TREASURES FROM GOD’S WORD | LUKAS 10-11
Perumpamaan bab Wong Samaria sing Apikan
Yésus nyritakké perumpamaan iki wektu ana sing takon, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” (Luk 10:25-29) Yésus ngerti nèk ing jemaat Kristen bakal ana ”kabèh wong”, klebu wong Samaria lan wong sing dudu Yahudi. (Yoh 12:32) Yésus péngin mulang para muridé bèn padha ngupaya nduduhké katresnan kanggo wong liya, klebu sing asalé béda-béda.
COBA DIPIKIR:
’Piyé perasaanku bab para sedulur sing budayané béda?’
’Apa aku mung seneng srawung karo wong-wong sing padha karo aku?’
’Apa aku isa mbukak ati sak amba-ambané lan gelem kenal karo para sedulur sing latar belakangé béda karo aku?’ (2Kor 6:13)
Aku péngin ngundang sapa kanggo . . .
nginjil bareng?
mangan bareng ing omahku?
mèlu Ibadah Keluargaku?