PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr18 November hlm. 1-12
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2018
  • Subjudhul
  • 5-11 NOVEMBER
  • 12-18 NOVEMBER
  • 19-25 NOVEMBER
  • 26 NOVEMBER–2 DESEMBER
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2018
mwbr18 November hlm. 1-12

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

5-11 NOVEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | YOHANES 20-21

”Apa Kowé Nresnani Aku Ngluwihi Kabèh Iki?”

(Yohanes 21:1-3) Sakwisé kuwi, Yésus ngétok manèh marang murid-muridé ing Laut Tiberias. Carané ngétok kaya ngéné. 2 Simon Pétrus, Tomas (sing disebut Kembar), Natanaèl saka kutha Kana ing Galiléa, anak-anaké Zébédéus, lan loro murid liyané lagi padha ngumpul ing kana. 3 Simon Pétrus kandha, ”Aku arep nggolèk iwak.” Sing liyané kandha, ”Aku mèlu.” Wong-wong kuwi banjur lunga numpak prau, nanging ing wengi kuwi padha ora éntuk apa-apa.

(Yohanes 21:4-14) Wektu wis arep ésuk, Yésus ngadeg ing pinggir pantai, nanging murid-muridé ora ngerti nèk kuwi Yésus. 5 Yésus takon, ”Anak-anakku, apa kowé nduwé iwak kanggo dipangan?” Murid-murid njawab, ”Ora.” 6 Yésus kandha, ”Uncalna jala ing sisih tengené prau, lan kowé bakal éntuk iwak.” Mula murid-murid nguncalké jalané. Nanging merga saking akèhé iwak, murid-murid ora isa narik jalané. 7 Banjur murid sing ditresnani Yésus kandha marang Pétrus, ”Kuwi Gusti!” Wektu krungu nèk kuwi Gusti, Simon Pétrus banjur nganggo klambi njabané, merga dhèwèké ora klambèn. Sakwisé kuwi dhèwèké njegur ing laut. 8 Nanging, murid-murid liyané padha nyusul Pétrus numpak prau cilik karo nggèrèd jala sing kebak iwak kuwi, merga murid-murid kuwi ora adoh saka pantai, kira-kira mung 90 mèter. 9 Sakwisé tekan pantai, murid-murid ndelok ana roti ing kono, lan iwak sing lagi dibakar ing ndhuwur geni. 10 Yésus banjur kandha, ”Gawanen mréné iwak sing bar kok tangkep mau, sithik waé.” 11 Mula Simon Pétrus munggah ing prau lan narik jala kuwi menyang pantai. Jala kuwi kebak iwak gedhé sing cacahé 153. Senajan iwaké akèh banget, jalané ora suwèk. 12 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo, padha sarapan.” Ora ana siji-sijia murid sing wani takon marang Yésus, ”Panjenengan sapa?” merga murid-murid ngerti nèk kuwi Gusti. 13 Yésus njupuk roti banjur mènèhké marang murid-muridé, semono uga iwaké. 14 Iki sing kaping teluné Yésus ngétok ing ngarepé murid-muridé sakwisé dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati.

(Yohanes 21:15-19) Wektu wong-wong kuwi wis rampung sarapan, Yésus takon marang Simon Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku ngluwihi kabèh iki?” Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha marang Simon, ”Wènèhana mangan cempé-cempéku.” 16 Yésus takon manèh marang Simon Pétrus kanggo kaping pindhoné, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha marang Simon, ”Engonen wedhus-wedhus cilikku.” 17 Yésus takon manèh marang Simon Pétrus kanggo kaping teluné, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Pétrus dadi sedhih banget, merga Yésus takon nganti ping telu, ”Apa kowé nresnani aku?” Mula Pétrus njawab, ”Gusti, panjenengan ngerti sakabèhé. Panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha, ”Wènèhana mangan wedhus-wedhus cilikku. 18 Saktenané aku kandha marang kowé, wektu kowé isih enom, kowé biasa nganggo klambi dhéwé lan lunga menyang ngendi waé sing kok péngini. Nanging wektu kowé wis tuwa, kowé bakal ngegarké tanganmu lan wong liya bakal nganggokké klambi marang kowé, lan nggawa kowé ing panggonan sing ora kok karepké.” 19 Yésus ngomongké kuwi kanggo nduduhké carané Pétrus bakal mati kanggo ngluhurké Gusti Allah. Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus kandha marang Pétrus, ”Terusa mèlu aku.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 21:15, 17

Yésus takon marang Simon Pétrus: Iki omong-omongané Yésus karo Pétrus, ora suwé sakwisé Pétrus ping telu ora ngakoni nèk kenal Yésus. Yésus nakokké perasaané Pétrus marang Yésus nganti ping telu, nganti ”Pétrus dadi sedhih banget”. (Yoh 21:17) Cathetané Yohanes ing Yoh 21:15-17 nggunakké loro kata kerja Yunani sing béda, yaiku agapao lan phileo, ing basa jawa loro-loroné diterjemahké dadi nresnani. Yésus takon karo Pétrus ping telu, ”Apa kowé nresnani aku?” Lan ping telu kuwi uga Pétrus njawab nèk dhèwèké ”nresnani” Yésus. Saben Pétrus njawab kaya ngono, bar kuwi Yésus nandheské nèk Pétrus kuduné mènèhi mangan lan ’ngengon’ murid-muridé Yésus, sing ing kéné digambarké kaya cempé-cempé utawa ’wedhus-wedhus cilik’. (Yoh 21:16, 17; 1Ptr 5:1-3) Yésus ngekèki kesempatan kanggo Pétrus ngomongké perasaané marang Yésus ping telu, banjur masrahi tanggung jawab kanggo ngopèni wedhus-wedhusé. Dadi, Yésus nduduhké nèk dhèwèké wis bener-bener ngapurani Pétrus sing wis ping telu ora ngakoni nèk kenal Yésus.

apa kowé nresnani aku ngluwihi kabèh iki?: Istilah ”ngluwihi kabèh iki” isa nduwé maksud sing béda-béda. Ana para ahli sing kandha nèk kuwi maksudé ”apa kowé nresnani aku ngluwihi nresnani murid-murid sing liyané?” utawa ”apa kowé nresnani aku ngluwihi katresnané murid-murid sing liyané?” Ning, kétoké sing dimaksud yaiku perkara-perkara sing ana hubungané karo bisnis nelayan. Dadi, maksudé ayat kuwi isa waé ngéné: ’Apa kowé nresnani aku ngluwihi bab-bab matèri iki? Nèk iya, wènèhana mangan cempé-cempéku.’ Kuwi pitakonan sing cocog kanggo Pétrus, nèk ngélingi masa laluné Pétrus. Senajan Pétrus kuwi salah siji saka murid-muridé Yésus sing sepisanan (Yoh 1:35-42), ning Pétrus ora langsung nggunakké kabèh uripé kanggo ngetutké Yésus. Pétrus tau bali manèh dadi nelayan. Banjur, pirang-pirang sasi sakwisé kuwi Yésus nyeluk Pétrus kanggo ninggalké gawéané lan akhiré dadi ”tukang njala manungsa”. (Mat 4:18-20; Luk 5:1-11) Terus, ora suwé sakwisé Yésus mati, Pétrus kandha nèk dhèwèké arep nggolèk iwak manèh, lan ana para rasul liyané sing mèlu-mèlu. (Yoh 21:2, 3) Dadi, sakwisé Pétrus nggolèk iwak, Yésus péngin mbantu Pétrus ngerti nèk Pétrus kudu nggawé keputusan sing tegas: Apa dhèwèké arep ngutamakké bisnisé, utawa gelem ngutamakké tugasé kanggo mènèhi panganan rohani kanggo cempé-cempé utawa para muridé Yésus?​—Yoh 21:4-8.

kaping teluné: Pétrus ping telu ora ngakoni nèk kenal karo Yésus, saiki Yésus ngekèki kesempatan kanggo ngomongké perasaané marang Yésus ping telu. Saben Pétrus njawab nèk dhèwèké nresnani Yésus, Yésus ngandhani Pétrus supaya nduduhké tresnané nganggo cara ngutamakké tugas rohaniné. Dadi, bebarengan karo para sedulur lanang sing nduwé wewenang, Pétrus bakal mènèhi pangan, nguwatké, lan ngengon kawanan wedhusé Yésus, yaiku para muridé sing setya. Para murid kuwi ya diurapi roh suci, ning uga isih butuh diengon.​—Luk 22:32.

Wulangan Penting

(Yohanes 20:17) Yésus kandha, ”Aja nggondhèli aku terus, merga aku durung lunga marang Bapak. Nanging lungaa marang sedulur-sedulurku lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.”

nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 20:17

Aja nggondhèli aku terus: Kata kerja Yunani haptomai isa nduwé arti ”ndemèk” utawa ”nggondhèli”. Ana terjemahan-terjemahan sing nulis nèk Yésus kandha, ”Aja ndemèk aku.” Ning, sing dimaksud Yésus wektu ngomong marang Maria Magdaléna dudu kaya ngono. Merga Yésus ora masalah wektu ana wong-wong wadon sing ”padha sujud ing sikilé Yésus” sakwisé Yésus dibangkitké. (Mat 28:9) Kétoké Maria Magdaléna nggondhèli Yésus merga péngin terus bareng-bareng karo Yésus lan wedi ditinggal Yésus munggah menyang swarga. Bèn Maria yakin nèk Yésus durung arep lunga menyang swarga, Yésus kandha supaya Maria aja nggondhèli Yésus terus lan ngongkon Maria ngandhani para murid liyané nèk Yésus wis diuripké manèh.

(Yohanes 20:28) Tomas kandha, ”Gustiku lan Allahku!”

nwtsty katrangan kanggo sinau Yoh 20:28

Gustiku lan Allahku!: Ing basa asliné ditulis nganggo kata sandang ing ngarepé kata ”gusti” lan ”allah” [hotheos]. Ana para ahli sing kandha nèk iki nduduhké rasa nggumun marang Yésus, ning sakjané ditujokké marang Yéhuwah, Bapaké. Sing liyané kandha nèk nurut basa Yunani asliné, kata-kata kuwi isa dianggep ditujokké marang Yésus. Ning, nèk kuwi pancèn bener, ungkapan ”Gustiku lan Allahku” kudu dingertèni selaras karo kabèh isiné Kitab Suci. Sakdurungé kuwi, Yésus tau ngomong karo para muridé, ”Aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.” Dadi, wektu kuwi Tomas ora nganggep nèk Yésus kuwi Gusti Allah sing mahakuwasa. Tomas dhéwé ya tau krungu Yésus ndonga marang ’Bapaké’, sing disebut ”siji-sijiné Gusti Allah sing sejati”. (Yoh 17:1-3) Dadi, Tomas mungkin nyeluk Yésus ”Allahku” merga: Tomas nganggep Yésus dadi kaya ”gusti allah”, ning dudu Gusti Allah sing mahakuwasa. Utawa, Tomas mungkin nyebut Yésus kaya ngono, kayadéné para abdiné Yéhuwah sing dicritakké ing Kitab-Kitab Ibrani. Wong-wong kuwi mbiyèn nyebut utawa pas omong-omongan karo malaékat utusané Yéhuwah, kaya-kayané lagi omongan karo Yéhuwah dhéwé. (Bandhingna Pd 16:7-11, 13; 18:1-5, 22-33; 32:24-30; PH 6:11-15; 13:20-22.) Mula, isa waé kuwi sing dimaksud Tomas wektu nyeluk Yésus ”Allahku”, merga Tomas ngerti nèk Yésus kuwi utusan lan wakilé Gusti Allah sing sejati.

Ana sing kandha nèk kata sandang ing ngarepé kata ”gusti” lan ”allah” kuwi maksudé Gusti Allah sing mahakuwasa. Ning, kata sandang sing digunakké ing kéné iki sakjané mung perkara tata bahasa Yunani. Ana terjemahan-terjemahan literal kanggo ayat-ayat sing nggunakké kata benda sing ngarepé ana kata sandangé kanggo nduduhké sebutan sing umum ing basa Yunani. Contoné ana ing Luk 12:32 (”kelompok cilik”) lan Kol 3:18–4:1 (”wong wadon”; ”wong lanang”; ”bocah-bocah”; ”para bapak”; ”para budhak”; ”para majikan”). Dadi, kata sandang sing digunakké ing ayat iki kétoké ora pati penting nèk ndelok apa sing dimaksud Tomas wektu ngomong kaya ngono.

Maca Alkitab

(Yohanes 20:1-18) Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu isih ésuk banget lan isih peteng, Maria Magdaléna teka ing kuburan kuwi lan dhèwèké ndelok nèk watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké. 2 Banjur dhèwèké mlayu marani Simon Pétrus lan murid liyané, yaiku murid sing ditresnani Yésus, lan dhèwèké kandha, ”Ana sing wis njupuk Gusti saka kuburan, lan aku ora ngerti Gusti didèlèhké ing ngendi.” 3 Banjur Pétrus lan murid liyané kuwi lunga menyang kuburan. 4 Murid loro kuwi mlayu bareng, nanging murid sing sijiné mlayuné luwih cepet ketimbang Pétrus lan tekan luwih dhisik ing kuburan. 5 Wektu mbungkuk lan nginguk ing njero kuburan, dhèwèké ndelok ana kain-kain linen ing kono, nanging dhèwèké ora mlebu ing kuburan kuwi. 6 Banjur Simon Pétrus teka nyusul dhèwèké lan mlebu ing kuburan kuwi. Pétrus ndelok ana kain-kain linen ing kono. 7 Kain sing mauné dienggo nutupi sirahé Yésus wis kegulung, nanging ora dadi siji karo kain-kain liyané. 8 Banjur murid sing teka luwih dhisik uga mlebu ing kuburan. Lan sakwisé ndelok, dhèwèké percaya. 9 Nanging murid-murid kuwi durung paham ayat ing Kitab Suci sing kandha nèk Yésus bakal urip manèh saka antarané wong mati. 10 Mula murid-murid kuwi padha mulih ing omahé dhéwé-dhéwé. 11 Nanging Maria tetep ngadeg ing njaba kuburan kuwi lan nangis. Karo nangis, dhèwèké mbungkuk lan nginguk ing njero kuburan, 12 banjur dhèwèké weruh malaékat loro sing nganggo klambi putih lagi lungguh ing panggonan sing mauné dienggo mapanké Yésus, siji lungguh ing bagéan sirahé, sijiné ing bagéan sikilé. 13 Malaékat kuwi takon, ”Ngapa kowé nangis?” Maria njawab, ”Ana sing njupuk Gustiku, lan aku ora ngerti Gustiku didèlèhké ing ngendi.” 14 Sakwisé ngomongké kuwi, Maria méngo lan ndelok Yésus ngadeg ing kono, nanging dhèwèké ora ngerti nèk kuwi Yésus. 15 Yésus takon marang Maria, ”Ngapa kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Merga ngira nèk wong kuwi tukang kebon, Maria njawab, ”Pak, nèk panjenengan sing njupuk mayité, tulung kandhanana aku ing ngendi panjenengan ndèlèhké mayité, lan mengko bakal tak jupuk.” 16 Yésus kandha, ”Maria!” Maria banjur nolèh lan kandha marang Yésus nganggo basa Ibrani, ”Rabuni!” (sing tegesé ”Guru!”) 17 Yésus kandha, ”Aja nggondhèli aku terus, merga aku durung lunga marang Bapak. Nanging lungaa marang sedulur-sedulurku lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.” 18 Maria Magdaléna lunga lan ngandhani murid-murid, ”Aku wis ndelok Gusti!” Banjur dhèwèké nyritakké apa sing wis diomongké Yésus marang dhèwèké.

12-18 NOVEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 1-3

”Roh Suci Mbantu Jemaat Kristen ing Abad Kapisan”

(Kisah 2:1-8) Ing dina Riyaya Péntakosta, murid-murid ngumpul ing sawijiné panggonan. 2 Wektu lagi padha lungguh, ujug-ujug para murid krungu swara banter sing mbrebegi saka langit, kaya angin gedhé, lan swara kuwi ngebaki omah sing dienggo ngumpul. 3 Banjur murid-murid weruh ana wewujudan kaya geni-geni cilik sing nyebar lan méncok ing ndhuwur sirahé saben wong ing kono. 4 Banjur murid-murid kapenuhan roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya, kaya tuntunané roh suci kuwi. 5 Wektu kuwi, wong-wong Yahudi sing salèh saka saben bangsa ing donya lagi ana ing Yérusalèm. 6 Mula wektu krungu swara kuwi, wong akèh mau banjur padha ngumpul lan bingung, merga saben wong kuwi krungu murid-muridé Yésus ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi. 7 Wong-wong kuwi nggumun banget lan kandha, ”Deloken, kabèh wong sing ngomong kuwi kan wong Galiléa, ta? 8 Terus, kok isa awaké dhéwé krungu basa asliné awaké dhéwé?

(Kisah 2:14) Nanging Pétrus ngadeg karo 11 rasul liyané lan kandha nganggo swara banter, ”Wong-wong Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm, tulung gatèkna omonganku.

(Kisah 2:37, 38) Wektu krungu kuwi, wong-wong kuwi getun banget, mula wong-wong kuwi kandha marang Pétrus lan rasul-rasul liyané, ”Sedulur-sedulur, terus aku kabèh kudu piyé?” 38 Pétrus njawab, ”Mertobata. Saben wong ing antaramu kudu dibaptis ing jenengé Yésus Kristus supaya dosa-dosamu diapura, lan kowé bakal éntuk anugrah, yaiku roh suci.

(Kisah 2:41) Mula wong-wong sing nampa omongan kuwi kanthi bungah banjur padha dibaptis, lan ing dina kuwi jumlahé murid nambah kira-kira 3.000 wong.

(Kisah 2:42-47) Wong-wong kuwi terus nggatèkké tenanan piwulangé para rasul, srawung bareng, mangan bareng, lan ndonga kanthi tekun. 43 Para rasul mulai nindakké akèh perkara ajaib lan mukjijat, lan kabèh wong mulai ngajèni Gusti Allah. 44 Kabèh murid-murid anyar padha ngumpul bebarengan lan padha mbagi marang liyané kabèh sing diduwèni. 45 Wong-wong kuwi ngedol lemahé lan kabèh sing diduwèni, lan ngedum-edumké hasilé marang kabèh wong miturut kebutuhané dhéwé-dhéwé. 46 Saben dina wong-wong kuwi ajeg ngumpul bareng ing bait, mangan bareng ing omahé sedulur-sedulur, lan mbagi panganané kanthi bungah lan tulus ati, 47 karo muji Gusti Allah. Wong-wong kuwi uga saya disenengi kabèh wong. Saben dina Yéhuwah nggawé jumlahé murid-murid saya akèh nganggo cara nambahké wong-wong sing bakal dislametké.

w86-E 1/12 29 ¶4-5, 7

Nyumbang Kuwi Marahi Bungah

Taun 33 M wektu sepisanan jemaat Kristen dibentuk, ana 3.000 sedulur sing lagi waé dibaptis sing padha ”srawung bareng, mangan bareng, lan ndonga kanthi tekun”. Bèn ngapa? Bèn imané dadi luwih kuwat merga ”terus nggatèkké tenanan piwulangé para rasul”.​—Kisah 2:41, 42.

Wong-wong Yahudi lan proselit rencanané mung arep nginep wektu perayaan Péntakosta thok. Nanging wong-wong kuwi péngin manggon luwih suwé lan sinau luwih akèh kanggo nguwatké imané. Dadi ana masalah bab panganan lan uga panggonan kanggo nginep. Ana sing ora nduwé dhuwit akèh ning ana sing dhuwité turah. Mula, wektu kuwi digawé pengaturan kanggo nyedhiakké bab-bab sing dibutuhké.​—Kisah 2:43-47.

Ana sing ngedol omahé lan nyumbangké sing diduwèni kanggo para sedulur liyané. Kuwi kudu ditindakké kanthi sukaréla, iki dudu kewajiban lan maksudé ora kudu nyumbangké kabèh duwèké nganti dadi miskin. Ning, para sedulur nindakké kuwi merga nduwé rasa welas asih marang para sedulur seimané, lan kuwi kanggo ndhukung kepentingané Kratoné Allah—Bandhingna 2 Korintus 8:12-15.

Wulangan Penting

(Kisah 3:15) Kowé wis matèni Wakil Utama kanggo urip. Nanging, Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati, lan aku karo Yohanes iki seksiné.

it-2-IN 1256 ¶1

Yésus Kristus

”Wakil Utama kanggo urip.” Merga Gusti Allah nresnani manungsa, Yésus gelem ngorbanké uripé sing sampurna dadi korban tebusan. Kuwi nggawé para muridé Yésus sing munggah swarga lan wong-wong sing manggon ing bumi isa dadi keluargané Gusti Allah manèh. (Mat 6:10; Yoh 3:16; Éf 1:7; Ibr 2:5) Kuwi nggawé Yésus dadi ”Wakil [”Pemimpin,” TB; KJ; JB] Utama kanggo urip” kanggo kabèh manungsa. (Kis 3:15) Tembung Yunani sing digunakké ing kéné sakjané maksudé ”Pemimpin utama”. Iki ana hubungané karo sebutan kanggo Musa (Kis 7:27, 35) sing disebut ”pemimpin” ing Israèl.

(Kisah 3:19) ”Mula mertobata, lan mbalika supaya dosa-dosamu diapura, lan supaya Yéhuwah maringi mangsa sing nentremké marang kowé

cl-IN 265 ¶14

Gusti Allah sing Seneng Ngapurani

14 Sipaté Yéhuwah sing seneng ngapurani dijelaské luwih akèh ing Kisah 3:19: ”Mula mertobata, lan mbalika supaya dosa-dosamu diapura.” Tembung ”diapura” ing basa Yunani artiné yaiku ”dibusak, . . . dibatalké utawa disirnakké”. Miturut para ahli, gambarané kaya mbusak tulisan tangan. Kok isa? Mbiyèn tinta sing digunakké digawé saka campuran bahan-bahan kaya areng, tlutuh, lan banyu. Sakwisé nulis nggunakké tinta kuwi, wong isa mbusak nganggo spons teles. Iki dadi gambaran sing apik banget kanggo nduduhké welas asihé Yéhuwah. Nèk Yéhuwah wis ngapurani, kuwi kayadéné Yéhuwah mbusak dosané awaké dhéwé nganggo spons.

Maca Alkitab

(Kisah 2:1-21) Ing dina Riyaya Péntakosta, murid-murid ngumpul ing sawijiné panggonan. 2 Wektu lagi padha lungguh, ujug-ujug para murid krungu swara banter sing mbrebegi saka langit, kaya angin gedhé, lan swara kuwi ngebaki omah sing dienggo ngumpul. 3 Banjur murid-murid weruh ana wewujudan kaya geni-geni cilik sing nyebar lan méncok ing ndhuwur sirahé saben wong ing kono. 4 Banjur murid-murid kapenuhan roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya, kaya tuntunané roh suci kuwi. 5 Wektu kuwi, wong-wong Yahudi sing salèh saka saben bangsa ing donya lagi ana ing Yérusalèm. 6 Mula wektu krungu swara kuwi, wong akèh mau banjur padha ngumpul lan bingung, merga saben wong kuwi krungu murid-muridé Yésus ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi. 7 Wong-wong kuwi nggumun banget lan kandha, ”Deloken, kabèh wong sing ngomong kuwi kan wong Galiléa, ta? 8 Terus, kok isa awaké dhéwé krungu basa asliné awaké dhéwé? 9 Awaké dhéwé kan wong Partia, wong Média, wong Élam, penduduk Mésopotamia, Yudéa, Kapadokia, Pontus, Provinsi Asia, 10 Frigia lan Pamfilia, Mesir lan dhaérah Libia sing cedhak Kiréné, wong sing teka saka Roma, wong Yahudi lan proselit Yahudi, 11 wong Kréta, lan wong Arab, nanging awaké dhéwé krungu wong-wong Galiléa kuwi ngomong nganggo basané awaké dhéwé bab perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha marang siji lan sijiné, ”Apa ta maksudé kabèh iki?” 13 Senajan ngono, ana uga sing ngécé lan kandha, ”Wong-wong kuwi padha mendem.” 14 Nanging Pétrus ngadeg karo 11 rasul liyané lan kandha nganggo swara banter, ”Wong-wong Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm, tulung gatèkna omonganku. 15 Wong-wong iki sakjané ora mendem kaya sing kok kira, merga saiki isih jam sanga ésuk. 16 Nanging, iki sing tau diomongké Nabi Yoèl, 17 ’”Ing dina-dina pungkasan,” Gusti Allah ngendika, ”Aku bakal ngesokké sebagéan saka roh-Ku marang sakabèhé wong. Anak-anakmu lanang lan anak-anakmu wadon bakal mènèhi ramalan, wong-wong enom ing antaramu bakal éntuk wahyu, lan wong-wong tuwa ing antaramu bakal éntuk mimpi, 18 lan malah marang budhak-Ku lanang lan budhak-Ku wadon, Aku bakal ngesokké sebagéan saka roh-Ku ing wektu kuwi, lan wong-wong kuwi bakal mènèhi ramalan. 19 Lan Aku bakal nduduhké perkara ajaib ing langit lan mukjijat ing bumi. Bakal ana getih, geni, lan kebul. 20 Srengéngé bakal dadi peteng, lan bulan bakal dadi abang kaya getih sakdurungé dinané Yéhuwah sing mulya lan nggumunké teka. 21 Lan saben wong sing nyebut asmané Yéhuwah bakal dislametké.”’

19-25 NOVEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 4-5

”Para Rasul Terus Nginjil kanthi Kendel”

(Kisah 4:5-13) Ing dina sakbanjuré, para panguwasa, para pemimpin, lan para ahli Taurat ngumpul bareng ing Yérusalèm, 6 bareng karo Hanas yaiku imam kepala, Kayafas, Yohanes, Alèksander, lan kabèh sing isih seduluran karo imam kepala. 7 Wong-wong kuwi ngongkon Pétrus lan Yohanes ngadeg ing tengah lan mulai padha takon marang wong loro kuwi, ”Nganggo wewenang apa utawa nganggo jenengé sapa kowé nindakké iki?” 8 Pétrus sing kapenuhan roh suci njawab, ”Para panguwasa lan para pemimpin, 9 nèk aku karo kancaku ing dina iki diadili merga nindakké sing apik marang wong lanang sing sikilé cacad, lan panjenengan péngin ngerti sapa sing marèkké wong lanang iki, 10 aku bakal ngandhani panjenengan lan kabèh wong Israèl nèk wong iki mari merga jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, sing panjenengan patèni ing cagak, nanging Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati. Ya dhèwèké kuwi sing nggawé wong lanang iki ngadeg kanthi séhat ing ngarepé panjenengan. 11 Dhèwèké kuwi ’watu sing ditolak karo panjenengan tukang-tukang bangunan, lan wis dadi watu sing utama’. 12 Sakliyané kuwi, keslametan ora bakal teka liwat wong liya sakliyané dhèwèké, merga ora ana jeneng liya ing bumi sing Gusti Allah pilih ing antarané manungsa kanggo nylametké kita.” 13 Wektu wong-wong kuwi weruh Pétrus lan Yohanes ngomong kanthi kendel, lan ngerti nèk jebulé wong loro kuwi wong biasa lan sekolahé ora dhuwur, wong-wong kuwi dadi nggumun banget. Wong-wong kuwi nitèni nèk wong loro kuwi mbiyèn bareng karo Yésus.

w08-IN 1/9 15, kothak Omongan sing Dadi Kitab Suci—Penulisan ing Jaman Wong-Wong Kristen Abad Kapisan

Apa Para Rasul Kuwi Buta Huruf?

Wektu para pemimpin lan pinituwa ing Yérusalèm ”weruh Pétrus lan Yohanes ngomong kanthi kendel, lan ngerti nèk jebulé wong loro kuwi wong biasa lan sekolahé ora dhuwur, wong-wong kuwi dadi nggumun banget”. (Kis 4:13) Apa para rasul kuwi bener-bener buta huruf utawa ora isa maca? The New Interpreter’s Bible kandha, ”Sing dimaksud kuwi dudu bener-bener ora sekolah lan ora isa maca utawa nulis. Ning maksudé arep mbédakké status sosialé Pétrus lan Yohanes karo wong-wong sing ngadili wong loro kuwi.

w08-IN 15/5 30 ¶6

Pokok-Pokok Penting Buku Kisah

4:13—Apa Pétrus lan Yohanes ora isa maca lan ora sekolah? Ora ngono. Wong loro kuwi diarani ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur” merga ora sekolah ing sekolahé para rabi.

(Kisah 4:18-20) Banjur, rasul loro kuwi diceluk lan dilarang ngomong utawa mulang nganggo jenengé Yésus. 19 Nanging Pétrus lan Yohanes njawab, ”Mangga panjenengan putuské dhéwé endi sing bener ing ngarsané Gusti Allah: Manut karo panjenengan utawa manut karo Gusti Allah. 20 Nanging kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké bab perkara-perkara sing wis tak delok lan tak rungokké.”

(Kisah 4:23-31) Sakwisé dibébaské, rasul loro kuwi lunga marani murid-murid liyané, lan nyritakké apa sing diomongké para imam kepala lan para pemimpin marang rasul loro kuwi. 24 Sakwisé krungu kuwi, kabèh murid padha ndonga bebarengan marang Gusti Allah, ”Gusti sing Mahaluhur, Panjenengan sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné, 25 lan sing ngendika nganggo roh suci liwat abdi Panjenengan yaiku Daud, leluhurku, ’Apa sebabé bangsa-bangsa dadi nesu lan suku-suku bangsa padha mikirké perkara-perkara sing tanpa guna? 26 Raja-raja ing bumi padha siap-siap, lan para panguwasa nglumpuk bareng kanggo nglawan Yéhuwah lan nglawan pribadi sing dilantik Panjenengané.’ 27 Saktenané, Hérodès lan Pontius Pilatus, bareng karo wong-wong saka bangsa liya lan bangsa Israèl, padha nglumpuk bareng ing kutha iki kanggo nglawan Yésus, abdi Panjenengan sing suci lan sing Panjenengan lantik. 28 Wong-wong kuwi nglumpuk bareng kanggo nindakké apa sing wis Panjenengan temtokké sakdurungé. Iki kabèh kelakon merga Panjenengan nduwé kuwasa lan merga kersané Panjenengan. 29 Nanging saiki, Yéhuwah, tulung gatèkna ancamané wong-wong kuwi, lan tulungana aku kabèh, yaiku budhak-budhaké Panjenengan, supaya terus kendel martakké pangandikané Panjenengan. 30 Muga-muga Panjenengan terus nggunakké kuwasané Panjenengan kanggo marèkké, lan muga-muga Panjenengan terus nindakké mukjijat lan perkara sing ajaib liwat jenengé Yésus, yaiku abdiné Panjenengan sing suci.” 31 Sakwisé padha ndonga kanthi tenanan, panggonan sing dienggo ngumpul kuwi banjur goncang, lan kabèh padha kapenuhan roh suci, terus padha martakké pangandikané Gusti Allah kanthi kendel.

it-2-IN 629 ¶1

Rasul

Kegiatan ing Jemaat Kristen. Wektu Gusti Allah maringké roh suciné ing dina Péntakosta marang para rasul. Kuwi nggawé para rasul dadi kuwat imané. Kisah bab siji nganti lima nyritakké nèk para rasul ora wedi martakké kabar apik bab kebangkitané Yésus senajan dianiaya, dipenjara lan diancem arep dipatèni. Saka dina Péntakosta nganti dina-dina sakbanjuré para rasul sing mimpin jemaat Kristen. Lan merga bantuané roh suci, jemaat Kristen isa dadi saya maju. (Kis 2:41; 4:4) Awalé pelayanané para rasul mung ing Yérusalèm, banjur tekan Samaria, lan akhiré tekan saklumahing bumi.​—Kis 5:42; 6:7; 8:5-17, 25; 1:8.

Wulangan Penting

(Kisah 4:11) Dhèwèké kuwi ’watu sing ditolak karo panjenengan tukang-tukang bangunan, lan wis dadi watu sing utama’.

it-1-IN 347 ¶1

Watu Utama

Jabur 118:22 nerangké nèk watu sing ditolak karo tukang bangunan bakal dadi ”uger-ugering padon” (Ibr., roshpinnah). Yésus ngutip ramalan kuwi lan kandha nèk dhèwèké sing dadi ”watu sing utama” (Yn., kephalegonias, uger-ugering padon). (Mat 21:42; Mrk 12:10, 11; Luk 20:17) Kayadéné watu sing ana ing puncak bangunan isa kétok cetha, Yésus Kristus dadi watu sing utama ing jemaat wong-wong Kristen terurap, sing diumpamakké kaya bait rohani. Pétrus uga njelaské nèk ramalan ing Jabur 118:22 kuwi sing dimaksud yaiku Yésus. Pétrus kandha nèk Yésus kuwi ”watu” sing ditolak karo manungsa, ning didadèkké ”watu sing utama” karo Gusti Allah—Kis 4:8-12; deloken uga 1Ptr 2:4-7.

(Kisah 5:1) Ana wong lanang jenengé Ananias. Dhèwèké lan bojoné, sing jenengé Safira, ngedol tanahé.

w13-IN 1/3 15 ¶4

Pétrus lan Ananias Ngapusi—Apa Piwulangé kanggo Kita?

Ananias lan bojoné ngedol tanah kanggo mbantu sedulur liya sing lagi waé dibaptis. Ning wektu Ananias nyumbang liwat para rasul, dhèwèké kandha nèk sing diwènèhké kuwi kabèh dhuwit saka tanah sing diedol. Padahal Ananias isih nyimpen setengah saka hasil penjualan kuwi. Mula liwat bantuané Gusti Allah, Pétrus ngandhani Ananias, ”Kowé wis ngapusi, dudu marang manungsa, nanging marang Gusti Allah.” Banjur Ananias dihukum mati. Telung jam sakwisé kuwi bojoné marani. Merga ora ngerti apa sing kelakon karo bojoné, dhèwèké uga mèlu ngapusi lan akhiré uga dihukum mati.

Maca Alkitab

(Kisah 5:27-42) Para rasul banjur digawa menyang ngarepé Sanhèdrin. Imam agung banjur nakoni para rasul 28 lan kandha, ”Aku kabèh wis tegas nglarang kowé supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi, nanging kowé malah ngebaki Yérusalèm nganggo piwulangmu, lan nyalahké aku kabèh merga matiné wong kuwi.” 29 Pétrus lan rasul-rasul liyané kandha, ”Aku kabèh kudu luwih manut marang Gusti Allah ketimbang marang manungsa. 30 Gusti Allahé leluhuré kita kabèh wis nguripké manèh Yésus, sing kok patèni nganggo cara maku dhèwèké ing cagak. 31 Gusti Allah wis mulyakké dhèwèké ing sisih tengené kanggo dadi Wakil Utama lan Juru Slamet, supaya wong Israèl mertobat lan diapura dosané. 32 Aku kabèh dadi seksiné bab-bab kuwi, semono uga roh suci, sing Gusti Allah paringké marang wong-wong sing manut lan nganggep Panjenengané dadi panguwasané.” 33 Wektu krungu kuwi, wong-wong mau dadi nesu banget lan péngin matèni para rasul kuwi. 34 Nanging, wong Farisi sing jenengé Gamalièl, yaiku guru hukum Taurat sing diajèni kabèh wong, banjur ngadeg ing tengah-tengahé Sanhèdrin lan ngongkon supaya para rasul kuwi digawa metu sedhéla. 35 Dhèwèké kandha, ”Wong-wong Israèl, ngati-atia karo apa sing arep kok tindakké marang wong-wong iki. 36 Merga, mbiyèn ana wong sing jenengé Téudas sing ngaku-aku wong penting, lan kira-kira 400 wong nggabung karo dhèwèké. Nanging dhèwèké dipatèni lan wong-wong sing dadi pengikuté padha bubar lan kelompok kuwi ora ana manèh. 37 Sakwisé kuwi, ing mangsa pendaftaran penduduk, ana Yudas wong Galiléa lan dhèwèké nduwé pengikut. Nanging, saiki dhèwèké wis ora ana manèh lan para pengikuté bubar. 38 Mula nèk ndelok kahanan saiki, aku ngandhani kowé, aja mèlu-mèlu urusané wong-wong iki, nanging ejarna waé. Nèk wulangan lan gawéan iki saka manungsa, iki bakal sirna. 39 Nanging nèk iki asalé saka Gusti Allah, kowé ora bakal isa nyirnakké wong-wong iki. Ngati-atia, merga isa waé kowé dhéwé sing malah nglawan Gusti Allah.” 40 Wong-wong kuwi nuruti naséhaté Gamalièl, terus para rasul diceluk manèh, banjur dipecuti, lan dikongkon mandheg ngomong nganggo jenengé Yésus. Sakwisé kuwi, para rasul dibébaské. 41 Mula para rasul banjur lunga saka ngarepé Sanhèdrin. Para rasul bungah banget merga Gusti Allah wis nganggep para rasul kuwi pantes dirèmèhké demi jenengé Yésus. 42 Saben dina, ing bait lan saka omah menyang omah, para rasul tanpa mandheg mulangké lan martakké kabar apik bab Kristus, yaiku Yésus.

26 NOVEMBER–2 DESEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | KISAH 6-8

”Jemaat Kristen sing Anyar Ngadhepi Tantangan”

(Kisah 6:1) Ing sawijiné dina, wektu jumlahé para murid saya akèh, wong-wong Yahudi sing basané Yunani padha nggrundel bab wong-wong Yahudi sing basané Ibrani. Kuwi disebabké merga randha-randha sing basané Yunani ora digatèkké ing bab pembagian jatah panganan saben dinané.

bt-IN 41 ¶17

”Aku Kabèh Kudu Luwih Manut marang Gusti Allah”

17 Ana bab sing isa nggawé para sedulur ing jemaat sing isih anyar kuwi dadi ora rukun. Bab apa kuwi? Akèh murid sing dibaptis ing Yérusalèm sakjané mung tamu lan péngin sinau luwih akèh sakdurungé mbalik ing negarané dhéwé-dhéwé. Para murid sing manggon ing Yérusalèm lila nyumbangké dhuwité kanggo mbantu nyukupi kebutuhané sedulur seimané. (Kisah 2:44-46; 4:34-37) Ning, wektu kuwi ana masalah ”bab pembagian jatah panganan saben dinané”. Para randha sing basané Yunani wektu kuwi ngrasa ora ”digatèkké”. (Kisah 6:1) Ning, para randha sing basané Ibrani tetep digatèkké. Dadi masalahé yaiku bab diskriminasi. Masalah iki nggawé jemaat dadi ora rukun manèh.

(Kisah 6:2-7) Mula 12 rasul banjur nglumpukké murid-murid lan kandha, ”Ora apik nèk aku kabèh mandheg mulangké pangandikané Gusti Allah mung kanggo mbagèk-mbagèkké panganan. 3 Mula sedulur-sedulur, padha miliha dhéwé sedulur lanang pitu sing réputasiné apik, sing kapenuhan roh suci lan wicaksana, lan aku kabèh bakal nglantik wong-wong kuwi kanggo ngurus bab penting iki, 4 nanging aku kabèh bakal terus nggunakké kabèh wektu lan tenagaku kanggo ndonga lan mulangké pangandikané Gusti Allah.” 5 Kabèh murid seneng karo keputusané para rasul kuwi, banjur para murid milih Stéfanus, sedulur lanang sing imané kuwat lan kapenuhan roh suci, uga milih Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, lan Nikolaus saka Antiokhia, dhèwèké kuwi proselit Yahudi. 6 Sedulur-sedulur lanang mau banjur digawa ing ngarepé para rasul, lan sakwisé ndonga, para rasul numpangké tangané ing ndhuwuré sedulur pitu mau. 7 Hasilé, pangandikané Gusti Allah terus nyebar, lan cacahé murid-murid saya mundhak akèh banget ing Yérusalèm. Sakliyané kuwi, akèh imam uga dadi wong percaya.

bt-IN 42 ¶18

”Aku Kabèh Kudu Luwih Manut marang Gusti Allah”

18 Para rasul, sing dadi pengurus pusat wektu kuwi ngerti nèk ora cocog kanggo wong-wong iki ”mandheg mulangké pangandikané Gusti Allah mung kanggo mbagèk-mbagèkké panganan”. (Kisah 6:2) Kanggo ngrampungi masalahé, pengurus pusat iki mréntahké murid-murid liya nggolèki ”sedulur lanang pitu sing réputasiné apik” sing dilantik karo para rasul kanggo ngurusi ”bab penting iki”. (Kisah 6:3) Sing dibutuhké yaiku wong-wong lanang sing ora mung isa mbagèkké panganan, ning uga ngurusi bab dhuwit, tuku barang, lan nyathet kabèh kanthi tliti. Wong-wong lanang iki nduwé jeneng Yunani, mbokmenawa bèn para randha sing basané Yunani mau luwih gampang nampa. Sakwisé dipikirké tenanan lan ndonga, para rasul nglantik sedulur lanang pitu kanggo ngurusi ”bab penting iki”.

(Kisah 7:58–8:1) Sakwisé nguncalké Stéfanus menyang njabané kutha, wong-wong kuwi mbandhemi dhèwèké nganggo watu. Para seksi palsu ndèlèhké klambi njabané ing cedhak sikilé wong lanang enom sing jenengé Saul. 59 Wektu wong-wong kuwi isih padha mbandhemi Stéfanus, Stéfanus kandha, ”Gusti Yésus, tampanen nyawaku.” 60 Banjur, karo jèngkèng Stéfanus mbengok, ”Yéhuwah, aja ngukum wong-wong iki merga dosa sing ditindakké iki.” Sakwisé ngomongké kuwi, dhèwèké mati.

8 Bab Saul, dhèwèké setuju Stéfanus dipatèni. Wiwit wektu kuwi, jemaat ing Yérusalèm mulai dianiaya kanthi kejem, banjur kabèh murid padha mencar menyang dhaérah Yudéa lan Samaria, mung para rasul sing tetep ana ing Yérusalèm.

Wulangan Penting

(Kisah 6:15) Kabèh sing lungguh ing Sanhèdrin padha mandeng Stéfanus, lan wong-wong kuwi ndelok wajahé Stéfanus tenang banget kaya wajahé malaékat.

bt-IN 45 ¶2

Stéfanus—”Kebak Kuwasa lan Welas Asihé Gusti Allah”

2 Wektu kuwi ana peristiwa sing luar biasa. Para hakim sing sengit kuwi isa ndelok wajahé Stéfanus ”kaya wajahé malaékat”. (Kisah 6:15) Para malaékat kuwi dadi utusané Yéhuwah, mula isa kendel lan tetep tenang. Kuwi padha kaya Stéfanus sing tetep tenang. Kok isa?

(Kisah 8:26-30) Nanging malaékaté Yéhuwah ngandhani Filipus, ”Ngadega lan lungaa ngidul ing dalan sing mudhun saka Yérusalèm menyang Gaza.” (Dalan iki ana ing gurun.) 27 Filipus banjur ngadeg lan lunga, lan jebulé ing dalan kuwi ana pejabat penting Étiopia ing pamréntahané Kandaké, ratu wong Étiopia. Dhèwèké nduwé tugas ngurus kabèh bandhané kraton. Dhèwèké lunga menyang Yérusalèm kanggo ngibadah, 28 lan saiki lagi ing dalan arep mulih. Dhèwèké numpak andhong lan lagi maca tulisané Nabi Yésaya nganggo swara seru. 29 Gusti Allah ngendika marang Filipus liwat roh suciné, ”Paranana, cedhakana andhong kuwi.” 30 Filipus mlayu njèjèri andhong kuwi lan krungu pejabat Étiopia kuwi lagi maca tulisané Nabi Yésaya. Filipus takon, ”Apa panjenengan ngerti apa sing panjenengan waca kuwi?”

bt-IN 58 ¶16

”Martakké Kabar Apik bab Yésus”

16 Wong-wong Kristen saiki nduwé hak istiméwa kanggo nindakké gawéan kaya Filipus. Biasané wong-wong Kristen isa mènèhi kesaksian ora resmi, contoné ing perjalanan. Kadhang kala kita isa ketemu karo wong-wong sing atiné tulus. Kuwi masuk akal merga Alkitab ngandhani nèk para malaékat ngarahké gawéan nginjil iki bèn kabar apik isa diwartakké ing ”kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. (Wahyu 14:6) Yésus wis ngramalké nèk para malaékat bakal ngarahké gawéan nginjil. Ing perumpamaané Yésus bab gandum lan alang-alang, Yésus kandha nèk ing pungkasané jaman, ”sing manèn kuwi para malaékat”. Yésus uga kandha nèk para malaékat sing bakal ”ngetokké saka Kratoné wong-wong sing nglanggar hukum lan sing marahi wong liya tumindak dosa”. (Matius 13:37-41) Para malaékat uga bakal ngumpulké wong-wong sing dipilih munggah swarga lan ”kumpulan gedhé” saka ”wedhus-wedhus liya” sing ditarik Yéhuwah menyang organisasiné.​—Wahyu 7:9; Yohanes 6:44, 65; 10:16.

Maca Alkitab

(Kisah 6:1-15) Ing sawijiné dina, wektu jumlahé para murid saya akèh, wong-wong Yahudi sing basané Yunani padha nggrundel bab wong-wong Yahudi sing basané Ibrani. Kuwi disebabké merga randha-randha sing basané Yunani ora digatèkké ing bab pembagian jatah panganan saben dinané. 2 Mula 12 rasul banjur nglumpukké murid-murid lan kandha, ”Ora apik nèk aku kabèh mandheg mulangké pangandikané Gusti Allah mung kanggo mbagèk-mbagèkké panganan. 3 Mula sedulur-sedulur, padha miliha dhéwé sedulur lanang pitu sing réputasiné apik, sing kapenuhan roh suci lan wicaksana, lan aku kabèh bakal nglantik wong-wong kuwi kanggo ngurus bab penting iki, 4 nanging aku kabèh bakal terus nggunakké kabèh wektu lan tenagaku kanggo ndonga lan mulangké pangandikané Gusti Allah.” 5 Kabèh murid seneng karo keputusané para rasul kuwi, banjur para murid milih Stéfanus, sedulur lanang sing imané kuwat lan kapenuhan roh suci, uga milih Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, lan Nikolaus saka Antiokhia, dhèwèké kuwi proselit Yahudi. 6 Sedulur-sedulur lanang mau banjur digawa ing ngarepé para rasul, lan sakwisé ndonga, para rasul numpangké tangané ing ndhuwuré sedulur pitu mau. 7 Hasilé, pangandikané Gusti Allah terus nyebar, lan cacahé murid-murid saya mundhak akèh banget ing Yérusalèm. Sakliyané kuwi, akèh imam uga dadi wong percaya. 8 Stéfanus, sing kebak kuwasa lan welas asihé Gusti Allah, nindakké akèh perkara ajaib lan mukjijat ing antarané wong-wong. 9 Nanging, ana wong-wong Yahudi saka kelompok sing disebut Sinagogé Wong sing Dibébaské, bareng karo wong-wong Kiréné lan Alèksandria, uga wong-wong saka Kilikia lan Asia, teka kanggo bebantahan karo Stéfanus. 10 Senajan ngono, wong-wong kuwi ora sanggup nglawan Stéfanus, merga Stéfanus wicaksana lan roh suci nuntun dhèwèké wektu ngomong. 11 Banjur meneng-meneng wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong-wong liyané kanggo kandha, ”Aku kabèh krungu wong iki ngrèmèhké Musa lan Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi uga ngojok-ojoki wong-wong liyané manèh, para pemimpin, lan para ahli Taurat. Kabèh wong kuwi nggrudug Stéfanus, nangkep kanthi peksa, lan nggawa dhèwèké ing ngarepé Sanhèdrin. 13 Ana seksi-seksi palsu sing dikongkon wong-wong kuwi kanggo mara mrana, lan kandha, ”Wong iki terus-terusan ngrèmèhké baité Gusti Allah lan hukum Taurat. 14 Contoné, aku kabèh krungu dhèwèké kandha nèk Yésus wong Nazarèt bakal ngambrukké bait iki, lan ngowahi kebiasaan sing diwulangké Musa marang kita nganti turun-temurun.” 15 Kabèh sing lungguh ing Sanhèdrin padha mandeng Stéfanus, lan wong-wong kuwi ndelok wajahé Stéfanus tenang banget kaya wajahé malaékat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim