 MEI–3 JUNI
SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 13-14
”Aja Wedi karo Manungsa”
(Markus 14:29) Nanging Pétrus kandha, ”Senajan kabèh kesandhung, aku ora bakal kesandhung.”
(Markus 14:31) Nanging Pétrus tetep ngotot, ”Senajan aku kudu mati karo panjenengan, ora mungkin aku ora ngakoni panjenengan.” Para murid liyané uga padha ngomong kaya ngono.
(Markus 14:50) Banjur kabèh murid padha mlayu lan ninggalké Yésus.
(Markus 14:47) Nanging, salah siji sing ngadeg ing kono ngetokké pedhangé banjur nyerang budhaké imam agung, lan nyabet kupingé nganti pothol.
(Markus 14:54) Nanging saka kadohan, Pétrus ngetutké Yésus nganti tekan ing halaman omahé imam agung. Pétrus lungguh ing cedhak geni karo para pembantu omah kuwi bèn awaké anget.
(Markus 14:66-72) Wektu Pétrus ana ing ngisor, ing halaman, salah siji pembantuné wadon imam agung mara. 67 Wektu weruh Pétrus ngadeg ing cedhak geni, wong wadon kuwi nyawang Pétrus lan kandha, ”Kowé ya kancané Yésus, wong Nazarèt kuwi.” 68 Nanging Pétrus ora ngaku, dhèwèké kandha, ”Aku ora kenal karo dhèwèké, aku ora ngerti maksud omonganmu,” lan Pétrus metu menyang arah gerbang 69 Ing kono, pembantu wadon kuwi ndelok dhèwèké lan mulai kandha manèh marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ”Wong iki tunggalé wong-wong kuwi.” 70 Pétrus ora ngaku manèh. Ora let suwé, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha manèh marang Pétrus, ”Kowé mesthi tunggalé wong-wong kaé, merga kowé kan wong Galiléa.” 71 Nanging Pétrus siap dikutuk nèk ngapusi lan sumpah, ”Aku ora kenal karo wong sing kok omongké kuwi!” 72 Ing wektu kuwi uga, pitik jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk ping pindho, kowé bakal ora ngakoni aku ping telu.” Pétrus ora isa ngendhalèni perasaané lan dhèwèké mulai nangis.
Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné
14 Pétrus ngati-ati banget wektu ngetutké rombongan kuwi, lan akiré tekan gapura salah siji omah sing paling megah ing Yérusalèm. Kuwi omahé Kayafas, imam agung sing sugih lan nduwé kuwasa. Omah-omah kaya ngono biyasané lataré amba lan ing ngarepé ana gapurané. Pétrus tekan ing gapura kuwi, nanging ora éntuk mlebu. Yokanan sing wis kenal karo imam agung lan wis ana ing njero, marani wong sing jaga lan njaluk tulung supaya Pétrus éntuk mlebu. Kétoké Pétrus ora bareng karo Yokanan, lan ora ngupaya mlebu ngancani Yésus. Dhèwèké tetep ing latar, bareng karo para budhak lan pembantu sing lagi ing cedhak api unggun, bèn ora kadhemen. Saka kono, Pétrus uga ndelok para seksi palsu sing nudhuh Yésus, lagi mlebu-metu ing ruang pengadilan.—Mrk. 14:54-57; Yoh. 18:15, 16, 18.
it-2-IN 549 ¶6
Pétrus
Pétrus dibantu murid liyané sing ngetutké lan ngancani dhèwèké tekan omahé imam agung. Pétrus mlebu ing halaman omah kuwi. (Yoh 18:15, 16) Pétrus ora ndhelik ing pojokan, ning malah maju ing cedhak api unggun bèn awaké anget. Merga kuwi, wong-wong isa ngenali nèk Pétrus kuwi kancané Yésus. Apa manèh saka logaté, kétok nèk Pétrus kuwi wong Galiléa. Merga ditudhuh, Pétrus ping telu ora ngakoni Yésus. Akiré dhèwèké malah nyerah lan sumpah nèk ora kenal karo Yésus. Banjur ana jago kluruk ping pindho, lan Yésus ”nolèh lan mandeng Pétrus”. Pétrus banjur metu, atiné remuk, lan nangis sesenggukan. (Mat 26:69-75; Mrk 14:66-72; Luk 22:54-62; Yoh 18:17, 18; deloken SAAT AYAM JANTAN BERKOKOK; SUMPAH.) Ning panyuwuné Yésus sakdurungé kuwi kelakon, Pétrus isih tetep nduwé iman.—Luk 22:31, 32.
Wulangan Penting
(Markus 14:51, 52) Nanging ana wong lanang sing isih enom sing ngetutké Yésus saka cedhak. Wong lanang enom kuwi mung nganggo kain linen alus kanggo nutupi awaké sing wuda. Wektu wong-wong ngupaya nangkep dhèwèké, 52 wong lanang enom kuwi ninggalké kain linené lan mlayu karo wuda.
w08-IN 15/2 30 ¶6
Piwulang Penting Saka Buku Markus
14:51, 52—Sapa wong lanang sing ”mlayu karo wuda”? Mung Markus sing crita bab kedadéan iki, dadi masuk akal nèk kuwi maksudé Markus dhéwé.
(Markus 14:60-62) Banjur imam agung ngadeg ing tengah-tengahé wong-wong lan nakoni Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” 61 Nanging Yésus meneng waé lan babar blas ora njawab. Banjur imam agung mulai takon manèh marang Yésus, ”Apa kowé Kristus, Putra saka Gusti Allah Sing Suci?” 62 Banjur Yésus njawab, ”Iya, lan kowé bakal ndelok Putrané manungsa lungguh ing sisih tengené Sing Kuwasa lan teka nganggo méga-méga langit.”
Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang Kayafas
Kayafas ngerti nèk wong Yahudi ora seneng ana wong sing ngaku-ngaku Putrané Gusti Allah. Sakdurungé, wektu Yésus nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké, wong Yahudi arep matèni Yésus. Miturut wong Yahudi, Yésus ”nganggep dhèwèké padha karo Gusti Allah”. (Yohanes 5:17, 18; 10:31-39) Kuwi sebabé, kanthi licik Kayafas saiki kandha marang Yésus, ”Sumpaha demi Gusti Allah sing urip, lan kandhanana aku kabèh, apa kowé Kristus, Putrané Gusti Allah!” (Matius 26:63) Yésus tau ngakoni nèk dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah. (Yohanes 3:18; 5:25; 11: 4) Nèk saiki Yésus meneng waé, wong-wong isa mikir nèk Yésus ora ngakoni nèk dhèwèké kuwi Kristus lan Putrané Gusti Allah. Mula Yésus njawab, ”Iya, lan kowé bakal ndelok Putrané manungsa lungguh ing sisih tengené Sing Kuwasa lan teka nganggo méga-méga langit.”—Markus 14:62.
Maca Alkitab
(Markus 14:43-59) Wektu Yésus isih omongan, Yudas, salah siji saka antarané 12 rasul, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung, sing diutus para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin. 44 Pengkhianat kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha, ”Wong sing tak ambung, yakuwi wongé. Tangkepen lan gawanen wong kuwi, jaganen sing tenanan.” 45 Dhèwèké langsung nyedhaki Yésus, lan kandha, ”Rabi!” terus ngambung Yésus. 46 Banjur wong-wong kuwi nangkep Yésus. 47 Nanging, salah siji sing ngadeg ing kono ngetokké pedhangé banjur nyerang budhaké imam agung, lan nyabet kupingé nganti pothol. 48 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? 49 Saben dina aku ana ing bait karo kowé kanggo mulang, nanging kowé ora nangkep aku. Nanging iki supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci kelakon.” 50 Banjur kabèh murid padha mlayu lan ninggalké Yésus. 51 Nanging ana wong lanang sing isih enom sing ngetutké Yésus saka cedhak. Wong lanang enom kuwi mung nganggo kain linen alus kanggo nutupi awaké sing wuda. Wektu wong-wong ngupaya nangkep dhèwèké, 52 wong lanang enom kuwi ninggalké kain linené lan mlayu karo wuda. 53 Banjur Yésus digawa marang imam agung. Kabèh imam kepala, pemimpin, lan ahli Taurat wis ngumpul ing kono. 54 Nanging saka kadohan, Pétrus ngetutké Yésus nganti tekan ing halaman omahé imam agung. Pétrus lungguh ing cedhak geni karo para pembantu omah kuwi bèn awaké anget. 55 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin nggolèk-nggolèk kesaksian kanggo nudhuh Yésus, supaya isa ngukum mati dhèwèké. Nanging wong-wong kuwi ora nemokké apa-apa. 56 Akèh sing mènèhi kesaksian palsu bab Yésus, nanging kesaksiané wong-wong kuwi padha ora gathuk. 57 Uga ana wong-wong sing ngadeg lan mènèhi kesaksian palsu bab Yésus. Wong-wong kuwi kandha, 58 ”Aku krungu dhèwèké kandha, ’Aku bakal ngambrukké bait iki sing digawé nganggo tangan, lan ing wektu telung dina aku bakal mbangun bait liyané sing ora digawé nganggo tangan.’ ” 59 Nanging uga ing bab iki, kesaksiané wong-wong kuwi ora gathuk.