Kisah Para Rasul
6 Wektu kuwi, pas jumlahé murid-murid saya akèh, wong Yahudi sing basané Yunani padha nggrundel soal wong Yahudi sing basané Ibrani. Sing dadi masalahé yaiku soal pembagian jatah panganan saben dina.+ Wong Yahudi sing basané Yunani rumangsa nèk randha-randha sing basané Yunani ora digatèkké. 2 Mula rasul 12 nglumpukké murid-murid lan kandha, ”Ora apik* nèk aku lan rasul-rasul liyané ninggalké gawéan mulangké omongané Gusti Allah mung bèn isa mbagèk-mbagèkké panganan.+ 3 Mula sedulur-sedulur, miliha dhéwé sedulur lanang pitu sing réputasiné apik,*+ sing dituntun roh suci, lan sing wicaksana.*+ Terus, aku karo rasul-rasul liyané bakal nglantik wong-wong kuwi kanggo ngurus masalah penting iki.+ 4 Ning, aku karo rasul-rasul liyané bakal terus nggunakké kabèh wektu lan tenagaku kanggo ndonga lan mulangké omongané Gusti Allah.” 5 Kabèh murid seneng karo keputusané para rasul kuwi. Terus, murid-murid milih Stéfanus, sedulur lanang sing imané kuwat lan dituntun roh suci. Murid-murid ya milih Filipus,+ Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, lan Nikolaus, yaiku wong saka Antiokhia sing mèlu agama Yahudi.* 6 Terus, sedulur lanang pitu mau dijak ngadhep para rasul. Sakwisé ndonga, para rasul numpangké tangané ing ndhuwuré sedulur pitu mau.+
7 Hasilé, omongané Gusti Allah terus kesebar,+ lan jumlahé murid-murid dadi saya akèh banget+ ing Yérusalèm. Sakliyané kuwi, akèh imam ya dadi wong sing percaya.+
8 Stéfanus kuwi wong sing disenengi Gusti Allah lan diwènèhi Gusti Allah kuwasa sing gedhé. Stéfanus nindakké akèh perkara sing luar biasa lan mukjijat* ing antarané wong-wong. 9 Ning, ana wong-wong sing teka arep padu karo Stéfanus. Wong-wong kuwi yaiku sebagéan wong Yahudi saka kelompok sing disebut Sinagogé Wong sing Dibébaské, wong Kiréné lan Alèksandria, lan wong-wong saka Kilikia lan Asia. 10 Ning, wong-wong kuwi ora isa mbantah omongané Stéfanus merga Stéfanus wicaksana lan dituntun karo roh suci wektu ngomong.+ 11 Mula, meneng-meneng wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong liya bèn ngomong, ”Aku lan kanca-kancaku krungu wong iki ngrèmèhké Musa lan Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi ya ngojok-ojoki para pemimpin,* ahli Taurat, lan wong-wong liyané manèh. Kabèh wong kuwi nggrudug Stéfanus. Stéfanus dipeksa bèn mèlu wong-wong kuwi lan digawa ngadhep Sanhèdrin.* 13 Ana wong sing dikongkon bèn mènèhi keterangan sing ora bener. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké bola-bali ngrèmèhké baité Gusti Allah lan Taurat. 14 Contoné, aku karo kanca-kancaku krungu nèk dhèwèké ngomong Yésus wong Nazarèt kuwi bakal ngambrukké panggonan iki lan ngganti kabèh kebiasaan sing wis diwulangké Musa turun-temurun.”
15 Kabèh wong sing lungguh ing Sanhèdrin ndeloki Stéfanus. Wong-wong kuwi ndelok nèk wajahé Stéfanus tenang banget kaya wajahé malaékat.