Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
3-9 FEBRUARI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 12-14
”Perjanjian sing Ana Pengaruhé kanggo Njenengan”
(Purwaning Dumadi 12:1, 2) Sang Yéhuwah dhawuh marang Rama Abram: ”Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahé bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahaké marang sira. 2 Sira bakal Sundadèkaké bangsa kang gedhé lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadèkaké luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.
it-2-IN 478 ¶3
Perjanjian
Perjanjian Abraham. Perjanjian Abraham kétoké mulai berlaku pas Abram (Abraham) nyabrang Kali Éfrat wektu arep lunga ing Kanaan. Perjanjian Hukum digawé 430 taun bar kuwi. (Gal 3:17) Wektu Abraham isih manggon ing kuthané wong Khaldéa, yaiku Ur sing ana ing Mésopotamia, Yéhuwah ngongkon dhèwèké lunga ing negeri sing arep diduduhké Gusti Allah. (Kis 7:2, 3; Pd 11:31; 12:1-3) Saka Pangentasan 12:40, 41 (LXX), awaké dhéwé ngerti nèk sakwisé 430 taun manggon ing Mesir lan ing tanah Kanaan, ”mbeneri dina iku”, bangsa Israèl sing dadi budhak ing Mesir akhiré bébas. Bangsa Israèl dibébaské saka Mesir ing tanggal 14 Nisan taun 1513 S.M., yaiku pas dina Paskah. (Pa 12:2, 6, 7) Iki berarti Abraham nyabrang Kali Éfrat pas arep lunga ing Kanaan tanggal 14 Nisan 1943 S.M. Kétoké, perjanjian Abraham mulai berlaku pas kuwi. Gusti Allah ngomong manèh karo Abraham wektu dhèwèké wis tekan ing Syikhèm. Gusti Allah njelaské luwih akèh soal janji kuwi. Gusti Allah ngomong, ”Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Kata-katané Gusti Allah kuwi nduduhké hubungan antara perjanjian Abraham karo janji ing Èden, lan ngandhani nèk keturunan sing dijanjèkké kuwi bakal lair saka keturunané manungsa. (Pd 12:4-7) Bar kuwi, Yéhuwah njelaské luwih akèh manèh soal janji kuwi ing Purwaning Dumadi 13:14-17; 15:18; 17:2-8, 19; 22:15-18.
(Purwaning Dumadi 12:3) Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarané para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”
w89-IN 1/7 3 ¶4
Pentingé Ngerti soal Abraham
Abraham krungu janji sing luar biasa iki paling ora ping pindho manèh sakwisé kuwi. (Purwaning Dumadi 18:18; 22:18) Bèn janji kuwi isa kelakon, Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong saka keluarga sing béda-béda sing wis padha mati. Kuwi berkah sing luar biasa merga wong-wong kuwi akèh-akèhé bakal dibangkitké manèh ing bumi sing keadaané kaya Firdaus ing jaman mbiyèn. Bar kuwi, wong-wong kuwi bakal diwulang carané bèn isa urip saklawasé.—Purwaning Dumadi 2:8, 9, 15-17; 3:17-23.
(Purwaning Dumadi 13:14-17) Sawusé Rama Abram ditilar misah déning Lut, Sang Yéhuwah banjur ngandika mangkéné: ”Sira tumengaa, ndelenga saka ing papan anggonmu ngadeg mangalor lan mangidul, mangétan lan mangulon; 15 awitdéné tanah kang sira deleng iku kabèh bakal Sunparingaké marang sira lan turunira ing salawasé. 16 Lan turunira bakal Suntangkaraké dadi kaya lebuné bumi, dadiné manawa ana kang bisa ngétung lebuné bumi, turunira iya bakal kena diétung. 17 Sira mangkata, ndlajahana tanah iku nurut alang lan ujuré, awitdéné iku bakal Sunparingaké marang sira.”
it-1-IN 977 ¶8
Hukum
Saka bukti sejarah sing ana hubungané, para ahli nduwé pendapat nèk ana tanah sing arep dituku, sing nuku bakal diduduhi tanah kuwi lan dikandhani bates-batesé. Nèk sing nuku wis ngomong ”Ya, wis tak delok,” kuwi berarti dhèwèké wis nampa. Wektu Yéhuwah janji nèk Abraham bakal nampa tanah Kanaan, Abraham dikongkon ndelok ing patang arah. Abraham ora ngomong, ”Ya, wis tak delok,” mungkin merga Gusti Allah ngomong nèk Tanah Perjanjian kuwi bakal diwènèhké kanggo keturunané Abraham sukmbèn. (Pd 13:14, 15) Merga dadi wakilé bangsa Israèl sing sah, Musa dikongkon ”ndeleng [utawa, ndelok]” tanah kuwi. Berarti nèk sing dirembug ing ndhuwur kuwi bener, tanah kuwi wis sah dadi duwèké bangsa Israèl. Yosua bakal mimpin bangsa Israèl ngrebut tanah kuwi. (PT 3:27, 28; 34:4; bandhingna karo tawarané Sétan kanggo Yésus ing Mat 4:8.) Tumindak liyané sing artiné padha yaiku mlaku ngliwati tanah kuwi utawa mlebu kanggo ngrebut tanah kuwi. (Pd 13:17; 28:13) Ana dokumèn-dokumèn kuno sing nyebutké jumlahé wit sing ana ing tanah sing arep diedol.—Bandhingna Pd 23:17, 18.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 13:8, 9) Mulané Rama Abram banjur ngandika marang Lut: ”Bok aja ana grejegan ing antarané aku lan kowé utawa ing antarané pangonku lan pangonmu, kita rak padha sadulur. 9 Tanah iki kabèh rak ngeblag ana ing ngarepmu! Bok iya ta kowé misaha saka aku, manawa kowé milih mangiwa, aku dakmanengen, manawa kowé milih manengen, aku dakmangiwa.”
Ngrampungi Masalah nganggo Katresnan
12 Alkitab nyritakké pengalamané para abdiné Gusti Allah sing ngupaya rukun wektu ana masalah. Contoné, Abraham lan ponakané, Lut, sing nduwé akèh ingon-ingon. Tukang angon wedhusé Abraham lan Lut padu merga rebutan dhaérah. Merga Abraham péngin tetep rukun, dhèwèké ngongkon Lut milih dhaérah sing disenengi. (Pd. 13:1, 2, 5-9) Kuwi pancèn conto sing apik. Apa Abraham rugi merga gelem ngalah? Ora. Bar kuwi, Yéhuwah janji bakal ngekèki dhaérah sing luwih jembar timbang sing dikèkké Abraham marang Lut. (Pd. 13:14-17) Apa piwulangé? Senajan mbokmenawa awaké dhéwé rugi, Yéhuwah bakal mberkahi nèk awaké dhéwé ngrampungi masalah nganggo katresnan.—Deloken katrangan ing kaca 8.
(Purwaning Dumadi 14:18-20) Anadéné Sang Prabu Mèlkisèdhèk raja ing Salèm, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur, 19 sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikané: ”Sadhèrèk Abram mugi kaberkahana déning Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi. 20 Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, déné sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturaké saprasepuluhé barang bandhangan mau.
(Ibrani 7:4-10) Hébat tenan wong iki, nganti Abraham, bapak leluhur kita, mènèhi dhèwèké sepersepuluh saka jarahan sing paling apik. 5 Pancèn nèk miturut hukum Taurat, keturunané Lèwi sing dilantik dadi imam dipréntahké kanggo nglumpukké persepuluhan saka bangsa kuwi, yaiku saka sedulur-seduluré, senajan bangsa kuwi ya keturunané Abraham. 6 Nanging wong iki, sing dudu keturunané wong Lèwi, nampa persepuluhan saka Abraham, lan dhèwèké mberkahi Abraham, yaiku wong sing éntuk janji-janjiné Gusti Allah. 7 Kabèh wong mesthi padha setuju nèk wong sing mberkahi kuwi luwih unggul ketimbang wong sing diberkahi. 8 Keturunan Lèwi sing nampa persepuluhan kuwi manungsa sing isa mati, nanging ana kesaksian nèk wong sing kaya Mèlkhisèdèk sing nampa persepuluhan kuwi tetep urip. 9 Malah Lèwi dhéwé, sing nampa persepuluhan kuwi, wis mbayar persepuluhan liwat Abraham 10 merga dhèwèké keturunané, sing durung lair wektu leluhuré kuwi ketemu Mèlkhisèdèk.
it-1-IN 1026 ¶4
Imam
Raja Salèm sing jenengé Mèlkhisèdèk kuwi imam (kohenʹ) sing unik. Ora ana cathetan ing Alkitab soal leluhuré, lairé, utawa kematiané. Dhèwèké dadi imam dudu merga keturunan. Dhèwèké ya ora nduwé penerus. Mèlkhisèdèk dadi raja lan imam. Jabatan imamé luwih unggul ketimbang jabatan imamé keturunan Lèwi, merga Lèwi kuwi keturunané Abraham lan dhèwèké durung lair wektu Abraham mènèhi persembahan sepersepuluhan kanggo Mèlkhisèdèk lan éntuk berkah. Dadi, Lèwi kaya-kayané ya mbayar sepersepuluhan kanggo Mèlkhisèdèk. (Pd 14:18-20; Ibr 7:4-10) Kuwi sebabé Mèlkhisèdèk nggambarké Yésus, ʼimam kaya Mèlkhisèdèk kanggo saklawas-lawasé’.—Ibr 7:17.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 12:1-20) Sang Yéhuwah dhawuh marang Rama Abram: ”Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahé bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahaké marang sira. 2 Sira bakal Sundadèkaké bangsa kang gedhé lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadèkaké luhur, tuwin sira bakal dadi berkah. 3 Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarané para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.” 4 Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhaké déning Sang Yéhuwah, sarta Lut ndhèrèk. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswané pitung puluh lima tahun. 5 Dadiné Rama Abram mboyongi kang garwa Sarai lan Lut kaponakané apadéné sabarang kagungané sarta para abdi tumbasan saka ing Haran, banjur bidhal menyang tanah Kanaan, lan iya kelakon rawuh ing tanah Kanaan. 6 Rama Abram banjur ndlajahi tanah mau nganti tutug ing panggonan ing sacedhaké Sikhèm, yaiku ing sacedhaké wit terbantin ing Moré. Nalika samana kang ngenggoni tanah kono bangsa Kanaan. 7 Kacarita Sang Yéhuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: ”Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yéhuwah kang wus ngatingal marang panjenengané mau. 8 Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawétané Bètel, sarta ngadegaké tarub ana ing saantarané Bètel kang kaprenah ing kuloné, lan Ai ing wétané; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yéhuwah, lan ngluhuraké asmané. 9 Sawusé mangkono Rama Abram nglajengaké tindaké saya adoh menyang ing Tanah Nègèb. 10 Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadéné wong manca, marga pailané nggegirisi banget. 11 Kacarita bareng tindaké wus cedhak tanah Mesir, tumuli ngandika marang kang garwa Ibu Sarai: ”Lah ta, aku weruh yèn kowé iku wanita kang éndah ing warna, 12 samangsa wong Mesir ndeleng kowé, mesthi ngarani: Iku somahé, banjur aku mesthi dipatèni lan kowé diuripi. 13 Bok iya kowé kandha yèn sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowé, lan nyawaku tulusa urip marga saka kowé.” 14 Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yèn wanita iku ayu banget, 15 lan bareng para abdi dalemé Sang Pringon padha ndeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ing ngarsané Sang Prabu Pringon, temahan Ibu Sarai kaladèkaké menyang kedhatoné Sang Prabu Pringon. 16 Rama Abram ditanduki becik marga saka Ibu Sarai, sarta banjur diparingi wedhus, sapi lan kuldi lanang, batur tukon lanang lan wadon, apadéné kuldi wadon lan unta. 17 Nanging Sang Yéhuwah ndhawahaké bebendu kang abot banget marang Sang Pringon dalah brayaté marga saka Ibu Sarai garwané Rama Abram iku. 18 Sang Prabu Pringon banjur nimbali Rama Abram sarta ngandika: ”Apa kang sira tandukaké marang ingsun? Yagéné sira ora ngaturi uninga marang ingsun, yèn wong wadon iku somahira? 19 Yagéné sira matur: Punika sadhèrèk kawula, temahan nganti sunpundhut garwa? Lah, ta iku somahira, gawanen lan mundura!” 20 Sang Prabu Pringon banjur dhawuh marang abdiné supaya ngeteraké tindaké Rama Abram dalah kang garwa apadéné sabarang kagungané kabèh.
10-16 FEBRUARI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 15-17
”Apa Sebabé Yéhuwah Ngganti Jenengé Abram lan Sarai?”
(Purwaning Dumadi 17:1) Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali déning Sang Yéhuwah sarta kadhawuhan mangkéné: ”Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.
it-2-IN 1032 ¶5
Kesalahan, Nemokké Kesalahan
Ning, kabèh sing ditindakké manungsa kuwi biasané ora sampurna. Kabèh wong éntuk dosa warisan saka Adam. (Rm 5:12; Ms 51:7) Ning, Yéhuwah sing sampurna, ”mirsa kadadéan kita iku saka apa, sarta ènget yèn kita iki lebu” lan seneng ngapurani. (Ms 103:13, 14) Yéhuwah nganggep Nuh sing setya lan manut kuwi ”wong mursid tanpa cacad ana ing antarané para barakané”. (Pd 6:9) Yéhuwah ngongkon Abraham, ”Sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.” (Pd 17:1) Senajan ora sampurna lan wis mati, wong loro kuwi dianggep bener karo Yéhuwah, sing ’mirsani isining ati’. (1Sa 16:7; bandhingna 2Ra 20:3; 2Bb 16:9.) Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl, ”Uripmu ditanpa cacad ana ing ngarsané Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu.” (PT 18:13; 2Sa 22:24) Yéhuwah nyedhiakké Putrané sing sampurna (Ibr 7:26) kanggo dadi korban tebusan. Nganggo dhasar korban kuwi, Yéhuwah isa nganggep wong-wong sing nduwé iman lan manut karo Dhèwèké dadi wong ”bener”. Yéhuwah ya mbuktèkké nèk Dhèwèké kuwi Hakim sing bener lan adil.—Rm 3:25, 26; deloken SETYA.
(Purwaning Dumadi 17:3-5) Rama Abram tumuli sumungkem ing bumi, sarta dipangandikani déning Gusti Allah mangkéné: 4 ”Tumrap Ingsun yaiki prasetyaningSun karo sira, yèn sira bakal dadi leluhuré bangsa akèh. 5 Jenengira sabanjuré aja Abram, nanging Abraham, marga sira iku wus Suntamtokaké dadi leluhuré golonganing bangsa.
it-1-IN 27 ¶2
Abraham
Abraham lan Sara wis sepuluh taun manggon ing Kanaan, ning Sara tetep ora isa nduwé anak. Mula, Sara njaluk budhaké saka Mesir sing jenengé Hagar nggantèni dhèwèké bèn Sara isa nduwé anak liwat Hagar. Abraham setuju. Ing taun 1932 S.M., wektu umuré Abraham 86 taun, Ismaèl lair. (Pd 16:3, 15, 16) Ing taun 1919 S.M., wektu umuré Abraham 99 taun, Yéhuwah ngongkon bèn kabèh wong lanang ing keluargané Abraham disunat. Kuwi kanggo bukti utawa meterai nèk Yéhuwah karo Abraham nduwé perjanjian khusus. Pas kuwi, Yéhuwah ngganti jenengé Abram dadi Abraham, ”marga sira iku wus Suntamtokaké [utawa, Tak dadèkké] dadi leluhuré golonganing bangsa”. (Pd 17:5, 9-27; Rm 4:11) Sakwisé kuwi, ana malaékat telu sing dadi tamuné Abraham. Malaékat-malaékat kuwi janji nèk Sara bakal hamil lan nglairké anak lanang setaun bar kuwi.—Pd 18:1-15.
(Purwaning Dumadi 17:15, 16) Gusti Allah ngandika manèh marang Rama Abraham: ”Sarai somahira iku aja sira sebut Sarai manèh, nanging Sara, iku dadia jenengé, 16 iku bakal Sunberkahi, déné sira iya bakal Sunparingi anak lanang patutan saka somahira iku, lan iya bakal Sunberkahi temah bakal dadi ibuné bangsa pirang-pirang, lan bakal nurunaké para raja.”
w09-IN 1/2 13
Jeneng Kuwi Ana Artiné
Gusti Allah ya tau ngganti jenengé wong-wong kanggo ngramalké masa depan. Contoné, Yéhuwah ngganti jenengé Abram, sing artiné ”Bapak Diluhurké,” dadi Abraham, sing artiné ”Bapaké Wong Akèh”. Cocog karo jeneng kuwi, Abraham pancèn dadi bapaké akèh bangsa. (Purwaning Dumadi 17:5, 6) Terus, gatèkna bojoné Abraham, yaiku Sarai, sing artiné ”Seneng Padu”. Dhèwèké mesthi seneng banget wektu Gusti Allah ngganti jenengé dadi ”Sara,” sing artiné ”Putri Raja”. Jeneng kuwi nduduhké nèk dhèwèké bakal dadi leluhuré para raja.—Purwaning Dumadi 17:15, 16.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 15:13, 14) Sang Yéhuwah banjur ngandika marang Rama Abram: ”Wruhanira ing satemené, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duwèké, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawasé, 14 nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawusé mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbé akèh banget.
it-1-IN 1334 ¶1
Urutan Peristiwa
Yéhuwah ngandhani Abram (Abraham): ”Wruhanira ing satemené, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duwèké, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawasé.” (Pd 15:13; deloken Kis 7:6, 7.) Yéhuwah ngomong ngono sakdurungé Ishak sing dadi keturunan sing dijanjèkké kuwi lair. Ing taun 1932 S.M., Ismaèl dilairké budhak saka Mesir yaiku Hagar kanggo Abraham. Terus, ing taun 1918 S.M., Ishak lair. (Pd 16:16; 21:5) Nèk awaké dhéwé ngétung mundur 400 taun saka akhir penganiayaan kuwi, yaiku pas bangsa Israèl metu saka Mesir (Pd 15:14), awaké dhéwé bakal éntuk taun 1913 S.M., wektu umuré Ishak kira-kira limang taun. Kétoké, pas kuwi dhèwèké lagi disapih lan wis dadi penduduk asing ing negri sing dudu duwèké. Wektu kuwi, Ishak mulai ngalami penganiayaan kaya sing wis diramalké, merga Ismaèl sing umuré 19 taun ngécé Ishak. (Pd 21:8, 9) Ing jaman saiki tumindaké Ismaèl ngécé ahli warisé Abraham kuwi mungkin dianggep sepélé. Ning, ing jaman semono kuwi dianggep serius. Kuwi kétok saka tanggepané Sara lan tanggepané Gusti Allah wektu Sara njaluk bèn Hagar lan Ismaèl diusir. (Pd 21:10-13) Peristiwa kuwi dicathet nganti rinci ing Alkitab. Kuwi nduduhké nèk penganiayaan sing suwéné 400 taun wis dimulai lan bakal rampung wektu bangsa Israèl metu saka Mesir.—Gal 4:29.
(Purwaning Dumadi 15:16) Turunira kang kaping pat bakal bali mréné manèh, marga sadurungé iku durakané bangsa Amori durung katog.”
it-1-IN 647 ¶3
Éksodus
”Turunira kang kaping pat.” Awaké dhéwé kudu kèlingan nèk Yéhuwah ngandhani Abraham nèk keturunané bakal bali ing Kanaan mulai generasi sing kepapat. (Pd 15:16) Anggep waé wong-wong wektu kuwi umuré dawa. Berarti, saksuwéné 430 taun sakwisé perjanjian Abraham mulai berlaku nganti bangsa Israèl bébas saka Mesir, ana luwih saka patang generasi. Ning, bangsa Israèl sakjané manggon ing Mesir mung 215 taun. Nggunakké conto salah siji suku saka Israèl, yaiku suku Lèwi, patang generasi sakwisé bangsa kuwi mlebu ing Mesir yaiku: (1) Lèwi, (2) Kohat, (3) Amram, lan (4) Musa.—Pa 6:16, 18, 20.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 15:1-21) Sawusé lelakon mau banjur ana pangandikané Sang Yéhuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhé: ”Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamèngira, ganjaranira bakal luwih déning gedhé.” 2 Unjuké Rama Abram: ”Dhuh Yéhuwah Allah, kawula badhé Paduka paringi punapa? Déné anggèn kawula tilar donya punika badhé tanpa anak, temtunipun Èlièzèr tiyang Damsyik punika ingkang badhé nggadhahi sabarang darbèk kawula.” 3 Unjuké Rama Abram manèh: ”Lah kawula boten Paduka paringi anak, pramila salah satunggaling réncang ingkang lair ing griya kawula punika ingkang badhé dados ahli-waris kawula.” 4 Tumuli ana pangandikané Sang Yéhuwah marang Rama Abram, mangkéné: ”Dudu iku kang bakal dadi ahli-warisira, nanging kang bakal dadi ahli-warisira iya iku kang lair saka sira dhéwé.” 5 Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: ”Sira tumengaa marang ing langit lan lintangé étungen, yèn sira bisa ngétung cacahé.” Tumuli disambeti pangandika manèh: ”Iya samono bakal cacahé turunira.” 6 Rama Abram kumandel marang Sang Yéhuwah, mangka iya iku kang kaétang déning Yéhuwah dadi kasampurnané. 7 Karodéné pangandikané Sang Yéhuwah marang Rama Abram manèh: ”Ingsun iki Yéhuwah kang wus ngirid sira metu saka Ur-Kasdim; marga bakal Sunparingi tanah iki dadi darbèkira turun-tumurun.” 8 Unjuké Rama Abram: ”Dhuh Yéhuwah Allah, sarana punapa anggèn kawula sumerep, bilih tanah punika badhé dados gadhahan kawula?” 9 Tumuli dipangandikani: ”Ingsun jupukna pedhèt wadon kang umur telung taun, wedhus kang umur telung taun, wedhus gèmbèl lanang kang umur telung taun, manuk deruk siji lan piyik dara siji.” 10 Kabèh mau iya banjur padha kajupuk kagem Sang Yéhuwah sarta padha disigari, sigaran siji lan sijiné disèlèhaké adhep-adhepan, mung manuké kang ora disigar. 11 Bareng ana manuk galak padha nyamber sembelèhan mau, banjur padha digusahi déning Rama Abram. 12 Bareng srengéngé mèh surup, Rama Abram saking aripé banjur saré kepati. Panjenengané banjur kalimputan ing peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi. 13 Sang Yéhuwah banjur ngandika marang Rama Abram: ”Wruhanira ing satemené, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duwèké, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawasé, 14 nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawusé mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbé akèh banget. 15 Nanging sira iku bakal lunga awor karo leluhurira kanthi tentrem rahayu, anggonira kakubur samangsa wus akèh umurira. 16 Turunira kang kaping pat bakal bali mréné manèh, marga sadurungé iku durakané bangsa Amori durung katog.” 17 Kacarita bareng srengéngé wus surup lan wus peteng, tumuli katon ana pawon kumelun lan obor murub kang lumaku metu ing saselané sigaran-sigaran daging mau. 18 Ing dina iku Sang Yéhuwah damel prasetyan karo Rama Abram, pangandikané: ”Turunira bakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kali ing Mesir nganti tekan ing bengawan gedhé Éfrat, 19 yaiku tanahé bangsa Kèni, bangsa Kénas, bangsa Kadmon, 20 bangsa Hèt, bangsa Fèris, bangsa Réfaim, 21 bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Girgasi lan bangsa Yébus.”
17-23 FEBRUARI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 18-19
”’Hakiming Jagad’ Nyirnakké Sodom lan Gomora”
(Purwaning Dumadi 18:23-25) Rama Abraham banjur nyelak sarta matur: ”Punapa Paduka badhé numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka? 24 Bokmanawi ing salebeting nagari ngriku wonten tiyangipun sèket ingkang mursid; punapa inggih badhé Paduka tumpes? Punapa Paduka boten ngéman dhateng panggènan punika, sabab ing ngriku wonten tiyangipun sèket ingkang mursid? 25 Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”
”Hakiming Jagad” Mesthi Tumindak Adil
”PUNAPA Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?” (Pd. 18:25) Abraham sing setya takon kaya ngono dudu merga ragu-ragu. Ning, pitakonan kuwi mbuktèkké nèk Abraham percaya nèk Yéhuwah bakal tumindak adil wektu ngukum kutha Sodom lan Gomora. Abraham yakin nèk Yéhuwah ora mungkin ”mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka”. Banjur, Yéhuwah ngendika nèk Yéhuwah kuwi ”Gunung Parang, kang sampurna pakaryané, jejeg sakèhé marginé; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikané, Panjenengané iku bener lan adil”.—PT. 31:19; 32:4.
(Purwaning Dumadi 18:32) Rama Abraham munjuk manèh: ”Paduka mugi sampun ngantos duka, kawula badhé munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih sadasa.” Pangandikané Sang Yéhuwah: ”Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku.”
Kesabaran—Merga Nduwé Pangarep-arep
Conto sing paling apik bab kesabaran yaiku Yéhuwah. (2 Ptr. 3:15) Alkitab kerep kandha nèk Yéhuwah kuwi sabar banget. (Ny. 9: 30; Yé. 30:18) Apa panjenengan kèlingan piyé tanggepané Yéhuwah wektu Abraham takon-takon bab keputusané Yéhuwah kanggo ngancurké Sodom? Yéhuwah sabar ngrungokké Abraham. Banjur, Yéhuwah nggatèkké kekuwatirané Abraham lan ngyakinké Abraham nèk Dhèwèké ora bakal ngancurké Sodom senajan mung ana wong sepuluh sing bener ing kutha kuwi. (Pd. 18:22-33) Yéhuwah mesthi gelem ngrungokké kanthi sabar.
(Purwaning Dumadi 19:24, 25) Sawusé mangkono Sang Yéhuwah tumuli ngudanaké walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumuruné udan saka Sang Yéhuwah, saka ing langit, 25 kutha-kutha mau diwolak-walik dalah lebak Yardèn pisan lan sakèhé wong ing kutha-kutha kono tekan tanem-tuwuhé.
w10-IN 15/11 26 ¶12
Yéhuwah Kuwi Panguwasané Awaké Dhéwé
12 Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbuktèkké haké kanggo mréntah. Dhèwèké ora bakal ngejarké kejahatan terus ana, lan saiki wis dina-dina pungkasan. Yéhuwah nyirnakké wong-wong jahat wektu Banjir Gedhé. Yéhuwah nyirnakké Sodom lan Gomora. Yéhuwah ya nyirnakké Firaun lan pasukané. Terus, Yéhuwah ngalahké Siséra karo pasukané, lan Sanhèrib karo pasukané. (Pd. 7:1, 23; 19:24, 25; Pa. 14:30, 31; PH. 4:15, 16; 2 Ra. 19:35, 36) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal terus ngejarké wong-wong ora ngajèni jenengé lan nindakké apa sing jahat karo seksi-seksiné. Apa manèh, saiki awaké dhéwé wis ndelok tandha tekané Yésus lan akhir donya iki.—Mat. 24:3.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 18:1) Sawusé mangkono Sang Yéhuwah ngatingal marang Rama Abraham ana ing sacedhaké wit tarbantin ing Mamré, nalika pinuju lenggahan ana ing lawanganing tarubé wayah awan mbeneri panas gumemplang.
(Purwaning Dumadi 18:22) Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.
w88-E 5/15 23 ¶4-5
Apa Ana sing Tau Ndelok Gusti Allah?
Wektu ngomong karo malaékat, Abraham nganggep nèk kuwi padha kaya ngomong karo Yéhuwah dhéwé. Merga malaékat kuwi nyampèkké omongané Gusti Allah kanggo Abraham lan dadi wakilé Gusti Allah. Mula, isa dikandhakké nèk ”Yéhuwah ngatingal marang Rama Abraham”.—Purwaning Dumadi 18:1.
Kaya télépon utawa radio sing isa nyampèkké kata-katané awaké dhéwé kanggo wong liya, malaékat sing dadi juru bicarané Gusti Allah ya isa nyampèkké omongané Gusti Allah. Mula, awaké dhéwé isa ngerti kenapa Abraham, Musa, Manoah, lan liyané isa ngomong karo malaékat sing nggunakké wujud manungsa kaya ngomong langsung karo Gusti Allah. Senajan wong-wong kuwi isa ndelok para malaékat sing ya nduduhké kamulyané Yéhuwah, ning tetep waé wong-wong kuwi ora isa ndelok Gusti Allah. Dadi, iki cocog karo kandhané Rasul Yohanes, ”Ora ana wong siji-sijia sing tau ndelok Gusti Allah.” (Yoh 1:18) Wong-wong kuwi mung ndelok wakilé Gusti Allah, dudu Gusti Allah kuwi dhéwé.
(Purwaning Dumadi 19:26) Nanging somahé Lut iku mandheg tumolèh, temah malih dadi tugu uyah njenggèlèg.
Nguwatké Wong-Wong sing lagi Susah Atiné
3 Lot ngalami akèh masalah merga mutuské kanggo manggon ing Sodom. (Wacanen 2 Pétrus 2:7, 8.) Tanah ing Sodom pancèn subur, ning tumindaké wong-wong ing kono bejat. (Pd. 13:8-13; 14:12) Bojoné Lot malah seneng manggon ing kono lan akhiré dadi ora manut karo Yéhuwah. Dhèwèké mati wektu Yéhuwah nyirnakké kutha kuwi nganggo udan geni lan belérang. Anak-anaké wédok tunangan karo wong-wong sing akhiré ya mèlu mati ing Sodom. Lot kélangan omahé, bandhané, lan bojoné. (Pd. 19:12-14, 17, 26) Senajan situasiné kaya ngono, Yéhuwah tetep sabar karo Lot.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 18:1-19) Sawusé mangkono Sang Yéhuwah ngatingal marang Rama Abraham ana ing sacedhaké wit tarbantin ing Mamré, nalika pinuju lenggahan ana ing lawanganing tarubé wayah awan mbeneri panas gumemplang. 2 Bareng ndengèngèk mirsa priya telu jumeneng ing ngarsané, banjur murugi methukaké sarta sumungkem ing bumi 3 karo matur: ”Dhuh para bendara, manawi kula manggih sih wonten ing ngarsa panjenengan, mugi tindak panjenengan sampun ngantos nglangkungi ingkang abdi; 4 manawi kepareng wontena ingkang mendhetaken toya sakedhik, kagem wijik sampéyan, lajeng sami karsaa lenggah wonten ing sangandhaping wit-witan punika; 5 déné kula keparenga mendhet roti sekedhik, kanggé ngiyataken sarira; sasampunipun makaten, sumangga manawi badhé nglajengaken tindak, déné rak pancèn makaten punika karsa panjenengan sami tindak nglangkungi tarubipun ingkang abdi.” Pangandikané tamu: ”Iya tindakna apa kang dadi karepmu!” 6 Rama Abraham tumuli énggal-énggal menyang tarubé nemoni Ibu Sara, sarta ngandika: ”Diénggal njupuka glepung alus telung taker, endang uleten gawénen roti bunder!” 7 Rama Abraham banjur rerikatan murugi sapiné, nuli mundhut pedhèt kang empuk lan becik dagingé, nuli ditampakaké marang abdiné, sarta iku énggal-énggal tumandang ngolah. 8 Sawusé iku mundhut mertéga lan susu, karo pedhèt kang wus didhawuhaké ngolah mau, diladosaké marang tamuné. Rama Abraham ngadhep tamuné ana sangisoré wit kono nalika tamuné padha dhahar. 9 Tamuné tumuli ngandika: ”Sara somahira ana ing ngendi?” Unjuké Rama Abraham: ”Wonten ing lebet tarub.”10 Pangandikané Sang Yéhuwah: ”Satemené setaun engkas Ingsun bakal rawuh mréné manèh, lah ing kono Sara somahira bakal duwé anak lanang.” Pangandika mau kepireng déning Ibu Sara kang ana ing lawanging tarub kaprenah ing saburiné para tamu. 11 Anadéné Ibu Sara lan Rama Abraham wus sepuh lan akèh yuswané, Ibu Sara wus ora ngalami kaya salumrahé wong wadon. 12 Mulané Ibu Sara gumujeng sajroning galih, pangunandikané: ”Aku wus tuwa mangkéné apa isih duwé papénginan saresmi, mangka bendaraku iya wus sepuh mangkono?” 13 Sang Yéhuwah banjur ngandika marang Rama Abraham: ”Yagéné Sara gumuyu sarta duwé osik: Apa iya temenan aku isih bakal duwé anak, wong aku wus tuwa mangkéné? 14 Tumraping Yéhuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepaké iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira manèh, nuli Sara bakal duwé anak lanang.” 15 Ibu Sara sélak, unjuké: ”Kawula boten gumujeng.” Enggoné munjuk mangkono iku marga wedi. Éwadéné pangandikané Sang Yéhuwah: ”Ora, sira mau pancèn gumuyu!” 16 Sawusé mangkono para priya mau banjur padha tedhak saka ing kono, tindaké ngener tanah Sodom; Rama Abraham ndhèrèk sumedya nguntapaké. 17 Sang Yéhuwah ngunandika: ”Apa iya Abraham ora Sunparingi weruh apa kang bakal Suntindakaké? 18 Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhé lan kawasa, lan sakèhé para bangsa ing bumi bakal pada kaberkahan marga saka Abraham? 19 Marga wus Sunpilih supaya mréntahana marang anak-anaké lan tedhak-turuné amrih padha ngambaha marginé Sang Yéhuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yéhuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakaké.”
24 FEBRUARI–1 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 20-21
”Yéhuwah Mesthi Nepati Janjiné”
(Purwaning Dumadi 21:1-3) Kacarita Sang Yéhuwah nuwèni marang Ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakaké lan Sang Yéhuwah karsa nandukaké marang Ibu Sara kaya kang wus diprasetyakaké. 2 Ibu Sara nggarbini sarta mbabar putra kakung patutan saka Rama Abraham nalika Rama Abraham wus sepuh, ing waktu kang wus ditetepaké, cocog karo pangandikaning Allah marang panjenengané. 3 Putrané kang mentas miyos, kang miyos saka Ibu Sara, iku diparingi asma Iskak déning Rama Abraham,
Dhèwèké Disebut ”Ibuké Para Raja”
Ngguyuné Sara kuwi ora nduduhké nèk dhèwèké kurang iman. Alkitab kandha, ”Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara kaparingan kakiyatan nedhakaké putra-wayah, sanadyan wus lungsé ing yuswa; amarga ngugemi manawa kang maringi prasetya iku setya.” (Ibrani 11:11) Sara ngerti nèk Yéhuwah isa nggenepi kabèh janjiné. Kita kabèh mesthi péngin nduwé iman kaya ngono. Kita kudu ngupaya kanggo sinau luwih akèh bab Gusti Allah liwat Alkitab. Banjur kita bakal ngerti nèk imané Sara kuwi diberkahi. Yéhuwah kuwi pancèn setya lan bakal netepi kabèh janjiné. Malah, kadhang kala Yéhuwah tumindak nganggo cara sing ora dinyana-nyana sing nggawé kita nggumun utawa ngguyu ora percaya.
’APA SAPANJALUKÉ SARA IKU TURUTANA’
Wektu Sara umuré 90 taun lan Abraham 100 taun, Sara akiré isa nduwé anak lanang. Sara mesthi seneng banget merga wis suwé ngentèni. Anaké Abraham dijenengi Iskak, kaya sing dingendikakké Gusti Allah. Bayangna Sara sing ora sabar lan ngguya-ngguyu karo kandha, ”Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.” (Purwaning Dumadi 21:6) Kuwi mukjijat saka Yéhuwah sing bener-bener nggawé Sara seneng banget. Ning, kuwi uga dadi tanggung jawab sing gedhé kanggo Sara.
Wektu umur limang taun, Iskak disapih. Banjur, keluargané nganakké pésta. Ning, Alkitab kandha nèk Sara nggatèkké Ismaèl sing terus-terusan ngécé Iskak. Ismaèl kuwi anaké Hagar sing umuré 19 taun. Kuwi dudu mung écé-écénan biasa. Tumindaké Ismaèl kuwi sakjané padha karo panganiaya, kaya sing disebutké karo rasul Paulus. Sara nggatèkké nèk tumindaké Ismaèl kuwi isa ngancem uripé Iskak. Sara ngerti tenan nèk Iskak kuwi ora mung anaké, ning uga dadi kunci kanggo mujudké kersané Yéhuwah. Mula, Sara ngupaya nyritakké sing saktenané marang Abraham banjur njaluk bèn Hagar lan Ismaèl diusir.—Purwaning Dumadi 21:8-10; Galati 4:22, 23, 29.
Piyé tanggepané Abraham? Alkitab kandha nèk sing diomongké Sara kuwi nggawé Abraham ora seneng merga Abraham sayang banget karo Ismaèl. Ning, Yéhuwah isa ngertèni masalahé, mula Yéhuwah ngendika marang Abraham, ”Aja nganti dadi renguné atinira marga saka bocahé lan baturira; apa sapanjaluké Sara marang sira iku turutana, awitdéné trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.” Yéhuwah nggawé Abraham yakin nèk Hagar lan anaké mesthi bakal diopèni. Abraham sing setya gelem manut.—Purwaning Dumadi 21:11-14.
(Purwaning Dumadi 21:5-7) Rama Abraham yuswa satus taun nalika kang putra Iskak mau miyos. 6 Ibu Sara banjur ngandika: ”Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.” 7 Sarta manèh pangandikané: ”Dhèk biyèn sapa kang bisa ngandhani marang Rama Abraham: Sara nusoni anak? Éwadéné aku wus nglairaké anak lanang, nalika panjenengané wus sepuh.”
(Purwaning Dumadi 21:10-12) banjur matur marang Rama Abraham: ”Réncang tumbasan punika dalah anakipun panjenengan dhawuhi késah saking ngriki, margi anakipun réncang tumbasan punika boten badhé tumut angsal warisan kaliyan anak kula Iskak.” 11 Atur mangkono iku ndadèkaké renguning galihé Rama Abraham, marga saka kang putra. 12 Nanging pangandikané Gusti Allah marang Rama Abraham: ”Aja nganti dadi renguné atinira marga saka bocahé lan baturira; apa sapanjaluké Sara marang sira iku turutana, awitdéné trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.
(Purwaning Dumadi 21:14) Ésuké umun-umun Rama Abraham wungu, mundhut roti lan banyu saimpes diparingaké marang Ibu Hagar katumpangaké ing pundhaké, mangkono uga si bocah, sawusé banjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumuli mangkat, nanging lakuné kesasar ana ing pasamunan Bèrsyéba.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 20:12) Kaliyan malih punika inggih sadhèrèk kula sayektos, anakipun bapa kula, nanging sanès anakipun embok kula, lajeng dados sémah kula.
wp17.3 12, ctn.
”Kowé Iku Wanita kang Éndah Ing Warna”
Sara kuwi seduluré Abraham. Bapaké padha, yaiku Térah, ning ibuké béda. (Purwaning Dumadi 20:12) Jaman saiki, wong sing seduluran kaya ngono ora éntuk nikah. Ning, jaman semana, manungsa isih cedhak karo jamané Adam lan Kawa sing mauné sampurna. Dadi, nèk nikah karo sedulur cedhaké dhéwé, wong-wong ing jaman kuwi ora bakal ngasilké keturunan sing cacad. Ning, 400 taun sakbanjuré, Hukum Musa ora ngéntukké wong nikah karo sedulur cedhaké dhéwé, merga manungsa wis adoh saka jamané Adam sing sampurna.—Kaimaman 18:6.
(Purwaning Dumadi 21:33) Rama Abraham ana ing Bèrsyéba mau nanem wit tamariska, sarta ngluhuraké asmané Sang Yéhuwah Allah kang sipat langgeng.
w89-IN 1/7 20 ¶9
Abraham Dadi Conto kanggo Kabèh sing Péngin Dadi Kancané Gusti Allah
9 Abram mbuktèkké imané manèh. Alkitab kandha, ”Rama Abram banjur yasa [utawa, nggawé] misbyah konjuk [utawa, diwènèhké] marang Sang Yéhuwah.” (Purwaning Dumadi 12:7) Kétoké, Abram ngorbanké kéwan, merga kata Ibraniné ”misbyah” kuwi artiné ”panggonan kanggo mènèhké korban”. Bar kuwi, Abram mbuktèkké imané manèh ing dhaérah-dhaérah liya ing negeri kuwi. Abram ya ”ngluhuraké asmané” Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 12:8; 13:18; 21:33) Istilah Ibrani ”ngluhuraké asmané” kuwi ya berarti ”ngumumké (martakké) jenengé”. Keluargané Abram lan wong-wong Kanaan mesthi ya ngerti nèk Abram kendel nyritakké soal jenengé Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 14:22-24) Kaya Abram, kabèh sing péngin dadi kancané Yéhuwah saiki ya kudu nyebut jenengé Gusti Allah lan nduwé iman karo Yéhuwah. Kuwi klebu nginjil, ”terus mènèhké kurban pujian marang Gusti Allah, yaiku nggunakké lambé kita kanggo martakké asmané marang wong-wong”.—Ibrani 13:15; Roma 10:10.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 20:1-18) Rama Abraham banjur bidhal saka ing kono menyang ing Tanah Nègèb, lan manggèn ana ing antarané Kadèsy lan Syur, neneka ana ing Gérar. 2 Sarèhné Rama Abraham ngendikakaké bab Ibu Sara, garwané: ”Iku sadulurku,” mulané Sang Prabu Abimèlèkh raja ing Gérar utusan mundhut Ibu Sara. 3 Nanging Gusti Allah ngetingali marang Sang Prabu Abimèlèkh ing sajroning pasupenan lan ngandika: ”Lah sira mesthi bakal mati marga saka wong wadon kang sira jupuk iku, sabab iku wus duwé bojo.” 4 Anadéné Sang Prabu Abimèlèkh durung tau nggepok marang Ibu Sara, mulané banjur munjuk: ”Dhuh Pangéran, punapa Paduka inggih badhé mejahi bangsa ingkang boten lepat? 5 Punapa sanès tiyangipun piyambak ingkang cariyos dhateng kawula: Punika sadhèrèk kula. Sarta malih ingkang èstri piyambak ingkang sanjang: Punika sadhèrèk kula. Anggèn kawula nglampahi makaten punika kanthi manah ingkang jujur saha tangan ingkang resik.” 6 Gusti Allah tumuli ngandika manèh marang Sang Prabu Abimèlèkh sajroning pasupenan mau: ”Ingsun mirsa yèn anggonira mangkono iku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsun piyambak kang menggak marang sira supaya aja nganti gawé dosa marang Ingsun. Mulané sira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku. 7 Mulané, wong wadon iku balèkna marang somahé, awitdéné Abraham iku nabi, sarta bakal ndongakaké sira, supaya sira bisa lestari urip; nanging manawa wong wadon mau ora sira balèkaké, wruhanira yèn sira mesthi bakal mati, sira lan kabèh wongira.” 8 Bareng ésuk umun-umun Sang Abimèlèkh wungu sarta nimbali para abdiné, dicaritani bab pangandika mau, temahan wong kabèh padha wedi banget. 9 Sang Prabu Abimèlèkh banjur utusan nimbali Rama Abraham, tumuli dipangandikani: ”Punapa ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika lan kula kalepatan punapa dhateng panjenengan, déné panjenengan kok ndhatengaken dosa ageng dhateng kula lan kedhaton kula? Ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika boten pantes sanget.” 10 Sang Prabu Abimèlèkh ngandika marang Rama Abraham manèh: ”Karsa panjenengan punapa, déné ngantos nglampahi kados makaten punika?” 11 Rama Abraham mangsuli aturé: ”Panginten kula, ing ngriki babar pisan boten wonten panembah dhateng Gusti Allah, pramila kula mesthi badhé dipun pejahi margi saking sémah kula. 12 Kaliyan malih punika inggih sadhèrèk kula sayektos, anakipun bapa kula, nanging sanès anakipun embok kula, lajeng dados sémah kula. 13 Nalika kula dipun karsakaken déning Gusti Allah supados nilar balé griyanipun tiyang sepuh, kula lajeng nglembara, sémah kula kula sanjangi makaten: Bok kowé nandukna katresnan marang aku mangkéné: Ing saenggon-enggon kang bakal dakparani, kowé tutura tumrap aku mangkéné: Punika sadhèrèk kula!” 14 Sang Prabu Abimèlèkh tumuli mundhut wedhus lan sapi, batur tukon lanang lan wadon, padha diparingaké marang Rama Abraham; apadéné Ibu Sara kang garwa diwangsulaké marang panjenengané. 15 Pangandikané Sang Prabu Abimèlèkh: ”Lah tanah kula ngeblag wonten ing ngarsa panjenengan, sumangga kula aturi dedalem wonten ing pundi kémawon ingkang panjenengan karsakaken.” 16 Sarta banjur ngandika marang Ibu Sara: ”Lah kula sampun nyaosi sadhèrèk panjenengan sèwu sèkel selaka, minangka bukti tumrap ing kasucèn panjenengan wonten ing ngajengipun sadaya tiyang, ingkang wonten ing wewengkon panjenengan, temah panjenengan lajeng kaleresaken ing sadaya prakawis.” 17 Rama Abraham banjur ndedonga konjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah tumuli maluyakaké Sang Prabu Abimèlèkh, kang garwa sarta para abdiné wadon, satemah padha bisa duwé anak. 18 Awit déné ing mauné Sang Yéhuwah ngganjar gabug ing sadhéngah wong wadon ing kratoné Sang Prabu Abimèlèkh, marga saka Ibu Sara garwané Rama Abraham.