Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
2-8 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | IBRANI 7-8
”’Imam Kaya Mèlkhisèdèk kanggo Saklawas-lawasé’”
(Ibrani 7:1, 2) Mèlkhisèdèk raja Salèm, imamé Gusti Allah Sing Mahaluhur, ketemu karo Abraham sing lagi waé bali sakwisé ngalahké raja-raja. Mèlkhisèdèk banjur mberkahi Abraham, 2 lan Abraham mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka kabèh jarahan. Jeneng Mèlkhisèdèk nèk diterjemahké artiné ”Raja Kaadilan”, lan uga raja Salèm, sing artiné ”Raja Katentreman”.
it-2-IN 67 ¶4-5
Mèlkhisèdèk
Raja kutha Salèm lan ”imaming Allah Kang Mahaluhur”, Yéhuwah. (Pd 14:18, 22) Dhèwèké kuwi imam pertama sing disebutké ing Alkitab. Dhèwèké dadi imam kira-kira sakdurungé taun 1933 SM. Salèm kuwi artiné ”Katentreman”. Mula, Rasul Paulus nyebut Mèlkhisèdèk kuwi ”Raja Katentreman”, lan kaya arti jenengé, Mèlkhisèdèk ya disebut ”Raja Kaadilan”. (Ibr 7:1, 2) Kutha Salèm kuwi asal-usulé kutha Yérusalèm. Jeneng Yérusalèm dijupuk saka kutha sakdurungé, yaiku kutha Salèm. Mula, Yérusalèm kadhang kala ya disebut ”Salèm”.—Ms 76:3.
Sakwisé ngalahké Kédorlaomèr lan raja-raja sing ngéwangi dhèwèké, Abram (Abraham) lunga ing Lembah Syawé utawa ”Lebak Raja”. Ing kono, Mèlkhisèdèk nggawa ”roti lan anggur”, terus mberkahi Abraham. Dhèwèké kandha, ”Sadhèrèk Abram mugi kaberkahana déning Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi. Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, déné sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Wektu kuwi, Abraham mènèhi Mèlkhisèdèk ”saprasepuluhé barang bandhangan mau”, yaiku ”jarahan sing paling apik”. Jarahan kuwi hasil saka kemenangané ngalahké Kédorlaomèr lan raja-raja liyané.—Pd 14:17-20; Ibr 7:4.
(Ibrani 7:3) Sapa bapaké lan sapa ibuné ora dingertèni, ora ana katrangan bab silsilahé, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Nanging dhèwèké wis digawé kaya Putrané Gusti Allah, mula dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawas-lawasé.
it-2-IN 68 ¶1
Mèlkhisèdèk
Apa buktiné nèk ora ana sing ngerti kapan Mèlkhisèdèk lair lan kapan dhèwèké mati?
Paulus ngomongké katrangan sing luar biasa soal Mèlkhisèdèk. Dhèwèké kandha, ”Sapa bapaké lan sapa ibuné ora dingertèni, ora ana katrangan bab silsilahé, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Nanging dhèwèké wis digawé kaya Putrané Gusti Allah, mula dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawas-lawasé.” (Ibr 7:3) Kaya manungsa liyané, Mèlkhisèdèk kuwi ya dilairké lan akhiré mati. Ning, jeneng bapak lan ibuné, leluhuré, lan keturunané ora disebutké. Alkitab ya ora mènèhi katrangan soal awal uripé utawa pas kematiané. Mula, Mèlkhisèdèk cocog kanggo nggambarké Yésus Kristus sing dadi imam saklawasé. Ora ana cathetan soal sapa sing dadi imam sakdurungé utawa sakwisé Mèlkhisèdèk. Kaya Mèlkhisèdèk, Kristus ya ora nduwé leluhur sing dadi imam agung kaya dhèwèké, lan Alkitab ya kandha nèk ora bakal ana sing nggantèni Yésus. Terus, Yésus dadi imam ora merga asalé saka suku Yéhuda lan lairé saka silsilahé Raja Daud. Silsilah kuwi ora dadi dhasar dhèwèké dadi raja lan imam. Yésus dadi raja lan imam merga Yéhuwah wis sumpah karo dhèwèké.
(Ibrani 7:17) Ana kesaksian bab dhèwèké, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.”
it-2-IN 67 ¶6
Mèlkhisèdèk
Gambaran soal Jabatané Kristus Dadi Imam Agung. Ing ramalan soal Mésias, Yéhuwah sumpah karo wong sing disebut ”Gusti” karo Daud. Yéhuwah kandha, ”Sira iku dadi Imam ing salawas-lawasé manut tatanané Mèlkisèdhèk.” (Ms 110:1, 4) Merga ayat kuwi, wong Ibrani nduwé alesan kanggo percaya nèk Mésias sing dijanjèkké bakal dadi raja lan imam. Ing suraté kanggo wong Ibrani, Rasul Paulus mènèhi katrangan bèn wong Ibrani percaya soal wong sing wis diramalké kuwi. Dhèwèké kandha, ”Yésus, sing wis dadi imam agung kaya Mèlkhisèdèk kanggo saklawasé.”—Ibr 6:20; 5:10; deloken PERJANJIAN.
Wulangan Penting
(Ibrani 8:3) Merga saben imam agung dilantik kanggo mènèhi persembahan lan kurban. Mula, imam agung iki uga perlu mènèhké persembahan.
w00-IN 15/8 14 ¶11
Korban-Korban sing Nyenengké Yéhuwah
11 Rasul Paulus kandha, ”Saben imam agung dilantik kanggo mènèhi persembahan lan kurban.” (Ibrani 8:3) Paulus nyebutké nèk imam agung mènèhké ”persembahan” lan ”kurban”, utawa ”kurban kanggo dosa”. (Ibrani 5:1) Wong-wong biasané mènèhi hadiah kanggo nduduhké rasa sayang, rasa maturnuwun, bèn saya akrab karo kancané, lan bèn isa nyenengké kancané. (Purwaning Dumadi 32:20; Wulang Bebasan 18:16) Wong Israèl ing jaman mbiyèn ya mènèhké ”persembahan” bèn isa nyenengké Gusti Allah lan saya akrab karo Dhèwèké. Wong sing nglanggar hukum butuh pangapura. Bèn isa diapura, wong kuwi kudu mènèhi ”kurban kanggo dosa”. Ing Taurat, khususé buku Pangentasan, Kaimaman, lan Wilangan, ana akèh katrangan soal korban lan persembahan. Mungkin angèl kanggo paham kabèh katrangan sing ditulis ing kono, ning tetep ana jenis-jenis korban sing perlu awaké dhéwé sinaoni.
(Ibrani 8:13) Merga Panjenengané ngendika bab ”perjanjian anyar”, perjanjian sing sakdurungé wis dadi perjanjian sing lawas, lan nèk ana barang sing lawas lan saya tuwa, kuwi bakal sirna.
it-2-IN 479 ¶5
Perjanjian
Piyé perjanjian Hukum dadi ”lawas”?
Ning, perjanjian Hukum dadi ”lawas” wektu Gusti Allah ngomong liwat Nabi Yérémia nèk bakal ana perjanjian anyar. (Ym 31:31-34; Ibr 8:13) Ing taun 33 M, perjanjian Hukum dibatalké merga kematiané Yésus ing cagak paukuman (Kol 2:14), terus kuwi digantèni karo perjanjian anyar.—Ibr 7:12; 9:15; Kis 2:1-4.
Maca Alkitab
(Ibrani 7:1-17) Mèlkhisèdèk raja Salèm, imamé Gusti Allah Sing Mahaluhur, ketemu karo Abraham sing lagi waé bali sakwisé ngalahké raja-raja. Mèlkhisèdèk banjur mberkahi Abraham, 2 lan Abraham mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka kabèh jarahan. Jeneng Mèlkhisèdèk nèk diterjemahké artiné ”Raja Kaadilan”, lan uga raja Salèm, sing artiné ”Raja Katentreman”. 3 Sapa bapaké lan sapa ibuné ora dingertèni, ora ana katrangan bab silsilahé, kapan dhèwèké lair, lan kapan dhèwèké mati. Nanging dhèwèké wis digawé kaya Putrané Gusti Allah, mula dhèwèké isa terus dadi imam kanggo saklawas-lawasé. 4 Hébat tenan wong iki, nganti Abraham, bapak leluhur kita, mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka jarahan sing paling apik. 5 Pancèn nèk miturut hukum Taurat, keturunané Lèwi sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké persepuluhan saka bangsa kuwi, yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham. 6 Nanging wong iki, sing dudu keturunané wong Lèwi, nampa persepuluhan saka Abraham, lan dhèwèké mberkahi Abraham, yaiku wong sing éntuk janji-janjiné Gusti Allah. 7 Kabèh wong mesthi padha setuju nèk wong sing mberkahi kuwi luwih unggul ketimbang wong sing diberkahi. 8 Keturunan Lèwi sing nampa persepuluhan kuwi manungsa sing isa mati, nanging ana kesaksian nèk wong sing kaya Mèlkhisèdèk sing nampa persepuluhan kuwi tetep urip. 9 Malah Lèwi dhéwé, sing nampa persepuluhan kuwi, wis mbayar persepuluhan liwat Abraham 10 merga dhèwèké keturunané, sing durung lair wektu leluhuré kuwi ketemu Mèlkhisèdèk. 11 Pengaturan kaimaman saka keturunané Lèwi kuwi bagéan saka hukum Taurat sing diwènèhké marang bangsa Israèl. Nèk imam-imam saka keturunan Lèwi isa mènèhi kasampurnan, apa kita isih butuh imam sing kaya Mèlkhisèdèk? Apa ora wis cukup nduwé imam sing kaya Harun? 12 Merga pengaturan bab kaimaman diganti, mula hukum Taurat ya perlu diganti. 13 Wong sing dimaksudké iki asalé saka suku liya, lan ora ana siji-sijia wong saka suku kuwi sing tau nindakké tugas ing mésbah. 14 Cetha tenan nèk Gusti kita asalé saka suku Yéhuda, nanging Musa ora tau kandha nèk bakal ana imam saka suku kuwi. 15 Lan iki saya cetha manèh wektu ana imam liya sing kaya Mèlkhisèdèk. 16 Dhèwèké nglayani dadi imam, ora merga asalé saka sawijiné suku sing diwajibké karo hukum Taurat, nanging merga dhèwèké nduwé kuwasa sing isa nggawé uripé ora isa disirnakké. 17 Ana kesaksian bab dhèwèké, ”Kowé kuwi imam kaya Mèlkhisèdèk lan kowé bakal dadi imam kanggo saklawas-lawasé.”
9-15 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | IBRANI 9-10
”Bayangan saka Perkara-Perkara Apik sing Bakal Teka”
(Ibrani 9:12-14) Dhèwèké mlebu menyang Papan Mahasuci ora nganggo getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom, nanging nganggo getihé dhéwé, sepisan kanggo saklawasé, lan mbébaské kita kanggo saklawas-lawasé. 13 Nèk getihé wedhus lan getihé sapi lanang enom, uga awuné sapi sing durung tau manak sing disawurké ing ndhuwuré wong-wong sing najis waé isa nggawé badan dadi suci, 14 apa manèh getihé Kristus! Liwat roh suci sing langgeng, Kristus wis mènèhké badané dadi persembahan marang Gusti Allah lan dadi kurban sing tanpa cacad. Getihé bakal ngresiki hati nurani kita saka tumindak-tumindak sing tanpa guna, supaya kita isa nindakké tugas suci marang Gusti Allah sing urip.
it-1-IN 115 ¶10
Pangapura
Nurut Hukumé Yéhuwah sing diwènèhké kanggo bangsa Israèl, wong sing nduwé dosa karo Gusti Allah lan seduluré isa diapura. Piyé carané? Pertama, wong kuwi kudu ngrampungké masalahé dhisik kaya sing wis ditetepké hukum Taurat. Bar kuwi, wong kuwi kudu mènèhké persembahan sing ana getihé kanggo Yéhuwah. (Km 5:5–6:7) Mula, Paulus ngomongké pathokan iki, ”Miturut hukum Taurat, mèh kabèh perkara disucèkké nganggo getih, lan nèk getih ora diecurké, ora ana pangapura dosa.” (Ibr 9:22) Sakjané, getih saka korban-korban kéwan kuwi ora isa nyingkirké dosa lan ora isa nggawé hati nuraniné wong dadi apik. (Ibr 10:1-4; 9:9, 13, 14) Ning, liwat perjanjian anyar sing wis diramalké, dosané wong isa bener-bener diapura merga korban tebusané Yésus Kristus. (Ym 31:33, 34; Mat 26:28; 1Kor 11:25; Éf 1:7) Malah wektu ing bumi, Yésus nduduhké nèk nduwé kuwasa kanggo nyingkirké dosa pas dhèwèké marèkké wong lanang sing lumpuh.—Mat 9:2-7.
(Ibrani 9:24-26) Kristus ora mlebu menyang Papan Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa, sing uga tiruan saka sing asliné, nanging dhèwèké mlebu menyang swarga kuwi dhéwé, mula saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi kita. 25 Tujuané dudu kanggo mènèhké badané dadi persembahan ping bola-bali, kaya imam agung sing saben taun mlebu ing Papan Mahasuci nganggo getih sing dudu getihé dhéwé. 26 Nèk kaya ngono, dhèwèké kudu ping bola-bali sengsara saka wiwitané donya. Nanging saiki, ing pungkasané jaman iki, dhèwèké wis teka ing donya, sepisan kanggo saklawasé, demi mbusak dosa kanthi cara ngurbanké uripé.
cf-IN 183 ¶4
”Terusa Mèlu Aku”
4 Alkitab ora nyritakké apa sing kelakon pas Yésus bali ing swarga lan ketemu manèh karo Bapaké. Ning, Alkitab ngramalké apa sing bakal kelakon ing swarga ora suwé sakwisé Yésus bali mrono. Luwih saka 15 abad, wong Yahudi ajeg ndelok upacara suci. Saben taun, imam agung bakal mlebu ing Papan Mahasuci ing bait kanggo nyipratké getihé korban Dina Pangapurané Dosa ing ngarepé pethi perjanjian. Ing dina kuwi, imam agung nggambarké Mésias. Yésus nggenepi apa sing digambarké karo upacara kuwi sepisan kanggo saklawasé wektu dhèwèké bali ing swarga. Yésus bali ing panggonan sing paling suci, yaiku ing ngarepé Yéhuwah ing swarga, kanggo masrahké korban tebusané. (Ibrani 9:11, 12, 24) Apa Yéhuwah gelem nampa kuwi?
(Ibrani 10:1-4) Hukum Taurat kuwi mung bayangan saka perkara-perkara apik sing bakal teka, dudu perkara-perkara apik kuwi dhéwé. Mula, liwat kurban-kurban sing diwènèhké saben taun, hukum kuwi ora bakal isa nggawé sampurna wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah. 2 Saumpama isa, kurban-kurban kuwi mesthi ora perlu diwènèhké manèh, ta? Merga wong-wong sing nindakké tugas suci kuwi wis digawé suci, mula dadi ora rumangsa nduwé dosa. 3 Sewaliké, saben taun kurban kuwi dadi pangéling-éling nèk wong-wong kuwi dosa, 4 merga ora mungkin getihé sapi lanang lan getihé wedhus isa nyingkirké dosa.
it-2-IN 765 ¶3
Sampurna
Hukum Musa Kuwi Sampurna. Ing hukum sing diwènèhké kanggo bangsa Israèl liwat Musa, ana pengaturan soal imam lan soal akèh jenis korban kéwan. Pengaturan kuwi sampurna merga asalé saka Gusti Allah. Ning, Rasul Paulus nduduhké nèk hukum Taurat, pengaturan soal imam, lan korban-korban kuwi ora isa nggawé wong-wong sing manut hukum dadi sampurna. (Ibr 7:11, 19; 10:1) Hukum Musa ora mbébaské wong saka dosa lan kematian, ning malah nggawé dosa dadi tambah cetha. (Rm 3:20; 7:7-13) Senajan ngono, kabèh persediaan saka Yéhuwah iki isa nggenepi tujuané Yéhuwah. Hukum Taurat dadi ”pembimbing” sing nuntun wong-wong marang Kristus lan dadi ”bayangan saka perkara-perkara apik sing bakal teka”. (Gal 3:19-25; Ibr 10:1) Mula, wektu ngomongké soal ”apa sing ora isa ditindakké hukum Taurat merga kelemahané manungsa” (Rm 8:3), sing dimaksud Paulus yaiku soal imam agung Yahudi (sing dilantik hukum Taurat kanggo mènèhké korban lan sing bakal mlebu ing Papan Mahasuci ing Dina Pangapurané Dosa karo nggawa getihé korban) sing ora ”bener-bener sanggup nylametké” wong-wong sing dhèwèké layani. Kuwi dijelaské ing Ibrani 7:11, 18-28. Korban sing diwènèhké imam-imam keturunané Harun isa nggawé bangsa kuwi dianggep bener ing ngarepé Gusti Allah. Ning, kuwi ora isa nggawé bangsa kuwi bébas saka dosa. Rasul Paulus ngomong nèk korban pangapurané dosa ora isa ”nggawé sampurna wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah”, maksudé ora isa nggawé hati nuraniné wong dadi apik. (Ibr 10:1-4; bandhingna Ibr 9:9.) Imam agung ora isa bener-bener mbébaské wong saka dosa. Mung Yésus sing isa nindakké kuwi.—Ibr 9:14; 10:12-22.
Wulangan Penting
(Ibrani 9:16, 17) Nèk ana perjanjian, manungsa sing nggawé perjanjian kuwi perlu mati, 17 merga perjanjian kuwi dadi sah nèk ana pati. Kuwi ora bakal kanggo, nèk manungsa sing nggawé perjanjian kuwi isih urip.
w92-IN 1/3 31 ¶4-6
Pitakonané sing Maca
Paulus ngomong nèk perjanjian antarané Gusti Allah lan manungsa kuwi kudu disahké nganggo kematian. Contoné yaiku perjanjian Hukum. Musa dadi perantara ing perjanjian antarané Gusti Allah lan bangsa Israèl jasmani. Dadi, Musa nduwé tugas sing penting. Dhèwèké sing urusan langsung karo bangsa Israèl wektu bangsa kuwi mèlu ing perjanjian Hukum. Mula, Musa isa disebut dadi manungsa sing nggawé perjanjian Hukum sing asalé saka Yéhuwah. Apa Musa kudu mati bèn perjanjian Hukum isa disahké? Ora. Ning, getihé kéwan-kéwan sing dikorbanké kuwi nggantèni getihé Musa.—Ibrani 9:18-22.
Piyé nèk soal perjanjian anyar antarané Yéhuwah lan bangsa Israèl rohani? Yésus nduwé tugas sing mulya, yaiku dadi Perantara kanggo Yéhuwah lan bangsa Israèl rohani. Senajan perjanjian iki asalé saka Yéhuwah, ning Yésus nduwé tugas penting. Yésus ora mung dadi Perantara. Dhèwèké ya bakal urusan langsung karo wong-wong pertama sing mèlu ing perjanjian iki. Kuwi kelakon pas Yésus ing bumi. (Lukas 22:20, 28, 29) Yésus ya netepi syarat kanggo mènèhké korban sing isa nggawé perjanjian kuwi sah. Sing dikorbanké dudu kéwan, ning nyawané Yésus dhéwé. Mula, Paulus isa ngomong nèk Yésus kuwi manungsa sing nggawé perjanjian anyar. Sakwisé ”Kristus . . . mlebu menyang swarga kuwi dhéwé, mula saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi kita” lan ngesahké perjanjian anyar.—Ibrani 9:12-14, 24.
Paulus ngomong nèk Musa lan Yésus kuwi wong sing nggawé perjanjian. Ning, Paulus ora nduduhké nèk wong loro kuwi sing nduwé rencana nggawé perjanjian kuwi merga sakjané Yéhuwah sing nggawé. Ning, wong loro kuwi dadi perantara ing perjanjian kuwi. Kanggo saben perjanjian kuwi, kudu ana sing mati—kéwan-kéwan kanggo gantiné Musa, lan Yésus mènèhké uripé dhéwé kanggo wong-wong sing mèlu ing perjanjian anyar.
(Ibrani 10:5-7) Mula wektu Kristus teka ing bumi, dhèwèké kandha, ”’Kurban lan persembahan ora Panjenengan péngini, nanging Panjenengan wis nyiapké sawijiné badan kanggo aku. 6 Panjenengan ora seneng marang persembahan bakaran lan persembahan dosa.’ 7 Banjur aku kandha, ’Gusti Allah, aku wis teka kanggo nindakké kersa-Mu. Ing gulungan katulis bab aku.’”
it-1-IN 309 ¶5
Baptisan
Lukas nulis nèk Yésus ndonga pas dibaptis. (Luk 3:21) Terus, Rasul Paulus ya nulis omongané Yésus sing cocog karo Jabur 40:6-8 (LXX), ”Korban lan persembahan ora Njenengan péngini, ning Njenengan wis nyiapké badan kanggo aku . . . Aku teka (ing gulungan kitab wis nyebutké soal aku) kanggo nindakké kepénginané Njenengan, ya, Gusti.” (Ibr 10:5-9) Paulus ngomong nèk kuwi diomongké Yésus wektu dhèwèké ”teka ing bumi” (maksudé, dudu pas dhèwèké lagi waé lair lan durung isa maca lan ngomongké kuwi, ning pas dhèwèké dibaptis lan arep mulai pelayanané). Yésus kuwi wong Yahudi. Wong Yahudi kuwi nduwé perjanjian karo Gusti Allah yaiku perjanjian Hukum. (Pa 19:5-8; Gal 4:4) Mula, wektu njaluk dibaptis karo Yohanes, sakjané Yésus wis mlebu ing perjanjian kuwi. Yésus nindakké luwih saka sing diwajibké hukum Taurat. Dhèwèké gelem nindakké ”kersané” Bapaké yaiku mènèhké badané sing wis ’disiapké’ lan nyingkirké korban-korban kéwan sing ditemtokké hukum Taurat. Rasul Paulus ngomong, ”Cocog karo ’kersané’ kuwi, kita wis digawé suci liwat badané Yésus Kristus, sing diwènèhké sepisan kanggo saklawasé.” (Ibr 10:10) Kersané Yéhuwah kanggo Yésus kuwi ya klebu soal kegiatan sing ana hubungané karo Kratoné, lan Yésus ya gelem nindakké pelayanan iki. (Luk 4:43; 17:20, 21) Yéhuwah seneng karo apa sing ditindakké putrané kuwi. Buktiné, Yéhuwah nglantik Yésus nganggo roh suci lan ngomong, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.”—Mrk 1:9-11; Luk 3:21-23; Mat 3:13-17.
Maca Alkitab
(Ibrani 9:1-14) Perjanjian sing ndhisik kuwi nduwé hukum-hukum kanggo nindakké tugas suci lan nduwé kémah ing bumi kanggo ngibadah marang Gusti Allah. 2 Kémah kuwi dibangun dadi rong ruangan. Ing ruang kapisan ana wadhah lampu, méja, lan roti persembahan. Ruang kuwi disebut ”Papan Suci”. 3 Nanging ing mburiné geber sing kapindho ing njero kémah kuwi, ana ruang liya sing disebut ”Papan Mahasuci”. 4 Ing kana, ana wadhah dupa sing digawé saka emas lan pethi perjanjian sing dilapisi emas kabèh. Ing njeroné pethi kuwi ana wadhah emas sing isiné manna, tongkaté Harun sing tau metu tunasé, lan lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné hukumé Gusti Allah. 5 Ing ndhuwuré pethi kuwi ana kerub-kerub sing mulya sing bayang-bayangé nutupi tutup pethi kuwi. Nanging saiki dudu wektuné kanggo ngrembug bab iki kanthi rinci. 6 Sakwisé kabèh disiapké kaya ngono kuwi, para imam kanthi ajeg mlebu menyang ruang kapisan ing kémah kuwi kanggo nindakké tugas suci, 7 nanging mung imam agung sing éntuk mlebu menyang ruang kapindho kuwi setaun pisan, lan dhèwèké kudu nggawa getih, sing dipersembahké kanggo dhèwèké dhéwé banjur kanggo dosa-dosa sing ditindakké bangsa kuwi tanpa sengaja. 8 Dadi roh suci nduduhké kanthi cetha nèk saksuwéné kémah sing kapisan kuwi isih ngadeg, dalan menyang Papan Mahasuci isih durung kebukak. 9 Kémah kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki, lan miturut pengaturan iki, ana persembahan lan kurban sing diwènèhké. Nanging, bab-bab kuwi ora isa nggawé hati nuraniné wong sing nindakké tugas suci dadi sampurna. 10 Bab-bab kuwi kaitané mung karo panganan, ombèn-ombèn, lan kabèh upacara nyucèkké badan. Kuwi mung hukum-hukum bab perkara-perkara ing donya lan kuwi ditindakké nganti wektu sing ditemtokké kanggo mbenerké sakabèhé. 11 Nanging, wektu Kristus teka dadi imam agung kanggo nggawa bab-bab apik sing saiki wis kita rasakké, dhèwèké ngliwati kémah sing luwih penting lan luwih sampurna, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan ora didegké ing bumi. 12 Dhèwèké mlebu menyang Papan Mahasuci ora nganggo getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom, nanging nganggo getihé dhéwé, sepisan kanggo saklawasé, lan mbébaské kita kanggo saklawas-lawasé. 13 Nèk getihé wedhus lan getihé sapi lanang enom, uga awuné sapi sing durung tau manak sing disawurké ing ndhuwuré wong-wong sing najis waé isa nggawé badan dadi suci, 14 apa manèh getihé Kristus! Liwat roh suci sing langgeng, Kristus wis mènèhké badané dadi persembahan marang Gusti Allah lan dadi kurban sing tanpa cacad. Getihé bakal ngresiki hati nurani kita saka tumindak-tumindak sing tanpa guna, supaya kita isa nindakké tugas suci marang Gusti Allah sing urip.
16-22 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | IBRANI 11
”Iman Kuwi Penting”
(Ibrani 11:1) Iman yaiku keyakinan sing kuwat nèk apa sing diarep-arep mesthi bakal kelakon, lan bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana.
Nduduhké Iman marang Janji-janjiné Yéhuwah
6 Wacanen Ibrani 11:1. Alkitab nerangké apa tegesé iman. (1) Iman kuwi ”tegesé yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata”, Basa Jawi Padintenan (BJP). Perkara-perkara sing ”kita arep-arep” kuwi klebu janjiné Gusti Allah bab donya mbésuk. Contoné, awaké dhéwé yakin nèk bakal ana donya anyar lan ora ana manèh sing jahat. (2) Iman kuwi tegesé percaya marang perkara-perkara sing ”ora katon”. Awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah, Yésus, para malaékat, lan Kratoné Gusti Allah kuwi ana tenan senajan ora kétok. (Ib. 11:3) Apa buktiné nèk awaké dhéwé percaya tenan karo janjiné Gusti Allah lan perkara-perkara sing ora kétok? Kuwi nyata saka omongan lan tumindaké awaké dhéwé saben dina.
(Ibrani 11:6) Tanpa iman, wong ora bakal isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Panjenengané kuwi ana, lan nèk Panjenengané ngopahi wong-wong sing tenanan nggolèki Panjenengané.
w13-IN 1/11 11 ¶2-5
”Panjenengané Ngopahi Wong-Wong sing Tenanan Nggolèki Panjenengané”
Apa sing kudu ditindakké bèn isa nyenengké Yéhuwah? Paulus nulis, ”Tanpa iman, wong ora bakal isa nyenengké Gusti Allah.” Paulus ora ngomong nèk tanpa iman, awaké dhéwé angèl nyenengké Gusti Allah. Ning, Paulus ngomong nèk tanpa iman, awaké dhéwé ora bakal isa nyenengké Gusti Allah. Dadi, iman kuwi penting banget bèn isa nyenengké Gusti Allah.
Iman sing kaya apa sing isa nyenengké Yéhuwah? Sing pertama, awaké dhéwé ”kudu percaya nèk Panjenengané kuwi ana”. Penerjemah liyané nerjemahké dadi ”percaya nèk Dhèwèké nyata”. Awaké dhéwé ora bakal isa nyenengké Gusti Allah nèk ora percaya Gusti Allah ana. Ning, iman kuwi ora mung percaya merga hantu-hantu ya percaya nèk Yéhuwah kuwi ana. (Yakobus 2:19) Nèk ngupaya nyenengké Gusti Allah liwat tumindaké awaké dhéwé saben dina, kuwi bukti nèk awaké dhéwé percaya Gusti Allah ana.—Yakobus 2:20, 26.
Sing keloro, awaké dhéwé ”kudu percaya nèk” Yéhuwah bakal ”ngopahi”. Wong sing nduwé iman bakal bener-bener yakin nèk upayané kanggo nyenengké Gusti Allah ora bakal tanpa guna. (1 Korintus 15:58) Awaké dhéwé ora bakal isa nyenengké Yéhuwah nèk ora yakin karo kemampuan lan kepénginané Yéhuwah kanggo ngopahi awaké dhéwé. (Yakobus 1:17; 1 Pétrus 5:7) Wong sing nganggep nèk Gusti Allah kuwi ora perduli, ora seneng mènèhi, lan ora ngajèni upayané manungsa kuwi ora bener-bener kenal karo Gusti Allah sing sejati.
Yéhuwah ngopahi sapa waé? Paulus ngomong, ”Wong-wong sing tenanan nggolèki Panjenengané.” Salah siji referensi kanggo penerjemah Alkitab njelaské nèk istilah Yunani sing diterjemahké ”tenanan nggolèki” ora berarti ”ngupaya nggolèki”, ning maksudé ”ngibadah marang Gusti Allah”. Referensi liyané njelaské nèk kata kerja Yunani sing digunakké kuwi nduduhké upaya sing paling apik lan ora gampang nyerah. Yéhuwah ngopahi wong-wong sing semangat nyembah Dhèwèké saktulusé ati merga nduwé iman.—Matius 22:37.
(Ibrani 11:33-38) Merga nduwé iman, wong-wong kuwi ngalahké kerajaan-kerajaan, nindakké apa sing bener, éntuk janji-janji, mbungkem cangkemé singa, 34 matèni geni sing mulad-mulad, luput saka pedhang, dadi kuwat senajan sakdurungé tanpa daya, dadi prakosa ing perang, lan ngusir pasukan sing teka kanggo nyerang. 35 Para wong wadon nampa manèh keluargané sing diuripké manèh saka pati. Wong-wong liyané ora gelem nolak imané mung supaya isa dibébaské, nanging padha milih disiksa supaya isa diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik. 36 Sing liyané manèh diuji nganggo cara diécé lan dipecuti, malah nganti diranté lan dipenjara. 37 Wong-wong kuwi dibandhemi watu nganti mati, diuji, ditugel-tugel nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang, mung nganggo klambi saka kulit wedhus gèmbèl lan kulit wedhus jawa, ngalami kekurangan, sengsara, lan ngalami tumindak sing ala. 38 Donya iki dudu panggonan sing pantes kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi urip ing padhang gurun, ing gunung, ing guwa, lan ing luweng-luwengé bumi.
Nguwatké Iman marang sing Diarep-arep
10 Ing Ibrani bab 11, Rasul Paulus kandha, ”Merga saka precaya para wong wadon padha nampani menèh wong-wongé sing wis padha mati, sebab wis katangèkaké. Nanging wong-wong liyané padha pilih mati dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya mbésuk katangèkaké, dadi ngalami urip sing luwih becik.” (Ib. 11:35, BJP) Akèh abdiné Yéhuwah sing tetep setya senajan ngadhepi kasusahan, merga yakin tenan nèk wong mati bakal diuripké manèh. Wong-wong kuwi ngerti nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh kanggo urip saklawasé ing bumi. Contoné, Nabot lan Zakharia dibalangi watu nganti mati merga setya marang Yéhuwah. (1 Ra. 21:3, 15; 2 Bb. 24:20, 21) Dhanièl diuncalké ing guwa singa, lan kanca-kancané diobong ing geni sing panas banget. Wong-wong kuwi pilih mati timbang ora setya, merga nduwé iman sing kuwat nèk Yéhuwah bakal maringi roh suciné lan mbantu bèn isa setya ngadhepi kasusahan.—Dn. 3:16-18, 20, 28; 6:13, 16, 21-23; Ib. 11:33, 34.
11 Akèh para nabi, contoné Mikha lan Yérémia, diécé utawa dipenjara. Liyané, kaya Élia, ”nglambrang kaya wong buronan ana ing pesamunan, lan ing pegunungan. Padha manggon ana ing guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi”. Wong-wong kuwi tetep setya marang Yéhuwah merga ’yakin yèn prekara-prekara sing diarep-arep kuwi nyata’.—Ib. 11:1, 36-38, BJP; 1 Ra. 18:13; 22:24-27; Ym. 20:1, 2; 28:10, 11; 32:2.
Wulangan Penting
(Ibrani 11:4) Merga nduwé iman, Habèl mènèhké kurban persembahan marang Gusti Allah, yaiku kurban sing luwih aji ketimbang kurbané Kain. Liwat imané kuwi, Habèl nampa kesaksian nèk dhèwèké kuwi dianggep bener, merga Gusti Allah wis nampa persembahané. Senajan wis mati, dhèwèké isih ngomong liwat imané.
it-1-IN 1045 ¶1
Iman
Conto Iman ing Jaman Mbiyèn. Saben ”seksi sing akèh banget kaya méga” sing disebutké Paulus (Ibr 12:1) nduwé dhasar iman sing kuwat. Contoné, Habèl mesthi ngerti janjiné Gusti Allah soal keturunan sing bakal ngremuk endhasé ula. Habèl ya ndelok dhéwé nèk Yéhuwah tenanan ngukum wong tuwané ing Taman Èden. Ing njaba Taman Èden, lemahé mung ngasilké tanduran eri lan suket eri merga wis disumpahi. Mula, Adam lan keluargané kudu kerja keras bèn isa mangan. Kétoké Habèl ya ndelok nèk Hawa dadi bener-bener mbutuhké bojoné lan Adam nguwasani Hawa. Hawa mesthi crita karo Habèl nèk pas meteng rasané lara banget. Sakliyané kuwi, dalan mlebu ing Taman Èden dijaga karo kerub-kerub lan ana pedhang sing ana geniné. (Pd 3:14-19, 24) Kabèh kuwi dadi ”bukti sing nyata” kanggo Habèl, lan kuwi nggawé dhèwèké yakin nèk manungsa bakal dislametké liwat keturunan sing dijanjèkké. Mula, merga nduwé iman, Habèl ”mènèhké kurban persembahan marang Gusti Allah”. Korban kuwi luwih berharga ketimbang korban saka Kain.—Ibr 11:1, 4.
(Ibrani 11:5) Merga nduwé iman, Hénokh dipindhahké supaya ora ndelok pati, lan dhèwèké ora ditemokké ing ngendi-endi sebab Gusti Allah wis mindhahké dhèwèké. Sakdurungé dipindhahké, Hénokh nampa kesaksian nèk dhèwèké wis nyenengké Gusti Allah.
”Ndadèkaké Keparenging Allah”
Apa maksudé Hénokh ”kapulung supaya ora ngalami mati”? Kétoké Yéhuwah nggawé Hénokh ora urip manèh, ngilangké uripé bèn ora mati ngenes merga dipatèni mungsuhé sing kejem ing jamané. Ning sakdurungé kuwi, Hénokh ”wus kaseksènan manawa ndadèkaké keparenging Allah”. Piyé critané? Sakdurungé mati, Hénokh kétoké éntuk wahyu saka Gusti Allah lan isa ndelok bumi sing didadèkké pirdus. Kuwi bukti nèk Yéhuwah tresna lan seneng karo imané Hénokh. Rasul Paulus nyritakké imané Hénokh lan para abdiné Gusti Allah liyané wektu kandha, ”Iku mau kabèh sédané sajroning pracaya.” (Ibrani 11:13) Bar kuwi, isa waé para mungsuhé nggolèki mayaté Hénokh, ning ”ora ketemu”. Kétoké Yéhuwah ngilangké mayaté Hénokh, bèn ora digunakké kanggo ibadah palsu.
Maca Alkitab
(Ibrani 11:1-16) Iman yaiku keyakinan sing kuwat nèk apa sing diarep-arep mesthi bakal kelakon, lan bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana. 2 Merga nduwé iman, wong-wong ing jaman mbiyèn nampa kesaksian nèk wong-wong kuwi wis nyenengké Gusti Allah. 3 Merga nduwé iman, kita paham nèk donya sak isiné digawé liwat pangandikané Gusti Allah, dadi perkara-perkara sing isa kita delok kuwi ana saka perkara-perkara sing ora isa kita delok. 4 Merga nduwé iman, Habèl mènèhké kurban persembahan marang Gusti Allah, yaiku kurban sing luwih aji ketimbang kurbané Kain. Liwat imané kuwi, Habèl nampa kesaksian nèk dhèwèké kuwi dianggep bener, merga Gusti Allah wis nampa persembahané. Senajan wis mati, dhèwèké isih ngomong liwat imané. 5 Merga nduwé iman, Hénokh dipindhahké supaya ora ndelok pati, lan dhèwèké ora ditemokké ing ngendi-endi sebab Gusti Allah wis mindhahké dhèwèké. Sakdurungé dipindhahké, Hénokh nampa kesaksian nèk dhèwèké wis nyenengké Gusti Allah. 6 Tanpa iman, wong ora bakal isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Panjenengané kuwi ana, lan nèk Panjenengané ngopahi wong-wong sing tenanan nggolèki Panjenengané. 7 Merga nduwé iman, Nuh, sakwisé dikandhani Gusti Allah bab perkara-perkara sing durung kétok, manut marang Gusti Allah lan mbangun bahtera kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum, lan merga imané kuwi dhèwèké dianggep bener. 8 Merga nduwé iman, Abraham manut wektu Gusti Allah nyeluk dhèwèké, lan dhèwèké mangkat menyang panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga menyang ngendi. 9 Merga nduwé iman, Abraham manggon dadi wong asing ing tanah sing dijanjèkké kuwi, manggon ing kémah-kémah bareng karo Ishak lan Yakub, sing uga dadi ahli waris saka janji sing padha. 10 Kuwi merga Abraham ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kukuh, sing dirancang lan dibangun karo Gusti Allah. 11 Merga nduwé iman, Sara mbobot senajan wis tuwa, merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing maringi janji kuwi setya. 12 Mula, saka wong lanang siji sing wis tuwa banget, ana akèh anak sing dilairké, sing jumlahé kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai sing ora isa diétung cacahé. 13 Wong-wong kuwi mau kabèh tetep nduwé iman nganti mati, senajan durung nampa apa sing dijanjèkké. Nanging, wong-wong kuwi kaya-kayané wis ndelok saka kadohan, nampa kuwi kanthi bungah, lan ngandhani liyané nèk wong-wong kuwi wong asing lan penduduk sementara ing negara kuwi. 14 Wong-wong sing kandha kuwi nduduhké kanthi cetha nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèk panggonan kanggo wong-wong kuwi dhéwé. 15 Saumpama wong-wong kuwi ngéling-éling terus panggonané sing wis ditinggalké, wong-wong kuwi sakjané nduwé kesempatan kanggo bali. 16 Nanging, wong-wong kuwi ngupaya kanggo nemokké panggonan sing luwih apik, yaiku sing ana kaitané karo swarga. Mula Gusti Allah ora isin disebut Gusti Allahé wong-wong kuwi, malah Gusti Allah wis nyiapké sawijiné kutha kanggo wong-wong kuwi.
23-29 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | IBRANI 12-13
”Disiplin Kuwi Bukti Rasa Sayangé Yéhuwah”
(Ibrani 12:5) Kowé wis bener-bener nglalèkké naséhat sing diparingké Gusti Allah marang kowé, yaiku anak-anaké. Naséhaté yaiku, ”Anak-Ku, aja nyepèlèkké disiplin saka Yéhuwah, lan aja nyerah wektu diélikké karo Panjenengané,
w12-IN 15/3 29 ¶18
Aja ”Ndelok Mburi”
18 Naséhat sing tegas. Piyé nèk awaké dhéwé mulai ngéling-éling lan ngrasa jèngkèl soal naséhat sing tau ditampa? Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi sedhih lan akhiré ”nyerah”. (Ibr. 12:5) Awaké dhéwé isa waé ”nyepèlèkké” naséhat nganggo cara nolak naséhat kuwi; utawa mungkin awaké dhéwé awalé nampa, ning ”nyerah” nganggo cara ora nindakké manèh naséhat kuwi. Nèk awaké dhéwé kaya ngono, kuwi berarti awaké dhéwé ora gelem éntuk manfaat saka naséhat kuwi. Luwih apik nèk awaké dhéwé manut karo omongané Salomo, ”Manuta marang pamerdi, aja kokeculaké, iku reksanen, marga iya iku uripmu.” (WB. 4:13) Kaya sopir sing kudu manut peraturan lalu lintas, awaké dhéwé ya kudu nampa naséhat, ngetrapké kuwi, lan aja nyerah.—WB. 4:26, 27; wacanen Ibrani 12:12, 13.
(Ibrani 12:6, 7) merga Yéhuwah maringi disiplin marang kabèh sing ditresnani, malah Panjenengané ngukum saben wong sing dianggep anak.” 7 Kowé kudu tekun merga kuwi bagéan saka disiplin. Sebab kanggoné Gusti Allah, kowé kuwi anak-anaké. Apa ana ta anak sing ora tau didisiplin karo bapaké?
w12-IN 1/7 21 ¶3
”Wektu Kowé Ndonga, Kandhaa, ’Bapak’”
Merga sayang karo anak-anaké, bapak bakal ndisiplin anak-anaké bèn dadi wong sing apik. (Éfésus 6:4) Bapak sing kaya ngono mungkin bakal tegas wektu ndisiplin anak-anaké, ning ora kasar. Bapak surgawiné awaké dhéwé ya kaya ngono. Kadhang kala, Yéhuwah ya ndisiplin awaké dhéwé. Ning, wektu mènèhi disiplin, Gusti Allah mesthi nduduhké rasa sayang lan ora tau kasar. Kaya Yéhuwah, Yésus ya ora tau kasar wektu murid-muridé ora langsung nampa naséhaté.—Matius 20:20-28; Lukas 22:24-30.
(Ibrani 12:11) Pancèn, kita ora bungah wektu nampa disiplin, nanging ngrasa sedhih. Nanging sakwisé kuwi, disiplin bakal ngasilké katentreman lan nggawé wong dadi nindakké apa sing bener, merga wis dilatih liwat disiplin kuwi.
”Rungokna Naséhat lan Dadia Wicaksana”
18 Didisiplin kuwi pancèn ora kepénak, ning nèk nolak disiplin luwih parah akibaté. (Ibr. 12:11) Kain lan Raja Zedhekia mènèhi tuladha sing ora apik. Wektu Yéhuwah ngerti nèk Kain sengit lan kepéngin matèni adhiné, Yéhuwah ngélingké Kain, ”Ngapa kok kowé nesu lan ora seneng? Nèk tumindakmu apik, kowé bakal tak tampa manèh. Ning nèk ora, dosa wis ana ing ngarep lawang lan péngin nguwasani kowé. Kowé kudu ngalahké kuwi.” (Pd. 4:6, 7, NW) Kain nolak disiplin saka Yéhuwah, dhèwèké matèni adhiné, lan sengsara sajegé urip. (Pd. 4:11, 12) Dadi nèk Kain ngrungokké Gusti Allah, dhèwèké ora bakal sengsara.
Wulangan Penting
(Ibrani 12:1) Mula, merga kita nduwé seksi sing akèh banget kaya méga sing ngubengi kita, ayo kita padha mbuwang kabèh beban lan dosa sing kanthi gampang isa njiret kita, lan ayo kita padha mlayu kanthi tekun ing balapan sing wis ditemtokké kanggo kita,
w11-IN 15/9 18 ¶11
Mlayu kanthi Tekun ing Balapan
11 ”Seksi sing akèh banget kaya méga” kuwi ora mung dadi penonton sing mung péngin ndelok balapané utawa ndelok atlét sing disenengi menang. Ning, wong-wong kuwi mbiyèné ya wis tau mèlu lan ngrampungké balapan kuwi. Senajan wis mati, wong-wong kuwi isa dianggep kaya atlét sing wis pengalaman sing bakal nyemangati atlét sing anyar. Bayangna piyé perasaané atlét sing anyar wektu ngerti nèk dhèwèké ditonton karo atlét sing wis suksès. Mesthiné dhèwèké dadi kepéngin mlayu sak kuwat-kuwaté, ta? Para seksi mau isa mbuktèkké nèk balapan kuwi isa dimenangké, ora soal sepira angèlé. Wong Kristen Ibrani ing abad pertama isa dadi kendel lan ”mlayu kanthi tekun” merga terus mikirké conto saka ”seksi sing akèh banget kaya méga”. Awaké dhéwé saiki ya ngono.
(Ibrani 13:9) Aja disesatké karo piwulang sing béda, merga luwih apik nèk atimu dikuwatké karo welas asihé Gusti Allah sing nggumunké ketimbang dikuwatké karo panganan, sing ora migunani kanggo wong-wong sing mung sibuk mikirké bab kuwi.
w89-IN 15/12 22 ¶10
Mènèhké Korban sing Nyenengké Yéhuwah
10 Wong Ibrani kudu ngati-ati bèn ora ”disesatké karo piwulang sing béda” saka wong-wong sing percaya ajaran Yudaisme. (Galatia 5:1-6) Wong Ibrani isa tetep setya merga ’dikuwatké karo welas asihé Gusti Allah sing nggumunké’, dudu merga ajaran Yudaisme. Ana wong-wong sing ribut soal panganan lan korban-korban. Mula, Paulus ngomong nèk ati ora isa dikuwatké ”karo panganan, sing ora migunani kanggo wong-wong sing mung sibuk mikirké bab kuwi”. Awaké dhéwé isa éntuk manfaat rohani merga nglayani Yéhuwah lan ngajèni tebusan, dudu merga nindakké perayaan-perayaan lan mangan panganan-panganan sing ditemtokké. (Roma 14:5-9) Apamanèh, korbané Yésus nggawé korbané imam-imam Lèwi wis ora kanggo manèh.—Ibrani 9:9-14; 10:5-10.
Maca Alkitab
(Ibrani 12:1-17) Mula, merga kita nduwé seksi sing akèh banget kaya méga sing ngubengi kita, ayo kita padha mbuwang kabèh beban lan dosa sing kanthi gampang isa njiret kita, lan ayo kita padha mlayu kanthi tekun ing balapan sing wis ditemtokké kanggo kita, 2 karo mandeng Wakil Utama lan Sing Nyampurnakké iman kita, yaiku Yésus. Merga kabungahan sing didèlèhké ing ngarepé, dhèwèké tekun ing cagak paukuman lan ora ngrasa isin, lan saiki dhèwèké lungguh ing sisih tengen tahtané Gusti Allah. 3 Mula, gatèkna tenanan dhèwèké supaya kowé ora dadi kesel lan nyerah. Dhèwèké tekun ngadhepi wong-wong dosa sing nentang dhèwèké nganggo omongan, sing sakjané nggawé rugi wong-wong kuwi dhéwé. 4 Ing perjuanganmu nglawan dosa, kowé durung tau berjuang nganti mati. 5 Kowé wis bener-bener nglalèkké naséhat sing diparingké Gusti Allah marang kowé, yaiku anak-anaké. Naséhaté yaiku, ”Anak-Ku, aja nyepèlèkké disiplin saka Yéhuwah, lan aja nyerah wektu diélikké karo Panjenengané, 6 merga Yéhuwah maringi disiplin marang kabèh sing ditresnani, malah Panjenengané ngukum saben wong sing dianggep anak.” 7 Kowé kudu tekun merga kuwi bagéan saka disiplin. Sebab kanggoné Gusti Allah, kowé kuwi anak-anaké. Apa ana ta anak sing ora tau didisiplin karo bapaké? 8 Nanging nèk kowé ora mèlu nampa disiplin iki, kuwi tegesé kowé anak haram, dudu anaké Gusti Allah. 9 Sakliyané kuwi, bapak kita sing ana ing bumi uga mènèhi disiplin marang kita, lan kita ngajèni dhèwèké. Mula, kuduné kita kan luwih manut marang Bapak ing swarga supaya kita tetep urip, ta? 10 Bapak kita sing ana ing bumi mènèhi disiplin mung sedhéla waé, miturut apa sing bener kanggoné dhèwèké, nanging Gusti Allah maringi disiplin demi paédahé kita, supaya kita isa suci kaya Panjenengané. 11 Pancèn, kita ora bungah wektu nampa disiplin, nanging ngrasa sedhih. Nanging sakwisé kuwi, disiplin bakal ngasilké katentreman lan nggawé wong dadi nindakké apa sing bener, merga wis dilatih liwat disiplin kuwi. 12 Mula, kuwatna tangan sing sèngklèh lan dhengkul sing théklok. 13 Terus mlakua lurus nganggo sikilmu, supaya bagéan sing lara kuwi ora dadi saya parah nanging dadi mari. 14 Ngupayaa rukun karo kabèh wong lan ngupayaa bèn uripmu suci. Wong sing ora suci ora isa ndelok Gusti. 15 Ngati-atia supaya aja nganti ana sing gagal nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké, supaya oyod sing ana racuné ora thukul banjur nggawé masalah lan akèh wong sing dadi ora suci merga kuwi. 16 Lan waspadaa supaya ing antaramu aja ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, utawa sing ora ngajèni perkara-perkara sing suci, kaya Ésau, sing masrahké hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan. 17 Merga kowé ngerti nèk sakwisé kuwi, wektu dhèwèké péngin éntuk warisan berkah kuwi, dhèwèké ditolak. Senajan dhèwèké ngupaya tenanan nganti nangis-nangis supaya bapaké ngowahi keputusané, nanging kuwi tanpa guna.
30 SEPTEMBER–6 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | YAKOBUS 1-2
”Sing Nyebabké Awaké Dhéwé Dosa lan Mati”
(Yakobus 1:14) Nanging saben wong dicoba wektu dhèwèké disèrèd lan dibujuk karo pepénginané dhéwé.
g17.4-IN 14
Godaan
Njenengan isa disebut kegodha nèk njenengan péngin nindakké apa sing salah. Misalé, wektu lagi blanja, ana barang sing njenengan senengi. Njenengan langsung mikir nèk njenengan isa nyolong barang kuwi tanpa ana sing ngerti. Ning, hati nuraniné njenengan ora ngijinké. Mula, njenengan nyingkirké pikiran kuwi lan langsung lunga saka kono. Nèk kuwi ditindakké, berarti njenengan isa nglawan godaan kuwi.
KANDHANÉ ALKITAB
Nèk kegodha, kuwi ora berarti njenengan wong sing jahat. Alkitab ya ngomong nèk kabèh manungsa tau kegodha. (1 Korintus 10:13) Sing paling penting kuwi apa sing awaké dhéwé tindakké wektu kegodha. Ana sing terus mikirké kepénginan sing salah lan akhiré nindakké kuwi. Sing liyané langsung nyingkirké kepénginan kuwi.
”Saben wong dicoba wektu dhèwèké disèrèd lan dibujuk karo pepénginané dhéwé.”—Yakobus 1:14.
(Yakobus 1:15) Banjur, wektu pepénginan kuwi dadi kuwat, wong mau bakal nindakké dosa, lan nèk dosa wis ditindakké, akibaté pati.
g17.4-IN 14
Godaan
Alkitab njelaské apa sing nyebabké wong isa nindakké dosa. Yakobus 1:15 kandha, ”Wektu pepénginan [sing salah] kuwi dadi kuwat, wong mau bakal nindakké dosa.” Dadi, nèk terus mikirké kepénginan sing salah, awaké dhéwé akhiré bakal nindakké kuwi. Ning, awaké dhéwé sakjané isa ngendhalèni kepénginan sing salah lan ora dadi budhaké.
Wulangan Penting
(Yakobus 1:17) Saben anugrah sing apik lan sing sampurna asalé saka ndhuwur, saka Sumberé pepadhang ing langit, sing ora molah-malih kaya bayangan sing terus mlaku.
it-1-IN 488 ¶1
Pepadhang
Yéhuwah kuwi ”Sumberé pepadhang”. (Yak 1:17) Yéhuwah kuwi ora mung ”maringi srengéngé kagawé madhangi awan” lan ”netepaké rembulan lan lintang-lintang kanggo madhangi bengi” (Ym 31:35), ning Dhèwèké ya Sumberé pepadhang rohani. (2Kor 4:6) Hukumé, keputusan hukumé, lan omongané kuwi dadi pepadhang kanggo kabèh sing gelem manut. (Ms 43:3; 119:105; WB 6:23; Yé 51:4) Sing nulis Jabur kandha, ”Anggèn kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.” (Ms 36:10; bandhingna Ms 27:1; 43:3.) Kaya srengéngé sing saya padhang saka subuh nganti ”tumeka ing wayah tengangé [utawa, awan]”, dalané wong-wong sing gelem dibimbing Gusti Allah ya bakal dadi saya padhang. (WB 4:18) Nèk gelem manut, kuwi berarti awaké dhéwé mlaku ing pepadhang. (Yé 2:3-5) Ning, nèk nduwé pikiran sing ora murni lan nduwé rencana jahat, kuwi berarti awaké dhéwé lagi ana ing pepeteng rohani. Kuwi cocog karo omongané Yésus. Yésus ngomong, ”Nèk mripatmu seneng iri, badanmu sakwutuhé bakal peteng. Nèk pepadhang sing kok duwèni jebulé peteng, badanmu sakwutuhé mesthi peteng ndhedhet.”—Mat 6:23; bandhingna PT 15:9; 28:54-57; WB 28:22; 2Ptr 2:14.
(Yakobus 2:8) Nèk kowé nindakké hukum raja miturut ayat sing kandha, ”Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé,” kowé nindakké apa sing apik.
it-1-IN 987 ¶5
Hukum
”Hukum Raja”. ”Hukum raja” kuwi hukum sing paling penting ing antarané hukum-hukum liyané sing ngatur piyé kuduné sikapé manungsa karo manungsa liyané, misalé soal hubungané raja karo rakyaté. (Yak 2:8) Inti saka perjanjian Hukum kuwi katresnan, lan ’nresnani pepadha kaya nresnani awakmu dhéwé’ (hukum raja) kuwi préntah keloro sing dadi dhasar kanggo kabèh isiné hukum Taurat lan Tulisan Para Nabi. (Mat 22:37-40) Senajan ora klebu ing perjanjian Hukum, wong Kristen kudu tetep manut karo hukumé Yéhuwah lan Yésus Kristus merga wong-wong kuwi klebu ing perjanjian anyar.
Maca Alkitab
(Yakobus 2:10-26) Nèk ana wong sing manut karo kabèh hukum Taurat nanging nglanggar salah siji hukum, wong kuwi nglanggar kabèh hukum Taurat. 11 Gusti Allah ngendika, ”Aja laku jina”, Panjenengané uga ngendika, ”Aja matèni.” Dadi, nèk kowé ora laku jina, nanging kowé matèni, kowé nglanggar hukum. 12 Merga kowé bakal diadili miturut hukum kanggo wong merdéka, mula terusa ngomong lan tumindak miturut hukum kuwi. 13 Wong sing ora nduduhké welas asih bakal diadili tanpa welas asih. Welas asih luwih unggul ketimbang pengadilan. 14 Sedulur-sedulurku, nèk ana wong sing ngaku nduwé iman nanging ora nduduhké kuwi liwat tumindaké, apa gunané? Imané kuwi ora isa nylametké dhèwèké, ta? 15 Nèk ana sedulur-sedulur lanang utawa wadon sing ora nduwé klambi lan ora nduwé cukup panganan kanggo saben dinané, 16 banjur kowé kandha karo wong-wong kuwi, ”Lungaa, lan aja kuwatir. Muga-muga kowé nduwé klambi lan panganan kanggo saben dinané,” nanging kowé ora mènèhi wong-wong kuwi apa sing dadi kebutuhané badané, apa gunané? 17 Iman kuwi ya kaya ngono. Tanpa tumindak, iman kuwi mati. 18 Nanging, mungkin ana wong sing bakal kandha, ”Kowé nduwé iman, aku nduwé tumindak. Duduhna imanmu tanpa tumindak, lan aku bakal nduduhké imanku marang kowé liwat tumindakku.” 19 Kowé percaya nèk Gusti Allah mung siji, ta? Kuwi apik. Nanging, roh-roh jahat uga percaya lan wedi marang Panjenengané. 20 Nanging kowé, wong sing bodho, apa kowé perlu bukti nèk iman tanpa tumindak kuwi ora ana gunané? 21 Abraham bapak kita kan dianggep bener merga tumindaké, ta? Ya, dhèwèké dianggep bener sakwisé mènèhké Ishak anaké dadi persembahan ing mésbah. 22 Dadi, cetha nèk imané Abraham kétok saka tumindaké, lan imané dadi sampurna merga tumindaké. 23 Mula, ayat iki kelakon tenan: ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener.” Dhèwèké uga disebut sahabaté Yéhuwah. 24 Dadi saiki kowé ngerti nèk wong bakal dianggep bener merga tumindaké, dudu mung merga imané. 25 Semono uga Rahab pelacur kuwi. Dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis nampa para utusan kanthi ramah lan mbantu para utusan kuwi lunga liwat dalan liya. 26 Badan tanpa roh kuwi mati, semono uga iman tanpa tumindak kuwi mati.