Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
1-7 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | KOLOSE 1-4
”Singkirna Kepribadian Lawas, lan Nganggoa Kepribadian Anyar”
(Kolose 3:5-9) Mula, patènana kabèh pepénginané anggota-anggota badanmu, yaiku pepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora sah, kenajisan, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni, kejahatan, lan keserakahan, sing padha karo penyembahan brahala. 6 Kabèh perkara-perkara kuwi nggawé Gusti Allah murka. 7 Mbiyèn, tumindakmu uga kaya ngono. 8 Nanging saiki, singkirna perkara-perkara iki saka awakmu, yaiku rasa murka, rasa nesu, bab-bab sing ala, utawa tembung-tembung sing ngrèmèhké, lan aja nganti tembung-tembung sing saru metu saka cangkemmu. 9 Aja padha ngapusi. Singkirna kepribadianmu sing lawas lan kebiasaanmu sing mbiyèn,
w11-IN 15/3 10 ¶12-13
Dituntun Roh Suciné Gusti Allah, Dudu Pikirané Donya Iki
12 Kepribadianku nduduhké nèk aku dituntun roh suci utawa pikirané donya? (Wacanen Kolose 3:8-10, 13.) Pikirané donya kuwi mengaruhi wong-wong kanggo nglakoni tumindak sing dihasilké badan sing dosa. (Gal. 5:19-21) Awaké dhéwé dituntun roh suci apa ora kuwi kétok pas awaké dhéwé ana masalah karo para sedulur. Contoné, pas ana sedulur sing ora nggatèkké, nglarani ati, utawa malah nindakké dosa marang awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé dituntun roh suci apa ora kuwi ya kétok saka tumindaké awaké dhéwé saben dina. Awaké dhéwé isa takon, ʼSaksuwéné nem sasi iki, apa kepribadianku wis kaya Yésus, utawa aku malah nindakké manèh kebiasaanku sing èlèk?’
13 Roh suci isa mbantu awaké dhéwé ’nyingkirké kepribadian sing lawas lan kebiasaan sing mbiyèn’, lan nganggo ”kepribadian sing anyar”. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih apikan lan sayang karo wong liya. Awaké dhéwé ya dadi luwih gampang ngapura wong liya senajan awaké dhéwé nduwé alesan kanggo nesu. Wektu ngalami tumindak ora adil, awaké dhéwé ora bakal nanggepi kuwi nganggo ”rasa dendam, rasa nesu, rasa murka, seneng nggetak-nggetak, [lan] omongan sing ngrèmèhké”. Awaké dhéwé bakal ngupaya bèn ”nduwé welas asih”.—Éf. 4:31, 32.
(Kolose 3:10-14) lan nganggoa kepribadian sing anyar, sing Gusti Allah paringké wektu kita kenal Panjenengané kanthi luwih apik, supaya kepribadian kita bakal digawé anyar lan dadi saya mirip karo kepribadiané Gusti Allah. 11 Ora ana manèh wong Yunani utawa wong Yahudi, wong disunat utawa wong ora disunat, wong asing utawa wong Skit, budhak utawa wong merdéka. Nanging, Kristus dadi sakabèhé lan kita kabèh nyawiji karo dhèwèké. 12 Mula, merga kita wong-wong pilihané Gusti Allah, sing suci lan ditresnani, duduhna katresnan, welas asih, apik ati, andhap asor, watak sing alus, lan sabar. 13 Senajan ana alesan kanggo tersinggung, terusa sabar lan padha ngapurani kanthi tulus marang siji lan sijiné. Padha kaya Yéhuwah kanthi tulus ngapurani kowé, tindakna kuwi uga. 14 Nanging sakliyané kuwi kabèh, duduhna katresnan, merga katresnan kuwi nggawé wong-wong bener-bener nyawiji.
w13-IN 15/9 21 ¶18-19
Apa Njenengan Wis Berubah?
18 Nèk péngin berubah, awaké dhéwé kudu maca lan sinau Alkitab. Ning, ora mung kuwi. Akèh wong sregep maca Alkitab lan dadi lumayan ngerti isiné. Wektu nginjil, mungkin awaké dhéwé tau ketemu karo wong sing kaya ngono. Malah, ana sing nganti apal ayat-ayat Alkitab. Ning, isa waé pandhangan lan uripé wong-wong kuwi tetep ora berubah. Apa sebabé? Bèn isa berubah lan éntuk manfaat saka Alkitab, awaké dhéwé kudu ngejarké piwulangé Alkitab mlebu ing njero ati. (Gal. 6:6) Mula, awaké dhéwé kudu ngrenungké apa sing disinaoni. Awaké dhéwé isa takon: ’Apa aku yakin nèk iki ora mung ajaran agama? Apa aku percaya nèk iki bener? Apa aku wis ngetrapké iki ing uripku, ora mung mulangké karo wong liya? Apa aku ngrasa kaya-kayané Yéhuwah ngomong langsung karo aku?’ Nèk mikirké lan ngrenungké pitakonan-pitakonan kuwi, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya dadi tambah sayang karo Yéhuwah. Nèk piwulangé Alkitab mlebu ing njero ati, awaké dhéwé bakal nggawé perubahan sing apik.—WB. 4:23; Luk. 6:45.
19 Nèk terus maca lan ngrenungké Alkitab saben dina, awaké dhéwé bakal dibantu kanggo terus ’nyingkirké kepribadian sing lawas lan kebiasaan sing mbiyèn, lan nganggo kepribadian sing anyar, sing Gusti Allah paringké wektu kita kenal Panjenengané kanthi luwih apik supaya kepribadian kita bakal digawé anyar’. (Kol. 3:9, 10) Awaké dhéwé isa terus nindakké kuwi nèk paham lan ngrasakké manfaat saka ngetrapké piwulangé Alkitab. Nèk nduwé kepribadian Kristen sing anyar, awaké dhéwé isa nglawan pengaruhé Sétan.
Wulangan Penting
(Kolose 1:13, 14) Panjenengané wis ngetokké kita saka pepeteng lan mindhah kita menyang kratoné Putrané sing ditresnani. 14 Liwat Putrané kuwi kita dibébaské nganggo tebusan, lan kuwi tegesé dosa-dosa kita diapura.
it-1-IN 1243 ¶4-6
Kratoné Allah
”Kratoné Putrané sing Ditresnani.” Sepuluh dina sakwisé munggah swarga, Yésus mènèhi murid-muridé roh suci. Kuwi bukti nèk Yésus ”wis diluhurké ing sisih tengené Gusti Allah”. Peristiwa kuwi kelakon ing Péntakosta taun 33 M. (Kis 1:8, 9; 2:1-4, 29-33) ”Perjanjian anyar” mulai kelakon kanggo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi dadi ”bangsa sing suci” sing anyar yaiku Israèl rohani.—Ibr 12:22-24; 1Ptr 2:9, 10; Gal 6:16.
Yésus saiki lungguh ing sisih tengené Gusti Allah lan dadi Kepalané jemaat. (Éf 5:23; Ibr 1:3; Flp 2:9-11) Alkitab nduduhké nèk kraton rohani, sing anggotané yaiku murid-muridé Yésus, mulai ana kèt Péntakosta taun 33 M. Wektu nulis surat kanggo wong Kristen abad pertama ing Kolose, Rasul Paulus nyebutké nèk Yésus Kristus wis nduwé kraton. Paulus ngomong, ”[Gusti Allah] wis ngetokké kita saka pepeteng lan mindhah kita menyang kratoné Putrané sing ditresnani.”—Kol 1:13; bandhingna Kis 17:6, 7.
Kratoné Kristus mulai ana kèt Péntakosta taun 33 M. Kraton kuwi dadi kraton rohani sing mréntah Israèl rohani, yaiku wong Kristen sing diurapi kanggo dadi anak-anak rohaniné Gusti Allah. (Yoh 3:3, 5, 6) Wektu nampa upahé ing swarga, wong Kristen terurap ora dadi rakyaté kraton rohaniné Kristus ing bumi, ning bakal mréntah bareng Kristus ing swarga.—Why 5:9, 10.
(Kolose 2:8) Padha ngati-atia supaya ora ana sing njiret kowé nganggo wulangané manungsa lan cara mikir sing salah sing dhasaré dudu Kristus nanging tradhisiné manungsa lan pathokan dhasar saka donya iki.
w08-IN 15/8 28 ¶8
Piwulang Penting saka Surat-Surat kanggo Jemaat ing Galatia, Éfésus, lan Kolose
2:8—Apa maksudé ”pathokan dhasar saka donya iki” sing disebutké Paulus? Kuwi maksudé perkara-perkara ing donyané Sétan. (1 Yohanes 2:16) Kuwi termasuk filsafat, kepénginan dadi sugih, lan agama palsu.
Maca Alkitab
(Kolose 1:1-20) Aku, Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, lan Timotius sedulur kita, 2 nulis surat iki kanggo para wong suci sing ana ing Kolose, yaiku sedulur-sedulur sing setya, sing nyawiji karo Kristus. Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita. 3 Aku tansah ngucap sokur marang Gusti Allah, Bapaké Gusti kita Yésus Kristus, wektu aku ndongakké kowé kabèh, 4 merga aku kabèh krungu bab imanmu marang Kristus Yésus lan katresnan sing kok duduhké marang kabèh wong suci 5 merga pangarep-arep sing wis disiapké kanggo kowé ing swarga. Wektu kowé padha krungu wulangan sing bener, yaiku kabar apik, kowé dadi padha ngerti bab pangarep-arep iki. 6 Kabar apik kuwi wis ngasilké woh lan sumebar ing saklumahing bumi. Kuwi padha kaya sing kelakon ing antaramu wiwit dina kowé krungu lan ngerti tenan sing sakbeneré bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké. 7 Kowé kabèh sinau bab kuwi saka Épafras, sedulur kita sing setya lan sing padha tak tresnani, sing ngabdi dadi budhaké Kristus demi aku kabèh. 8 Dhèwèké uga ngandhani aku kabèh bab katresnanmu, sing dihasilké liwat roh suci. 9 Kuwi sebabé, wiwit dina aku krungu bab kuwi, aku kabèh ora mandheg ndongakké kowé kabèh supaya kowé padha nduwé pangertèn sing bener bab kersané Gusti Allah, sarta sakabèhé kawicaksanan lan pemahaman rohani, 10 supaya tumindakmu pantes ing ngarsané Yéhuwah, lan kowé kabèh isa bener-bener nyenengké Panjenengané, lan uga terus nindakké apa sing apik supaya pangertènmu sing bener bab Gusti Allah saya akèh. 11 Aku uga ndonga muga-muga kuwasané Gusti Allah sing mulya nguwatké kowé kabèh, supaya kowé isa tekun ngadhepi sakabèhé kanthi sabar lan bungah. 12 Lan matur nuwun marang Gusti Allah, Bapak kita, merga Panjenengané wis nyiapké kowé kabèh kanggo nampa warisan sing wis dijanjèkké marang para wong suci sing ana ing pepadhang. 13 Panjenengané wis ngetokké kita saka pepeteng lan mindhah kita menyang kratoné Putrané sing ditresnani. 14 Liwat Putrané kuwi kita dibébaské nganggo tebusan, lan kuwi tegesé dosa-dosa kita diapura. 15 Dhèwèké kuwi gambaré Gusti Allah sing ora katon, lan dhèwèké kuwi ciptaan sing kapisan. 16 Merga, kabèh perkara sing ana ing swarga lan ing bumi digawé liwat dhèwèké, kuwi klebu perkara-perkara sing kétok lan sing ora kétok, raja, pemimpin, pamréntah, lan panguwasa. Kabèh perkara liyané digawé liwat dhèwèké lan kanggo dhèwèké. 17 Dhèwèké wis ana sakdurungé kabèh perkara liyané ana, lan liwat dhèwèké kabèh perkara liyané dadi ana, 18 lan dhèwèké kuwi kepalané badan, badan kuwi maksudé jemaat. Dhèwèké kuwi wiwitané samubarang kabèh lan sing sepisanan diuripké manèh saka antarané wong mati, supaya dhèwèké dadi sing kapisan ing samubarang kabèh, 19 merga Gusti Allah péngin supaya dhèwèké lengkap ing samubarang kabèh. 20 Sakliyané kuwi, Gusti Allah péngin supaya sakabèhé, klebu sing ana ing bumi lan sing ana ing swarga, dirukunké karo Panjenengané liwat getihé putrané, sing wis diecurké ing cagak paukuman.
8-14 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | 1 TÉSALONIKA 1-5
”Terusa Padha Nggedhèkké Ati lan Nguwatké Siji lan Sijiné”
(1 Tésalonika 5:11-13) Mula, terusa padha nggedhèkké ati lan nguwatké siji lan sijiné kaya sing lagi padha kok tindakké. 12 Saiki aku nyuwun marang kowé, sedulur-sedulur, ajènana wong-wong sing wis padha kerja mempeng ing antaramu, sing mimpin kowé kabèh ing bab anggonmu ngabdi marang Gusti, lan sing mènèhi naséhat marang kowé. 13 Duduhna nèk kowé kabèh bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi. Upayakna kanggo tetep rukun karo siji lan sijiné.
w11-IN 15/6 26 ¶12
”Ajènana Wong-Wong sing Wis Padha Kerja Mempeng ing Antaramu”
12 ”Mimpin” jemaat kuwi ora mung mulang. Istilah kuwi ya digunakké ing 1 Timotius 3:4. Paulus ngomong nèk pengawas kuwi kudu ”wong lanang sing mimpin keluargané kanthi apik, nduwé anak-anak sing manut lan tumindaké apik”. Istilah ”mimpin” sing ana ing ayat kuwi maksudé ora mung mulang anaké, ning klebu dadi conto kanggo keluarga lan ”nduwé anak-anak sing manut”. Para pinituwa dadi conto kanggo jemaat bèn kabèh anggota jemaat manut Yéhuwah.—1 Tim. 3:5.
w11-IN 15/6 28 ¶19
”Ajènana Wong-Wong sing Wis Padha Kerja Mempeng ing Antaramu”
19 Apa sing bakal njenengan tindakké nèk nampa hadiah sing digawé khusus kanggo njenengan? Njenengan mesthi bakal nggunakké barang kuwi kanggo nduduhké rasa maturnuwun. Yéhuwah wis mènèhi njenengan ”anugrah sing wujudé manungsa” liwat Yésus. Salah siji cara njenengan isanduduhké rasa maturnuwun yaiku nèk njenengan nggatèkké tenanan ceramah-ceramah sing disampèkké pinituwa lan ngupaya ngetrapké kuwi. Njenengan ya isa mènèhi komentar sing nguwatké ing perhimpunan lan ndhukung pengaturan sing digawé karo pinituwa, contoné soal nginjil. Nèk ngrasakké manfaat saka naséhaté salah siji pinituwa, njenengan isa ngomong maturnuwun karo dhèwèké. Terus, njenengan ya isa nduduhké rasa maturnuwun kanggo keluargané para pinituwa. Élinga, nèk keluargané para pinituwa kuwi kudu ngorbanké wektu ngumpulé bèn pinituwa mau isa nggatèkké jemaat.
(1 Tésalonika 5:14) Nanging aku nyuwun, sedulur-sedulur, élikna wong-wong sing ora tertib, omongna tembung-tembung sing nglipur marang wong sing cilik ati, bantunen wong sing ringkih, lan sabara marang kabèh wong.
’Tresna Iku Dikanthènana Panggawé lan ing Sajroning Kayektèn’
13 Bantunen wong-wong sing ringkih. Alkitab kandha, ”Wong kang ringkih padha bélanana. Sing sabar marang wong kabèh.” Kuwi isa nguji katresnan kita tulus apa ora. (1 Ts. 5:14) Akèh sedulur sing mauné ringkih isa dadi kuwat imané. Ning, ana sing butuh bantuan luwih akèh lan digatèkké kanthi sabar. Piyé carané mbantu? Kita isa ngajak nginjil bareng utawa ngrungokké unek-uneké lan nggunakké Alkitab kanggo nguwatké. Sakliyané kuwi, aja langsung nganggep nèk dhèwèké kuwi pancèn ”kuwat” utawa ”ringkih”. Kita kudu sadhar nèk kita kabèh kuwi ana kurangé lan ana luwihé. Rasul Paulus waé ya ngakoni nèk dhèwèké ya ana kurangé. (2 Kr. 12:9, 10) Kita kabèh perlu mbantu lan nguwatké siji lan sijiné.
w15-IN 15/2 9 ¶16
Tirunen Yésus sing Rendah Hati lan Lembut
16 Omongané awaké dhéwé. Nèk nduwé perasaan sing lembut, awaké dhéwé bakal ngomong nganggo ”tembung-tembung sing nglipur marang wong sing cilik ati”. (1 Tés. 5:14) Apa sing isa awaké dhéwé omongké? Awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé perduli lan nggatèkké wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa mènèhi pujian bèn wong kuwi isa ngerti kemampuan lan sipat-sipat apiké. Awaké dhéwé ya isa ngélingké wong kuwi nèk Yéhuwah sing narik dhèwèké, mula dhèwèké mesthi berharga banget kanggo Yéhuwah. (Yoh. 6:44) Awaké dhéwé isa ngyakinké dhèwèké nèk Yéhuwah nggatèkké umaté sing ”rempu atiné” lan ”pepes budiné”. (Ms. 34:19) Kata-kata sing lembut isa nguwatké wong sing lagi cilik ati.—WB. 16:24.
Wulangan Penting
(1 Tésalonika 4:3-6) Iki sing dadi kersané Gusti Allah yaiku supaya kowé dadi suci lan nyingkir saka hubungan sèks sing ora sah. 4 Saben wong ing antaramu kudu ngerti carané ngendhalèni badané dhéwé supaya tetep suci lan aji. 5 Kowé aja nganti niru bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah, sing nuruti nafsu sèks sing ora dikendhalèni lan ora tau puas. 6 Ora ana sing éntuk nglanggar bates lan nggawé rugi seduluré ing bab iki, merga Yéhuwah ngukum wong sing nindakké kuwi. Aku kabèh wis ngandhani kowé bab iki sakdurungé lan kanthi tegas wis ngélikké kowé.
it-2-IN 463 ¶6
Hubungan Sèks sing Ora Sah
Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah isa ditokké saka jemaat. (1Kor 5:9-13; Ibr 12:15, 16) Rasul Paulus njelaské nèk wong Kristen sing nindakké kuwi sakjané nindakké dosa kanggo badané dhéwé merga nggunakké alat kelamin kanggo tujuan sing ora bener. Akibaté, hubungané karo Yéhuwah dadi rusak, jemaat dadi kena pengaruh sing èlèk, lan dhèwèké ya isa kena penyakit sing parah merga hubungan sèks. (1Kor 6:18, 19) Dhèwèké nggawé rugi sedulur-sedulur seimané (1Tés 4:3-7) merga dhèwèké (1) nggawé jemaat dadi najis lan nduwé réputasi sing èlèk merga tumindaké sing ora nggenah (Ibr 12:15, 16), (2) nggawé wong sing dijak nindakké hubungan sèks sing ora sah kuwi dadi nduwé réputasi sing èlèk lan, nèk wong kuwi isih lajang, wong kuwi dadi ora suci manèh pas nikah, (3) nggawé keluargané dadi nduwé réputasi sing èlèk, lan (4) nggawé rugi wong tuwa, bojo, utawa tunangané wong sing dijak nindakké hubungan sèks. Dhèwèké dudu ora manut karo manungsa, merga hukumé manungsa isa waé ngijinké hubungan sèks sing ora sah. Ning, dhèwèké ora manut karo Gusti Allah lan bakal dihukum Gusti Allah.—1Tés 4:8.
(1 Tésalonika 4:15-17) Aku kabèh ngandhani kowé manut karo pangandikané Yéhuwah, yaiku nèk kita sing isih urip nganti rawuhé Gusti ora bakal ndhisiki wong-wong sing wis mati kuwi, 16 merga Gusti dhéwé bakal mudhun saka swarga lan mènèhi préntah nganggo swarané pemimpin malaékat lan trompèté Gusti Allah, lan wong-wong mati sing nyawiji karo Kristus bakal urip luwih dhisik. 17 Sakwisé kuwi, kita sing isih urip bakal digawa munggah bareng karo wong-wong kuwi ing méga-méga kanggo ketemu karo Gusti ing langit, mula kita bakal tansah bareng karo Gusti.
w15-IN 15/7 18-19 ¶14-15
”Ora Suwé Manèh Kowé Bakal Dibébaské”!
14 Apa sing bakal kelakon sakwisé Gog saka Magog mulai nyerang umaté Yéhuwah? Buku Matius lan Markus nyathet peristiwa sing padha yaiku, ”[Putrané manungsa] bakal ngutus para malaékat lan bakal nglumpukké wong-wong pilihané saka patang arah mata angin, saka pucuk bumi tekan pucuk langit.” (Mrk. 13:27; Mat. 24:31) Peristiwa sing dimaksud iki dudu pas wong Kristen terurap pertama kali dipilih utawa pas wong Kristen terurap sing isih ana ing bumi diwènèhi meterai. (Mat. 13:37, 38) Wong-wong kuwi bakal diwènèhi meterai persis sakdurungé sengsara gedhé mulai. (Why. 7:1-4) Dadi, peristiwa apa sing dimaksud Yésus? Kuwi maksudé pas wong Kristen terurap sing isih ana ing bumi akhiré munggah swarga. (1 Tés. 4:15-17; Why. 14:1) Peristiwa iki bakal kelakon ora suwé sakwisé serangané Gog saka Magog dimulai. (Yk. 38:11) Pas kuwi, kaya sing diomongké Yésus, ”wong-wong sing bener bakal padhang kaya srengéngé ing Kratoné Bapaké”.—Mat. 13:43.
15 Akèh wong sing ngaku Kristen mikir nèk wong Kristen bakal munggah swarga nganggo badan jasmaniné. Wong-wong kuwi ya ngira nèk bakal isa ndelok tekané Yésus kanggo mréntah bumi. Ning, nurut Alkitab, ”tandha Putrané manungsa” bakal ana ing langit lan Yésus bakal teka ”ing ndhuwur méga-méga langit”. (Mat. 24:30) Istilah-istilah mau nduduhké nèk tekané Yésus kuwi ora bakal isa didelok. Alkitab ya ngomong nèk ”daging lan getih ora isa nampa warisan Kratoné Allah”. Mula, wong-wong sing bakal munggah swarga kudu ”digawé malih, ing wektu sing singkat banget, ing sak kedhèpan mata, wektu trompèt sing pungkasan muni”. (Wacanen 1 Korintus 15:50-53.) Dadi, wong Kristen terurap sing isih ana ing bumi bakal dikumpulké ing wektu sing singkat banget.
Maca Alkitab
(1 Tésalonika 3:1-13) Mula, wektu aku kabèh ora isa ngempet rasa kangenku, aku kabèh mutuské luwih becik tetep manggon ing Athéna, 2 lan ngutus Timotius marang kowé. Dhèwèké kuwi sedulur kita lan abdiné Gusti Allah sing martakké kabar apik bab Kristus, kanggo nguwatké lan nglipur kowé kabèh demi imanmu, 3 supaya ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing dadi goyah merga kasangsaran-kasangsaran iki. Kowé dhéwé wis padha ngerti nèk kita ora isa nyingkiri kasangsaran kaya ngono kuwi. 4 Wektu isih bareng karo kowé, aku kabèh wis kerep ngandhani kowé sakdurungé, nèk kita bakal ngalami kasangsaran. Lan kaya sing wis kok ngertèni, yakuwi sing kelakon. 5 Mula, wektu aku saya ora isa ngempet rasa kangenku, aku ngirim Timotius marang kowé supaya aku isa ngerti bab kasetyanmu, merga aku kuwatir nèk kowé kabèh wis padha kegodha karo Iblis, lan nggawé upayaku sing mempeng dadi tanpa guna. 6 Nanging, saiki Timotius lagi waé bali marang aku kabèh sakwisé nemoni kowé lan dhèwèké nggawa kabar sing apik bab kasetyan lan katresnanmu. Dhèwèké crita nèk kowé kabèh tansah éling bab-bab sing apik saka aku kabèh, lan nèk kowé kabèh péngin banget ndang ketemu aku, padha kaya aku. 7 Kuwi sebabé sedulur-sedulur, ing sajroné kabèh kasusahan lan kasangsaranku, aku kabèh kelipur merga kowé lan kasetyan sing kok duduhké. 8 Aku kabèh dadi kuwat manèh nèk kowé kabèh terus kukuh dadi pengikuté Gusti. 9 Merga, piyé ta carané aku kabèh isa nduduhké rasa sokurku marang Gusti Allah merga kowé, lan merga kabèh kabungahan sing padha tak rasakké ing ngarsané Gusti Allah merga kowé? 10 Awan lan bengi aku kabèh nyuwun tenanan marang Gusti Allah supaya isa ketemu langsung karo kowé kabèh lan mbantu mènèhi apa sing kok butuhké kanggo nguwatké imanmu. 11 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapak kita, lan Gusti kita Yésus maringi dalan kanggo aku kabèh supaya isa marani kowé. 12 Muga-muga Gusti nggawé katresnanmu marang para sedulur seiman lan marang kabèh wong saya gedhé lan lubèr, padha kaya katresnanku marang kowé kabèh, 13 nganggo cara iki atimu bakal kuwat, tanpa cacad, lan suci ing ngarsané Gusti Allah, Bapak kita, ing mangsa rawuhé Gusti kita Yésus bareng karo para wong suciné.
15-21 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | 2 TÉSALONIKA 1-3
”Manungsa sing Nglanggar Hukum Disingkapké”
(2 Tésalonika 2:6-8) Saiki kowé ngerti sapa wong sing ngalang-alangi manungsa sing nglanggar hukum supaya ora disingkapké sakdurungé wektuné. 7 Sakjané, pelanggarané sing didhelikké lagi ditindakké, nanging kuwi didhelikké mung nganti wong sing ngalang-alangi wis ora ana manèh. 8 Sakwisé kuwi, manungsa sing nglanggar hukum iki bakal disingkapké. Dhèwèké bakal disirnakké karo Gusti Yésus nganggo napas saka tutuké lan disirnakké wektu rawuhé Gusti dadi nyata.
it-2-IN 386 ¶1
Nglayani Yéhuwah
”Pelanggaran sing didhelikké” kuwi béda karo ”rahasia suci” saka Yéhuwah. Ing jamané Rasul Paulus, wong Kristen sejati durung ngerti sapa sing dimaksud karo ”manungsa sing nglanggar hukum” merga kuwi durung dadi kelompok sing isa dikenali. Malah, sakwisé ”manungsa” kuwi dadi kelompok, akèh wong tetep ora ngerti, merga ”manungsa” kuwi nindakké kejahatan, ning ngakuné nglayani Allah. Mula, wong-wong kuwi sakjané murtad merga ora nglayani Yéhuwah. Paulus kandha nèk ”pelanggaran sing didhelikké” iki wis ana kèt jamané Paulus merga ana pengaruh sing nggawé wong-wong ing jemaat Kristen dadi murtad. Akhiré, wong-wong iki bakal disingkirké wektu Yésus Kristus teka. ”Manungsa” sing dikendhalèni Sétan iki bakal ”nganggep dhèwèké luwih unggul ketimbang kabèh sing disebut allah utawa sing disembah karo wong-wong” (Yn., sebasma). Mula, wong-wong sing digunakké Sétan kanggo nantang Gusti Allah iki bakal ngapusi lan nggawé wong-wong sing dadi pengikuté ya mèlu disirnakké. ”Manungsa sing nglanggar hukum” iki isa mengaruhi wong akèh merga ngakuné nglayani Gusti Allah, padahal nindakké kejahatan.—2Tés 2:3-12; bandhingna Mat 7:15, 21-23.
(2 Tésalonika 2:9-12) Manungsa sing nglanggar hukum kuwi teka merga Sétan, sing mènèhi dhèwèké kuwasa kanggo nindakké kabèh perkara sing nggumunké, mukjijat sing ngapusi, perkara-perkara ajaib, 10 lan kabèh tumindak ngapusi sing licik. Kabèh kuwi nyasarké wong-wong sing bakal sirna, sing dihukum merga ora saktulusé ati nampa wulangan sing bener sing isa nylametké wong-wong kuwi. 11 Kuwi sebabé Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi disasarké nganggo wulangan palsu, mula wong-wong kuwi percaya karo tembung-tembung sing ngapusi, 12 supaya wong-wong kuwi isa dihukum merga ora percaya marang apa sing bener nanging padha seneng marang apa sing salah.
it-1-IN 617 ¶6
Ngapusi
Gusti Allah Yéhuwah ngejarké bèn wong-wong sing milih kanggo ”disasarké nganggo wulangan palsu” dadi luwih ”percaya karo tembung-tembung sing ngapusi” ketimbang karo kabar apik soal Yésus. (2Tés 2:9-12) Kuwi kaya sing dialami raja Israèl sing jenengé Ahab atusan taun sakdurungé. Ana nabi-nabi sing ngapusi Ahab. Nabi-nabi kuwi ngomong nèk Ahab bakal menang wektu perang nglawan Ramot-giléad. Ning, nabiné Yéhuwah sing jenengé Mikaya ngramalké nèk Ahab bakal kalah. Yéhuwah mènèhi penglihatan Mikaya sing nduduhké nèk Yéhuwah ngijinké salah siji malaékaté nggawé para nabiné Ahab ngomong ora bener. Malaékat mau mengaruhi para nabi kuwi bèn ora ngomongké sing bener, ning ngomongké apa sing dipéngini para nabi kuwi lan apa sing péngin dirungokké karo Ahab. Senajan wis dikandhani, Ahab milih kanggo diapusi karo nabi-nabi kuwi. Hasilé, Ahab mati.—1Ra 22:1-38; 2Bb 18.
Wulangan Penting
(2 Tésalonika 1:7, 8) Nanging, kowé kabèh sing ngalami kasangsaran bakal dibébaské bareng karo aku kabèh, wektu Gusti Yésus nduduhké kuwasané saka swarga bareng karo para malaékaté sing kuwat 8 ing geni sing mulad-mulad, kanggo ngukum wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora manut kabar apik bab Gusti kita Yésus.
it-1-IN 159 ¶3
Geni
Pétrus nulis nèk ”langit lan bumi sing saiki ana disimpen kanggo disirnakké nganggo geni”. Nèk didelok saka ayat-ayat sakdurungé lan ayat-ayat liyané, kuwi dudu geni tenanan. Kuwi maksudé ”langit lan bumi” bakal disirnakké kanggo saklawasé. Ning, kuwi kaya Banjir Gedhé pas jamané Nuh. Banjir kuwi ora ngancurké langit lan bumi, ning mung wong-wong sing jahat. Mula, pas Yésus Kristus lan para malaékaté disingkapké ing geni sing mulad-mulad, sing disirnakké kanggo saklawasé kuwi ya mung wong-wong sing ora manut Gusti Allah lan pamréntahané sing jahat.—2Ptr 3:5-7, 10-13; 2Tés 1:6-10; bandhingna Yé 66:15, 16, 22, 24.
(2 Tésalonika 2:2) supaya kowé aja cepet bingung utawa dadi ora tenang menawa ana kabar nèk dinané Yéhuwah wis teka, senajan kabar kuwi kétoké saka Gusti Allah, utawa kowé krungu saka wong liya, utawa kowé maca ing surat sing kétoké saka aku kabèh.
it-1-IN 1023 ¶4–1204 ¶1, 2
Ilham
’Kabar saka Gusti Allah’—sing Bener lan sing Salah. Kata Yunani pneuʹma (roh) digunakké ing tulisan-tulisané para rasul. Contoné ing 2 Tésalonika 2:2, Rasul Paulus ngongkon sedulur-sedulur ing Tésalonika bèn ora ”bingung utawa dadi ora tenang menawa ana kabar nèk dinané Yéhuwah wis teka, senajan kabar kuwi kétoké saka Gusti Allah [utawa, ”roh”], utawa kowé krungu saka wong liya, utawa kowé maca ing surat sing kétoké saka aku kabèh.” Paulus nggunakké kata pneuʹma (roh) kanggo kata-kata sing ana hubungané karo komunikasi, contoné ”krungu saka wong liya” utawa ”surat”. Mula, Commentary on the Holy Scriptures sing digawé karo Lange (hlm. 126) ngomong, ”Maksudé Paulus yaiku naséhat rohani, ramalan sing ora tenanan, omongané nabi.” (Diterjemahké lan di-edit karo P. Schaff, 1976) Word Studies in the New Testament sing digawé karo Vincent ngomong, ”Liwat roh. Liwat ramalan saka wong-wong ing perhimpunan Kristen sing ngaku nduwé wewenang kanggo nyingkapké rahasia saka Gusti Allah.” (1957, Jil. IV, hlm. 63) Senajan ana akèh penerjemah sing nerjemahké pneuʹma dadi ”roh” ing ayat kuwi utawa ing kasus-kasus liyané, ana penerjemah sing nerjemahké kata kuwi dadi ”kabar saka Roh” (The Bible—An American Translation), ”ramalan” (The Jerusalem Bible), ”ilham” (D’Ostervald; Segond [Prancis]), ’kabar saka Gusti Allah’ (bi7).
Kata-katané Paulus njelaské nèk ʼkabar saka Gusti Allah’ kuwi ana sing bener lan ana sing salah. Dhèwèké nyebutké soal kuwi ing 1 Timotius 4:1 wektu kandha nèk ”pangandikané Gusti Allah [liwat roh suci] cetha ngandhani, nèk sukmbèn bakal tekan mangsané sapérangan wong padha kélangan iman, ngrungokké omongan sing nyasarké sing kétoké saka Gusti Allah, lan ngrungokké ajarané roh-roh jahat”. Ayat iki nduduhké nèk sumberé ʼkabar saka Gusti Allah’ kuwi sakjané saka para hantu. Penglihatan sing ditampa rasul Yohanes soal ”telung omongan sing najis” ya ndhukung soal kuwi. Ing penglihatan kuwi, Yohanes ndelok nèk omongan sing najis kuwi kétok kaya kodhok sing metu saka cangkemé naga, kéwan buas, lan nabi palsu. Yohanes nyebutké nèk omongan-omongan kuwi ”asalé saka roh-roh jahat” lan dienggo ngumpulké raja-raja ing bumi kanggo mèlu perang Armagédon.—Why 16:13-16.
Mula, Yohanes ngongkon wong Kristen kanggo ʼnguji dhisik apa piwulang kuwi pancèn asalé saka Gusti Allah’. (1Yoh 4:1-3; bandhingna Why 22:6) Terus, dhèwèké nduduhké nèk kabar saka Gusti Allah kuwi diwènèhké liwat jemaat Kristen sing sejati, dudu liwat sumber-sumber liyané sing ora manut ajarané Kristus. Omongané Yohanes iki asalé saka Yéhuwah. Ning, nèk misalé omongané Yohanes iki dudu saka Yéhuwah, surat Yohanes iki isa dadi dhasar sing kuwat kanggo ngomong, ”Sapa waé sing kenal Gusti Allah padha ngrungokké kita. Nanging, sapa waé sing asalé ora saka Gusti Allah, ora ngrungokké kita. Nganggo cara iki, kita isa mbédakké endi piwulang sing bener lan endi piwulang sing salah.” (1Yoh 4:6) Yohanes ora meksa bèn omongané ditampa. Ning, Yohanes nduduhké nèk dhèwèké lan wong Kristen sejati liyané nduduhké woh sing dihasilké roh suciné Gusti Allah, utamané katresnan. Liwat omongan sing bener lan tumindak sing apik, Yohanes lan wong Kristen sejati liyané ya mbuktèkké nèk ”mlaku ing pepadhang” lan bersatu karo Gusti Allah.—1Yoh 1:5-7; 2:3-6, 9-11, 15-17, 29; 3:1, 2, 6, 9-18, 23, 24; bandhingna Tit 1:16.
Maca Alkitab
(2 Tésalonika 1:1-12) Saka Paulus, Silvanus, lan Timotius, kanggo jemaat Tésalonika sing nyawiji karo Gusti Allah, Bapak kita, lan karo Gusti Yésus Kristus: 2 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus. 3 Sedulur-sedulur, aku kabèh wajib tansah ngucap sokur marang Gusti Allah tumrap kowé kabèh. Iki wis sakmesthiné, merga imanmu saya kuwat lan kowé saya nresnani siji lan sijiné. 4 Mula, aku kabèh bangga nyritakké bab kowé kabèh marang jemaat-jemaaté Gusti Allah, merga kowé kabèh tetep tekun lan nduwé iman wektu ngalami akèh aniaya lan kasusahan. 5 Kuwi bukti nèk keputusané Gusti Allah pancèn bener, lan kuwi nggawé kowé dianggep pantes kanggo mlebu ing Kratoné Allah, sing merga kuwi kowé saiki ngalami sengsara. 6 Merga Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané bakal maringi hukuman marang wong-wong sing nggawé kowé sengsara. 7 Nanging, kowé kabèh sing ngalami kasangsaran bakal dibébaské bareng karo aku kabèh, wektu Gusti Yésus nduduhké kuwasané saka swarga bareng karo para malaékaté sing kuwat 8 ing geni sing mulad-mulad, kanggo ngukum wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora manut kabar apik bab Gusti kita Yésus. 9 Wong-wong kuwi bakal dihukum yaiku disirnakké saklawasé, disingkirké saka ngarsané Gusti lan saka kuwasané sing mulya, 10 wektu dhèwèké teka kanggo dimulyakké bareng karo para wong suciné, lan supaya kabèh wong sing nduwé iman padha nggumun marang dhèwèké, klebu kowé kabèh, merga kowé nduwé iman marang kesaksian sing padha tak wènèhké marang kowé. 11 Mula, aku kabèh tansah ndonga kanggo kowé, supaya Gusti Allah kita nganggep kowé kabèh pantes nampa undangan sing wis Gusti Allah paringké, lan supaya nganggo kuwasané, Panjenengané nyampurnakké kabèh bab sing apik sing dadi kersané lan kabèh sing padha kok tindakké merga iman. 12 Iki supaya jenengé Gusti kita Yésus isa dimulyakké liwat kowé, lan kowé dimulyakké merga nyawiji karo dhèwèké, cocog karo welas asih sing nggumunké saka Gusti Allah kita lan saka Gusti Yésus Kristus.
22-28 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | 1 TIMOTIUS 1-3
”Ngupaya Nindakké Gawéan sing Apik”
(1 Timotius 3:1) Omongan iki isa dipercaya: Nèk wong lanang ngupaya dadi pengawas, wong kuwi péngin nindakké gawéan sing apik.
Apa Panjenengan Perlu Ngabdi marang Yéhuwah Luwih Apik Manèh?
3 Wacanen 1 Timotéus 3:1. Rasul Paulus ngalem sedulur-sedulur lanang sing ngupaya dadi pinituwa. Nèk ana wong sing péngin éntuk barang sing angèl dijupuk, wong kuwi kudu ngupaya tenanan nganti isa kecekel barangé. Semono uga, sedulur lanang sing péngin dadi abdiné jemaat kudu ngupaya tenanan bèn nduwé sipat-sipat sing cocog karo syarat kanggo abdiné jemaat ing Alkitab. Nèk wis dadi abdiné jemaat, dhèwèké isih kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi pinituwa.
(1 Timotius 3:13) Merga wong lanang sing nglayani kanthi apik bakal nduwé réputasi apik lan nduwé kebébasan kanggo ngomong bab imané marang Kristus Yésus.
km-E 9/78 4 ¶7
Wong-Wong sing ”Nduwé Réputasi Apik”
7 Mula, awaké dhéwé dadi ngerti apa sebabé Paulus ngomong nèk para sedulur kuwi ”nduwé réputasi apik”. Kuwi dudu maksudé bakal éntuk kenaikan jabatan. Ning, para abdiné jemaat ”sing nglayani kanthi apik” bakal diberkahi Yéhuwah lan Yésus. Wong-wong kuwi ya bakal diajèni lan didhukung para sedulur ing jemaat. Wong-wong kuwi ”nduwé kebébasan kanggo ngomong bab imané marang Kristus Yésus”. Para sedulur kuwi diajèni merga pelayanané. Para sedulur kuwi nduwé iman sing kuwat lan kebébasan kanggo ngomong.
Wulangan Penting
(1 Timotius 1:4) utawa nggatèkké crita-crita palsu lan silsilah. Kabèh perkara kuwi ora ana gunané lan mung marahi wong-wong ngomongké perkara-perkara sing ora isa dibuktèkké, lan ora ana hubungané karo apa sing wis disedhiakké Gusti Allah kanggo nguwatké iman.
it-2-IN 819 ¶2
Silsilah
Sinau lan ngrembug soal silsilah kuwi ora ana gunané, apa manèh pas jamané Rasul Paulus nulis surat kanggo Timotius. Wektu kuwi cathetan silsilah wis ora dibutuhké manèh kanggo nduduhké leluhuré salah siji wong merga Gusti Allah wis ora mbédak-mbédakké manèh antarané wong Yahudi lan sing dudu Yahudi ing jemaat Kristen. (Gal 3:28) Cathetan silsilah wis nduduhké nèk Kristus kuwi keturunané Daud. Terus, ora suwé sakwisé Paulus nulis naséhat iki, Yérusalèm bakal dihancurké. Pas kuwi, Gusti Allah ngejarké cathetan silsilahé wong Yahudi mèlu disirnakké. Mula, Paulus kuwatir nèk Timotius lan para sedulur ing jemaat nggunakké akèh wektu kanggo sinau lan padu soal silsilah iki, padahal kuwi ora ana hubungané karo ajaran Kristen. Silsilah sing ana ing Alkitab wis cukup kanggo nduduhké sapa Mésias kuwi, lan kuwi sing paling penting kanggo wong Kristen. Cathetan silsilah liyané kuwi mung kanggo nduduhké nèk Alkitab kuwi buku sejarah sing isa dipercaya.
(1 Timotius 1:17) Muga-muga Raja sing langgeng, yaiku Gusti Allah sing ésa, sing ora isa sirna, lan sing ora kétok, dihormati lan diluhurké saklawas-lawasé. Amin.
cl-IN 12 ¶15
”Iki Sanyata Gusti Allah Kita”
15 Yéhuwah nduwé sebutan sing liyané yaiku ”Gusti Allah kang langgeng.” Sebutan kuwi mung kanggo Yéhuwah. (1 Timotius 1:17; Wahyu 15:3) Apa artiné sebutan kuwi? Awaké dhéwé mungkin ora isa mbayangké, ning Yéhuwah kuwi langgeng saka jaman mbiyèn nganti masa depan. Jabur 90:2 kandha, ”Wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.” Dadi, Yéhuwah kuwi ora diciptakké. Yéhuwah terus ana. Yéhuwah disebut ”Kang Sepuh ing Yuswa” merga Dhèwèké wis ana sakdurungé sing liyané ana. (Danièl 7:9, 13, 22) Mula, Yéhuwah ya pantes disebut Sing Mahakuwasa.
Maca Alkitab
(1 Timotius 2:1-15) Sing sepisanan, aku njaluk supaya panyuwun, donga, penjaluk kanggo wong liya, uga ucapan sokur diucapké demi kabèh wong, 2 demi raja-raja lan kabèh panguwasa, supaya kita isa urip kanthi tenang lan tentrem, isa ngabdi marang Gusti Allah kanthi saktulusé ati, uga nindakké kabèh perkara kanthi tenanan. 3 Iki apik lan nyenengké ing ngarsané Gusti Allah, Juru Slamet kita, 4 sing ngersakké supaya kabèh wong dislametké lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener. 5 Ana Gusti Allah siji, lan perantara siji antarané Gusti Allah lan manungsa, yaiku sawijiné manungsa, Kristus Yésus, 6 sing ngurbanké uripé dadi tebusan kanggo kabèh wong. Kuwi kesaksian sing bakal diwènèhké ing wektu sing ditemtokké. 7 Aku dilantik dadi penginjil lan rasul kanggo mènèhi kesaksian bab kuwi. Aku dadi guruné bangsa-bangsa liya kanggo mulang bab iman lan apa sing bener. Apa sing tak omongké iki bener, aku ora ngapusi. 8 Mula, aku péngin supaya ing saben panggonan, wong-wong lanang terus ndonga, ngangkat tangané sing suci, tanpa nesu utawa padu. 9 Semono uga, wong-wong wadon kudu dandan nganggo klambi sing pantes, kanthi sedherhana, lan nduwé pertimbangan sing apik, gaya rambuté ora anèh-anèh lan ora nganggo emas, mutiara, utawa klambi sing larang banget, 10 nanging kudu ndandani awaké nganggo tumindak sing apik, kaya sak pantesé wong wadon sing ngaku ngabdi marang Gusti Allah. 11 Wektu sinau, wong wadon kudu tetep meneng lan bener-bener tundhuk karo wong lanang. 12 Aku ora ngijinké wong wadon mulang utawa nguwasani wong lanang. Nanging, dhèwèké kudu tetep meneng. 13 Sebab, Adam digawé luwih dhisik, bar kuwi lagi Hawa. 14 Apa manèh, Adam ora kapusan, nanging wong wadon kuwi sing bener-bener kapusan banjur nglanggar préntahé Gusti Allah. 15 Senajan ngono, wong wadon bakal tetep aman nèk nglairké anak, angger wong wadon mau tetep nduwé iman, katresnan, tetep suci, lan nduwé pertimbangan sing apik.
29 JULI–4 AGUSTUS
SINAU SAKA ALKITAB | 1 TIMOTIUS 4-6
”Pilih Mburu Bandha utawa Nglayani Yéhuwah?”
(1 Timotius 6:6-8) Pancèn, ana keuntungan sing gedhé kanggo wong sing ngabdi marang Gusti Allah lan puas karo apa sing diduwèni. 7 Kita ora nggawa apa-apa wektu lair ing donya, lan kita uga ora nggawa apa-apa wektu kita mati. 8 Dadi, nèk wis nduwé panganan lan sandhangan, kita bakal puas karo bab-bab iki.
w03-IN 1/6 9 ¶1-2
Sinau Rahasiané Ngrasa Puas
Sing nggawé Paulus bahagia kuwi merga dhèwèké puas karo apa sing diduwèni. Apa maksudé? Kuwi maksudé puas karo kebutuhan dhasar. Paulus ngandhani kanca nginjilé, yaiku Timotius, ”Pancèn, ana keuntungan sing gedhé kanggo wong sing ngabdi marang Gusti Allah lan puas karo apa sing diduwèni. Kita ora nggawa apa-apa wektu lair ing donya, lan kita uga ora nggawa apa-apa wektu kita mati. Dadi, nèk wis nduwé panganan lan sandhangan, kita bakal puas karo bab-bab iki.”—1 Timotius 6:6-8.
Paulus njelaské hubungané ngrasa puas karo nglayani Gusti Allah. Paulus ngerti nèk dhèwèké isa bahagia, dudu merga mburu bandha, ning merga ngutamakké Yéhuwah. Paulus nganggep nèk ”panganan lan sandhangan” kuwi mung kanggo ndhukung bèn dhèwèké isa terus nglayani Yéhuwah. Dadi, ora soal piyé keadaané, Paulus isa terus ngrasa puas merga dhèwèké ngendelké Yéhuwah.
(1 Timotius 6:9) Nanging, wong sing nduwé tékad kanggo dadi sugih bakal kegodha, kejiret, lan kejebak karo kabèh pepénginan sing tanpa guna lan nggawé rugi, sing nyebabké wong-wong kuwi ngalami cilaka lan pati.
g-IN 6/07 6 ¶3
Bahayané Nèk Mburu Bandha
Pancèn, mburu bandha kuwi ora nyebabké kematian kanggo akèh-akèhé wong. Ning, wong sing mburu bandha kuwi biasané ora ngrasa puas. Terus, merga ngrasa strès ing gawéan utawa merga nduwé masalah keuangan, wong-wong kuwi ya isa ngalami masalah keséhatan sing isa nggawé wong-wong kuwi cepet mati. Contoné, serangan panik, ora isa turu, mumet, utawa lara maag. Malah, senajan akhiré dhèwèké ngerti nèk kudu berubah, mungkin kuwi wis telat. Dhèwèké mungkin dadi nduwé masalah ing urip bebojoané. Hubungané karo anak-anaké ya wis ora akrab manèh. Dhèwèké mungkin ya ngalami masalah keséhatan. Mungkin ana akibat sing isa diatasi, ning kuwi ora gampang. Wong-wong sing kaya ngono bener-bener wis ”nglarani awaké nganggo akèh kasangsaran”.—1 Timotius 6:10.
(1 Timotius 6:10) Tresna marang dhuwit kuwi salah siji dhasar saka akèh kejahatan, lan merga terus nduwé tresna kaya ngono kuwi, ana sing ninggalké iman lan nglarani awaké nganggo akèh kasangsaran.
g-IN 11/08 6 ¶4-6
Nem Cara Bèn Awaké Dhéwé Suksès
Kaya sing dibahas ing artikel pertama, wong sing mburu bandha merga péngin suksès kuwi sakjané lagi ngoyak bayangan. Dhèwèké isa waé dadi gela lan ngalami kesusahan. Contoné, merga mburu bandha, wong kuwi isa waé ngorbanké hubungané karo keluargané utawa kanca-kancané. Ana manèh sing dadi kurang turu merga gawéané utawa merga terus-terusan ngrasa kuwatir. Kohèlèt 5:12 kandha, ”Turuné wong sing kerja keras kuwi kepénak, ora masalah mangané sithik utawa akèh; ning wong sing sugih malah angèl turu.”—Hebrew Names Version.
Dhuwit kuwi ora mung majikan sing kejem, ning ya isa ngapusi. Yésus Kristus tau ngomong soal ”daya apus-apusé kasugihan”. (Markus 4:19) Ana sing ngomong nèk dadi sugih kuwi mesthi bahagia, ning nyatané ora ngono. Kuwi malah nggawé awaké dhéwé ora tau ngrasa puas. Kohèlèt 5:10 kandha, ”Wong sing nresnani dhuwit kuwi ora tau ngrasa puas.”—The New English Bible.
Dadi, wong sing mburu bandha biasané bakal ngrasa gela, strès, utawa malah ana sing nganti nindakké kejahatan. (Wulang Bebasan 28:20) Awaké dhéwé bahagia nèk seneng mènèhi, seneng ngapura, manut pathokan moralé Yéhuwah, nduwé katresnan, lan ngupaya tetep cedhak karo Yéhuwah.
Wulangan Penting
(1 Timotius 4:2) sing diwulangké karo wong-wong munafik sing seneng ngapusi, sing hati nuraniné wis mati rasa.
Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah
17 Rasul Paulus kandha, ”Jaganen hati nuranimu tetep apik.” (1 Pétrus 3:16) Nèk terus-terusan ora manut karo pathokané Yéhuwah, wong isa dadi ora rumangsa salah manèh wektu nggawé kesalahan. Paulus kandha nèk hati nuraniné wong mau ”wis mati rasa” kaya dicap nganggo wesi panas. (1 Timotius 4:2) Wektu ngalami luka bakar sing parah, kulité awaké dhéwé isa dadi mati rasa. Nèk awaké dhéwé terus-terusan nglanggar pathokané Yéhuwah, hati nuraniné awaké dhéwé ya isa dadi ”mati rasa” lan akhiré rusak.
(1 Timotius 4:13) Nganti aku teka, terusa ngupaya tenanan anggonmu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang.
it-2-IN 340 ¶2-3
Maca ing Ngarepé Wong Akèh
Ing Jemaat Kristen. Ing abad pertama, mung ana sithik sing nduwé salinan gulungan-gulungan Alkitab. Mula, kudu ana sing macakké kuwi ing ngarepé wong akèh. Rasul Paulus ngongkon bèn surat-suraté diwacakké ing perhimpunan-perhimpunan Kristen. Rasul Paulus ya ngongkon bèn surat-surat kuwi ditukerké karo surat-surat sing dikirimké kanggo jemaat liya bèn isa diwacakké ing saben jemaat. (Kol 4:16; 1Tès 5:27) Paulus ngandhani pengawas Kristen sing isih enom, yaiku Timotius, kanggo ngupaya ”maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang”.—1Tim 4:13.
Maca ing ngarepé wong akèh kuwi kudu lancar. (Hb 2:2) Merga maca ing ngarepé wong akèh kuwi ya kanggo mulang wong liya, sing maca kudu bener-bener ngerti apa sing diwaca lan ngerti tenanan apa sing dimaksud karo penulisé. Sing maca ya kudu ngupaya bèn sing ngrungokké aja nganti éntuk gagasan sing klèru. Nurut Wahyu 1:3, wong-wong sing macakké ramalan, klebu sing ngrungokké lan ngetrapké kuwi, bakal padha-padha bahagia.
Maca Alkitab
(1 Timotius 4:1-16) Nanging, pangandikané Gusti Allah cetha ngandhani, nèk sukmbèn bakal tekan mangsané sapérangan wong padha kélangan iman, ngrungokké omongan sing nyasarké sing kétoké saka Gusti Allah, lan ngrungokké ajarané roh-roh jahat, 2 sing diwulangké karo wong-wong munafik sing seneng ngapusi, sing hati nuraniné wis mati rasa. 3 Wong-wong kuwi nglarang wong kanggo nikah lan nglarang wong kanggo mangan sapérangan panganan, padahal Gusti Allah wis nyedhiakké kuwi kanggo dipangan kanthi rasa sokur karo wong-wong sing nduwé iman lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener. 4 Kabèh ciptaané Gusti Allah kuwi apik, lan ora ana sing kudu ditolak nèk kuwi dipangan kanthi rasa sokur, 5 merga panganan kuwi disucèkké liwat pangandikané Gusti Allah lan donga. 6 Nganggo cara mènèhi naséhat iki marang para sedulur, kowé bakal dadi pelayané Kristus Yésus sing apik, sing wis diwulang nganggo pangandika bab iman kita lan bab ajaran sing apik sing saksuwéné iki bener-bener kok turuti. 7 Tolaken crita-crita palsu sing ngrèmèhké Gusti Allah, kaya sing biasa dicritakké wong-wong. Nanging, latihen awakmu kanthi tujuan kanggo ngabdi marang Gusti Allah. 8 Latihan jasmani kuwi paédahé mung sithik, nanging ngabdi marang Gusti Allah kuwi mènèhi paédah ing kabèh bab, merga mènèhi berkah kanggo urip saiki lan kanggo urip sukmbèn. 9 Omongan kuwi isa dipercaya lan isa ditampa sakabèhé. 10 Kuwi sebabé kita mempeng nyambut gawé lan berjuang, merga kita ngarep-arep marang Gusti Allah sing urip, Juru Slameté kabèh wong, utamané wong-wong sing setya. 11 Terus wènèhna préntah-préntah iki lan wulangna bab-bab iki. 12 Aja ana wong sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom. Nanging, dadia tuladha kanggo wong-wong sing setya, ing bab omongan, tumindak, katresnan, iman, lan kemurnian. 13 Nganti aku teka, terusa ngupaya tenanan anggonmu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang. 14 Aja nglalèkké anugrah saka Gusti Allah, sing kok tampa wektu badan pinituwa numpangké tangané ing sirahmu, sing cocog karo ramalané para pinituwa kuwi bab kowé. 15 Pikirna tenanan kabèh bab iki, lan ngupayaa tenanan kanggo nindakké kuwi, supaya kemajuanmu kétok cetha marang kabèh wong. 16 Terus gatèkna cara uripmu lan wulanganmu. Terusa nindakké bab-bab iki kanthi tekun, merga nganggo cara kuwi, kowé bakal nylametké nyawamu lan wong-wong sing ngrungokké kowé.