URIPÉ WONG KRISTEN
Sikap Nétral Kuwi Penting Banget (Mi 4:2)
Perumpamaan bab wong Samaria sing apikan ngélingké nèk Yéhuwah kuwi ora mbédak-mbédakké wong lan péngin kita ”nindakké apa sing apik marang kabèh wong”, klebu sing asalé, agamané, lan statusé béda karo kita.—Gal 6:10; Kis 10:34.
DELOKEN VIDEO SIKAP NÉTRAL KUWI PENTING BANGET (MI 4:2), LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa buktiné nèk Mikha 4:2 kelakon ing antarané umaté Yéhuwah jaman saiki?
Apa maksudé tetep nétral lan apa sebabé kuwi penting?
Nurut Wahyu 13:16, 17, piyé sistem politik ngupaya kanggo mengaruhi pikiran lan tumindak kita?
Telung bab apa waé sing isa nggawé kita dadi ora nétral?