URIPÉ WONG KRISTEN
Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan—Njaga Bèn Tetep Rukun
PENTING MERGA: Bengi sakdurungé Yésus mati, Yésus ndongakké para muridé bèn ”bener-bener nyawiji”. (Yoh 17:23) Bèn tetep nyawiji kita kudu nduduhké katresnan sing ”ora ngéling-éling salahé wong liya”.—1Kor 13:5.
CARANÉ:
Niru Yéhuwah nggolèki bab-bab sing apik saka liyané
Gampang kanggo ngapurani
Aja ngungkit-ungkit masalah sing wis rampung.—WB 17:9
DELOKEN VIDEO ”PADHA TRESNA-TINRESNANANA”—AJA NYIMPEN KALUPUTANÉ LIYAN, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Saka video sing kapisan, piyé Helen isih ’ngéling-éling salahé wong liya’?
Saka video sing kapindho, apa sing mbantu Helen isa nduwé sikap positif?
Apa sing ditindakké Helen kanggo njaga jemaat tetep rukun?
Sapa sing rugi nèk kita tetep nyimpen rasa jèngkèl?