PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr18 Agustus hlm. 1-9
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2018
  • Subjudhul
  • 6-12 AGUSTUS
  • 13-19 AGUSTUS
  • 20-26 AGUSTUS
  • 27 AGUSTUS–2 SEPTEMBER
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2018
mwbr18 Agustus hlm. 1-9

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

6-12 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 17-18

”Nduduhké Rasa Maturnuwun”

(Lukas 17:11-14) Wektu lunga menyang Yérusalèm, Yésus ngliwati perbatasan Samaria lan Galiléa. 12 Wektu Yésus mlebu ing sawijiné désa, ana wong lanang cacahé sepuluh sing lara kusta nyawang Yésus saka kadohan. Wong-wong mau padha ngadeg 13 lan mbengok, ”Yésus, Guru, welasana aku kabèh!” 14 Wektu weruh wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Padha lungaa lan duduhna awakmu marang imam.” Wektu isih padha mlaku menyang kana, wong-wong kuwi mari.

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 17:12, 14

ana wong lanang cacahé sepuluh sing lara kusta: Ing jaman Alkitab, wong sing lara kusta biasané urip bareng manggon sak kelompok. Dadi, wong-wong kuwi isa mbantu siji lan sijiné. (2Ra 7:3-5) Nurut Hukum Musa, wong sing lara kusta kudu misah saka wong-wong liyané lan nèk ana wong sing nyedhak, kudu kandha, ”Najis, najis!” (Km 13:45, 46) Cocog karo Hukum kuwi, wong-wong sing lara kusta kuwi nyawang Yésus saka kadohan.​—Deloken katrangan kanggo sinau Mat 8:2 lan Daftar Istilah Alkitab, ”Kusta.”

duduhna awakmu marang imam: Wektu ing bumi, Yésus isih manut karo Hukum Musa lan ngakoni nèk para imam keturunané Harun isih nduwé wewenang. Mula Yésus ngongkon wong sing dimarèkké saka kustané kanggo nemoni imam. (Mat 8:4; Mrk 1:44) Nurut Hukum Musa, imam kudu mastèkké apa wong kuwi wis mari tenan. Nèk wis mari tenan, wong kuwi lunga menyang bait nggawa ”manuk kang isih urip lan kalal loro, karo kayu èrès, kain jingga lan isop” kanggo persembahan.​—Km 14:2-32.

nwtsty katrangan kanggo sinau Mat 8:2

wong sing lara kusta: Lara kusta ing jamané Alkitab ora padha kaya jaman saiki. Kabèh penyakit kulit sing parah disebut lara kusta. Wong sing lara kusta bakal dikon misah saka wong-wong liyané nganti dhèwèké mari.​—Km 13:2, 45, 46

(Lukas 17:15, 16) Salah siji saka wong-wong kuwi, wektu sadhar nèk wis mari, dhèwèké banjur bali karo ngluhurké Gusti Allah nganggo swara seru. 16 Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan matur nuwun marang Yésus. Dhèwèké kuwi wong Samaria.

(Lukas 17:17, 18) Yésus kandha, ”Ana wong sepuluh sing dimarèkké, ta? Nanging sing sanga liyané ana ing ngendi? 18 Ngapa kok wong-wong kuwi ora bali kanggo ngluhurké Gusti Allah? Mung wong saka bangsa liya iki sing bali mréné manèh.”

w08-IN 1/8 14 ¶8-9

Apa Sebabé Kudu Nduduhké Rasa Maturnuwun?

Piyé tanggepané Yésus marang wong-wong sing ora nduduhké rasa maturnuwun kuwi? ”Yésus kandha, ’Ana wong sepuluh sing dimarèkké, ta? Nanging sing sanga liyané ana ing ngendi? Ngapa kok wong-wong kuwi ora bali kanggo ngluhurké Gusti Allah? Mung wong saka bangsa liya iki sing bali mréné manèh.’”​—Luk. 17:17, 18.

Wong sanga sing lara kusta kuwi dudu wong jahat. Mauné, wong-wong kuwi nduduhké imané marang Yésus lan gelem manut wektu dikongkon kanggo nemoni para imam ing Yérusalèm. Wong-wong kuwi mesthi ya ngajèni apa sing wis ditindakké Yésus. Ning, wong-wong kuwi lali ngomong maturnuwun karo Yésus. Kuwi nggawé Yésus kecéwa. Apa sing isa kita sinaoni? Nèk ana sing apikan karo kita, apa kita langsung ngomong maturnuwun, utawa nèk cocog isa ngirimké kartu ucapan maturnuwun?

Wulangan Penting

(Lukas 17:7-10) ”Saumpama salah siji ing antaramu nduwé budhak sing ngluku ing ladhang utawa njaga ternak, apa kowé bakal kandha marang dhèwèké, ’Cepet mrénéa lan mangana ing méja’ wektu dhèwèké bali? 8 Nanging kowé mesthi kandha, ’Siapna panganan kanggo tak pangan wengi iki. Nganggoa celemèkmu lan ladènana aku nganti aku rampung mangan lan ngombé. Sakwisé kuwi, kowé lagi éntuk mangan lan ngombé.’ 9 Kowé ora perlu matur nuwun marang budhak kuwi merga kuwi pancèn wis dadi tugasé. 10 Semono uga, wektu kowé wis nindakké kabèh sing ditugaské marang kowé, kandhaa, ’Aku mung budhak sing tanpa guna. Aku mung nindakké apa sing dadi tugasku.’”

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 17:10

tanpa guna: Perumpamaané Yésus kuwi ora nduduhké nèk budhak kuwi, yaiku para muridé, bener-bener tanpa guna utawa ora ana ajiné. Saka critané Yésus, istilah ”tanpa guna” kuwi nduduhké budhak sing andhap asor, sing nganggep nèk dhèwèké kuwi ora pantes nampa pujian sing istiméwa. Para pakar kandha nèk istilah kuwi dudu sing saktenané, tapi mung péngin nandheské bab sing penting, yaiku maksudé ”aku iki mung budhak sing ora pantes diistiméwakké”.

(Lukas 18:8) Aku ngandhani kowé, Gusti Allah mesthi bakal cepet maringi kaadilan kanggo wong-wong kuwi. Nanging wektu Putrané manungsa teka, apa dhèwèké bakal nemokké iman sing kaya ngono ing bumi?”

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 18:8

iman sing kaya ngono: Utawa, ”iman iki”. Ing basa Yunani, tembung ”iman” ing ayat iki ana kata sandangé. Dadi, sing dimaksud kuwi dudu iman sing diduwèni kabèh wong, tapi iman sing kususé diduwèni randha sing dicritakké ing perumpamaané Yésus. (Luk 18:1-8) Kuwi klebu rasa percaya nèk dongané bakal dijawab lan nèk Yéhuwah bakal tumindak adil marang para abdiné. Pitakonané Yésus bab iman kuwi tujuané ora kanggo dijawab, ning kanggo murid-muridé bèn mriksa imané dhéwé-dhéwé. Perumpamaan bab donga lan iman kuwi cocog banget merga Yésus bar njelaské nèk murid-muridé bakal ngadhepi akèh ujian.​—Luk 17:22-37.

Maca Alkitab

(Lukas 18:24-43) Yésus ndeloki wong lanang kuwi lan kandha, ”Pancèn angèl banget kanggoné wong-wong sing nduwé dhuwit akèh mlebu ing Kratoné Allah. 25 Sakjané, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit, ketimbang wong sugih mlebu ing Kratoné Allah.” 26 Wong-wong sing krungu kuwi padha kandha, ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?” 27 Yésus njawab, ”Perkara sing mustahil kanggo manungsa, kuwi ora mustahil kanggoné Gusti Allah.” 28 Nanging Pétrus kandha, ”Aku kabèh wis ninggalké kabèh sing tak duwèni lan mèlu panjenengan.” 29 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing wis ninggalké omahé, utawa bojoné, utawa kakangé, utawa mbakyuné, utawa adhiné, utawa wong tuwané, utawa anaké merga Kratoné Allah 30  mesthi bakal éntuk tikel luwih akèh ing jaman saiki, lan ing jaman mbésuk bakal nampa urip saklawasé.” 31 Banjur Yésus ngajak 12 rasulé misah saka wong-wong liyané lan kandha, ”Awaké dhéwé lagi mlaku menyang Yérusalèm, lan kabèh sing ditulis liwat para nabi bab Putrané manungsa bakal kelakon. 32 Contoné, dhèwèké bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya lan bakal diécé, dirèmèhké, lan diidoni. 33 Wong-wong kuwi bakal mecuti dhèwèké, banjur matèni dhèwèké, nanging ing dina katelu dhèwèké bakal urip manèh.” 34 Nanging, para rasul ora paham karo kabèh sing diomongké mau, merga tegesé omongan mau didhelikké saka wong-wong kuwi. 35 Wektu Yésus wis cedhak ing kutha Yérikho, ana wong lanang wuta sing ngemis ing pinggir dalan. 36 Merga krungu swara wong akèh liwat, dhèwèké takon apa sing lagi kedadéan. 37 Wong-wong ngandhani dhèwèké, ”Yésus wong Nazarèt lagi liwat.” 38 Wong lanang wuta kuwi mbengok, ”Yésus, Putrané Daud, welasana aku!” 39 Wong-wong sing mlaku ing ngarep mulai nggetak lan ngongkon dhèwèké supaya meneng. Nanging, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Putrané Daud, welasana aku!” 40 Yésus banjur mandheg lan ngongkon supaya wong lanang kuwi digawa marang Yésus. Sakwisé wong lanang wuta kuwi nyedhak, Yésus takon marang dhèwèké, 41 ”Kowé péngin aku nindakké apa kanggo kowé?” Wong wuta kuwi njawab, ”Gusti, tulungana aku supaya isa ndelok manèh.” 42 Mula Yésus kandha, ”Kowé isa ndelok. Imanmu wis nggawé kowé mari.” 43 Ing wektu kuwi uga, dhèwèké langsung isa ndelok. Dhèwèké banjur mulai ngetutké Yésus lan ngluhurké Gusti Allah. Kabèh wong sing weruh kedadéan kuwi uga ngluhurké Gusti Allah.

13-19 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 19-20

”Sinau saka Perumpamaan bab Dhuwit Mina”

(Lukas 19:12, 13) Yésus kandha, ”Ana bangsawan lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali. 13 Sakdurungé lunga, dhèwèké ngundang sepuluh budhaké lan mènèhi wong-wong kuwi sepuluh mina, lan kandha, ’Gunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.’

jy 232 ¶2-4

Umpama bab Sepuluh Mina

Yésus kandha, ”Ana bangsawan lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali.” (Lukas 19:12) Perjalanan kaya ngono mesthi butuh wektu. Yésus kuwi ”bangsawan” sing lunga menyang ”negara sing adoh” yaiku swarga, panggonan wektu Yésus nampa kuwasa dadi Raja saka Bapaké.

Ing umpama kuwi, sakdurungé lunga, ”bangsawan” mau ngundang sepuluh budhaké lan mènèhi saben wong sak mina, lan kandha, ”Gunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.” (Lukas 19:13) Sak mina kuwi jumlahé padha kaya opah sing ditampa buruh tani sing kerja luwih saka telung sasi.

Para murid mungkin ngerti nèk sing dimaksud sepuluh budhak mau ya para murid kuwi dhéwé, merga Yésus wis tau madhakké para murid kaya buruh tani sing nglumpukké panènan. (Matius 9:35-38) Hasil panènané dudu gandum, nanging wong-wong sing uga bakal mréntah ing Kratoné Allah. Para murid nggunakké apa waé sing diduwèni kanggo nindakké tugas kuwi.

(Lukas 19:16-19) Banjur budhak sing kapisan mara lan kandha, ’Ndara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung sepuluh mina.’ 17 Dhèwèké kandha, ’Apik banget! Kowé pancèn budhak sing apik! Merga kowé setya ing perkara sing cilik banget, kowé bakal nduwé kuwasa kanggo sepuluh kutha.’ 18 Banjur budhak sing kapindho mara. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung limang mina. 19 Dhèwèké uga kandha karo budhak mau, ’Kowé uga bakal nduwé kuwasa kanggo limang kutha.’

jy 232 ¶7

Umpama bab Sepuluh Mina

Kaya budhak-budhak sing sregep mau, para murid kudu nggunakké apa waé sing diduwèni kanggo nggawé luwih akèh wong dadi muridé Yésus. Nganggo cara kuwi, Yésus bakal seneng lan mberkahi wong-wong kuwi. Pancèn, ora kabèh muridé Yésus nduwé kahanan, kesempatan, utawa kesanggupan sing padha. Nanging, nèk terus setya nindakké gawéan kuwi, Yésus sing wis ”dadi raja”, bakal ngajèni lan mberkahi.​—Matius 28:19, 20.

(Lukas 19:20-24) Nanging budhak sing liyané mara. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, iki dhuwit mina panjenengan, tak buntel nganggo kain.’ 21 Ngéné Ndara, aku wedi karo panjenengan merga panjenengan kuwi wong sing kasar. Panjenengan njupuk dhuwit sing ora panjenengan tabung, lan panjenengan manèn sing ora panjenengan sebar.’ 22 Dhèwèké kandha marang budhak mau, ’Budhak sing jahat! Saka omonganmu dhéwé kuwi aku bakal ngadili kowé. Kowé wis ngerti nèk aku wong sing kasar, sing njupuk dhuwit sing ora tak tabung lan manèn sing ora tak sebar. 23 Terus ngapa kowé ora nglebokké dhuwitku ing bank? Dadi wektu aku bali, aku isa njupuk dhuwit kuwi karo bungané.’ 24 ”Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ’Jupuken dhuwit mina kuwi saka dhèwèké lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.’

jy 233 ¶1

Umpama Bab Sepuluh Mina

Merga ora ngupaya kanggo nambahi bandhané majikané, budhak kuwi bakal kélangan apa sing diduwèni. Para rasul ngerti nèk Yésus bakal dadi Raja ing Kratoné Allah. Mula, omongané Yésus marang budhak sing pungkasan iki mau, kayané nggawé para rasul sadhar nèk ora sregep, wong-wong kuwi ya ora bakal isa mréntah ing Kratoné Allah bareng Yésus.

Wulangan Penting

(Lukas 19:43) Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu nggawé bèntèng saka kayu-kayu lancip ing sak ubengmu. Mungsuh-mungsuhmu bakal ngepung lan nyerang kowé saka arah ngendi-endi.

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 19:43

bèntèng saka kayu-kayu lancip: Utawa ”pager kayu lancip.” Tembung Yunani kharax mung ana ing ayat iki ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Sing dimaksud tembung kuwi yaiku ”tongkat lancip sing didadèkké pager; cagak” uga kanggo ”pertahanan militer sing nggunakké cagak; pager kayu lancip.” Omongané Yésus kuwi kelakon ing taun 70 M. Wektu kuwi pasukan Romawi sing dipimpin Titus nggawé pager saka kayu-kayu lancip kanggo ngepung Yérusalèm. Tujuané Titus bèn wong-wong Yahudi ora isa mlayu lan dipeksa bèn nyerah, akhiré keluwèn lan kalah. Kanggo nggawé pager kuwi, Pasukan Romawi negori wit-witan sing ana ing désa-désa sak kiwa tengené Yérusalèm.

(Lukas 20:38) Panjenengané kuwi Gusti Allahé wong urip, dudu Gusti Allahé wong mati. Ing ngarsané, kabèh wong kuwi isih urip.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 20:38

Ing ngarsané, kabèh wong kuwi isih urip: Alkitab nduduhké nèk wong sing isih urip tapi adoh saka Gusti Allah sakjané dianggep mati karo Gusti Allah. (Éf 2:1; 1Tim 5:6) Kosok baliné, para abdiné Yéhuwah sing setya isih dianggep urip karo Yéhuwah senajan wis mati. Merga kersané Gusti Allah kanggo nguripké manèh para abdiné sing setya kuwi mesthi bakal kelakon.​—Rm 4:16, 17.

Maca Alkitab

(Lukas 19:11-27) Wektu murid-muridé ngrungokké kuwi, Yésus nyritakké siji manèh umpama, merga Yésus wis cedhak kutha Yérusalèm lan murid-muridé ngira nèk Kratoné Allah bakal langsung kétok cetha sakwisé Yésus tekan kono. 12 Yésus kandha, ”Ana bangsawan lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali. 13 Sakdurungé lunga, dhèwèké ngundang sepuluh budhaké lan mènèhi wong-wong kuwi sepuluh mina, lan kandha, ’Gunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.’ 14 Nanging penduduk negara kuwi sengit marang dhèwèké. Wong-wong kuwi ngirim utusan kanggo kandha, ’Aku kabèh ora gelem kowé dadi rajaku.’ 15 ”Sakwisé dadi raja, akiré dhèwèké bali. Banjur dhèwèké ngundang budhak-budhak sing wis diwènèhi dhuwit. Dhèwèké péngin ngerti pira hasil bisnisé wong-wong kuwi. 16 Banjur budhak sing kapisan mara lan kandha, ’Ndara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung sepuluh mina.’ 17 Dhèwèké kandha, ’Apik banget! Kowé pancèn budhak sing apik! Merga kowé setya ing perkara sing cilik banget, kowé bakal nduwé kuwasa kanggo sepuluh kutha.’ 18 Banjur budhak sing kapindho mara. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung limang mina. 19 Dhèwèké uga kandha karo budhak mau, ’Kowé uga bakal nduwé kuwasa kanggo limang kutha.’ 20 Nanging budhak sing liyané mara. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, iki dhuwit mina panjenengan, tak buntel nganggo kain.’ 21 Ngéné Ndara, aku wedi karo panjenengan merga panjenengan kuwi wong sing kasar. Panjenengan njupuk dhuwit sing ora panjenengan tabung, lan panjenengan manèn sing ora panjenengan sebar.’ 22 Dhèwèké kandha marang budhak mau, ’Budhak sing jahat! Saka omonganmu dhéwé kuwi aku bakal ngadili kowé. Kowé wis ngerti nèk aku wong sing kasar, sing njupuk dhuwit sing ora tak tabung lan manèn sing ora tak sebar. 23 Terus ngapa kowé ora nglebokké dhuwitku ing bank? Dadi wektu aku bali, aku isa njupuk dhuwit kuwi karo bungané.’ 24 ”Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ’Jupuken dhuwit mina kuwi saka dhèwèké lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.’ 25 Nanging wong-wong kuwi kandha, ’Ndara, wong iki wis nduwé sepuluh mina.’ 26 Dhèwèké njawab, ’Aku kandha marang kowé, sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké. 27 Saiki, gawanen mungsuh-mungsuhku mréné, yaiku wong-wong sing ora gelem aku dadi rajané. Patènana wong-wong kuwi ing ngarepku.’”

20-26 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 21-22

”Ora Suwé Manèh Kowé Bakal Dibébaské”

(Lukas 21:25) ”Uga bakal ana tandha-tandha ing srengéngé, bulan, lan bintang. Ing bumi, bangsa-bangsa bakal sengsara banget lan ora ngerti kudu nindakké apa merga gumlegeré laut lan ombaké sing medèni.

kr 226 ¶9

Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé

9 Tandha-tandha ing langit. Yésus ngramal, ”Srengéngé bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit.” Wektu kuwi para pemimpin agama ora dianggep dadi sing mènèhi terang, utawa sumber tuntunan. Ning, isa waé maksudé Yésus uga bakal ana kedadéan sing nggumunké ing langit. (Yé. 13:9-11; Yl. 2:1, 30, 31) Piyé tanggepané wong-wong sing ndelok? Wong-wong kuwi ”bakal padha wedi” merga ”bingung”. (Lk. 21:25; Zf. 1:17) Mungsuh-mungsuhé Kratoné Allah, saka ’raja nganti batur’ bakal ”semaput déning giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad” lan bakal mlayu ndhelik. Ning, ora bakal nemu panggonan sing aman kanggo ndhelik saka Sang Raja sing nesu banget.​—Lk 21:26; 23:30; Wy. 6:15-17.

(Lukas 21:26) Wong bakal semaput merga kewedèn lan merga mbayangké apa sing bakal ngenani bumi, merga kuwasa-kuwasa langit bakal goncang.

(Lukas 21:27, 28) Banjur, wong-wong kuwi bakal ndelok Putrané manungsa teka ing njeroné méga nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé. 28 Nanging wektu bab-bab kuwi mulai kelakon, ngadega kanthi jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.”

w16.01 10 ¶17

Terusa Nresnani Para Sedulurmu

17 ”Aku bakal ora wedi.” (Wacanen Ibrani 13:6.) Rasa percaya marang Yéhuwah mbantu bèn ora wedi wektu ngadhepi masalah. Uga, isa mbantu nduwèni pikiran sing nggenah. Nèk pikirané nggenah, awaké dhéwé isa nduduhké katresnaning pasaduluran, nganggo cara nggedhèkké ati lan nglipur para sedulur. (1 Ts. 5:14, 15) Saksuwéné sengsara gedhé, awaké dhéwé bakal ora wedi, merga ngerti nèk arep dislametké.​—Lk. 21:25-28.

w15-IN 15/7 17 ¶13

”Ora Suwé Manèh Kowé Bakal Dibébaské”

13 Piyé tanggepané wong-wong golongan ”wedhus jawa” wektu ngerti nèk bakal ”disirnakké saklawasé”? Wong-wong kuwi ”bakal nggebugi awaké merga sedhih”. (Mat. 24:30) Ning, piyé tanggepané kaum terurap lan para pendhukungé? Wong-wong kuwi percaya tenan marang Yéhuwah lan Yésus. Terus, wong-wong kuwi bakal nindakké prentahé Yésus, ”Wektu bab-bab kuwi mulai kelakon, ngadega kanthi jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.” (Luk. 21:28) Dadi, kita isa yakin nèk kita mesthi isa dislametké.

Wulangan Penting

(Lukas 21:33) Langit lan bumi bakal sirna, nanging omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 21:33

Langit lan bumi bakal sirna: Ayat-ayat liyané kandha nèk langit lan bumi bakal ana saklawasé. (Pd 9:16; Ms 104:5; Ko 1:4) Dadi, omongané Yésus iki dudu omongan sing saktenané, tapi mung péngin nandheské bab sing penting. Tegesé omongané Yésus bakal tetep kelakon, senajan langit lan bumi sirna. Padahal langit lan bumi kuwi ora mungkin isa sirna. (Bandhingna Mat 5:18.) Nanging, langit lan bumi sing disebutké Yésus iki uga ana arti liya kaya sing dicathet ing Why 21:1, yaiku ”langit sing lawas lan bumi sing lawas”.

omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé: Basa asliné, yaiku basa Yunani, nggunakké loro kata sing bentuké négatif lan digabungké karo kata kerja. Tujuané kanggo nandheské nèk kuwi mesthi ora bakal kelakon. Dadi, kuwi nduduhké nèk omongané Yésus bakal terus ana.

(Lukas 22:28-30) ”Kowé kabèh kuwi wong-wong sing terus ana bareng karo aku wektu aku ngalami pacoban. 29 Aku nggawé perjanjian karo kowé kanggo sawijiné kraton, kaya Bapakku wis nggawé perjanjian karo aku, 30 supaya kowé isa mangan lan ngombé ing méjaku ing Kratonku, lan lungguh ing tahta kanggo ngadili 12 suku Israèl.

w14-IN 15/10 16 ¶15-16

Kowé Bakal Dadi ”Karajan Kaimaman”

15 Sakwisé nganakké Perjamuan Dalu Gusti sing sepisanan, Yésus nggawé perjanjian karo para muridé sing setya. Perjanjian kuwi kerep disebut perjanjian Kerajaan. (Wacanen Lukas 22:28-30.) Perjanjian iki béda karo perjanjian-perjanjian liyané, merga sing nganakké dudu Yéhuwah. Perjanjian iki mung antarané Yésus lan para muridé sing terurap. Terus, Yésus kandha, ”Kaya Bapakku wis nggawé perjanjian karo aku.” Sing dimaksud Yésus kuwi isa waé perjanjian sing digawé Yéhuwah karo Yésus, sing bakal dadi ’imam kaya Mèlkhisèdèk kanggo saklawas-lawasé’.​—Ibr. 5:5, 6.

16 Sewelas muridé Yésus sing setya ’terus ana bareng karo [Yésus] wektu ngalami pacoban’. Perjanjian Kerajaan dadi jaminan nèk para murid kuwi bakal dadi raja lan imam bareng karo Yésus ing swarga. Ning, ora mung wong 11 kuwi thok sing éntuk kaurmatan. Rasul Yohanes tau éntuk wahyu sing nduduhké Yésus sing wis dimulyakké kandha, ”Wong sing menang bakal tak ijinké lungguh bareng karo aku ing tahtaku, kaya aku uga wis menang lan lungguh bareng karo Bapakku ing tahtané Panjenengané.” (Why. 3:21) Dadi, perjanjian Kerajaan kuwi digawé kanggo wong-wong Kristen terurap sing cacahé 144.000. (Why. 5:9, 10; 7:4) Perjanjian iki dadi dhasar hukum bèn wong-wong kuwi isa mréntah ing swarga bareng karo Yésus. Iki kaya mantèn wadon saka keluarga bangsawan sing nikah karo raja lan isa mréntah bareng karo raja kuwi. Alkitab pancèn kandha nèk wong-wong Kristen terurap kuwi disebut ’mantèn wadoné’ Kristus, ”prawan sing suci” sing dijanjèni arep dinikahké karo Kristus.​—Why. 19:7, 8; 21:9; 2 Kor. 11:2.

Maca Alkitab

(Lukas 22:35-53) Yésus uga kandha marang murid-muridé, ”Wektu aku ngutus kowé kanggo lunga tanpa kanthong dhuwit, kanthong panganan, lan sandhal, kowé ora kekurangan apa-apa, ta?” Murid-murid njawab, ”Ora!” 36 Banjur Yésus kandha, ”Nanging saiki, nèk kowé nduwé kanthong dhuwit utawa kanthong panganan, gawanen kuwi. Nèk kowé ora nduwé pedhang, edolen klambimu njaba lan tukua pedhang. 37 Merga aku ngandhani kowé nèk apa sing wis ditulis bab aku kudu kelakon, yaiku, ’Dhèwèké dianggep wong sing nglanggar hukum.’ Lan iki lagi kelakon marang aku.” 38 Banjur murid-murid kandha, ”Gusti, deloken! Iki ana pedhang loro.” Yésus kandha, ”Kuwi wis cukup.” 39 Banjur Yésus lunga menyang Gunung Zaitun kaya biasané, lan murid-murid ngetutké dhèwèké. 40 Wektu tekan ing kono, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Terusa ndonga supaya kowé ora nyerah marang godha.” 41 Yésus mlaku rada ngedoh saka murid-muridé, banjur jèngkèng lan mulai ndonga, 42 ”Bapak, nèk Panjenengan kersa, singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.” 43 Banjur ana malaékat sing teka saka swarga lan nguwatké Yésus. 44 Nanging Yésus ngrasa susah banget, mula dhèwèké saya tenanan anggoné ndonga. Kringeté dadi kaya getih sing nètès ing lemah. 45 Wektu wis rampung ndonga, Yésus marani murid-muridé. Yésus ndelok murid-muridé lagi turu, kekeselen merga sedhih banget 46 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ngapa kowé padha turu? Tangia lan terusa ndonga, supaya kowé ora nyerah marang godha.” 47 Wektu Yésus isih ngomong, sak grombolan wong teka. Grombolan wong kuwi dipimpin karo wong sing disebut Yudas, salah siji saka 12 rasul. Yudas nyedhak marang Yésus, banjur ngambung Yésus. 48 Nanging Yésus kandha marang Yudas, ”Yudas, apa kowé ngianati Putrané manungsa nganggo ambunganmu iki?” 49 Wektu ngerti apa sing bakal kedadéan, murid-murid sing ana ing cedhaké Yésus kandha, ”Gusti, apa aku kabèh kudu nyerang wong-wong kuwi nganggo pedhang?” 50 Salah siji saka murid-murid malah nyerang budhaké imam agung nganggo pedhang lan nyabet kupingé tengen nganti pothol. 51 Nanging Yésus kandha, ”Wis cukup.” Banjur kupingé wong kuwi didemèk lan dimarèkké Yésus. 52 Yésus banjur kandha marang para imam kepala, kepala penjaga bait, lan para pemimpin sing teka kanggo nangkep dhèwèké, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung? 53 Wektu aku ana ing bait saben dina bareng karo kowé, kowé ora nangkep aku. Nanging iki wektumu kanggo tumindak lan wektuné pepeteng nguwasani.”

27 AGUSTUS–2 SEPTEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | LUKAS 23-24

”Seneng Ngapurani Liyané”

(Lukas 23:34) Nanging Yésus kandha, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki, merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” Para prajurit kuwi uga ngedum-edum klambiné Yésus nganggo cara diundhi.

cl-IN 297 ¶16

”Ngerti bab Katresnané Kristus”

16 Kaya Bapaké sing seneng ngapurani, Yésus uga nduduhké katresnan sing kaya ngono. (Jabur 86:5) Kuwi kétok wektu Yésus dipaku ing cagak paukuman. Wektu dipatèni nganggo cara sing ora terhormat, tangan lan sikilé dipaku, apa sing Yésus omongké? Apa Yésus njaluk bèn Yéhuwah ngukum wong-wong sing nyiksa Yésus? Ora. Malah, persis sakdurungé mati Yésus kandha, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki, merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.”​—Lukas 23:34.

(Lukas 23:43) Lan Yésus kandha marang dhèwèké, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.”

g-IN 2/08 11 ¶5-6

Apa Gusti Allah Ngapurani Dosa sing Serius?

Sing digatèkké Yéhuwah kuwi ora mung dosané, ning uga sikapé wong sing nindakké dosa kuwi. (Yésaya 1:16-19) Contoné, penjahat loro sing dipaku ing sebelahé Yésus nindakké dosa sing serius. Buktiné, salah siji penjahat kuwi kandha, ”Awaké dhéwé pancèn pantes dihukum, lan hukuman iki wis sakmesthiné awaké dhéwé tampa merga tumindaké awaké dhéwé. Nanging wong iki babar blas ora nindakké kesalahan.” Omongané penjahat kuwi nduduhké nèk dhèwèké ngerti bab Yésus, lan kuwi nggawé sikapé malih dadi apik. Buktiné, sakwisé kuwi dhèwèké kandha karo Yésus, ”Élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.” Apa sing diomongké kuwi bener-bener saka atiné. Terus, piyé tanggepané Yésus? ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.”​—Lukas 23:41-43.

Coba pikirna iki: Persis sakdurungé mati, Yésus nduduhké rasa welas asihé marang penjahat sing wis ngakoni nèk dhèwèké pancèn pantes dihukum mati. Kuwi bener-bener nggedhèkké ati kita. Kita isa yakin nèk Yésus lan Yéhuwah bakal nduduhké welas asih marang kabèh wong sing bener-bener mertobat, ora masalah sepira gedhéné dosané mbiyèn.​—Roma 4:7.

(Lukas 24:34) sing kandha, ”Gusti pancèn wis urip manèh lan dhèwèké nemoni Simon.”

cl-IN 297-298 ¶17-18

”Ngerti bab Katresnané Kristus”

17 Ana conto sing luwih nrenyuhké manèh bab welas asihé Yésus, yaiku wektu Yésus ngapurani Rasul Pétrus. Wis jelas nèk Pétrus mesthi tresna banget marang Yésus. Ing tanggal 14 Nisan, bengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus kandha, ”Gusti, aku siap dipenjara lan mati bareng panjenengan.” Ning, mung pirang-pirang jam sakwisé kuwi, Pétrus ngomong nèk ora ngakoni Yésus nganti ping telu. Sakwisé Pétrus nyangkal Yésus sing kaping teluné, ”[Yésus] banjur nolèh lan mandeng Pétrus”. Pétrus langsung ”metu lan nangis sesenggukan” merga sadhar lan rumangsa gela banget. Sakwisé Yésus mati ing dina kuwi, Pétrus mungkin mbatin, ’Apa aku bakal diapurani Gusti?’​—Lukas 22:33, 61, 62.

18 Ora butuh wektu suwé kanggo ngerti jawabané. Yésus dibangkitké tanggal 16 Nisan ing wayah ésuk. Ing dina kuwi uga, Yésus nemoni Pétrus. (Lukas 24:34; 1 Korintus 15:4-8) Apa sebabé Yésus nduduhké rasa perduli marang rasul sing wis nyangkal Yésus ping telu kuwi? Mungkin Yésus péngin nggawé Pétrus yakin nèk Yésus isih nresnani lan ngajèni Pétrus sing wis mertobat kuwi. Ning, Yésus uga nindakké bab sing nggawé Pétrus dadi luwih yakin manèh.

Wulangan Penting

(Lukas 23:31) Nèk wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara iki wektu wit isih seger, apa sing bakal kelakon wektu wit kuwi alum?”

nwtsty katrangan kanggo sinau Luk 23:31

wektu wit isih seger, . . . wektu wit kuwi alum: Sing dimaksud Yésus kuwi mungkin bangsa Yahudi, sing dipadhakké kaya wit sing mèh mati ning isih kétok rada seger. Wektu kuwi Yésus isih ana ing kono lan ana wong Yahudi sing nduwé iman marang Yésus. Ning, ora suwé manèh Yésus bakal dihukum mati, lan wong-wong Yahudi sing setya bakal diurapi roh suci lan dadi bagéan saka Israèl rohani. (Rm 2:28, 29; Gal 6:16) Wektu kuwi, bangsa Israèl bakal bener-bener mati rohani, kayadéné wit sing alum.​—Mat 21:43.

(Lukas 23:33) Wektu wis tekan ing panggonan sing disebut Tengkorak, para prajurit maku Yésus ing cagak, ing antarané penjahat loro mau. Dadi, penjahat sing siji ana ing sisih tengené Yésus lan sing sijiné ing sisih kiwa.

nwtsty media

Paku sing Nancep ing Tungkak

Iki foto saka tiruané tungkaké manungsa sing dipaku nganggo paku wesi sing dawané 11,5 cm. Barangé sing asli ditemokké ing taun 1968, wektu nggali kutha Yérusalèm sisih lor ing jamané wong-wong Romawi. Kuwi ditemokké ing kothak watu sing disebut ossuary, yaiku panggonan kanggo nglumpukké balung-balungé wong sing wis mati sing dagingé wis dadi lemah. Kuwi nduduhké nèk wong sing matiné dipaku ing cagak isa dimakamké.

Maca Alkitab

(Lukas 23:1-16) Mula kabèh wong kuwi ngadeg lan nggawa Yésus marang Pilatus. 2 Banjur wong-wong kuwi mulai nudhuh Yésus, kandhané, ”Aku kabèh ngonangi nèk wong iki wis nyasarké bangsa iki, nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar, lan ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.” 3 Pilatus banjur takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 4 Terus, Pilatus kandha marang para imam kepala lan wong akèh, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” 5 Nanging wong-wong kuwi ngotot, lan kandha, ”Dhèwèké wis ngojok-ojoki wong-wong nganggo cara mulang ing kabèh wilayah Yudéa, diwiwiti saka Galiléa nganti tekan kéné.” 6 Wektu krungu kuwi, Pilatus takon apa dhèwèké wong Galiléa. 7 Sakwisé ngerti nèk dhèwèké kuwi saka wilayah sing dikuwasani Hérodès, Pilatus ngirim dhèwèké marang Hérodès, sing wektu kuwi uga ana ing Yérusalèm. 8 Wektu ndelok Yésus, Hérodès seneng banget. Hérodès wis suwé péngin ketemu Yésus merga dhèwèké krungu akèh perkara bab Yésus, lan dhèwèké ngarep-arep isa ndelok mukjijat saka Yésus. 9 Mula Hérodès ngejokké akèh pitakonan marang Yésus, nanging Yésus babar blas ora njawab. 10 Para imam kepala lan ahli Taurat bola-bali ngadeg lan nudhuh Yésus karo nesu. 11 Banjur Hérodès lan para prajurité tumindak ngrèmèhké Yésus. Dhèwèké nganggokké klambi sing apik marang Yésus kanggo ngécé Yésus. Terus dhèwèké ngirim Yésus bali marang Pilatus. 12 Wiwit dina kuwi, Hérodès lan Pilatus dadi kekancan, padahal sakdurungé wong loro kuwi mungsuhan. 13 Pilatus banjur nglumpukké para imam kepala, para panguwasa, lan rakyat, 14 lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh nggawa wong iki marang aku lan nudhuh dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong supaya mbrontak. Nanging, deloken! Aku wis mriksa dhèwèké ing ngarepmu kabèh, nanging aku ora nemokké dhasar kanggo tudhuhan sing kok omongké marang wong iki. 15 Sakjané, Hérodès uga ora nemokké kesalahané wong iki, merga dhèwèké ngirim wong iki bali marang aku. Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. 16 Mula, aku bakal mecuti dhèwèké lan mbébaské dhèwèké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim