Terusa Kuwat Ngadhepi Masalah Nganti Tuntas
”Sarta sabar mantep iku karebèn metokaké woh kang sampurna, supaya kowé dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.”—YB. 1:4.
1, 2. (a) Apa sing isa ditiru saka Gidhéon lan 300 prajurité? (Deloken gambar ndhuwur.) (b) Nurut Lukas 21:19, apa sebabé kuwat ngadhepi masalah kuwi penting?
BAYANGNA perangé bangsa Israèl sing dipimpin Gidhéon nglawan mungsuh-mungsuhé. Gidhéon lan prajurité ngoyak wong Midian sarta balané sewengi muput, nganti 32 kilomèter adohé. Alkitab kandha, ”Sarawuhé Sang Gidhéon ing bengawan Yardèn, banjur nyabrang kadhèrèkaké bala telung atus mau, sanadyan isih padha sayah.” Ning, Gidhéon isih durung menang. Dhèwèké isih kudu nglawan 15.000 tentara manèh. Bangsa-bangsa kuwi wis njajah bangsa Israèl pirang-pirang taun, mula ora gelem nyerah. Gidhéon lan balané terus ngoyak mungsuh-mungsuhé nganti kabèh dikalahké.—PH. 7:22; 8:4, 10, 28.
2 Awaké dhéwé uga lagi perang nglawan Iblis, donya sing dikuwasani Iblis, lan awaké dhéwé sing ora sampurna. Ana sing kudu ngadhepi kuwi pirang-pirang taun. Merga bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa kuwat ngadhepi. Ning, awaké dhéwé isih durung menang tenan. Kadhang kala awaké dhéwé bosen ngadhepi, utawa wis ora sabar nunggu donya jahat iki disingkirké. Yésus kandha nèk awaké dhéwé bakal ngadhepi masalah lan dianiaya ing dina-dina pungkasan. Ning Yésus uga kandha, nèk kuwat ngadhepi, awaké dhéwé isa menang. (Wacanen Lukas 21:19.) Apa maksudé kuwat ngadhepi masalah? Apa sing nggawé isa tetep kuwat? Apa sing isa ditiru saka tuladhané sing wis kuwat ngadhepi masalah? Piyé carané ”sabar mantep iku karebèn metokaké woh kang sampurna”?—Yb. 1:4.
APA MAKSUDÉ KUWAT NGADHEPI MASALAH?
3. Apa maksudé kuwat ngadhepi masalah?
3 Ing Alkitab, ”sabar mantep” utawa kuwat ngadhepi masalah kuwi maksudé ora mung ngadhepi thok, utawa mung nrima kahanan sing abot. Kuwi klebu piyé pikiran lan perasaané awaké dhéwé wektu ngadhepi masalah. Nèk kuwat ngadhepi masalah, awaké dhéwé wani, setya, lan sabar. Ana buku sing kandha, nèk awaké dhéwé kuwat ngadhepi masalah sing abot, kuwi isa nggawé awaké dhéwé nduwé pengarep-arep sing kuwat, ora gampang nyerah, lan setya. Awaké dhéwé isa seneng senajan ana masalah, merga terus ndelok berkahé timbang sengsarané.
4. Ing bab apa waé rasa tresna isa mbantu kuwat ngadhepi masalah?
4 Awaké dhéwé isa kuwat merga nduwé rasa tresna. (Wacanen 1 Korinta 13:4, 7.) Ing bab apa waé? Tresna marang Yéhuwah mbantu awaké dhéwé kuwat ngadhepi masalah sing durung disingkirké Yéhuwah. (Lk. 22:41, 42) Tresna marang para sedulur seiman mbantu awaké dhéwé nampa kekurangané. (1 Pt. 4:8) Tresna marang bojo mbantu ngadhepi ”kasusahan” ing keluarga lan nguwatké urip bebojoan.—1 Kr. 7:28.
SING NGGAWÉ TETEP KUWAT
5. Apa sebabé mung Yéhuwah sing isa mbantu?
5 Njaluka kekuwatan saka Yéhuwah. Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur”. (Rm. 15:5) Mung Yéhuwah sing paling ngerti kahanan, perasaan, lan uripé awaké dhéwé. Mula, mung Yéhuwah sing paling ngerti kabèh sing dibutuhké kanggo ngadhepi masalah. Alkitab kandha, ”Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepané, dipiyarsakaké pasambaté banjur padha diluwari.” (Ms. 145:19) Piyé carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé bèn éntuk kekuwatan kanggo ngadhepi masalah?
Yéhuwah sing paling ngerti awaké dhéwé, lan kabèh sing dibutuhké kanggo ngadhepi masalah
6. Kaya janjiné ing Alkitab, piyé carané Yéhuwah ngekèki dalan?
6 Wektu njaluk bantuané Yéhuwah kanggo ngadhepi masalah, Yéhuwah janji nèk arep ngekèki dalan. (Wacanen 1 Korinta 10:13.) Piyé carané? Kadhang kala, Yéhuwah nyingkirké masalahé. Ning, akèh-akèhé, Yéhuwah ngekèki kekuwatan sing nggawé awaké dhéwé ”ngrasakaké samubarang kabèh kalawan tumemen lan sabar”. (Kl. 1:11) Mung Yéhuwah sing paling ngerti awak, watak, lan perasaané awaké dhéwé. Mula, Yéhuwah ora bakal meneng waé ndelok kahanané awaké dhéwé saya susah nganti ora kuwat ngadhepi.
7. Awaké dhéwé butuh tuntunané Yéhuwah. Kuwi diumpamakké kaya apa?
7 Tuntunané Yéhuwah nguwatké iman. Apa sebabé tuntunané Yéhuwah kuwi penting? Bayangna wong sing arep munggah gunung sing dhuwur banget. Dhèwèké kudu mangan ping telu utawa ping papat saka biasané, bèn isa munggah tekan dhuwur. Kaya butuh mangan, awaké dhéwé uga butuh tuntunané Yéhuwah, bèn isa ngadhepi masalah lan tetep setya. Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan sinau Alkitab dhéwé lan teka ing pakumpulan ibadah. Kuwi sing nggawé imané awaké dhéwé tetep kuwat.—Yo. 6:27.
8, 9. (a) Nurut Ayub 2:4, 5, wektu ngadhepi masalah, apa waé sing isa dibuktèkké? (b) Wektu susah ngadhepi masalah, panjenengan isa mbayangké apa?
8 Élinga rasa setyamu marang Gusti Allah. Wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé ora mung ngrasakké susah. Sakjané kuwi uga isa mbuktèkké awaké dhéwé tetep setya apa ora. Carané awaké dhéwé nanggepi masalah isa mbuktèkké awaké dhéwé ndhukung wewenangé Yéhuwah apa ora. Kok isa? Iblis, mungsuhé Gusti Allah, ngécé Yéhuwah wektu kandha nèk manungsa ngabdi marang Yéhuwah mung merga péngin diberkahi. Iblis kandha, ”Sadarbèkipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang. Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhé nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.” (Ay. 2:4, 5) Apa omongané Iblis isih padha? Isih. Pirang-pirang taun sakbanjuré, wektu Iblis diuncalké saka swarga, Iblis isih terus ora percaya nèk para abdiné Yéhuwah setya saka ati. (Wy. 12:10) Saiki, Iblis isih nganggep nèk manungsa ngabdi marang Yéhuwah merga mung mikir kepentingané dhéwé. Iblis péngin banget ndelok awaké dhéwé ora gelem ngakoni wewenangé Yéhuwah lan ora ngabdi manèh.
9 Wektu panjenengan susah ngadhepi masalah, bayangna iki: Ing sisih kiwa, Iblis lan balané lagi ndelok apa sing arep ditindakké panjenengan, lan péngin panjenengan ora setya manèh. Ing sisih tengen, ana Yéhuwah, Raja Yésus Kristus, wong pilihan sing wis diuripké manèh ing swarga, lan éwon malaékat, sing uga ndelok panjenengan. Ning, sing sisih tengen kuwi padha nyemangati panjenengan, lan seneng merga panjenengan kuwat ngadhepi lan tetep setya marang Yéhuwah. Panjenengan banjur krungu Yéhuwah kandha, ”Hé anakku, dipinter, gawéa bungahing atiku, supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.”—WB. 27:11.
Yésus terus mikirké berkahé nèk kuwat ngadhepi masalah
10. Apa sing isa ditiru saka Yésus sing terus mikirké berkahé wektu ngadhepi masalah?
10 Terus mikirké berkahé. Bayangna panjenengan lagi piknik. Panjenengan kudu ngliwati terowongan sing dawa lan peteng. Ning, bar ngliwati terowongan kuwi, mesthi padhang manèh. Urip padha kaya piknik mau. Panjenengan isa waé ngalami sengsara, lan mikir kok masalahé ora ana entèké. Kuwi wis tau dirasakké Yésus. Wektu dipaku ing cagak kayu, Yésus diécé lan sengsara banget. Mbokmenawa kuwi kahanan sing paling abot ing uripé Yésus. Apa sing nggawé Yésus tetep kuwat? Alkitab kandha nèk Yésus terus mikirké ”kabungahan kang kacawisaké” marang dhèwèké. (Ib. 12:2, 3) Yésus terus mikirké berkahé nèk kuwat ngadhepi masalah. Ning sing paling penting, Yésus isa ngluhurké asmané Gusti Allah, lan ndhukung wewenangé. Yésus ngerti nèk kasusahané mung sawetara, ning berkah sing ditampa kuwi saklawasé. Mbokmenawa, panjenengan lagi ngadhepi masalah sing ora ana entèké lan ngalami sengsara, ning élinga nèk kuwi mung sawetara.
SING WIS KEBUKTI KUWAT NGADHEPI MASALAH
11. Apa sebabé perlu niru tuladhané sing wis kebukti kuwat ngadhepi masalah?
11 Awaké dhéwé ora dhèwèkan ngadhepi masalah. Kanggo nggedhèkké ati para sedulur sing ngadhepi masalah saka Iblis, rasul Pétrus kandha, ”Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowé padha sumurup yèn kabèh sadulurmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.” (1 Pt. 5:9) Pengalaman saka sing wis kebukti kuwat ngadhepi masalah nggawé awaké dhéwé ngerti carané tetep setya, njamin nèk awaké dhéwé isa kuwat ngadhepi masalah, lan ngélingké nèk terus setya bakal diberkahi. (Yb. 5:11) Gatèkna conto-conto iki.[1]—Deloken katrangan ing kaca 14.
12. Apa sing isa ditiru saka para kerub sing ana ing Èden?
12 Para kerub kuwi malaékat sing tingkatané dhuwur. Sakwisé Adam lan Kawa dosa, Yéhuwah ngekèki tugas anyar kanggo para kerub ing bumi. Tugas kuwi béda banget karo tugasé ing swarga. Tuladhané para kerub mbantu awaké dhéwé tetep nindakké tugas, senajan tugas kuwi ora gampang. Alkitab kandha, ”Sang Yéhuwah Allah banjur mrenahaké kerub sawatara ana ing sawetané patamanan Èden, kanthi pedhang murub kang mobat-mabit, kanggo njaga dalan kang anjog ing wit panguripan.”[2] (Deloken katrangan ing kaca 14.) (Pd. 3:24) Alkitab ora kandha nèk para kerub kuwi sambat utawa nganggep nèk tugas anyar kuwi mung sepélé lan ora penting. Para kerub ora bosen lan ora nyerah. Ning, para kerub terus nindakké tugasé nganti tuntas, mbokmenawa nganti Banjir Gedhé. Tugas kuwi suwéné 1.600 taun.
13. Apa sebabé Ayub isa kuwat ngadhepi masalah?
13 Ayub sing setya. Kadhang kala panjenengan lara ati wektu ana kanca utawa keluarga sing omongané nylekit. Mbokmenawa, panjenengan lara parah utawa susah banget merga sing ditresnani mati. Ora masalah piyé kahanané, tuladhané Ayub isa nggedhèkké ati panjenengan. (Ay. 1:18, 19; 2:7, 9; 19:1-3) Ayub ora ngerti alesané dhèwèké sengsara, ning dhèwèké ora nyerah. Apa sebabé Ayub isa kuwat ngadhepi masalah? Sing paling utama, merga Ayub nresnani Yéhuwah lan ora péngin nglarani atiné Yéhuwah. (Ay. 1:1) Ayub péngin nyenengké Yéhuwah wektu seneng lan susah. Yéhuwah mbantu Ayub ndelok kuwasané nganggo cara nduduhké pakaryané. Imané Ayub terus dikuwatké nganti Yéhuwah ngrampungi masalahé ing wektu sing cocog. (Ay. 42:1, 2) Apa éntuk-éntukané? ”Pangéran Yéhuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarané, sawisé ndongakaké mitrané mau sarta diparingi tikelé kang wus dadi duwèké ing mauné . . . Patiné Ayub wus tuwa banget, wus wareg anggoné ngrasakaké uripé.”—Ay. 42:10, 17.
14. Nurut 2 Korinta 1:6, piyé tuladhané Paulus isa mbantu liyané?
14 Rasul Paulus. Apa panjenengan lagi susah banget lan dianiaya? Apa panjenengan para pinituwa jemaat lan wilayah sing kewalahan merga akèh tanggung jawab? Nèk ngono, tuladhané Paulus isa mbantu. Paulus sengsara merga dianiaya lan nguwatirké para sedulur ing jemaat-jemaat. (2 Kr. 11:23-29) Ning, Paulus ora nyerah lan kuwi ngedhèkké ati liyané. (Wacanen 2 Korinta 1:6.) Nèk panjenengan kuwat ngadhepi masalah, kuwi isa nggedhèkké ati sedulur liyané.
APA PANJENENGAN KUWAT NGADHEPI MASALAH NGANTI TUNTAS?
15, 16. (a) Piyé carané bèn isa kuwat ngadhepi masalah nganti tuntas? (b) Wènèhana conto carané kuwat ngadhepi masalah?
15 Yakobus kandha, ”Sarta sabar mantep iku karebèn metokaké woh kang sampurna, supaya kowé dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.” (Yb. 1:4) Piyé carané bèn isa kuwat ngadhepi masalah nganti tuntas? Wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé perlu ngakoni nèk kudu luwih sabar, luwih apikan, utawa ora gampang nglokro. Wektu ngupaya ngadhepi masalah, sipat-sipat kuwi isa diduduhké luwih apik manèh, bèn sipat-sipaté awaké dhéwé luwih cocog karo kersané Yéhuwah.
Nèk kuwat ngadhepi masalah, sipat-sipaté awaké dhéwé bakal luwih apik manèh (Deloken paragraf 15, 16)
16 Nèk kuwat ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa dadi wong Kristen sing luwih apik. Mula, aja nganti awaké dhéwé nglanggar préntahé Yéhuwah mung merga péngin masalahé cepet rampung. Contoné, nèk lagi nglawan pikiran sing saru, aja gampang nyerah. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn isa nglawan pikiran sing salah. Apa panjenengan dimungsuhi keluarga? Aja nyerah! Kudu nduwé tékad terus ngabdi marang Yéhuwah. Hasilé, iman panjenengan marang Yéhuwah saya kuwat. Dadi, kanggo nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu isa kuwat ngadhepi masalah.—Rm. 5:3-5; Yb. 1:12.
17, 18. (a) Kuwat ngadhepi masalah nganti tuntas kuwi diumpamakké kaya apa? (b) Merga Armagédhon saya cedhak, awaké dhéwé kudu percaya tenan bab apa?
17 Awaké dhéwé kudu kuwat ngadhepi masalah ora mung sawetara wektu waé, ning nganti tekan pungkasan. Bayangna kapal sing lagi kleleb. Bèn isa slamet, wong-wong kudu renang tekan pantai. Wong sing nyerah ndhisik bakal kleleb. Semono uga, wong sing nyerah sakdurungé tekan pantai uga bakal kleleb. Nèk awaké dhéwé péngin urip saklawasé ing donya anyar, awaké dhéwé kudu terus kuwat ngadhepi masalah. Ayo, padha mikir kaya rasul Paulus sing kandha aja ”nganti kemba [nyerah]”.—2 Kr. 4:1, 16.
18 Kaya Paulus, awaké dhéwé percaya tenan nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn isa kuwat ngadhepi masalah nganti pungkasan. Paulus kandha, ”Nanging mungguhing bab iku mau kabèh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengané kang wus ngasihi kita. Sabab aku mesthèkaké, sanadyan pati utawa urip, para malaékat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana, apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhéngah titah liyané, ora bakal bisa megataké kita saka ing sihé Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita.” (Rm. 8:37-39) Pancèn, kadhang kala awaké dhéwé krasa ora kuwat ngadhepi. Ning, tirunen Gidhéon lan prajurité sing ora nyerah senajan kesel. Wong-wong kuwi ”isih padha ngoyak”.—PH. 8:4.
^ [1] (paragraf 11) Pengalamané umaté Yéhuwah jaman saiki, uga isa nggedhèkké ati panjenengan. Contoné, ing buku Tahunan 1992, 1999, lan 2008 ana pengalamané para sedulur ing Etiopia, Malawi, lan Rusia.
^ [2] (paragraf 12) Alkitab ora kandha jumlahé kerub sing dikèki tugas kuwi.