PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr20 Januari hlm. 1-11
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
  • Subjudhul
  • 6-12 JANUARI
  • 13-19 JANUARI
  • 20-26 JANUARI
  • 27 JANUARI–2 FEBRUARI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
mwbr20 Januari hlm. 1-11

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

6-12 JANUARI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 1-2

”Yéhuwah Nyiptakké Kehidupan ing Bumi”

(Purwaning Dumadi 1:3, 4) Gusti Allah banjur ngandika: ”Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang. 4 Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahaké padhang karo peteng.

(Purwaning Dumadi 1:6) Gusti Allah tumuli ngandika: ”Anaa pepenthèngan ing antarané banyu, kang misahaké banyu karo banyu.”

(Purwaning Dumadi 1:9) Gusti Allah banjur ngandika: ”Banyu kang ana ing sangisoré langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono.

(Purwaning Dumadi 1:11) Apamanèh pangandikané Gusti Allah: ”Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijiné, wit-witan kang metu wohé warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono.

it-1-IN 506 ¶2-4

Penciptaan

Ing Dina Pertama, wektu Gusti Allah ngomong, ”Anaa pepadhang”, maksudé cahaya sing nyebar nembus lapisan awan senajan sumber cahaya kuwi durung kétok jelas saka bumi. Kétoké iki ana prosèsé, kaya sing diduduhké karo penerjemah J. W. Watss, ”Lan sithik-sithik mulai ana cahaya.” (Pd 1:3, A Distinctive Translation of Genesis) Gusti Allah misahké terang lan peteng, terus nyebut terang kuwi Awan lan peteng kuwi Bengi. Iki nduduhké nèk bumi muter ing porosé lan muter nglilingi matahari. Hasilé, bagéan timur lan barat isa ngrasakké awan lan bengi.​—Pd 1:3, 4.

Ing Dina Keloro, Gusti Allah misahké ”banyu karo banyu”. Sebagéan tetep ana ing bumi, ning sing liyané munggah ing ndhuwuré permukaan bumi. Sing ana ing antarané rong bagéan kuwi disebut angkasa. Gusti Allah nyebut angkasa kuwi langit, ning iki angkasa sing cedhak karo bumi. Ing banyu sing ana ing ndhuwuré angkasa ora disebutké nèk ana bintang-bintang utawa benda-benda luar angkasa liyané.​—Pd 1:6-8; deloken ANGKASA.

Ing Dina Ketelu, merga kuwasané Gusti Allah, banyu ing bumi dikumpulké. Bar kuwi, mulai ana lemah sing garing. Gusti Allah nyebut kuwi Darat. Ing dina kuwi Gusti Allah nggunakké atom-atom kanggo nyiptakké rumput, tanduran, lan wit-witan sing ngetokké woh. Kuwi kelakon dudu merga kebetulan utawa évolusi. Saben jenis tanduran isa dadi tambah akèh manut jenisé.​—Pd 1:9-13.

(Purwaning Dumadi 1:14) Gusti Allah banjur ngandika: ”Ing pepenthèngan langit anaa pepadhang kanggo mérang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadéné dina lan taun.

(Purwaning Dumadi 1:20) Gusti Allah tumuli ngandika: ”Ing banyu anaa makhluk urip kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwuré bumi ngliwati pepenthèngan.”

(Purwaning Dumadi 1:24) Gusti Allah tumuli ngandika: ”Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kéwan ingon-ingon, kéwan kang rumangkang, lan gumremet sarta kéwan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono.

(Purwaning Dumadi 1:27) Gusti Allah tumuli nitahaké manungsa miturut gambaré, anggoné nitahaké mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggoné nitahaké.

it-1-IN 506 ¶7–507 ¶2

Penciptaan

Gatèkna nèk Purwaning Dumadi 1:16 ora nggunakké kata kerja Ibrani ba·raʼʹ, sing artiné ”nyiptakké”. Ayat kuwi malah nggunakké kata kerja Ibrani ʽa·sahʹ, sing artiné ”nggawé”. Merga matahari, bulan, lan bintang-bintang kuwi ana ing ”langit” sing disebutké ing Purwaning Dumadi 1:1, berarti benda-benda langit kuwi wis diciptakké suwé sakdurungé dina kepapat. Ing dina kepapat Gusti Allah ngomong, ”Iku kabèh padha diprenahaké déning Gusti Allah ana ing pepenthèngan supaya madhangi bumi.” Gusti Allah mulai ”nggawé” benda-benda sing ana ing langit dadi kétok saka bumi, kaya-kayané benda-benda kuwi ana ing angkasa. Benda-benda penerang iki ya dadi tandha kanggo musim-musim, dina-dina, lan taun-taun sing isa dadi petunjuk kanggo manungsa.​—Pd 1:14.

Ing Dina Kelima, Gusti Allah nyiptakké makhluk-makhluk ing bumi. Gusti Allah ora mung nyiptakké makhluk siji, terus makhluk kuwi berubah. Ning, kabèh diciptakké nganggo roh suciné. Dikandhakké nèk ”Gusti Allah nuli nitahaké kéwan segara kang gedhé-gedhé lan sawernaning makhluk urip kang pating krogèl ana ing banyu, apadéné sawernaning manuk kang mawa suwiwi.” Merga seneng karo apa sing wis diciptakké, Gusti Allah mberkahi lan ngongkon bèn padha ”tangkar-tumangkara [utawa, berkembang biak]”. Iki isa kelakon merga kabèh makhluk-makhluk kuwi dirancang Yéhuwah nduwé kemampuan kanggo berkembang biak manut jenisé.”​—Pd 1:20-23.

Ing Dina Keenem, ”Gusti Allah akarya sato-kéwan alasan warna-warna, kéwan ingon warna-warna, kéwan kang gumremet ana ing bumi warna-warna.” Gusti Allah ndelok nèk kabèh sing wis diciptakké apik.​—Pd 1:24, 25.

Sakdurungé dina keenem rampung, Gusti Allah nyiptakké makhluk anyar sing luwih unggul ketimbang kéwan, ning luwih rendah ketimbang malaékat. Makhluk kuwi disebut manungsa, sing diciptakké manut gambaré Gusti Allah. Purwaning Dumadi 1:27 mung njelaské nèk Gusti Allah nyiptakké manungsa lanang lan wédok. Ning, Purwaning Dumadi 2:7-9 nduduhké nèk Yéhuwah nggawé manungsa saka tanah, mènèhi napas ing irungé, terus manungsa kuwi dadi urip. Ing kéné Yéhuwah nggunakké unsur-unsur bumi wektu nyiptakké wong lanang. Terus, Yéhuwah nyiptakké wong wédok saka salah siji tulang rusuké Adam. (Pd 2:18-25) Merga wong wédok wis diciptakké, manungsa dadi lengkap.​—Pd 5:1, 2.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 1:1) Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi.

w15-IN 1/6 5

Pengaruhé Ilmu Pengetahuan kanggo Njenengan

Umuré bumi lan alam semesta

Para ilmuwan kandha nèk umuré bumi kira-kira 4 miliar taun lan alam semesta kira-kira 13 nganti 14 miliar taun. Alkitab ora nyebutké kapan persisé alam semesta diciptakké. Alkitab ya ora nyebutké nèk umuré bumi mung éwonan taun. Ayat pertama ing Alkitab kandha, ”Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi.” (Purwaning Dumadi 1:1) Kata-kata kuwi nggawé para ilmuwan ngira-ngira umuré bumi nurut ilmu pengetahuan.

(Purwaning Dumadi 1:26) Gusti Allah banjur ngandika: ”Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kéwan ingon tuwin bumi iki kabèh sarta marang sarupané kéwan kang gumremet ana ing bumi.”

it-2-IN 1246 ¶11

Yésus Kristus

Dudu pencipta kaya Gusti Allah. Senajan Yésus mèlu gawéan kanggo nyiptakké, dhèwèké dudu pencipta kaya Gusti Allah. Kuwasa kanggo nyiptakké iki asalé saka Gusti Allah liwat roh suci. (Pd 1:2; Ms 33:6) Terus, merga Yéhuwah kuwi sumberé urip, berarti kabèh ciptaan termasuk sing ora kétok, isa urip merga Yéhuwah. (Ms 36:10) Yésus dudu pencipta kaya Gusti Allah. Dhèwèké kuwi wakil utawa sarana sing digunakké Yéhuwah ing gawéané. Yésus dhéwé ngakoni nèk Gusti Allah kuwi sing nyiptakké kabèh kaya sing dikandhakké Alkitab.​—Mat 19:4-6; deloken PENCIPTAAN.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 1:1-19) Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi. 2 Anadéné bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, déné Rohé Gusti Allah nglayang ing sadhuwuré banyu. 3 Gusti Allah banjur ngandika: ”Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang. 4 Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahaké padhang karo peteng. 5 Kang padhang diparingi aran raina, déné kang peteng: wengi. Mangkono wus dadi soré lan ésuk: dina kang kapisan. 6 Gusti Allah tumuli ngandika: ”Anaa pepenthèngan ing antarané banyu, kang misahaké banyu karo banyu.” 7 Gusti Allah banjur yasa penthèngan sarta misahaké banyu kang ana ing sangisoring penthèngan karo banyu kang ana ing sandhuwuré penthèngan mau. Lan banjur kelakon. 8 Pepenthèngan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi soré lan wus dadi ésuk, dina kang kapindho. 9 Gusti Allah banjur ngandika: ”Banyu kang ana ing sangisoré langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono. 10 Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukané banyu diparingi aran: segara. Kabèh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 11 Apamanèh pangandikané Gusti Allah: ”Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijiné, wit-witan kang metu wohé warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono. 12 Bumi banjur nuwuhaké thethukulan, sawernaning tetuwuhan kang ana wijiné lan sakèhing wit-witan kang metokaké woh kang isi wiji. Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 13 Mangkono wus dadi soré lan wus dadi ésuk: dina kang katelu. 14 Gusti Allah banjur ngandika: ”Ing pepenthèngan langit anaa pepadhang kanggo mérang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadéné dina lan taun. 15 Karomanèh padha dadia pepadhang ana ing pepenthèngan langit supaya madhangi bumi.” Lan iya kelakon mangkono. 16 Gusti Allah yasa pepadhang gedhé loro, kang gedhé dhéwé supaya mengkua ing wayah rina, lan kang kepara cilik supaya mengkua ing wayah bengi, mangkono uga lintang-lintang. 17 Iku kabèh padha diprenahaké déning Gusti Allah ana ing pepenthèngan supaya madhangi bumi, 18 lan supaya mengku wayah awan lan bengi, karomanèh kanggo misahaké padhang lan peteng. Iku kabèh dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 19 Kaya mangkono wus dadi soré lan wus dadi ésuk, dina kang kaping papat.

13-19 JANUARI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 3-5

”Akibat Merga Sétan Ngapusi Manungsa”

(Purwaning Dumadi 3:1-5) Anadéné ula iku kang julig dhéwé ing antarané sakèhing kéwan dharatan karyané Sang Yéhuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: ”Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampéyan: Sira aja mangan wohing sarupané wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?” 2 Pangucapé wong wadon marang si ula: ”Wohé wit-witan ing patamanan iki kabèh kena baé dakpangan, 3 nanging tumrap wohing wit kang ana satengahé patamanan iki, ana dhawuhé Gusti Allah mangkéné: Aja sira pangan, malah ndemok baé aja, supaya sira aja padha mati.” 4 Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah, 5 nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampéyan nedha wohipun wit punika, sampéyan badhé kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon.”

w17.02 5 ¶9

Kersané Yéhuwah Bakal Kelakon

9 Sétan si Iblis nggunakké ula kanggo ngapusi Kawa bèn dadi ora manut karo Yéhuwah, Bapaké. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:1-5; Wy. 12:9) Sétan péngin nggawé Adam lan Kawa mikir nèk Yéhuwah kuwi ora adil merga manungsa ora éntuk mangan ”wohing sarupané wit-witan ing patamanan iki”. Kaya-kayané Sétan ngomong, ’Kowé ora isa nindakké sing mbok karepké, ta?’ Sakbanjuré, Sétan ngomong karo Kawa, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah.” Terus, Sétan nggawé Kawa yakin nèk dhèwèké ora perlu ngrungokké Yéhuwah. Sétan kandha, ”Gusti Allah mirsa, samangsa sampéyan nedha wohipun wit punika, sampéyan badhé kaparingan awasing paningal.” Sétan ngomong kaya-kayané Yéhuwah ora péngin Adam lan Kawa dadi luwih pinter merga mangan woh kuwi. Sétan malah ngiming-imingi nèk wong loro kuwi isa ”dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon.”

(Purwaning Dumadi 3:6) Wong wadon mau nuli weruh yèn wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemaké, lan manèh wit iku ménginaké, awit bisa ngolèhaké kapinteran; tumuli methil wohé lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwènèhi lan iya banjur mangan.

w00-IN 15/11 25 ¶8–26 ¶1

Awaké Dhéwé Isa Sinau saka Pasangan Manungsa sing Pertama

Sakjané Hawa isa milih kanggo ora nindakké dosa. Bayangna nèk njenengan sing dadi Hawa. Omongané si ula bener-bener béda karo omongané Yéhuwah lan Adam. Piyé perasaané njenengan nèk ana wong sing ora dikenal nudhuh nèk wong sing njenengan sayangi lan percayani wis ngapusi? Kuduné Hawa ora seneng lan nesu utawa malah ora gelem ngrungokké. Apa manèh, ula kuwi ora nduwé hak kanggo nglawan Gusti Allah lan kata-katané Adam. Kuduné Hawa nggolèk naséhat dhisik sakdurungé nggawé keputusan. Kuwi nduduhké nèk Hawa manut karo pathokan soal kekepalaan. Awaké dhéwé ya kudu nggolèk naséhat dhisik sakdurungé nggawé keputusan. Ning, Hawa percaya karo kata-katané Sétan. Hawa péngin nggawé keputusan dhéwé soal apa sing apik lan apa sing èlèk. Hawa terus mikirké kuwi, nganti péngin nindakké kuwi. Terus mikirké kepénginan sing salah kuwi klèru. Kuduné dhèwèké nyingkirké kuwi, utawa ngrembug kuwi karo Adam.​—1 Korintus 11:3; Yakobus 1:14, 15.

Adam Ngrungokké Bojoné

Hawa ngrayu Adam bèn mèlu nindakké dosa. Apa sebabé Adam manut karo Hawa? (Purwaning Dumadi 3:6, 17) Adam kudu milih. Apa Adam bakal manut Penciptané, sing wis mènèhi kabèh, klebu mènèhi bojo sing dhèwèké sayangi? Apa Adam bakal nggolèk tuntunan saka Yéhuwah soal apa sing kudu ditindakké? Utawa, apa Adam bakal mutuské kanggo nindakké dosa bareng bojoné? Adam ngerti tenan nèk sing dipéngini bojoné kuwi ora bakal kelakon. Rasul Paulus nulis, ”Adam ora kapusan, nanging wong wadon kuwi sing bener-bener kapusan banjur nglanggar préntahé Gusti Allah.” (1 Timotius 2:14) Dadi, Adam sengaja ora manut karo Yéhuwah. Merga wedi kélangan bojo, Adam nduduhké nèk dhèwèké ora percaya Gusti Allah isa nggawé keadaané dadi luwih apik.

(Purwaning Dumadi 3:15-19) Karodéné Ingsun bakal ndadèkaké memungsuhan ing antarané sira lan wong wadon iki, lan ing antarané turunira lan turuné wong wadon iki; turuné wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkaké.” 16 Wong wadon iku didhawuhi mangkéné: ”Ingsun bakal ngakèhaké banget karépotané anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairaké anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.” 17 Sarta marang manungsa pangandikané: ”Sarèhné sira nuruti tembungé somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhaké marang sira supaya aja sira pangan, mulané bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametuné ing sajegira urip. 18 Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokaké kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira. 19 Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu manèh.”

w12-IN 1/9 4 ¶2

Apa Gusti Allah Pancèn Perduli karo Wong Wédok?

Apa wong wédok dikutuk karo Gusti Allah?

Ora. Ning, ”ula sing wiwitan, sing disebut Iblis,” sing dikutuk Gusti Allah. (Wahyu 12:9; Purwaning Dumadi 3:14) Wektu kandha nèk Adam bakal nguwasani bojoné, ora berarti Gusti Allah setuju nèk wong lanang tumindak sak pénaké dhéwé karo wong wédok. (Purwaning Dumadi 3:16) Gusti Allah mung ngramalké akibat saka dosané pasangan manungsa pertama.

w04-IN 1/1 29 ¶2

Piwulang Penting saka Buku Purwaning Dumadi—I

3:17—Apa maksudé tanah dikutuk, lan nganti kapan? Tanah dikutuk kuwi maksudé tanahé dadi angèl ditanduri. Keturunané Adam ngrasakké susah merga tanah wis dikutuk lan merga ana akèh tanduran eri lan suket eri. Mula, bapaké Nuh sing jenengé Lamèkh nyebutké soal ”pagawéan kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipaté [utawa, kutukané] Sang Yéhuwah.” (Purwaning Dumadi 5:29) Sakwisé Banjir Gedhé, Yéhuwah mberkahi Nuh lan anak-anaké. Yéhuwah ngongkon Nuh lan anak-anaké ngebaki bumi. (Purwaning Dumadi 9:1) Kétoké, Yéhuwah wis ora ngutuk tanah manèh.​—Purwaning Dumadi 13:10.

it-2-IN 700 ¶6

Lara Arep Nglairké

Kesusahan sing ana merga arep nglairké. Wong wédok sing pertama, yaiku Hawa, dikandhani Yéhuwah nèk dhèwèké bakal ngrasakké lara wektu nglairké merga dhèwèké wis dosa. Nèk tetep manut, Hawa bakal terus diberkahi lan ngrasakké seneng wektu nglairké anak, merga ”berkahé Pangéran Yéhuwah iku kang nyugihaké, ora bakal diwuwuhi déning rekasané dhéwé.” (WB 10:22) Ning, saiki umumé rasa lara kuwi ana merga badané manungsa wis ora sampurna. Mula, Yéhuwah ngomong (kaya ing ayat-ayat liya sing kandha nèk kabèh sing diijinké Gusti Allah kuwi kaya ditindakké karo Gusti Allah), ”Ingsun bakal ngakèhaké banget karépotané anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairaké anak.”​—Pd 3:16.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 4:23, 24) Lamèkh mau tutur marang somahé sakaroné: ”Ada karo Zila, rungokna swaraku, hé somahé Lamèkh, tilingna tembungku iki: Wong kang natoni aku wus dakpatèni, mangkono uga jejaka kang gawé mlicètku. 24 Sabab yèn ta Kain kudu diwalesaké tikel pitu, Lamèkh kudu diwalesaké tikel pitung puluh pitu.”

it-1-IN 1386 ¶10

Lamèkh

Puisi sing digawé Lamèkh kanggo bojoné (Pd 4:23, 24) nggambarké keadaan jaman kuwi sing akèh kekerasan. Puisi kuwi uniné, ”Ada karo Zila, rungokna swaraku, hé somahé Lamekh, tilingna tembungku iki: Wong kang natoni aku wus dakpatèni, mangkono uga jejaka kang gawé mlicètku. Sabab yèn ta Kain kudu diwalesaké tikel pitu, Lamèkh kudu diwalesaké tikel pitung puluh pitu.” Ing puisi iki, Lamèkh lagi njelaské nèk dhèwèké matèni wong dudu merga direncanakké, kaya Kain. Nurut omongané, Lamèkh matèni wong lanang sing mukul lan nglarani dhèwèké kuwi tujuané kanggo mbéla dhiri. Dadi, Lamèkh nggawé puisi iki bèn dilindhungi saka sapa waé sing péngin mbales Lamèkh merga wis matèni wong sing nyerang dhèwèké.

(Purwaning Dumadi 4:26) Sèt uga duwé anak lanang, dijenengaké Énos. Wiwit nalika samana wong padha wiwit memuja nyebut asmané Sang Yéhuwah.

it-1-IN 971 ¶8

Ngrèmèhké

Ing jamané Énos, yaiku sakdurungé Banjir Gedhé, wong-wong ”padha wiwit memuja nyebut asmané Sang Yéhuwah”. Kuwi ora berarti wong-wong kuwi nggunakké jenengé Yéhuwah nganggo cara sing bener. Merga suwé sakdurungé kuwi, Habèl mesthi wis nyebut jenengé Yéhuwah. (Pd 4:26; Ibr 11:4) Nurut para ahli, wong-wong kuwi nggunakké jenengé Gusti Allah nganggo cara sing ora bener lan kanggo njenengi manungsa utawa patung-patung brahala. Dadi, wong-wong kuwi wis ngrèmèhké Gusti Allah.​—Deloken ÉNOS.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 4:17–5:8) Kacarita Kain sapaturon karo bojoné, iku banjur ngandhut, sarta anak-anak Hénokh; sawusé mangkono Kain banjur mbangun kutha, kutha mau dijenengaké Hénokh, kaya jenengé anaké. 18 Hénokh nurunaké Irad, Irad nurunaké Mékhuyaèl, Mékhuyaèl nurunake Métusaèl. Métusaèl nurunaké Lamèkh. 19 Anadéné Lamèkh mau bojoné loro, kang siji jenengé Ada, sijiné Zila. 20 Ada nglairaké Yabal, iku dadi leluriné wong kang padha manggon ing tarub lan ngingu raja-kaya. 21 Déné adhiné jenengé Yubal, iku dadi leluriné para panyiter lan panyuling. 22 Zila uga nglairaké anak yaiku Tubal-Kain, leluriné para tukang tembaga lan pandhé wesi, déné adhiné Tubal-Kain mau wadon, jenengé: Naama. 23 Lamèkh mau tutur marang somahé sakaroné: ”Ada karo Zila, rungokna swaraku, hé somahé Lamèkh, tilingna tembungku iki: Wong kang natoni aku wus dakpatèni, mangkono uga jejaka kang gawé mlicètku. 24 Sabab yèn ta Kain kudu diwalesaké tikel pitu, Lamèkh kudu diwalesaké tikel pitung puluh pitu.” 25 Anadéné Bapa Adam wus sapaturon karo bojoné manèh, iku banjur nglairaké anak lanang kang dijenengaké Sèt, sabab pangucapé: ”Gusti Allah wus maringi anak lanang liyané minangka sesulihé Abèl, marga iku wus dipatèni Kain.” 26 Sèt uga duwé anak lanang, dijenengaké Énos. Wiwit nalika samana wong padha wiwit memuja nyebut asmané Sang Yéhuwah.

5 Iki sarasilahé turuné Bapa Adam. Nalika Gusti Allah nitahaké Bapa Adam, anggoné karya nulad pasemoné Gusti Allah. 2 Anggoné nitahaké lanang lan wadon sarta padha diberkahi tuwin disebut: ”Manungsa” yaiku ing nalikané padha katitahaké. 3 Bareng Bapa Adam umur satus telung puluh taun, nuli duwé anak kang ngèmperi rupa lan pasemoné, dijenengaké: Sèt. 4 Sawusé duwé anak Sèt mau, Bapa Adam isih ginanjar umur wolung atus taun manèh, sarta duwé anak lanang lan wadon. 5 Dadi gunggungé umuré Bapa Adam sangang atus telung puluh taun, banjur tinggal donya. 6 Nalika Sèt umur satus lima taun, duwé anak Énos. 7 Sawusé anak-anak Énos mau, Sèt isih diganjar umur manèh wolung atus pitu taun, sarta duwé anak lanang lan wadon. 8 Dadi gunggungé umuré Sèt sangang atus rolas tahun, banjur ngajal.

20-26 JANUARI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 6-8

”Nuh Nindakké Persis Kaya Ngono”

(Purwaning Dumadi 6:9) Iki sejarahé Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarané para barakané. Salampah tindaké ana ing patunggilané Gusti Allah.

(Purwaning Dumadi 6:13) Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: ”Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripé makhluk kabèh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulané bakal Sunsirnakaké bareng karo bumi.

w18.02 4 ¶4

Tirunen Nuh, Dhanièl, lan Ayub sing Manut lan Nduwé Iman

4 Masalah sing diadhepi Nuh. Wong-wong wis jahat ing jamané Hénokh, mbah buyuté Nuh, lan ”omongané ngrèmèhké” Yéhuwah. (Yud. 14, 15) Wong-wong dadi saya jahat ing jamané Nuh. Para malaékat sing jahat dadi manungsa lan nikah karo wong-wong wédok ing jaman kuwi. Lan keturunané dadi wong sing kejem lan jahat. Alkitab kandha nèk bumi iku ”kebak panganiaya”. (Pd. 6:2-4, 11, 12) Ning, Nuh béda banget karo sing liyané. Alkitab kandha nèk ”Nuh ditresnani Yéhuwah” lan merga dhèwèké nindakké sing bener ”Nuh terus mlaku karo Gusti Allah sing sejati”.​—Pd. 6:8, 9, Terjemahan Dunia Baru (NW).

(Purwaning Dumadi 6:14-16) Sira gawéa prau kanggo sira, kang kagawé kayu gofir, panggawéné sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jeroné sira usara nganggo aspal kang kenthel. 15 Déné anggonira gawé iku mangkéné: dawané prau telung atus asta, ambané sèket asta, dhuwuré telung puluh asta. 16 Prauné sira wènèhana cendhéla mubeng, leté saasta saka payon, lawangé prenahna ana ing awaké prau. Anggonira gawé prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.

w13-IN 1/4 14 ¶1

”Salampah Tindaké Ana ing Patunggilané Gusti Allah”

Gawéan kuwi rampung sakwisé kira-kira 40 nganti 50 taun. Nuh lan keluargané kudu nebangi wit. Terus wit-wit kuwi kudu diangkut, dikethoki, dibentuk, lan disambung-sambungké. Bahtera kuwi tingkaté telu. Ana ruangan-ruangané lan pintu ing samping. Terus, ana jendhéla-jendhéla ing bagéan ndhuwur. Atapé digawé rada miring bèn banyu isa mudhun.​—Purwaning Dumadi 6:14-16.

(Purwaning Dumadi 6:22) Rama Nuh tumuli nglampahi, ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah mau kabèh.

w11-IN 15/9 18 ¶13

”Mlayu kanthi Tekun”

13 Apa sebabé umaté Yéhuwah iki isa terus tekun lan setya? Gatèkna apa sing ditulis Paulus soal Nuh. (Wacanen Ibrani 11:7.) Nuh durung tau ngerti ana ”banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakaké sarupaning jinis kang urip”. (Pd. 6:17) Kuwi durung tau kelakon sakdurungé. Senajan ngono, Nuh tetep percaya nèk kuwi bakal kelakon. Kenapa? Nuh nduwé iman. Nuh percaya nèk Yéhuwah mesthi nindakké apa waé sing Dhèwèké omongké. Nuh ora ngrasa nèk préntahé Yéhuwah kuwi terlalu angèl. Nuh nindakké persis kaya ngono. (Pd. 6:22) Coba pikirna, Nuh kudu mbangun bahtera, ngumpulké kéwan-kéwan, nyiapké panganan kanggo manungsa lan kéwan ing bahtera, martakké berita penghukuman, lan njaga bèn keluargané tetep akrab karo Yéhuwah. Mesthi ora gampang kanggo nindakké kabèh persis kaya sing dijaluk Yéhuwah. Ning, merga Nuh nduwé iman lan terus setya, dhèwèké lan keluargané isa slamet lan diberkahi Yéhuwah.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 7:2) Sarupané kéwan kang kalal sira njupuka pitung jodho, lanang lan wadon, déné kéwan kang ora kalal iku mung sajodho-sajodho, lanang lan wadon.

w04-IN 1/1 29 ¶7

Piwulang Penting saka Buku Purwaning Dumadi—I

7:2—Apa sing dadi dhasar kanggo mbédakké kéwan sing haram lan ora haram? Dhasaré mesthi ana hubungané karo korban-korban kanggo ibadah, dudu soal apa sing isa dipangan utawa ora. Sakdurungé Banjir Gedhé, manungsa durung mulai mangan kéwan. Sebutan ”kalal [utawa, halal]” lan ”haram” kanggo panganan kuwi mung ana ing hukum Musa. Wektu hukum Musa wis ora berlaku manèh, sebutan kuwi ya wis ora kanggo manèh. (Kisah 10:9-16; Éfésus 2:15) Kétoké Nuh ngerti apa sing cocog dikorbanké kanggo ngibadah karo Yéhuwah. Sakwisé metu saka bahtera, Nuh ”yasa [utawa, nggawé] misbyah konjuk marang Sang Yéhuwah, sarta mundhut panunggalané kéwan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosaké dadi kurban obaran ana ing misbyah mau”.​—Purwaning Dumadi 8:20.

(Purwaning Dumadi 7:11) Nalika yuswané Rama Nuh wus nyandhak nem atus tauné, ing sasi kapindho tanggal pitulas, sakèhé umbulé samodra-raya kang nggegirisi padha bedhah lan cendhélaning langit padha kabukak,

w04-IN 1/1 30 ¶1

Piwulang Penting saka Buku Purwaning Dumadi—I

7:11—Banyu sing nyebabké Banjir Gedhé kuwi asalé saka ngendi? Ing ”dina” penciptaan sing keloro, pas angkasa, yaiku atmosfér bumi mulai ana, ana banyu ing ngisoré angkasa lan ing ndhuwuré angkasa kuwi. (Purwaning Dumadi 1:6, 7) Banyu sing ana ing ngisor yaiku banyu sing ana ing bumi. Banyu sing ana ing ndhuwur yaiku uap air sing akèh banget sing ana ing ndhuwuré angkasa. Banyu iki sing nggawé ana Banjir Gedhé ing jamané Nuh.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 6:1-16) Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwé anak wadon, 2 para putraning Allah bareng weruh anaké wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi. 3 Ing kono pangandikané Sang Yéhuwah: ”RohingSun ora bakal salawasé tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulané ing sabanjuré umuré mung bakal kari satus rong puluh taun.” 4 Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wongé gedhé dhuwur; ing sapungkuré iku iya ana, ing nalikané para putraning Allah padha awor karo anaké wadon para manungsa sarta iku padha duwé anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenengé misuwur. 5 Bareng Sang Yéhuwah mirsa yèn gedhé durakané para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atiné sajegé mung ala baé, 6 ing kono Sang Yéhuwah piduwung déné akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihé. 7 Pangandikané Sang Yéhuwah: ”Manungsa kang wus Suntitahaké iku bakal Sunsirnakaké saka ing lumahé bumi, manungsa dalah kéwan ingon-ingon, apadéné kéwan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.” 8 Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunané Sang Yéhuwah. 9 Iki sejarahé Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarané para barakané. Salampah tindaké ana ing patunggilané Gusti Allah. 10 Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sèm, Kham lan Yafèt. 11 Anadéné bumi iku ana ing ngarsané Gusti Allah katon wus rusak lan kebak panganiaya. 12 Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yèn iku wus rusak banget, awit sarupané titah wus padha mblasar lakuné ana ing bumi. 13 Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: ”Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripé makhluk kabèh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulané bakal Sunsirnakaké bareng karo bumi. 14 Sira gawéa prau kanggo sira, kang kagawé kayu gofir, panggawéné sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jeroné sira usara nganggo aspal kang kenthel. 15 Déné anggonira gawé iku mangkéné: dawané prau telung atus asta, ambané sèket asta, dhuwuré telung puluh asta. 16 Prauné sira wènèhana cendhéla mubeng, leté saasta saka payon, lawangé prenahna ana ing awaké prau. Anggonira gawé prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.

27 JANUARI–2 FEBRUARI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 9-11

”Kabèh Wong Nggunakké Basa sing Padha”

(Purwaning Dumadi 11:1-4) Anadéné wong sajagad iku padha tunggal basa lan tunggal tembung. 2 Kacarita bareng padha lumaku mangétan, banjur weruh ara-ara jembar ing tanah Sinéar, tumuli padha manggon ana ing kono. 3 Banjur padha rasanan: ”Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng.” Batané kanggo watu pasangan, lan kang digawé lépané aspal. 4 Pangucapé manèh: ”Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucaké sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahé bumi.”

it-1-IN 250 ¶1

Babilon Gedhé

Ciri-ciri Babilon Kuno. Kutha Babilon sing ana ing dataran Syinar dibangun bareng karo Menara Babèl. (Pd 11:2-9) Tujuan utama menara lan kutha kuwi dibangun dudu kanggo mulyakké jenengé Gusti Allah, ning bèn jenengé sing mbangun isa dadi terkenal. Ana menara-menara sing bentuké piramida sing ditemokké ing reruntuhané Babilon kuno lan ing dhaérah-dhaérah Mésopotamia. Saka kono awaké dhéwé ngerti nèk menara Babèl ana hubungané karo agama. Merga asalé saka agama palsu, mula Yéhuwah nggagalké pembangunan menara kuwi. Senajan jeneng Ibraniné kutha kuwi artiné ”kekacauan”, basa Sumer (Ka-dingir-ra) lan Akad (Bab-ilu) artiné ”Gerbangé Gusti Allah”. Merga jeneng kutha kuwi ana hubungané karo hukuman, mula penduduk sing isih ana ing kono ngganti jeneng kutha kuwi. Ning, jeneng sing anyar tetep ana hubungané karo agama.

it-1-IN 257 ¶5

Basa

Buku Purwaning Dumadi nyritakké nèk sakwisé Banjir Gedhé, ana wong-wong sing kerja sama kanggo nglawan kepénginané Gusti Allah sing wis disampèkké Gusti Allah karo Nuh lan anak-anaké. (Pd 9:1) Wong-wong kuwi ora nyebar lan ’ngebaki bumi’, ning malah arep manggon ing sak panggonan sing dikenal dadi Dataran Syinar ing Mésopotamia. Panggonan iki ya mesthi direncanakké kanggo dadi pusat agama lan nduwé menara sing ana hubungané karo agama.​—Pd 11:2-4.

(Purwaning Dumadi 11:6-8) sarta pangandikané Sang Yéhuwah: ”Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lan tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepané, mengko rak bakal wus ora kena diendhakaké apa kang dadi sedyané. 7 Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhaké basané, supaya siji lan sijiné aja nganti ngreti basané.” 8 Mangkono dadiné Sang Yéhuwah mbubaraké wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggoné padha yasa kutha.

it-1-IN 257 ¶6

Basa

Gusti Allah sing Mahakuwasa nggagalké proyèk kuwi nganggo cara nggawé basané wong-wong kuwi dadi béda-béda. Akibaté, wong-wong kuwi ora isa kerja sama, terus akhiré nyebar ing ngendi-endi. Merga basané béda-béda, wong-wong kuwi dadi kangèlan kanggo nggabungké kemampuané lan kangèlan kanggo éntuk pengetahuan saka wong liya. Hasilé, wong-wong kuwi dadi kangèlan utawa ora isa nglawan Gusti Allah. (Bandhingna Ko 7:29; PT 32:5.) Dadi senajan basa nggawé manungsa dadi mencar-mencar, kuwi ana manfaaté. Rencanané manungsa sing nggawé sengsara dadi ora kelakon. (Pd 11:5-9; bandhingna Yé 8:9, 10.) Wong sing nggatèkké keadaan ing jaman saiki lan akibat saka pengetahuan sing disalahgunakké mesthi bakal ngerti bahayané nèk pembangunan ing Babèl kuwi ora diendhegké karo Gusti Allah.

(Purwaning Dumadi 11:9) Mulané tilasé mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yéhuwah anggoné ngisruhaké basané wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yéhuwah anggoné mbuyaraké wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.

it-1-IN 301 ¶4

Bangsa-Bangsa

Merga basané béda-béda, saben kelompok basa akhiré nduwé budaya, seni, kebiasaan, sipat, lan agamané dhéwé-dhéwé. (Km 18:3) Merga ora cedhak karo Gusti Allah, akèh bangsa nggawé brahala saka déwa-dèwiné wong-wong kuwi.​—PT 12:30; 2Ra 17:29, 33.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 9:20-22) Rama Nuh miwiti tetanèn lan damel pakebonan anggur, 21 nanging bareng ngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaran ana ing tarubé. 22 Bareng Kham, bapakné Kanaan, weruh kang ramané lukar, banjur nyaritakaké bab iku marang saduluré karo pisan ana ing jaba.

(Purwaning Dumadi 9:24, 25) Bareng Rama Nuh wungu sarta wuruné wus ilang, miyarsa bab tumindaké putrané wuragil marang sarirané, 25 tumuli ngandika: ”Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan, dadia baturing para baturé saduluré.”

it-1-IN 854 ¶9

Ham

Mungkin Kanaan ana ing kono wektu kuwi, lan bapaké ora ndisiplin dhèwèké. Utawa, wektu Nuh nyampèkké ramalan kuwi, Nuh wis ngerti nèk sipat èlèké Ham ya diduwèni Kanaan, lan bakal diwarisi karo keturunané Kanaan. Kutukan kuwi kelakon wektu wong Israèl keturunané Sèm ngalahké wong Kanaan. Wong-wong sing ora dipatèni (contoné, wong Gibéon [Ys 9]) dadi budhaké wong Israèl. Atusan taun sakwisé, kutukan kuwi ya kelakon wektu keturunané Kanaan dikuwasani karo kuasa-kuasa dunia keturunané Yafèt, yaiku Média-Pèrsia, Yunani, lan Roma.

(Purwaning Dumadi 10:9, 10) dadi juru mbebedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsané Sang Yéhuwah, jalaran saka iku nganti ana pocapan: ”Kaya Nimrod pambedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.” 10 Karajané kang wiwitan yaiku Babil, Èrèkh, Akad lan Kalné ing tanah Sinéar.

it-2-IN 230 ¶6

Nimrod

Awalé, sing termasuk kerajaané Nimrod yaiku Babèl, Èrèkh, Akad, lan Kalné. Kabèh kuwi ana ing dhaérah Syinar. (Pd 10:10) Mula, mungkin Babèl lan menarané digawé merga préntahé Nimrod. Yoséfus ngomong, ”[Nimrod] mikir nèk siji-sijiné cara bèn manungsa ora manut karo Gusti Allah yaiku nèk manungsa ngendelké kekuasaané dhèwèké. Nimrod ngancem bakal mbales Gusti Allah nèk ana banjir gedhé manèh. Dhèwèké arep nggawé menara sing dhuwur banget sing ora bakal kleleb banjir lan mbales demi wong-wong sing mati merga Banjir Gedhé. Wong-wong semangat kanggo mèlu sarané [Nimrod] merga mikir nèk manut karo Gusti Allah kuwi kaya dadi budhak. Dadi, wong-wong kuwi mulai mbangun menara . . . lan kerjané cepet banget.”​—Jewish Antiquities, I, 114, 115 (iv, 2, 3).

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 10:6-32) Turuné Kham yaiku: Kusy, Misraim, Put lan Kanaan. 7 Turuné Kusy: Séba, Hawila, Sabta, Raéma lan Sabtékha; lan turuné Raéma: Syéba lan Dédan. 8 Kusy anak-anak Nimrod; iku wong kang miwiti duwé pangwasa ana ing bumi; 9 dadi juru mbebedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsané Sang Yéhuwah, jalaran saka iku nganti ana pocapan: ”Kaya Nimrod pambedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.” 10 Karajané kang wiwitan yaiku Babil, Èrèkh, Akad lan Kalné ing tanah Sinéar. 11 Saka kono banjur menyang ing Asyur yasa kutha Ninéwé, Réhobot-Ir lan Kalakh, 12 apadéné Rèsen ana ing antarané Ninéwé lan Kalakh, iku kutha kang gedhé. 13 Misraim nurunaké bangsa Ludim, bangsa Anamim, bangsa Léhabim, bangsa Naftukhim, 14 bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lan bangsa Kaftorim, yaiku kang nurunaké bangsa Filisti. 15 Kanaan nurunaké Sidon, iku anaké pambarep lan Hèt, 16 apadéné bangsa Yébusi, bangsa Amori, bangsa Girgasi, 17 bangsa Hèwi, bangsa Arki lan bangsa Sini, 18 bangsa Arwadi, bangsa Sémari lan bangsa Hamati. Ing tembé bangsa Kanaan iku banjur sumebar. 19 Wilayahé bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing uruté Gérar tekan ing Gaza, ing peneré Sodom, Gomora, Adma lan Zéboim tutug ing Lasa. 20 Iku mau turuné Kham, pamanggoné mawa-mawa golongané, basané, tanahé lan bangsané. 21 Sèm, leluhuré bani Èbèr, saduluré tuwa Yafèt, iku iya duwé anak. 22 Tedhak-turuné Sèm yaiku: Élam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram. 23 Tedhaké Aram: Us, Hul, Gètèr lan Mas. 24 Arpakhsad anak-anak: Sélah lan Sélah anak-anak: Èbèr; 25 Èbèr duwé anak lanang loro, kang siji jenengé Pèlèg, marga nalika samana bumi kabagé, déné adhiné jenengé Yoktan; 26 Yoktan nurunaké Almodad, Sèlèf, Hazar-Mawèt, Yérakh, 27 Hadoram, Uzal, Dikla, 28 Obal, Abimaèl, Syéba, 29 Ofir, Hawila lan Yobab; iku mau kabèh padha turuné Yoktan. 30 Wilayahé wiwit saka ing Mésa tutug ing Séfar ing pagunungan sisih wétan. 31 Iku mau padha turuné Sèm, miturut golongané, basané, tanahé lan bangsané. 32 Kabèh mau tedhak-turuné Rama Nuh, miturut kang padha nurunaké, miturut bangsa-bangsané. Iku padha nurunaké bangsa-bangsa kang pating prenca pamanggoné ana ing bumi sawusé banjir gedhé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim