PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 37 hlm. 94-hlm. 95 par. 2
  • Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sinau saka Mukjijaté Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 37 hlm. 94-hlm. 95 par. 2
Yésus lan para rasulé ketemu karo iring-iringan wong sing lagi ngusung mayité anak lanangé randha

BAB 37

Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha

LUKAS 7:11-17

  • NGURIPKÉ MANÈH WONG MATI ING KUTHA NAIN

Sakwisé marèkké pembantuné perwira Romawi, Yésus ninggalké Kapernaum lan lunga menyang kutha Nain, sing adohé luwih saka 32 kilomèter arah barat-daya. Yésus lunga bareng karo para muridé lan wong akèh. Kayané pas wis soré, wong-wong kuwi tekan ing cedhak gerbang kutha Nain. Ing kono, wong-wong kuwi ketemu karo iring-iringan wong Yahudi sing lagi ngusung mayité cah lanang enom sing arep dikubur ing njaba kutha.

Sing paling sedhih ing antarané wong-wong kuwi yaiku ibuné cah lanang mau. Wong wadon kuwi randha, lan saiki anaké lanang siji-sijiné mati. Wektu bojoné mati, paling ora dhèwèké isih nduwé anak sing ditresnani. Hubungané mesthi ya cedhak banget, lan randha kuwi mesthi ngendelké anaké kanggo terus ngopèni dhèwèké. Nanging, saiki anaké kuwi ya mati. Sapa sing bakal ngancani lan ngopèni dhèwèké?

Yésus ngrasa mesakké karo wong wadon sing sedhih banget iki lan sing saiki wis ora nduwé sapa-sapa manèh. Mula, kanthi alus lan ngyakinké, Yésus kandha, ”Aja nangis manèh.” Banjur, Yésus nyedhak lan ndemèk usungan kuwi. (Lukas 7:13, 14) Merga ndelok tumindaké Yésus iki, wong-wong sing ngusung banjur mandheg. Wong-wong kuwi mesthi padha mikir, ’Ngapa dhèwèké ngomong kaya ngono, lan apa sing bakal dhèwèké tindakké?’

Yésus masrahké cah lanang enom sing wis urip manèh marang ibuné; akèh wong ndelok kedadéan kuwi

Apa sing uga dipikirké wong-wong sing lunga bareng Yésus? Wong-wong kuwi wis ndelok Yésus nggawé akèh mukjijat lan marèkké akèh penyakit. Nanging, kayané durung tau ndelok Yésus nguripké manèh wong mati. Mbiyèn, nabi-nabi tau nguripké manèh wong mati. Apa saiki Yésus ya bakal nindakké sing padha? (1 Para Raja 17:17-23; 2 Para Raja 4:32-37) Yésus kandha, ”Nak, aku kandha marang kowé, tangia!” (Lukas 7:14) Cah enom kuwi banjur lungguh lan mulai ngomong. Yésus banjur nyerahké cah lanang kuwi marang ibuné, sing kagèt nanging uga bungah banget. Wong wadon kuwi saiki ora dhèwèkan.

Wektu ndelok cah lanang enom mau bener-bener urip, wong-wong kuwi padha nggumun lan ngluhurké Sing Maringi Urip, yaiku Yéhuwah, kandhané, ”Ana nabi sing agung ing antarané kita.” Ana uga sing kandha, ”Gusti Allah wis nggatèkké umaté.” (Lukas 7:16) Kabar bab mukjijaté Yésus iki cepet nyebar ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi, lan kayané nganti tekan Nazarèt, kutha asalé Yésus, sing adohé kira-kira sepuluh kilomèter saka kono. Kabar iki uga malah tekan Yudéa ing kidul.

Wektu kuwi, Yohanes Pembaptis isih dipenjara. Murid-muridé Yohanes nyritakké marang Yohanes bab akèh mukjijat sing ditindakké Yésus. Yohanes péngin banget ngerti mukjijat-mukjijaté Yésus. Mula, apa sing bakal ditindakké Yohanes?

  • Ana kedadéan apa wektu Yésus wis tekan ing cedhak gerbang kutha Nain?

  • Piyé perasaané Yésus wektu ndelok kedadéan kuwi, lan apa sing ditindakké?

  • Piyé tanggepané wong-wong wektu ndelok mukjijaté Yésus?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim