Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
4-10 JUNI
SINAU SAKA ALKITAB | MARKUS 15-16
”Nubuat bab Yésus sing Kelakon”
(Markus 15:3-5) Nanging para imam kepala padha ngejokké akèh tudhuhan bab Yésus. 4 Pilatus mulai takon manèh marang Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” 5 Nanging Yésus ora njawab manèh, mula Pilatus dadi nggumun.
(Markus 15:24) Para prajurit kuwi maku Yésus ing cagak, lan ngedum-edum klambi njabané Yésus nganggo cara nguncalké undhi, kanggo nemtokké bagéané saben wong.
(Markus 15:29, 30) Wong-wong sing liwat padha ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg karo kandha, ”Kowé sing jaréné arep ngambrukké bait lan mbangun manèh ing wektu telung dina, 30 slametna awakmu dhéwé lan mudhuna saka cagak paukuman!”
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 15:24, 29
ngedum-edum klambi njabané: Cathetan ing Yoh 19:23, 24 nyebutké rincian-rincian sing ora ditulis Matius, Markus, lan Lukas: Prajurit Romawi nguncalké undhi ora mung kanggo mbagi klambi njabané Yésus ning uga klambi njeroné; prajurit Romawi mbagi klambi njabané Yésus dadi ”patang bagéan, saben prajurit éntuk sak bagéan”; klambi njeroné ora dibagi-bagi, dadi para prajurit kuwi nguncalké undhi kanggo nemtokké sapa sing éntuk; sing ditindakké para prajurit kuwi cocog kaya nubuat ing Ms 22:19. Ing jaman kuwi biasané wong sing ngukum mati njupuk klambiné wong sing arep dihukum mati. Dadi sakdurungé dihukum mati, klambiné lan barang-barangé dijupuk lan iki gawe wong sing dihukum mati kuwi tambah isin.
gèdhèg-gèdhèg: Biasané ditindakké karo ngomong, lan kuwi tegesé ngécé, ngelokké, lan ngenyèk. Wong-wong sing liwat kuwi tanpa sadhar netepi nubuat ing Ms 22:8.
(Markus 15:43) ana wong sing teka, jenengé Yusuf saka Arimatéa, yaiku salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi, wong sing uga ngarep-arep Kratoné Allah. Dhèwèké ngupaya bèn kendel nemoni Pilatus lan njaluk mayité Yésus.
(Markus 15:46) Sakwisé tuku kain linen sing alus lan ngedhunké mayité Yésus, Yusuf mbungkus mayité Yésus nganggo kain linen kuwi, banjur dipapanké ing kuburan sing wis digrowongi ing bukit watu. Terus, Yusuf ngglundhungké watu kanggo nutup kuburan kuwi.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 15:43
Yusuf: Saben penulis Injil, nduwé ciri dhéwé-dhéwé wektu nulis bab Yusuf. Matius, si tukang pajeg, kandha nèk Yusuf kuwi ”wong lanang sugih”; Nurut Markus, sing tulisané utamané ditujokké kanggo wong Roma, Yusuf kuwi ”salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi”, lan sing ”ngarep-arep Kratoné Gusti Allah”; Lukas, sing dadi dokter, kandha nèk Yusuf kuwi wong sing ”apik lan bener” sing ora ndhukung rencana lan tumindaké Mahkamah Agung Yahudi sing nglawan Yésus; Mung Yohanes sing nyathet nèk Yusuf kuwi ”muridé Yésus, nanging ora wani terus terang merga wedi karo wong-wong Yahudi”.—Mat 27:57-60; Mrk 15:43-46; Luk 23:50-53; Yoh 19:38-42.
Wulangan Penting
(Markus 15:25) Para prajurit kuwi maku Yésus ing cagak jam sanga ésuk.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 15:25
jam sanga ésuk: Ana sing kandha nèk ayat iki ora cocog karo Yoh 19:14-16, sing kandha nèk Pilatus nyerahké Yésus kanggo dihukum mati ”kira-kira jam 12 awan”. Alkitab ora njelaské apa sebabé kuwi béda. Ning, ana pirang-pirang bab sing perlu dipikirké: Biasané patang Injil nyathet bab-bab sing padha soal wektu lan kedadéan dina pungkasané Yésus ing bumi. Patang Injil kuwi nyritakké nèk kabèh imam kepala lan pemimpin bangsa kuwi padha rembugan lan nggawa sarta nyerahké Yésus marang Gubernur Pilatus ing wayah ésuk. (Mat 27:1, 2; Mrk 15:1; Luk 22:66–23:1; Yoh 18:28) Matius, Markus, lan Lukas nyritakké nèk wektu Yésus wis dipaku ing cagak, ”wiwit jam 12 awan, kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré”. (Mat 27:45, 46; Mrk 15:33, 34; Luk 23:44) Ana bab sing perlu dipikirké kanggo nemtokké kapan Yésus dihukum mati yaiku: Ana sing nganggep pas Yésus dipecuti kuwi wis dadi bagéan prosès hukuman mati. Kadhang kala sing dihukum kuwi dipecuti nganti ora kuwat terus mati. Yésus dhéwé dipecuti kanthi kejem nganti ora kuwat kanggo mikul cagak lan kudu dibantu wong liya. (Luk 23:26; Yoh 19:17) Matius 27:26 lan Markus 15:15 nyritakké bab keputusané Pilatus kanggo ngukum mati Yésus ing cagak sakwisé dipecuti. Nèk dipecuti kuwi dianggep awal saka prosès hukuman mati, mesthi isih ana jarak wektu antarané pas dipecuti nganti dipaku ing cagak. Dadi, anggepané wong-wong bab kapan prosès hukuman mati dimulai kuwi isa béda-béda. Pilatus dhéwé nggumun kok Yésus matiné cepet, merga Pilatus nganggep prosès hukuman mati kuwi lagi dimulai pas Yésus dipaku ing cagak. (Mrk 15:44) Sakliyané kuwi, para penulis Alkitab kerep nggunakké kebiasaané wong-wong wektu kuwi ing bab nggawé pembagian waktu. Wayah awan dibagi dadi papat, sing diétung mulai saka matahari terbit kira-kira jam 6 ésuk, wayah bengi uga dibagi dadi papat. Saben bagéan kuwi suwéné telung jam. Dadi, bagéan pertama wayah awan kuwi dimulai saka jam 6 nganti jam 9 ésuk. Mula, kadhang ana sing nyebutké jam 9 ésuk, 12 awan, lan 3 soré. Pancèn, wektuné matahari terbit kuwi kadhang béda nurut musimé. (Mat 20:1-5, cathetan ngisor; Yoh 4:6; Kis 2:15; 3:1; 10:3, 9, 30) Terus, wong-wong ing jaman kuwi umumé ora nduwé alat kanggo nemtokké wektu sing pas. Mula, kerep nggunakké tembung ”kira-kira” kaya sing ditulis ing Yoh 19:14, cathetan ngisor. (Mat 27:46; Luk 23:44; Yoh 4:6; Kis 10:3, 9) Dadi kesimpulané, Markus mungkin nyritakké nèk Yésus dihukum mati wiwit dipecuti nganti dipaku ing cagak. Markus nyebutké ”jam katelu” saka bagéan pertama wayah awan, yaiku jam 9 ésuk. Ning, nèk Yohanes nyritakké mung wektu Yésus dipaku ing cagak. Yohanes nyebutké ”jam kaenem”, yaiku jam 12 awan. Yohanes dhéwé uga nggunakké tembung ”kira-kira”. Mbokmenawa, kuwi sebabé wektu sing ditulis Yohanes béda karo sing ditulis Markus. Yohanes nulis Injilé puluhan taun sakwisé penulis Injil liyané, dadi kuwi uga nduduhké nèk Yohanes ora mung njiplak cathetané Markus.
(Markus 16:8) Wektu metu saka kuburan, wong-wong kuwi mlayu kanthi ndhredheg lan nggumun banget. Lan saking wediné, wong-wong kuwi ora crita karo sapa-sapa.
nwtsty katrangan kanggo sinau Mrk 16:8
saking wediné, wong-wong kuwi ora crita karo sapa-sapa: Nurut manuskrip sing paling kuna, bagéan penutup Injil Markus kuwi ana ing ayat 8. Ana sing nganggep nèk penutup kuwi terlalu cendhak kanggo cathetan ing injil Markus. Ning, hasil tulisané Markus kuwi biasané pancèn cendhak. Dadi, anggepan sing kaya ngono mau durung mesthi bener. Sakliyané kuwi, nurut para ahli Alkitab ing abad kapapat sing jenengé Jerome lan Eusebius, penutup sing asli yaiku ”saking wediné, wong-wong kuwi ora crita karo sapa-sapa”.
Ana manuskrip-manuskrip Yunani lan terjemahan-terjemahan liyané sing nambahké penutup dawa lan penutup cendhak sakwisé ayat 8. Penutup dawa (sing isiné 12 ayat tambahan) ana ing kodeks saka abad kalima Masèhi, yaiku Kodeks Alexandrinus, Kodeks Efraem Siria reskriptus, lan Kodeks Beza Cantabrigiensis. Kuwi uga ana ing Vulgata Latin, Siria Cureton, lan Pesyita Siria. Ning, kuwi ora ana ing manuskrip Yunani sing luwih kuna saka abad kapapat Masèhi, yaiku Kodeks Sinaitikus lan Kodeks Vatikanus. Terus, uga ora ana ing manuskrip saka kira-kira abad kapapat utawa kalima Masèhi, yaiku Kodeks Sinaitikus Syriacus, utawa ing manuskrip saka abad kalima Masèhi sing paling awal, yaiku Markus Koptik Sahidik. Semono uga, manuskrip Markus sing paling kuna ing basa Armenia lan Georgia penutupé ana ing ayat 8.
Ana manuskrip Yunani lan terjemahan-terjemahan liya sing nyebutké penutup sing cendhak (isiné mung kalimat-kalimat sing cacahé sithik). Kodeks Regius saka abad kawolu Masèhi, nyebutké penutup sing cendhak dhisik, bar kuwi lagi sing dawa. Saben awal penutup ana cathetan sing njelaské nèk penutup-penutup kuwi ana ing beberapa manuskrip, kuwi bukti nèk penutup-penutup kuwi ora asli.
PENUTUP CENDHAK
Penutup cendhak sakwisé Mrk 16:8 dudu bagéan saka Kitab Suci. Isiné kaya ngéné:
Kanthi ringkes kabèh piwelingé malaékat mau wis ditekakaké marang Pétrus lan kanca-kancané. Sawisé iku Gusti Yésus piyambak lumantar para sakabaté martakaké kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakaké, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wétan nganti tekan ing kulon.
PENUTUP DAWA
Penutup dawa sakwisé Mrk 16:8 dudu bagéan saka Kitab Suci. Isiné kaya ngéné:
9 Bareng Gusti Yésus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengané banjur ngatingal marang Maryam Magdaléna, yaiku kang biyèn kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi déning Gusti Yésus. 10 Wong wadon mau nuli lunga awèh pawarta bab iku mau marang kabèh wong, kang biyèn tansah ndhèrèk Gusti Yésus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis. 11 nanging bareng padha krungu, yèn Gusti Yésus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel. 12 Sawisé iku, Panjenengané ngatingal kalawan ngagem rupi séjé marang wong loro panunggalané, nalika karoné padha lumaku menyang ing jaban kutha; 13 Wong loro mau banjur bali padha awèh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyané, nanging iya padha ora ngandel. 14 Sawusé mangkono Gusti Yésus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandelé lan dableging atiné, déné kok padha ora ngandel marang critané wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengané sawusé wungu. 15 Banjur ngandika marang para sakabat mau: ”Padha njlajahana jagad iki kabèh, Injil wartakna marang sakabèhing tumitah. 16 Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya, bakal kaukum. 17 Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthènan pratandha mangkéné: Marga saka sawabé AsmaKu bakal padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar, 18 Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombé racun kang matèni, ora bakal ndadekaké cilakané. Wong lara kang ditumpangi tangané bakal waras.”
19 Sawisé ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yésus banjur kasengkakaké menyang ing swarga lan lenggah ing satengené Gusti Allah. 20 Déné para sakabat mau iya banjur padha ngabaraké Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthènan paseksen pratandha mawarna-warna.
Maca Alkitab
(Markus 15:1-15) Wektu isih ésuk banget, kabèh anggota Sanhèdrin yaiku para imam kepala, pemimpin, lan ahli Taurat padha rembugan. Wong-wong kuwi mbanda Yésus, banjur nggawa lan nyerahké dhèwèké marang Pilatus. 2 Mula Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 3 Nanging para imam kepala padha ngejokké akèh tudhuhan bab Yésus. 4 Pilatus mulai takon manèh marang Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” 5 Nanging Yésus ora njawab manèh, mula Pilatus dadi nggumun. 6 Ing saben Riyaya Paskah, Pilatus biasané mbébaské tahanan siji sing dijaluk wong-wong. 7 Wektu kuwi, ana wong lanang sing jenengé Barabas lagi dipenjara karo wong-wong liya sing mbrontak nglawan pamréntah. Wong-wong kuwi padha matèni wektu mbrontak. 8 Mula akèh wong padha nyedhak lan mulai ngomongké penjaluké marang Pilatus, kaya sing wis biasané ditindakké. 9 Pilatus banjur takon marang wong akèh kuwi, ”Apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi?” 10 Pilatus ngerti nèk para imam kepala nyerahké Yésus merga iri. 11 Mula, para imam kepala ngojok-ojoki wong akèh kuwi supaya njaluk Barabas waé sing dibébaské. 12 Pilatus njawab, ”Nèk ngono, wong sing kok sebut Rajané Wong Yahudi kuwi kudu tak apakké?” 13 Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” 14 Pilatus takon, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké?” Nanging wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” 15 Mula, Pilatus mbébaské Barabas kanggo wong-wong kuwi merga péngin nyenengké wong akèh. Lan sakwisé ngongkon Yésus dipecuti, Pilatus masrahké Yésus marang wong-wong kuwi kanggo dihukum mati ing cagak.
11-17 JUNI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 1
”Niru Maria sing Andhap Asor”
(Lukas 1:38) Maria banjur kandha, ”Aku iki budhak wadoné Yéhuwah. Muga-muga kuwi kabèh kelakon marang aku kaya sing kok omongké.” Malaékat kuwi banjur ninggalké Maria.
”Aku Iki Peladèné Gusti”
12 Jawabané Maryam sing sedherhana nduduhké nèk Maryam manut lan andhap asor. Dhèwèké njawab, ”Aku iki peladèné Gusti. Sembarang kuwi mau kabèh bakal klakon karo aku kaya sing mbok omong kuwi.” (Lk 1:38, Basa Jawa Suriname [BJS]) Wong wadon sing dadi peladèn kuwi budhak sing paling asor, uripé gumantung karo juragané. Ya kaya ngono kuwi perasaané Maryam marang Yéhuwah, sing dianggep Juragané. Dhèwèké percaya tenan nèk bakal aman dijaga Yéhuwah. Yéhuwah bakal setya karo wong sing setya. Lan Yéhuwah bakal mberkahi upayané sing saktulusé ati kanggo nindakké tugas sing abot iki.—Ms. 18:26
(Lukas 1:46-55) Banjur Maria kandha, ”Aku ngluhurké Yéhuwah, 47 atiku ora isa ngempet rasa senengku, merga Gusti Allah Juru Slametku. 48 Merga Panjenengané wis nggatèkké budhaké wadon sing asor. Wiwit saiki kabèh generasi bakal nyebut aku bungah, 49 merga Gusti Allah sing kuwasa wis nindakké akèh perkara gedhé kanggo aku, lan asmané suci, 50 nganti turun-temurun welas asihé diduduhké marang wong-wong sing ngajèni Panjenengané. 51 Panjenengané nduduhké kuwasané nganggo astané, lan mbuyarké wong-wong sing niat atiné sombong. 52 Panjenengané nglèngsèrké wong sing nduwé kuwasa saka tahtané lan ngluhurké wong sing asor. 53 Panjenengané maringi perkara-perkara sing apik marang wong miskin nganti wong-wong kuwi ngrasa puas, lan ngongkon wong-wong sugih lunga tanpa nggawa apa-apa. 54 Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, kanggo mbuktèkké nèk Panjenengané éling marang janjiné yaiku nduduhké welas asihé 55 marang Abraham lan keturunané, kanggo saklawasé. Janji kuwi sing Panjenengané ngendikakké marang para leluhur kita.
”Aku Iki Peladèné Gusti”
15 Sakwisé kuwi, Maryam mulai ngomong. Omongané dicathet ing Alkitab kanthi tliti. (Wacanen Lukas 1:46-55.) Kuwi omongané Maryam sing paling dawa sing dicathet ing Alkitab lan nduduhké wong kaya apa Maryam kuwi. Rasa sokuré kétok wektu dhèwèké muji Yéhuwah merga wis diparingi kaurmatan dadi ibuné Sang Mèsih. Imané sing gedhé kétok nyata wektu ngomong bab Yéhuwah sing ngasorké wong sombong lan wong sing nduwé kuwasa, nanging mbantu wong sing andhap asor lan mlarat, sing ngupaya nglayani Yéhuwah. Omongan kuwi uga nduduhké nèk Maryam nduwé pangertèn sing akèh bab Alkitab. Ana sing kandha nèk Maryam nyuplik Kitab-Kitab Ibrani luwih saka ping 20.
16 Dadi, cetha nèk Maryam mikirké tenanan Pangandikané Allah. Wektu nyritakké kahanan sing diadhepi, Maryam luwih seneng nggunakké Alkitab ketimbang pendhapaté dhéwé. Kuwi bukti nèk Maryam andhap asor. Anaké sing ana ing njero weteng uga bakal nduwé sipat sing padha, kuwi kétok saka omongan, ”Piwulang iki dudu piwulangKu dhéwé, nanging piwulangé kang ngutus Aku.” (Yo. 7:16) Coba dipikir, ’Apa aku ya nganggep aji Pangandikané Allah? Utawa, apa aku luwih seneng nggunakké pendhapat lan ajaranku dhéwé? Cetha nèk Maryam nindakké sing bener.
Wulangan Penting
(Lukas 1:69, cathetan ngisor) Panjenengané wis maringi kita sungu keslametan saka keturunané Daud, abdiné,
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 1:69
sungu keslametan: Utawa ”juru slamet sing prakosa”. Ing Alkitab, sungu kéwan biasané nggambarké kekuwatan, kemenangan, lan ngalahké. (1Sa 2:1; Ms 75:5, 6, 11; 148:14) Sungu uga nglambangké kerajaan lan panguwasa sing apik lan sing jahat. Kemenangané para panguwasa lan kerajaan kuwi isa dipadhakké kaya sungu sing nyrudug. (PT 33:17; Dn 7:24; 8:2-10, 20-24) Ning, sing dimaksud ”sungu keslametan” ing kéné yaiku Mèsias sing dadi juru slamet sing prakosa, sing nduwé kuwasa gedhé kanggo nylametké.
(Lukas 1:76) Lan kowé, anakku, kowé bakal disebut nabiné Sing Mahaluhur, merga kowé bakal ndhisiki Yéhuwah kanggo nyiapké dalané,
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 1:76
kowé bakal ndhisiki Yéhuwah: Yohanes Pembaptis ”bakal ndhisiki Yéhuwah”, maksudé yaiku Yohanes bakal nyiapké dalan kanggo Yésus sing dadi wakilé Bapaké lan teka nganggo jenengé Bapaké.—Yoh 5:43; 8:29; deloken katrangan kanggo sinau Yéhuwah ing ayat iki.
Maca Alkitab
(Lukas 1:46-66) Banjur Maria kandha, ”Aku ngluhurké Yéhuwah, 47 atiku ora isa ngempet rasa senengku, merga Gusti Allah Juru Slametku. 48 Merga Panjenengané wis nggatèkké budhaké wadon sing asor. Wiwit saiki kabèh generasi bakal nyebut aku bungah, 49 merga Gusti Allah sing kuwasa wis nindakké akèh perkara gedhé kanggo aku, lan asmané suci, 50 nganti turun-temurun welas asihé diduduhké marang wong-wong sing ngajèni Panjenengané. 51 Panjenengané nduduhké kuwasané nganggo astané, lan mbuyarké wong-wong sing niat atiné sombong. 52 Panjenengané nglèngsèrké wong sing nduwé kuwasa saka tahtané lan ngluhurké wong sing asor. 53 Panjenengané maringi perkara-perkara sing apik marang wong miskin nganti wong-wong kuwi ngrasa puas, lan ngongkon wong-wong sugih lunga tanpa nggawa apa-apa. 54 Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, kanggo mbuktèkké nèk Panjenengané éling marang janjiné yaiku nduduhké welas asihé 55 marang Abraham lan keturunané, kanggo saklawasé. Janji kuwi sing Panjenengané ngendikakké marang para leluhur kita.” 56 Maria manggon karo Élisabèt nganti kira-kira telung sasi, banjur mulih ing omahé. 57 Saiki wektuné Élisabèt kanggo nglairké, lan dhèwèké nglairké anak lanang. 58 Tangga-tanggané lan sedulur-seduluré krungu nèk Yéhuwah wis nduduhké welas asih sing gedhé marang dhèwèké. Wong-wong kuwi padha mèlu bungah. 59 Ing dina kawolu, wong-wong kuwi padha teka wektu bocah kuwi arep disunat. Wong-wong kuwi arep njenengi bocah kuwi Zakharia, kaya jenengé bapaké. 60 Nanging ibuné kandha, ”Aja! Dhèwèké kudu dijenengi Yohanes.” 61 Mula wong-wong kuwi padha kandha, ”Ora ana ing antarané sedulurmu sing jenengé kaya ngono.” 62 Banjur wong-wong kuwi padha takon marang Zakharia nganggo isyarat, jeneng apa sing dikarepké kanggo bocah kuwi. 63 Mula Zakharia njaluk papan kayu lan nulis ing papan kuwi, ”Jenengé Yohanes.” Wong-wong kuwi padha nggumun. 64 Ing wektu kuwi uga, Zakharia isa ngomong manèh lan ngluhurké Gusti Allah. 65 Kabèh wong sing manggon ing sakiwa-tengené dadi nggumun, lan kabèh kedadéan kuwi mulai dicritakké ing kabèh dhaérah pegunungan Yudéa. 66 Kabèh wong sing krungu kuwi padha mikir lan mbatin, ’Bocah iki mbésuk bakal dadi apa?’ Merga cetha nèk kuwasané Yéhuwah ana ing bocah kuwi.
18-24 JUNI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 2-3
”Cah-Cah Nom—Apa Kowé Akrab karo Yéhuwah?”
(Lukas 2:41, 42) Saben taun, wong tuwané ajeg lunga menyang Yérusalèm kanggo Riyaya Paskah. 42 Lan wektu umur 12 taun, bocah kuwi lan wong tuwané lunga menyang riyaya kuwi kaya biasané.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 2:41
wong tuwané ajeg: Ing Hukum Taurat, wong wédok ora kudu teka ing perayaan Paskah. Ning saben taun, Maria ajeg ngancani Yusuf kanggo ngrayakké Paskah ing Yérusalèm. (Pa 23:17; 34:23) Saben taun, keluargané Yésus kudu mlaku nganti mèh 300 km kanggo lunga menyang Yérusalèm lan bali mulih.
(Lukas 2:46, 47) Akiré, sakwisé telung dina, Yusuf lan Maria nemokké Yésus ing bait. Bocah kuwi lagi lungguh ing tengah-tengahé para guru agama karo ngrungokké lan ngejokké akèh pitakonan. 47 Kabèh sing ngrungokké Yésus nggumun banget karo pangertèn lan jawaban-jawabané.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 2:46, 47
ngejokké akèh pitakonan: Tanggepané wong-wong sing ngrungokké Yésus nduduhké nèk pitakonané Yésus kuwi ora mung kaya pitakonané bocah cilik. (Luk 2:47) Tembung Yunani sing digunakké ing ayat iki uga isa diterjemahké dadi jenis pitakonan sing biasané diajokké kanggo nliti perkara-perkara ing pengadilan. (Mt 27:11; Mrk 14:60, 61; 15:2, 4; Kis 5:27) Para ahli sejarah kandha nèk para pemimpin agama sing paling diurmati biasané tetep ana ing bait sakwisé perayaan lan mulang ing salah siji panggonan sing amba ing bait. Wong-wong isa lungguh ing ngisor, ing cedhaké para pemimpin agama kuwi kanggo ngrungokké lan ngejokké pitakonan.
nggumun banget: Kata kerja Yunani ”nggumun banget” iki maksudé isa waé nduduhké perasaané sing terus-terusan nggumun.
(Lukas 2:51, 52) Banjur Yésus mulih bareng wong tuwané menyang Nazarèt, lan dhèwèké terus manut marang wong tuwané. Ibuné nyimpen kabèh omongan kuwi ing njero atiné. 52 Yésus terus mundhak gedhé lan saya wicaksana, lan saya ditresnani Gusti Allah lan manungsa.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 2:51, 52
terus manut: Kata kerja Yunani sing digunakké ing kono nduduhké nèk Yésus mulih lan terus manut kanthi andhap asor karo wong tuwané, sakwisé rembugan bab Kitab Suci karo para guru ing bait. Yésus terus manut karo wong tuwané ngungkuli bocah-bocah liyané. Kuwi bukti nèk Yésus nindakké Hukum Musa kanthi rinci.—Pa 20:12; Gal 4:4.
Wulangan Penting
(Lukas 2:14) ”Kamulyan kanggo Gusti Allah ing swarga, lan tentrem ing bumi kanggo wong-wong sing ditresnani Gusti Allah.”
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 2:14
tentrem ing bumi kanggo wong-wong sing ditresnani Gusti Allah: Ana terjemahan-terjemahan sing nulis ”tentrem ing bumi, wong-wong ditresnani Gusti Allah”. Ning, Terjemahan Donya Anyar dhasaré saka bukti-bukti tulisan sing luwih kuna lan isa dipercaya. Kuwi maksudé dudu kabèh wong ing donya sing isa ditresnani Gusti Allah ora soal kepriyé tumindaké. Sing dimaksud ing kono yaiku wong-wong sing ditresnani Gusti Allah merga nduduhké iman sing tulus lan dadi muridé Putrané.—Deloken katrangan kanggo sinau wong-wong sing ditresnani Gusti Allah ing ayat iki.
wong-wong sing ditresnani Gusti Allah: Tembung ”wong-wong sing ditresnani Gusti Allah” asalé saka tembung Yunani eudokia. Kata kerja sing ana hubungané karo kuwi yaiku eudokeo sing ana ing Mat 3:17; Mrk 1:11; lan Luk 3:22 (deloken katrangan kanggo sinau Mat 3:17; Mrk 1:11), sing digunakké Yéhuwah wektu ngomong marang Yésus sakwisé Yésus dibaptis. Tembung kuwi isa nduwé arti ”sing disenengi; sing dadi kersané; sing nggawé senengé atiné”. Dadi, cocog karo katrangan kuwi, tembung ”wong-wong sing ditresnani Gusti Allah” (anthropois eudokias) kuwi maksudé ”wong-wong sing disenengi Gusti Allah; sing nindakké kersané Gusti Allah”.
(Lukas 3:23) Wektu Yésus mulai nginjil, dhèwèké umur 30 taun, miturut pendapaté wong-wong, dhèwèké kuwi, anaké Yusuf, anaké Hèli,
Apa Panjenengan Ngerti?
Sapa bapaké Yusuf?
Yusuf, tukang kayu saka Nasarèt, dadi bapak angkaté Yésus. Ning, sapa bapaké Yusuf? Nèk maca silsilahé Yésus ing buku Matéus, bapaké Yusuf kuwi Yakub, ning ing buku Lukas, Yusuf disebut ”tedhaké [anaké] Èli”. Kok béda katrangané?—Lukas 3:23; Matéus 1:16.
Matéus kandha, ”Yakub peputra Yusuf.” Tembung Yunani sing digunakké ing kono, nerangké nèk Yakub kuwi bapak kandhungé Yusuf. Dadi, Matéus nulis nèk mbah-mbahé Yusuf saka bapak kandhungé kuwi, keturunané Raja Dawud. Kuwi dhasar sing sah nurut hukum nèk Yésus keturunané Dawud.
Ning, Lukas kandha, ”Rama Yusuf, tedhaké Èli.” Tembung ”tedhaké” tegesé isa ”mantu”. Kuwi padha kaya sing ditulis ing Lukas 3:27 nèk Séaltièl kuwi ”tedhaké Néri,” padhahal bapak kandhungé jenengé Yékhonya. (1 Babad 3:17; Matéus 1:12) Séaltièl kayané dadi bojoné anaké wédok Néri sing ora disebut jenengé. Dadi, Séaltièl kuwi mantuné Néri. Yusuf disebut anaké Èli merga dadi bojoné Maryam, anaké wédok Èli. Dadi, Lukas mènèhi katrangan bab mbah-mbahé Yésus saka ibuné, yaiku Maryam. (Rum 1:3) Alkitab mènèhi katrangan sing cetha bab mbah-mbahé Yésus saka Yusuf lan Maryam.
Maca Alkitab
(Lukas 2:1-20) Ing wektu kuwi, Kaisar Agustus mréntahké supaya kabèh penduduk kudu didaftar. 2 (Pendaftaran sing kapisan iki dianakké wektu Kuirinius dadi gubernur Siria.) 3 Mula kabèh wong lunga menyang kutha asalé dhéwé-dhéwé kanggo didaftar. 4 Yusuf uga lunga saka kutha Nazarèt ing Galiléa menyang kuthané Daud, sing disebut Bètléhèm, ing Yudéa, merga dhèwèké asalé saka keturunan lan keluargané Daud. 5 Dhèwèké lunga kanggo ndaftar bareng Maria, sing wis dadi bojoné lan sing wis arep nglairké. 6 Sakwisé wong loro kuwi tekan kono, Maria wis wayahé nglairké. 7 Dhèwèké nglairké anak lanang, anaké sing mbarep. Dhèwèké nggedhong bocah kuwi nganggo kain lan ndèlèhké bocah kuwi ing wadhah pakan kéwan, merga ing penginepan wis ora ana kamar kanggo nginep. 8 Ing dhaérah kuwi, uga ana pangon-pangon sing manggon ing lapangan lan lagi njaga wedhus-wedhusé ing wayah wengi. 9 Ujug-ujug, malaékaté Yéhuwah ngadeg ing ngarepé para pangon kuwi, lan kamulyané Yéhuwah madhangi dhaérah ing sakiwa-tengené wong-wong kuwi. Para pangon kuwi dadi wedi banget. 10 Nanging malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi! Aku nggawa kabar apik bab kabungahan gedhé sing bakal dirasakké kabèh wong. 11 Merga dina iki, ing kuthané Daud, wis lair wong sing bakal nylametké kowé. Dhèwèké kuwi Kristus lan Gusti. 12 Iki tandha kanggo kowé: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong nganggo kain lan didèlèhké ing wadhah pakan kéwan.” 13 Ujug-ujug, ana pasukan malaékat sing cacahé akèh banget padha teka lan muji Gusti Allah bareng karo malaékat mau, kandhané, 14 ”Kamulyan kanggo Gusti Allah ing swarga, lan tentrem ing bumi kanggo wong-wong sing ditresnani Gusti Allah.” 15 Sakwisé para malaékat mau bali menyang swarga, pangon-pangon kuwi kandha karo siji lan sijiné, ”Ayo awaké dhéwé langsung menyang Bètléhèm lan ndelok apa sing kedadéan, sing wis Yéhuwah ngendikakké marang awaké dhéwé.” 16 Wong-wong kuwi langsung cepet-cepet lunga, nemoni Maria lan Yusuf, uga bayi sing didèlèhké ing wadhah pakan kéwan. 17 Wektu padha ndelok bayi kuwi, wong-wong kuwi nyritakké apa sing wis diomongké para malaékat bab bocah kuwi. 18 Lan kabèh sing krungu critané para pangon kuwi dadi nggumun. 19 Nanging Maria nyimpen kabèh kuwi ing njero atiné lan mikirké tenanan apa tegesé kuwi kabèh. 20 Banjur para pangon kuwi bali karo ngluhurké lan muji Gusti Allah, merga kabèh sing wis dirungokké lan didelok cocog karo apa sing dikandhakké marang wong-wong kuwi.
25 JUNI–1 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 4-5
”Nolak Godhaan Kaya sing Ditindakké Yésus”
(Lukas 4:1-4) Banjur Yésus, sing kapenuhan roh suci, lunga saka Kali Yordan. Dhèwèké dituntun roh suci wektu ana ing padhang belantara 2 suwéné 40 dina, lan digodha Iblis. Yésus ora mangan apa-apa saksuwéné dina-dina kuwi, mula sakwisé kuwi, dhèwèké ngrasa luwé. 3 Banjur Iblis kandha marang Yésus, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu iki dadi roti.” 4 Nanging Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa ora urip mung saka roti waé.’”
w13-IN 15/8 25 ¶8
Panjenengan Kuduné Dadi Wong sing Kaya Apa?
8 Sétan nyoba nggunakké cara sing padha kanggo nggodha Yésus ing padhang belantara. Yésus bar pasa 40 dina 40 bengi. Mula Sétan kandha karo Yésus, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu iki dadi roti.” (Luk. 4:1-3) Yésus kudu milih, arep nggunakké kuwasané kanggo kepentingané dhéwé utawa ora. Senajan luwé, Yésus luwih mentingké hubungané karo Yéhuwah timbang kepentingané dhéwé. Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa ora urip mung saka roti waé.’”—Luk. 4:4.
(Lukas 4:5-8) Mula Iblis nggawa Yésus ing panggonan sing dhuwur, lan ing sak kedhèpé mata, Iblis nduduhké marang Yésus kabèh pamréntahan donya. 6 Banjur Iblis kandha marang Yésus, ”Aku bakal mènèhi kowé wewenang kanggo kabèh pamréntahan iki lan kamulyané. Kabèh iki wis dipasrahké marang aku, lan aku isa mènèhké marang sapa waé sing tak karepké. 7 Mula nèk kowé nyembah aku sepisan waé, kuwi kabèh bakal dadi duwèkmu.” 8 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.’”
w13-IN 15/8 25 ¶10
Panjenengan Kuduné Dadi Wong sing Kaya Apa?
10 Nèk Yésus piyé? Alkitab nyritakké, ”Ing sak kedhèpé mata, Iblis nduduhké marang Yésus kabèh pamréntahan donya. Banjur Iblis kandha marang Yésus, ’Aku bakal mènèhi kowé wewenang kanggo kabèh pamréntahan iki lan kamulyané.’” (Luk. 4:5, 6) Pancèn Yésus ora bener-bener ndelok kabèh kerajaan ing bumi. Ning Sétan mung kepéngin nduduhké kamulyan lan kemegahané ndonya iki bèn Yésus dadi kepéncut. Tanpa nduwé rasa isin, Iblis kandha, ”Nèk kowé nyembah aku sepisan waé, kuwi kabèh bakal dadi duwèkmu.” (Luk. 4:7) Yésus ora sudi nuruti Sétan. Yésus langsung njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.’”—Luk. 4:8.
(Lukas 4:9-12) Banjur Iblis nggawa Yésus menyang Yérusalèm, ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait, lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, anjloga saka kéné, 10 merga Kitab Suci kandha, ’Gusti Allah bakal mréntahké para malaékaté kanggo ngayomi kowé,’ 11 lan, ’Para malaékat kuwi bakal nampani kowé supaya aja nganti sikilmu kesandhung watu.’” 12 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Aja nguji Yéhuwah, Gusti Allahmu.’”
nwtsty média
Pucuké Témbok Bait
Mbokmenawa Sétan bener-bener nggawa Yésus menyang ”bagéan témbok sing paling dhuwur [utawa pucuké témbok] ing bait”, lan ngongkon Yésus anjlog saka kono. Ning, kita ora ngerti panggonan pastiné. Sing dimaksud ”bait” ing kéné isa waé kabèh wilayah bait kuwi. Dadi, Yésus isa waé ngadeg ing pojok bagéan tenggara (1) saka bait. Utawa, Yésus isa waé ngadeg ing bagéan pojok liyané saka bait kuwi. Ora soal ngadeg ing bagéan endi waé, Yésus mesthi mati nèk anjlog saka kono, kecuali nèk ditulungi karo Yéhuwah.
w13-IN 15/8 26 ¶12
Panjenengan Kuduné Dadi Wong sing Kaya Apa?
12 Yésus andhap asor banget, ora kaya Hawa. Sétan nggodha Yésus kanggo nindakké bab sing isa nggawé wong nggumun. Ning Yésus langsung nolak merga kuwi padha karo nguji Yéhuwah. Yésus ora gelem dadi sombong. Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Aja nguji Yéhuwah, Gusti Allahmu.’”—Wacanen Lukas 4:9-12.
Wulangan Penting
(Lukas 4:17) Gulungan tulisan Nabi Yésaya diserahké marang Yésus. Yésus banjur mbukak gulungan kuwi lan nemokké ayat sing kandha,
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 4:17
gulungan tulisan Nabi Yésaya: Kitab Yésaya ing Gulungan Laut Mati jumlahé ana 17 perkamen sing disambung-sambung nganti dawané 7,3 meter lan ana 54 kolom. Gulungan sing digunakké ing sinagogé Nazarèt mbokmenawa dawané uga semono. Ing abad kapisan durung ana nomer pasal lan ayaté. Dadi Yésus mesthi kudu nggolèki ayat sing arep diwaca. Ning, Alkitab kandha nèk Yésus nemokké ayat sing isiné nubuaté Yésaya. Kuwi bukti nèk Yésus ngerti tenan isiné Kitab Suci.
(Lukas 4:25) Contoné, ana akèh randha ing Israèl pas jamané Élia, wektu ora ana udan telung taun setengah lan ana kurang pangan sing parah ing negara kuwi.
nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 4:25
telung taun setengah: Nurut 1Ra 18:1, Élia ngumumké nèk udan bakal mulai ana ”ing taun kang katelu”. Ana sing protès apa sebabé omongané Yésus ora cocog karo kitab 1 Para Raja. Ning, ora ana cathetan ing Kitab-Kitab Ibrani sing nyebutké nèk musim kemarau kuwi suwéné ora nganti telung taun. Kétoké, tembung ”ing taun kang katelu” kuwi maksudé wektu Élia sepisanan ngumumké musim kemarau marang Akhab. (1Ra 17:1) Wektu Élia ngumumké kuwi, musim kemarauné mungkin wis mulai. Musim kemarau biasané suwéné enem sasi utawa luwih. Terus, musim kemarau kuwi ora langsung mandheg wektu Élia nemoni Akhab manèh ”ing taun kang katelu”. Ning, musim kemarau kuwi mandheg sakwisé Élia nantang para nabi palsu ing Gunung Karmèl. (1Ra 18:18-45) Dadi, omongané Yésus ing kéné, sing mèh padha karo omongané adik tiriné Yésus ing Yak 5:17, cocog karo urut-urutan kedadéan sing dicathet ing 1Ra 18:1.
Maca Alkitab
(Lukas 4:31-44) Yésus banjur lunga menyang kutha Kapernaum, ing Galiléa. Dhèwèké mulang wong-wong pas dina Sabat. 32 Wong-wong nggumun karo carané Yésus mulang, merga sing diwulangké asalé saka Gusti Allah. 33 Ing sinagogé, ana wong sing kesurupan roh najis. Dhèwèké mbengok, 34 ”Apa urusanku karo kowé, Yésus wong Nazarèt? Apa kowé mréné arep nyirnakké aku kabèh? Aku ngerti tenan sapa kowé, Sing Suci saka Gusti Allah.” 35 Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” Mula sakwisé mbanting wong mau ing ngarepé wong akèh, roh najis kuwi banjur metu tanpa nggawé lara wong mau. 36 Kabèh wong padha nggumun, banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Omongan apa iki? Nganggo wewenang lan kuwasa, dhèwèké mréntahké roh-roh najis metu, lan roh najis kuwi metu.” 37 Mula kabar bab Yésus terus nyebar ing ngendi-endi ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi. 38 Saka sinagogé kuwi, Yésus lunga menyang omahé Simon. Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon lagi demam, panasé dhuwur banget, lan wong-wong njaluk supaya Yésus nulungi ibu maratuwané Simon. 39 Yésus banjur ngadeg ing sisihé wong wadon kuwi, lan marèkké wong wadon kuwi saka demamé. Wong wadon kuwi langsung tangi lan mulai ngladèni wong-wong kuwi. 40 Wektu srengéngé wis angslup, kabèh wong nggawa wong lara sing ana ing omahé marang Yésus, ora soal apa penyakité. Yésus marèkké wong-wong kuwi nganggo cara numpangké tangané ing ndhuwuré wong-wong kuwi siji-siji. 41 Yésus uga ngusir roh-roh jahat saka wong akèh. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé Putrané Gusti Allah.” Nanging Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong, merga roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus. 42 Nanging wektu srengéngé wis mlethèk, Yésus lunga ing panggonan sing sepi. Akèh wong mulai nggolèki Yésus, lan wektu wis ketemu, wong-wong kuwi ngupaya ngalang-alangi Yésus supaya ora ninggalké wong-wong kuwi. 43 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku uga kudu martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing kutha-kutha liya, merga ya kanggo kuwi aku diutus.” 44 Mula Yésus martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé ing Yudéa.