Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
5-11 AGUSTUS
SINAU SAKA ALKITAB | 2 TIMOTIUS 1-4
”Roh Suci saka Gusti Allah ’Ora Nggawé Kita Dadi Wedi’”
(2 Timotius 1:7, ctn.) Roh suci sing diparingké Gusti Allah marang kita ora nggawé kita dadi wedi, nanging kuwi ngasilké kuwasa, katresnan, lan pikiran sing séhat.
w09-IN 15/5 15 ¶9
Cah-Cah Enom—Gawéa Kemajuan Rohani
9 Kanggo mbantu Timotius, Paulus ngandhani dhèwèké, ”Roh suci sing diparingké Gusti Allah marang kita ora nggawé kita dadi wedi, nanging kuwi ngasilké kuwasa, katresnan, lan pikiran sing séhat.” (2 Tim. 1:7, ctn.) Nduwé ”pikiran sing séhat” berarti nduwé cara mikir sing masuk akal lan nduwé pertimbangan sing apik. Kuwi berarti ya nduwé kesanggupan kanggo ngadhepi keadaan apa waé, klebu keadaan sing ora nyenengké. Cah enom sing ora wani ngadhepi keadaan sing angèl biasané padha pilih turu, nonton tv, ngombé-ngombé alkohol, nggunakké narkoba, pésta-pésta, utawa nindakké hubungan sèks sing ora sah. Wong Kristen éntuk naséhat ”kanggo nolak apa sing ora cocog karo kersané Gusti Allah” lan ”kanggo nolak pepénginan marang bab-bab sing ala saka donya iki”.—Tit. 2:12.
(2 Timotius 1:8) Mula, aja isin mènèhi kesaksian bab Gusti kita utawa bab aku sing dipenjara demi Gusti. Nanging, mèlua sengsara demi kabar apik kanthi cara ngendelké kuwasané Gusti Allah.
w03-IN 1/3 9 ¶7
Dadia Kendel lan Kuwat!
7 Ing suraté, Paulus ngomong karo Timotius, ”Roh suci sing diparingké Gusti Allah marang kita ora nggawé kita dadi wedi, nanging kuwi ngasilké kuwasa . . . Mula, aja isin mènèhi kesaksian bab Gusti kita.” (2 Timotius 1:7, 8; Markus 8:38) Bar maca kuwi, awaké dhéwé isa ngrenungké, ʼApa aku wedi nyritakké imanku, utawa apa aku kendel crita soal kuwi? Ing gawéan (utawa ing sekolah), apa aku ngandhani kancaku nèk aku Seksi Yéhuwah, utawa apa aku ngupaya bèn ora ana sing ngerti? Apa aku isin merga béda karo wong-wong liyané, utawa apa aku wani béda saka wong liya merga hubunganku karo Yéhuwah?’ Nèk wedi kanggo nginjil utawa ora wani béda karo wong liyané, awaké dhéwé kudu ngéling-éling naséhaté Yéhuwah kanggo Yosua. Yéhuwah ngomong, ”Disantosa lan ditatag atimu.” Élinga, sing penting kuwi dudu pandhangané kanca kerja utawa kanca sekolah, ning pandhangané Yéhuwah lan Yésus Kristus.—Galatia 1:10.
Wulangan Penting
(2 Timotius 2:3, 4) Merga dadi prajurité Kristus Yésus sing apik, mèlua ngalami sengsara. 4 Wong sing dadi prajurit ora mèlu nindakké urusan bisnis, merga dhèwèké péngin nyenengké wong sing nglebokké dhèwèké dadi prajurit.
Ngupaya ”Bandha kang Sanyata”
13 Timotéus uga nduwé iman sing kuwat. Paulus nyebut Timotéus dadi ’prajurité Yésus’, banjur kandha, ”Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripané, supaya marga saka mangkono iku ndadèkaké senengé komandhané.” (2 Tm. 2:3, 4) Saiki, para pelayan sepenuh-waktu sing cacahé luwih saka sak yuta sarta para muridé Yésus sing liyané, ngupaya kanggo ngetrapké naséhaté Paulus. Wong-wong kuwi ora gelem kegodha karo iklan-iklan sing ditawakké donya sing srakah iki, merga éling karo kandhané Alkitab, ”Sapa kang utang, dadi baturé kang motangaké.” (WB. 22:7) Sétan péngin kita nggunakké wektu lan tenaga kanggo mburu bandha. Nèk ora ngati-ati, ana sing kudu nanggung utang gedhé nganti pirang-pirang taun kanggo mbayar omah, mobil, sekolah, utawa kanggo ragad nikah. Kita perlu ngupaya urip sedherhana, ora kakèhan utang, lan ora boros. Kuwi tegesé ”duwé akal”. Kuwi isa mbantu kita bébas ngabdi marang Yéhuwah lan ora dadi budhaké donya sing materialistis iki.—1 Tm. 6:10.
(2 Timotius 2:23) Uga, singkirana bebantahan sing tanpa guna, merga ngerti kuwi isa marahi gelut.
w14-IN 15/7 14 ¶10
Umaté Yéhuwah Kudu ”Nolak Bab-Bab sing Ala”
10 Jaman saiki, jarang ana wong murtad ing jemaat. Ning, awaké dhéwé isih kudu nolak ajaran sing ora cocog karo Alkitab, ora soal saka ngendi asalé ajaran kuwi. Aja bergaul karo wong murtad, ora soal liwat Internèt, omong-omongan langsung, utawa nganggo cara liyané, merga kuwi bahaya. Senajan sakjané péngin nulungi wong-wong kuwi, nèk bergaul karo wong-wong kuwi, berarti awaké dhéwé ora manut karo Gusti Allah. Umaté Yéhuwah kudu bener-bener nolak lan ngedohi wong-wong murtad lan ajarané.
Maca Alkitab
(2 Timotius 1:1-18) Saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah kanggo martakké janji bab urip sing diparingké liwat Kristus Yésus, 2 marang Timotius, anak sing tak tresnani: Muga-muga kowé nampa welas asih sing nggumunké, welas asih, lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Kristus Yésus, Gusti kita. 3 Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, sing kanggo Panjenengané kuwi aku nindakké tugas suci nganggo hati nurani sing resik kaya sing ditindakké para leluhurku. Awan lan bengi, aku tansah ngéling-éling kowé wektu aku nyuwun marang Panjenengané. 4 Wektu aku kèlingan luhmu, aku péngin banget ketemu karo kowé, supaya atiku kebak kabungahan. 5 Aku isih éling bab imanmu sing ora munafik. Sepisanan, simbahmu Lois lan ibumu Éunike sing nduduhké iman kaya ngono, lan aku yakin kowé ya nduwé iman sing padha. 6 Kuwi sebabé, aku ngélingké kowé kanggo terus semangat nggunakké anugrah saka Gusti Allah, sing kok tampa wektu aku numpangké tanganku ing ndhuwur sirahmu. 7 Roh suci sing diparingké Gusti Allah marang kita ora nggawé kita dadi wedi, nanging kuwi ngasilké kuwasa, katresnan, lan pertimbangan sing apik. 8 Mula, aja isin mènèhi kesaksian bab Gusti kita utawa bab aku sing dipenjara demi Gusti. Nanging, mèlua sengsara demi kabar apik kanthi cara ngendelké kuwasané Gusti Allah. 9 Panjenengané nylametké kita lan ngundang kita kanggo dadi para wong suci, dudu merga tumindak kita, nanging merga kersané lan welas asihé sing nggumunké. Welas asih kuwi diparingké marang kita liwat Kristus Yésus wiwit jaman mbiyèn, 10 nanging saiki, welas asihé sing nggumunké kuwi wis kétok cetha wektu Juru Slamet kita, Kristus Yésus, disingkapké. Kristus wis ngilangi pati, lan liwat kabar apik, dhèwèké wis nduduhké marang kita carané isa éntuk urip lan badan sing ora isa sirna. 11 Lan ya kanggo kabar apik kuwi aku dilantik dadi penginjil, rasul, lan guru. 12 Kuwi sebabé aku sengsara kaya ngéné iki. Nanging, aku ora isin merga aku kenal karo Gusti Allah sing tak percaya, lan aku yakin nèk Panjenengané bakal terus njaga kabèh sing wis tak percayakké marang Panjenengané nganti dina kuwi. 13 Terusa ngetutké pathokané wulangan sing bener sing kok rungokké saka aku, lan terusa nduduhké iman lan katresnan sing kok duwèni merga nyawiji karo Kristus Yésus. 14 Jaganen bab-bab sing aji sing kok tampa kuwi nganggo roh suci sing ana ing kita. 15 Kowé padha ngerti nèk kabèh wong ing Provinsi Asia wis ninggalké aku, klebu Figélus lan Hérmogènès. 16 Muga-muga Gusti nduduhké welas asihé marang kabèh wong sing ana ing omahé Onésiforus merga dhèwèké kerep nguwatké aku, lan dhèwèké ora isin senajan aku dipenjara. 17 Malah, wektu ana ing Roma, dhèwèké tenanan nggolèki aku lan nemokké aku. 18 Muga-muga Gusti Yéhuwah nduduhké welas asihé marang dhèwèké ing dina kuwi. Lan kowé ngerti tenan bab kabèh sing wis dhèwèké tindakké kanggo aku ing Éfésus.
12-18 AGUSTUS
SINAU SAKA ALKITAB | TITUS 1–FILÉMON
”Nglantik Pinituwa-Pinituwa”
(Titus 1:5-9) Aku ninggalké kowé ing Pulau Kréta supaya kowé ngurusi perkara-perkara sing kudu dibenerké lan nglantik pinituwa-pinituwa ing saben kutha, miturut karo petunjukku iki: 6 Pinituwa kudu bébas saka tudhuhan, bojoné mung siji, nduwé anak-anak sing seiman sing ora ditudhuh bejat utawa seneng mbrontak. 7 Merga dadi pengurus sing dilantik Gusti Allah, pengawas kudu bébas saka tudhuhan, ora tumindak sakarepé dhéwé, ora gampang nesu, dudu wong sing seneng mabuk, dudu wong sing kasar, dudu wong sing mata dhuwiten lan mung nggolèk untungé dhéwé, 8 nanging loma, seneng karo apa sing becik, nduwé pertimbangan sing apik, tumindak miturut apa sing bener, setya, isa ngendhalèni dhiri, 9 terus ngetutké pangandika sing setya wektu mulang, supaya dhèwèké isa nguwatké wong-wong nganggo wulangan sing bener lan isa ngélikké wong-wong sing nentang wulangan kuwi.
w14-IN 15/11 28-29
Pitakonané sing Maca
Senajan Alkitab ora njelaské piyé prosès pelantikan ing jaman kuwi, ning ana petunjuk soal carané nglantik. Wektu arep mulih saka perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus lan Barnabas ”nglantik pinituwa-pinituwa ing saben jemaat. Para rasul kuwi ndonga lan pasa, banjur masrahké para pinituwa kuwi marang Yéhuwah, merga para rasul kuwi percaya marang Panjenengané”. (Kis. 14:23) Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Paulus nulis surat kanggo Titus, ”Aku ninggalké kowé ing Pulau Kréta supaya kowé ngurusi perkara-perkara sing kudu dibenerké lan nglantik pinituwa-pinituwa ing saben kutha, miturut karo petunjukku.” (Tit. 1:5) Kétoké, Timotius sing kerep ngancani Paulus ya diwènèhi wewenang sing padha. (1 Tim. 5:22) Dadi, sing nglantik pinituwa kuwi pinituwa wilayah, dudu para rasul utawa para pinituwa ing Yérusalèm.
Saka conto ing Alkitab kuwi, Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé penyesuaian soal carané nglantik pinituwa lan abdiné jemaat. Mulai 1 September 2014, pelantikan ditindakké nganggo cara iki: Saben pinituwa wilayah mikirké tenanan soal sapa waé sing diusulké ing wilayahé. Wektu nekani jemaat-jemaat, pinituwa wilayah bakal ngupaya luwih kenal karo sedulur-sedulur sing diusulké. Nèk isa, pinituwa wilayah ya bakal nginjil bareng sedulur-sedulur kuwi. Sakwisé rembugan karo para pinituwa ing jemaat soal sedulur-sedulur sing diusulké kuwi, pinituwa wilayah nduwé tanggung jawab kanggo nglantik pinituwa lan abdiné jemaat ing wilayahé. Nganggo cara iki, carané nglantik ing jaman saiki mèh padha kaya carané nglantik ing abad pertama.
Sapa waé sing mèlu wektu prosès pelantikan iki? ”Budhak sing setya lan wicaksana” nduwé tanggung jawab sing utama kanggo mènèhi pangan pelayan-pelayan ing omah. (Mat. 24:45-47) Budhak sing setya sing dituntun roh suci kuwi mriksa ayat-ayat Alkitab bèn isa mènèhi petunjuk carané ngetrapké pathokan Alkitab soal carané jemaat-jemaat sakdonya diatur. Budhak sing setya ya nglantik kabèh pinituwa wilayah lan anggota Panitya Cabang. Terus, saben kantor cabang mènèhi bantuan kanggo ngetrapké petunjuk saka Pengurus Pusat. Saben badan pinituwa nduwé tugas penting yaiku mriksa apa sedulur-sedulur sing diusulké kanggo ngabdi ing jemaat kuwi wis netepi syarat-syarat ing Alkitab. Saben pinituwa wilayah kudu mikirké tenanan lan ndongakké usulan-usulan saka para pinituwa. Bar kuwi, dhèwèké isa nglantik sedulur-sedulur sing netepi syarat.
Wulangan Penting
(Titus 1:12) Salah siji saka antarané wong-wong kuwi, yaiku nabiné wong-wong kuwi dhéwé kandha, ”Wong-wong Kréta kuwi tukang ngapusi, kéwan liar sing galak, lan gawéané mung mangan lan turu.”
w89-IN 15/5 30 ¶5
Pitakonané sing Maca
Paulus mesthi ora setuju karo kebiasaan wong-wong sing ngrèmèhké wong Kréta. Awaké dhéwé isa yakin soal kuwi merga Paulus ngerti nèk ing Kréta ana wong Kristen sing ditampa lan diurapi roh suci karo Gusti Allah. (Kisah 2:5, 11, 33) Ing kono, wis ana cukup akèh wong Kristen. Mula, isa dibentuk jemaat-jemaat ”ing saben kutha”. Senajan wong Kristen kuwi ora sampurna, awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong kuwi dudu tukang ngapusi lan wong nggragas sing kesèd merga Yéhuwah gelem nampa wong-wong kuwi. (Filipi 3:18, 19; Wahyu 21:8) Kaya sing kerep awaké dhéwé temoni ing jaman saiki, mungkin ing Kréta ya ana wong sing tulus sing sedhih merga ndelok akèh wong ora manut pathokané Gusti Allah. Wong-wong sing tulus kuwi akhiré ya gelem nampa kabar apik.—Yéheskièl 9:4; bandhingna Kisah 13:48.
(Filémon 15, 16) Mungkin iki alesané dhèwèké pisah saka kowé kanggo sawetara wektu, supaya kowé isa nduwèni dhèwèké manèh kanggo saklawasé, 16 dudu dadi budhak manèh, nanging luwih saka budhak, yaiku dadi sedulur. Aku tresna banget marang dhèwèké, nanging kowé bakal luwih nresnani dhèwèké dadi budhak lan sedulur seiman.
w08-IN 15/10 31 ¶5
Piwulang Penting saka Surat-Surat kanggo Titus, Filémon, lan Wong Ibrani
15, 16—Apa sebabé Paulus ora njaluk Filémon mbébaské Onésimus? Paulus péngin fokus karo tugasé yaiku ’martakké bab Kratoné Allah lan mulang bab Gusti Yésus Kristus’. Mula, dhèwèké ora gelem mèlu-mèlu urusan sosial, misalé soal perbudhakan.—Kis. 28:31.
Maca Alkitab
(Titus 3:1-15) Terus élingna wong-wong kuwi supaya manut marang pamréntah lan panguwasa, siap nindakké apa sing apik, 2 ora ngèlèk-èlèk sapa waé, ora seneng padu, nanging masuk akal, lan tansah alus marang kabèh wong. 3 Merga mbiyèn kita uga ora nduwé pemahaman, ora manut, disasarké, dadi budhaké akèh pepénginan lan kesenengan, terus nindakké apa sing ala lan terus iri, dadi wong sing njijiki, lan sengit marang siji lan sijiné. 4 Nanging Juru Slamet kita, yaiku Gusti Allah, nduduhké sipat apik ati lan katresnané marang manungsa, 5 dudu merga tumindak apik sing kita tindakké, nanging merga welas asihé. Panjenengané nylametké kita nganggo cara ngresiki kita lan kuwi nggawé kita urip, lan Panjenengané nggawé kita dadi anyar liwat roh suci. 6 Panjenengané maringi roh suciné marang kita kanthi lubèr liwat Yésus Kristus, Juru Slamet kita, 7 supaya sakwisé kita dianggep bener merga welas asih sing nggumunké saka Gusti Allah, kita isa nampa warisan urip langgeng, cocog karo pangarep-arep kita. 8 Omongan kuwi isa dipercaya, aku péngin kowé ngomongké bab-bab kuwi kanthi tegas, supaya kabèh wong sing percaya marang Gusti Allah isa tetep fokus kanggo terus nindakké apa sing apik. Bab-bab kuwi kabèh apik lan ana gunané kanggo manungsa. 9 Nanging aja mèlu-mèlu ing bebantahan sing tanpa guna, bebantahan bab silsilah lan udur-uduran bab hukum Taurat, merga kuwi ora ana gunané lan ora ana untungé. 10 Nèk ana wong sing nyebarké sèkte liya, edohana dhèwèké, sakwisé kowé ngélikké wong kuwi ping pindho, 11 merga wong sing kaya ngono kuwi wis nyimpang saka iman, nindakké dosa, lan nduduhké nèk dhèwèké tumindak salah. 12 Wektu aku ngutus Artémas utawa Tikhikus marang kowé, ngupayaa sak isa-isané kanggo nemoni aku ing Nikopolis, merga aku wis mutuské kanggo manggon ing kana saksuwéné musim dingin. 13 Siapna kebutuhané Zénas sing ngerti akèh bab hukum Taurat, lan uga Apolos, supaya wong-wong kuwi ora kekurangan apa-apa ing perjalanané. 14 Sedulur-sedulur kita kuduné uga sinau kanggo terus nindakké apa sing apik, supaya isa mbantu pas ana sing bener-bener mbutuhké, nganggo cara kuwi, sedulur-sedulur kita mau isa terus nindakké apa sing apik. 15 Kabèh sing bareng karo aku ngirim salam marang kowé. Wènèhna salamku marang sedulur-sedulur sing nresnani aku kabèh. Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké.
19-25 AGUSTUS
SINAU SAKA ALKITAB | IBRANI 1-3
”Nresnani Apa sing Bener lan Sengit karo Pelanggaran Hukum”
(Ibrani 1:8) Nanging bab Putrané, Panjenengané ngendika, ”Gusti Allah kuwi tahtamu saklawas-lawasé, lan pamréntahan Kratonmu kuwi adil.
w14-IN 15/2 5 ¶8
Pujinen Kristus sang Raja!
8 Yéhuwah nglantik Putrané dadi Raja ing swarga taun 1914. ”Jungkatipun [utawa, tongkat] kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.” Dadi, awaké dhéwé yakin nèk pamréntahané kuwi mesthi bener lan adil. Wewenangé Yésus kanggo mréntah kuwi sah merga Gusti Allah kuwi takhtané. Maksudé, Yéhuwah dhéwé sing nglantik Yésus dadi raja. Sakliyané kuwi, Yésus ya bakal mréntah kanggo ”salaminipun”. Awaké dhéwé mesthi bangga banget merga isa nglayani Yéhuwah lan dadi rakyaté Yésus.
(Ibrani 1:9) Kowé nresnani apa sing bener lan sengit karo pelanggaran hukum. Kuwi sebabé Gusti Allahmu nglantik kowé nganggo lenga, lan nggawé kowé luwih bungah ketimbang raja-raja liyané.”
w14-IN 15/2 4-5 ¶7
Pujinen Kristus sang Raja!
7 Wacanen Jabur 45:7, 8. Yésus dilantik Yéhuwah dadi Raja Kratoné Mésias merga Yésus seneng nindakké sing bener lan sengit karo apa waé sing nggawé èlèk jenengé Yéhuwah. Yésus dilantik nganggo ”lisah [utawa, lenga] minangka tandhaning kabingahan”. Pelantikané Yésus iki luwih istiméwa ketimbang pelantikané ”para mitra golongan dalem”, yaiku raja-raja Yéhuda keturunané Daud. Apa sebabé? Pertama, Yésus dilantik karo Yéhuwah dhéwé. Sing keloro, Yésus dilantik kanggo dadi Raja lan Imam Agung. (Ms. 2:2; Ibr. 5:5, 6) Sing ketelu, Yésus dilantik ora nganggo lenga, ning nganggo roh suci. Sing terakhir, dhèwèké bakal mréntah saka swarga, dudu saka bumi.
Wulangan Penting
(Ibrani 1:3) Putra kuwi mantulké kamulyané Gusti Allah lan dhèwèké kuwi gambaré Gusti Allah sing persis banget. Dhèwèké nyangga sakabèhé nganggo pangandikané Gusti Allah sing kebak kuwasa. Banjur, sakwisé nyucèkké kita saka dosa, dhèwèké lungguh ing sisih tengené Gusti Allah Sing Agung ing swarga.
it-1-IN 763 ¶1
Gambar
Apa Yésus terus nduduhké nèk dhèwèké persis karo Bapaké?
Anak pertamané Gusti Allah sing dadi manungsa sing jenengé Yésus diciptakké nurut gambaré Gusti Allah. (2Kor 4:4) Wektu diciptakké, dhèwèké wis mirip karo Bapaké. Mula, Gusti Allah ngomong karo dhèwèké, ”Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita.” (Pd 1:26; Yoh 1:1-3; Kol 1:15, 16) Wektu dadi manungsa sampurna ing bumi, Yésus nduduhké sipat-sipat sing persis kaya Bapaké. Mula, Yésus isa ngomong, ”Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak.” (Yoh 14:9; 5:17, 19, 30, 36; 8:28, 38, 42) Ning, Yésus saya mirip karo Yéhuwah wektu Yésus dibangkitké dadi makhluk roh lan wektu diwènèhi ”kabèh kuwasa ing swarga lan ing bumi” karo Yéhuwah. (1Ptr 3:18; Mat 28:18) Sakwisé Gusti Allah mènèhi Yésus ”kedudukan sing luwih dhuwur”, Yésus luwih nduduhké kamulyané Bapaké ketimbang sakdurungé, yaiku wektu Yésus ana ing bumi. (Flp 2:9; Ibr 2:9) Saiki dhèwèké dadi ”gambaré Gusti Allah sing persis banget”.—Ibr 1:2-4.
(Ibrani 1:10-12) Uga ana tulisan kaya ngéné, ”Gusti, ing wiwitané, Panjenengan masang pondhasi bumi, lan langit kuwi gawéan astané Panjenengan. 11 Kuwi kabèh bakal sirna, nanging Panjenengan bakal tetep ana. Lan kaya klambi, kuwi kabèh bakal dadi lawas lan rusak. 12 Panjenengan bakal nglempit bumi lan langit kaya jubah, lan kaya klambi, kuwi kabèh bakal diganti. Nanging Panjenengan bakal tetep padha, lan uripé Panjenengan ora bakal ana pungkasané.”
it-1-IN 1394 ¶1
Swarga
Sing dimaksud ing Jabur 102:26, 27 iki sakjané Yéhuwah. Ning, wektu ngutip iki, sing dimaksud Rasul Paulus kuwi Yésus Kristus. Alesané merga Putrané Gusti Allah siji-sijiné kuwi wakilé Gusti Allah sing digunakké kanggo nggawé alam semesta. Paulus nduduhké nèk Yésus kuwi abadi, ora kaya ciptaan-ciptaan liyané sing isa ʼdilempit kaya jubah’ lan disisihké, nèk pancèn Yéhuwah ngrancang ngono.—Ibr 1:1, 2, 8, 10-12; bandhingna 1Ptr 2:3, ctn.
Maca Alkitab
(Ibrani 1:1-14) Ing jaman mbiyèn, Gusti Allah ngendika marang para leluhur kita liwat para nabi ing akèh kesempatan lan nganggo akèh cara. 2 Nanging ing jaman pungkasan iki, Panjenengané ngendika marang kita liwat sawijiné Putra, sing wis Panjenengané lantik dadi ahli warisé samubarang kabèh, lan Panjenengané nggunakké dhèwèké kanggo nggawé donya sak isiné. 3 Putra kuwi mantulké kamulyané Gusti Allah lan dhèwèké kuwi gambaré Gusti Allah sing persis banget. Dhèwèké nyangga sakabèhé nganggo pangandikané Gusti Allah sing kebak kuwasa. Banjur, sakwisé nyucèkké kita saka dosa, dhèwèké lungguh ing sisih tengené Gusti Allah Sing Agung ing swarga. 4 Dhèwèké luwih unggul ketimbang para malaékat, merga dhèwèké nampa warisan jeneng sing luwih mulya ketimbang jenengé para malaékat. 5 Contoné, sapa ta ing antarané para malaékat sing tau dipangandikani Gusti Allah kaya ngéné, ”Kowé kuwi Putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu”? Lan sepisan manèh, ”Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi putra-Ku”? 6 Lan wektu ngutus manèh Putrané Sing Mbarep menyang donya, Panjenengané ngendika, ”Sakabèhé malaékaté Gusti Allah kudu sujud marang dhèwèké.” 7 Sakliyané kuwi, Panjenengané ngendika bab para malaékat, ”Panjenengané nggawé para malaékaté dadi makhluk roh sing kuwat, lan para abdiné dadi kaya urubé geni.” 8 Nanging bab Putrané, Panjenengané ngendika, ”Gusti Allah kuwi tahtamu saklawas-lawasé, lan pamréntahan Kratonmu kuwi adil. 9 Kowé nresnani apa sing bener lan sengit karo pelanggaran hukum. Kuwi sebabé Gusti Allahmu nglantik kowé nganggo lenga, lan nggawé kowé luwih bungah ketimbang raja-raja liyané.” 10 Uga ana tulisan kaya ngéné, ”Gusti, ing wiwitané, Panjenengan masang pondhasi bumi, lan langit kuwi gawéan astané Panjenengan. 11 Kuwi kabèh bakal sirna, nanging Panjenengan bakal tetep ana. Lan kaya klambi, kuwi kabèh bakal dadi lawas lan rusak. 12 Panjenengan bakal nglempit bumi lan langit kaya jubah, lan kaya klambi, kuwi kabèh bakal diganti. Nanging Panjenengan bakal tetep padha, lan uripé Panjenengan ora bakal ana pungkasané.” 13 Sapa ta ing antarané para malaékat sing tau dipangandikani Gusti Allah kaya ngéné, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”? 14 Kabèh malaékat kuwi kan makhluk roh sing nindakké tugas suci, sing diutus kanggo nglayani wong-wong sing bakal nampa warisan keslametan, ta?
26 AGUSTUS–1 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | IBRANI 4-6
”Ngupaya Mlebu ing Dina Istirahaté Gusti Allah”
(Ibrani 4:1) Mula, merga janji kanggo mlebu ing dina istirahaté Panjenengané isih ana, kita kudu waspada supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing dianggep ora pantes kanggo mlebu.
(Ibrani 4:4) Ing sawijiné ayat, Panjenengané tau ngendika bab dina kapitu: ”Ing dina kapitu, Gusti Allah istirahat saka kabèh panggawéné.”
w11-IN 15/7 24 ¶3-5
Dina Istirahaté Gusti Allah Kuwi Apa?
3 Ana rong bukti sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti nèk dina kepitu kuwi isih kelakon ing abad pertama Masèhi. Pertama, gatèkna wektu Yésus ditentang karo wong-wong merga marèkké wong lara pas dina Sabat. Wong-wong kuwi nganggep nèk sing ditindakké Yésus kuwi klebu nyambut gawé. Yésus ngomong, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku uga terus nyambut gawé.” (Yoh. 5:16, 17) Apa maksudé? Yésus ditudhuh nyambut gawé ing dina Sabat. Kanggo njawab tudhuhan kuwi, Yésus ngomong, ”Bapakku terus nyambut gawé.” Kaya-kayané, Yésus lagi ngomong, ʼAku karo Bapakku lagi nindakké gawéan sing padha. Bapakku isih tetep nyambut gawé nganti saiki senajan iki Sabaté Dhèwèké sing suwéné éwonan taun. Mula, aku ya éntuk nyambut gawé pas dina Sabat.’ Dadi, Yésus nduduhké nèk dina kepitu, utawa dina istirahaté Gusti Allah, isih kelakon ing jaman kuwi.
4 Bukti sing keloro disebutké karo Rasul Paulus. Wektu ngutip Purwaning Dumadi 2:2, Paulus dituntun roh suci kanggo nulis, ”Kita sing wis nduwé iman bener-bener mlebu ing dina istirahat kuwi.” (Ibr. 4:3, 4, 6, 9) Dadi, ing jamané Paulus, dina kepitu kuwi isih kelakon. Dina kuwi bakal kelakon nganti kapan?
5 Kanggo ngerti jawabané, awaké dhéwé kudu ngéling-éling apa tujuané dina kepitu. Kuwi dijelaské ing Purwaning Dumadi 2:3, ”Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucèkaké.” Dina kuwi ”disucèkaké” utawa dipisahké karo Yéhuwah bèn tujuané kelakon. Tujuané yaiku bèn bumi dienggoni karo wong-wong sing manut sing bakal ngrawat bumi lan kabèh isiné. (Pd. 1:28) Bèn tujuan kuwi isa kelakon, Gusti Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus, sing dadi ”Gustiné dina Sabat”, ”terus nyambut gawé nganti saiki”. (Mat. 12:8) Dina istirahaté Gusti Allah kuwi bakal rampung wektu tujuané wis kelakon yaiku ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Kristus.
(Ibrani 4:6) Wong-wong sing luwih dhisik nampa kabar apik kuwi ora mlebu ing dina istirahat kuwi merga ora manut. Nanging, isih ana wong-wong sing isa mlebu mrono.
w11-IN 15/7 25 ¶6
Dina Istirahaté Gusti Allah Kuwi Apa?
6 Gusti Allah wis njelaské tujuané karo Adam lan Hawa, ning wong loro kuwi ora gelem manut. Ora mung Adam lan Hawa sing ora manut karo Yéhuwah. Bar kuwi, ana jutaan wong sing ya padha ora manut Yéhuwah. Malah umat pilihané Gusti Allah, yaiku bangsa Israèl ya ora manut. Paulus ngélingké wong Kristen abad pertama nèk sebagéan saka wong-wong kuwi isa kaya bangsa Israèl mbiyèn. Paulus nulis, ”Mula ayo kita padha ngupaya tenanan kanggo mlebu ing dina istirahat kuwi, supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing mèlu-mèlu ora manut.” (Ibr. 4:11) Paulus nduduhké nèk wong sing ora manut ora isa mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah. Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé? Nèk tumindaké awaké dhéwé ora cocog karo tujuané Gusti Allah, apa kuwi berarti awaké dhéwé ora bakal mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah? Jawaban kanggo pitakonan kuwi penting banget kanggo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé bakal ngrembug kuwi. Ning, awaké dhéwé bakal ngrembug dhisik conto èlèk saka bangsa Israèl.
(Ibrani 4:9-11) Dadi kanggo umaté Gusti Allah, isih ana dina istirahat sing kaya dina sabat. 10 Wong sing wis mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah uga wis istirahat saka panggawéné dhéwé, padha kaya Gusti Allah sing istirahat saka panggawéné. 11 Mula ayo kita padha ngupaya tenanan kanggo mlebu ing dina istirahat kuwi, supaya ora ana siji-sijia ing antarané kita sing mèlu-mèlu ora manut.
w11-IN 15/7 27-28 ¶16-17
Dina Istirahaté Gusti Allah Kuwi Apa?
16 Saiki awaké dhéwé ora perlu nindakké sebagéan Hukum Musa bèn isa slamet. Paulus njelaské ing suraté kanggo wong Éfésus, ”Kowé kabèh sing nduwé iman wis dislametké merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké. Mula, keslametan kuwi dudu merga upayamu dhéwé, nanging kuwi anugrah saka Gusti Allah. Kuwi dudu hasil saka tumindakmu, mula ora ana sing nduwé alesan kanggo bangga.” (Éf. 2:8, 9) Dadi, piyé carané wong Kristen isa mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah? Yéhuwah misahké dina kepitu, yaiku dina istirahaté, bèn tujuané sing ana hubungané karo bumi iki isa kelakon. Awaké dhéwé isa mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah nèk awaké dhéwé manut karo Gusti Allah lan organisasiné kanggo mujudké tujuané Gusti Allah.
17 Ning, nèk awaké dhéwé tumindak sak karepé dhéwé lan ngrèmèhké naséhat sing dhasaré Alkitab saka budhak sing setya lan wicaksana, berarti awaké dhéwé ora ndhukung tujuané Gusti Allah. Kuwi isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug keadaan-keadaan sing isa mengaruhi umaté Gusti Allah lan piyé keputusané awaké dhéwé isa nemtokké apa awaké dhéwé isa mlebu ing dina istirahaté Gusti Allah.
Wulangan Penting
(Ibrani 4:12) Merga, pangandikané Gusti Allah kuwi urip lan kuwasané gedhé banget, luwih landhep ketimbang pedhang sing landhep kiwa-tengen, sarta isa nujeb nganti misahké jiwa lan roh, uga balung lan sungsum, lan isa nduduhké perkara-perkara sing kita pikirké lan nduduhké pepénginan ing ati kita.
Pitakonané sing Maca
Apa maksudé ”pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa” sing disebutké ing Ibrani 4:12?
▪ Saka ayat-ayat sakdurungé lan sakwisé awaké dhéwé isa ngerti nèk Paulus lagi ngrembug bab sabdané Gusti Allah sing ana hubungané karo kersané, kaya sing wis awaké dhéwé waca ing Alkitab.
Wacan-wacané awaké dhéwé kerep nyuplik Ibrani 4:12 kanggo nduduhké nèk Alkitab nduwé kuwasa kanggo ngowahi urip, lan kuwi pancèn bener. Ning, ana paédahé nèk ngerti tujuané Paulus nulis Ibrani 4:12. Paulus péngin nggedhèkké ati wong-wong Kristen ing Ibrani bèn ndhukung kersané Gusti Allah, sing wis kerep disebutké ing Alkitab. Paulus nggunakké conto bangsa Israèl sing dibébaské saka Mesir. Bangsa Israèl nduwé pangarep-arep mlebu ing ”nagara kang lubèr puwan [susu] lan madu”, panggonan sing isa nggawé ayem tentrem.—Pa. 3:8; PT. 12:9, 10.
Kuwi kersané Gusti Allah. Ning, bangsa Israèl nolak tuntunané Yéhuwah lan ora nduduhké iman, mula akèh-akèhé saka wong-wong Israèl ora mlebu ing panggonan mau. (Wi. 14:30; Ys.14:6-10) Ning, Paulus nerangké nèk isih ana ”janji, yèn kita padha kepareng mlebu ing paleremané [Gusti Allah]” (Ib. 3:16-19; 4:1, Basa Jawi Padintenan) ”Janji” kuwi mesthi bagéan saka apa sing Yéhuwah duduhké bab kersané. Kaya wong-wong Kristen Ibrani, awaké dhéwé isa nyinaoni kersané Yéhuwah lan mèlu ndhukung. Kanggo nduduhké nèk janji kuwi dhasaré saka Alkitab, Paulus nyuplik bagéan saka Purwaning Dumadi 2:2 lan Jabur 95:11.
Janji kuwi nggedhèkké ati, merga awaké dhéwé isih tetep isa mlebu ing paleremané Gusti Allah. Awaké dhéwé percaya nèk janji kuwi bakal kelakon, mula saiki awaké dhéwé wis ngupaya bèn isa mlebu ing paleremané Gusti Allah. Awaké dhéwé nindakké kuwi ora mung merga manut Hukum Musa utawa mung bèn isa ditampa Yéhuwah. Ning, merga nduwé iman marang Yéhuwah, awaké dhéwé seneng ndhukung kersané Yéhuwah lan terus nindakké kuwi. Éwonan wong ing donya uga wis sinau Alkitab lan ngerti bab kersané Yéhuwah. Kuwi nggawé wong-wong mau gelem ngowahi uripé, nduduhké iman, lan dibaptis. Kuwi dadi bukti nèk ”pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa”. Sing dicritakké ing Alkitab bab kersané Gusti Allah kuwi, wis ngowahi uripé awaké dhéwé lan kuwi bakal terus ana pengaruhé ing uripé awaké dhéwé.
(Ibrani 6:17, 18) Semono uga, wektu Gusti Allah mutuské kanggo nduduhké luwih cetha marang para ahli waris janji kuwi nèk kersané ora bakal malih, Panjenengané njamin kuwi nganggo sumpah. 18 Rong perkara kuwi ora mungkin diowahi karo Gusti Allah, lan Panjenengané ora mungkin ngapusi. Rong perkara kuwi nguwatké kita sing wis nggolèk pangayomané Gusti Allah, mula kita isa nggegem kenceng pangarep-arep sing ana ing ngarepé kita.
it-1-IN 868 ¶5
Harapan
Harapan urip saklawasé lan nduwé badan sing ora isa sirna kanggo wong-wong ”sing dipilih munggah swarga” (Ibr 3:1) kuwi isa dipercaya merga dhasaré kuwat. Harapan kuwi didhukung karo janji lan sumpahé Gusti Allah sing ora isa ngapusi. Harapan kuwi ya isa ana merga Kristus, sing saiki wis urip ing swarga nganggo badan sing ora isa mati. Mula, harapan kuwi disebutké kaya ”jangkar kanggo jiwa, sing kuwat lan isa diandelké, lan nggawa kita mlebu ing mburiné geber kuwi [kaya wektu imam agung mlebu ing Ruang Mahasuci pas Dina Pangapurané Dosa], lan ing kono, wis ana wong sing mlebu luwih dhisik kanggo kepentingané kita, yaiku Yésus, sing wis dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk kanggo saklawasé”.—Ibr 6:17-20.
Maca Alkitab
(Ibrani 5:1-14) Saben wong sing dilantik kanggo dadi imam agung, nglayani manungsa ing bab-bab sing ana hubungané karo ibadahé marang Gusti Allah, supaya dhèwèké isa mènèhké persembahan lan kurban kanggo dosa. 2 Dhèwèké isa pangertèn marang wong-wong sing kurang nduwèni kawruh lan wong-wong sing nindakké salah, merga dhèwèké uga ngadhepi kelemahané dhéwé, 3 mula dhèwèké kudu mènèhi persembahan kanggo dosané dhéwé, kaya sing dhèwèké tindakké kanggo dosané bangsa kuwi. 4 Ora ana wong sing éntuk kaurmatan iki merga pepénginané dhéwé, nanging dhèwèké éntuk kaurmatan kuwi mung nèk dhèwèké dilantik karo Gusti Allah, kaya Harun. 5 Semono uga, Kristus ora ngluhurké dhèwèké dhéwé nganggo cara dadi imam agung. Nanging, dhèwèké diluhurké karo Gusti Allah sing ngendika marang dhèwèké, ”Kowé kuwi putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu.” 6 Panjenengané uga ngendika ing ayat liya, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.” 7 Saksuwéné uripé ing bumi, Kristus ndonga kanthi tenanan lan nyuwun nganggo swara seru lan tangisan marang Gusti Allah, sing isa nylametké dhèwèké saka pati, lan dongané dimirengké merga dhèwèké nduduhké rasa wedi marang Gusti Allah. 8 Senajan dhèwèké kuwi putra, dhèwèké sinau kanggo manut liwat kabèh kasangsaran sing dhèwèké alami. 9 Sakwisé dadi sampurna, dhèwèké nduwé tanggung jawab kanggo mènèhké keslametan langgeng marang kabèh wong sing manut marang dhèwèké, 10 merga dhèwèké wis dilantik karo Gusti Allah kanggo dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk. 11 Isih ana akèh sing péngin aku kabèh omongké bab dhèwèké, nanging angèl kanggo njelaské, merga kowé ora cepet paham wektu ngrungokké. 12 Sakjané, saiki kowé kabèh kuduné wis dadi guru, nanging kowé kabèh isih mbutuhké manèh wong kanggo mulang kowé saka wiwitan bab-bab dhasar pangandika suci saka Gusti Allah, lan kowé kabèh mbutuhké susu manèh, dudu panganan sing akas. 13 Saben wong sing mung ngombé susu ora ngerti pangandika bab apa sing bener, merga dhèwèké kuwi bocah cilik. 14 Nanging, panganan sing akas kuwi kanggo wong diwasa, sing terus nggunakké kesanggupané kanggo mikir, sing wis dilatih kanggo mbédakké sing bener lan sing salah.