PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr20 Maret hlm. 1-16
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
  • Subjudhul
  • 2-8 MARET
  • 9-15 MARET
  • 16-22 MARET
  • 23-29 MARET
  • 30 MARET–5 APRIL
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
mwbr20 Maret hlm. 1-16

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

2-8 MARET

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 22-23

”Gusti Allah Karsa Nyobi marang Rama Abraham”

(Purwaning Dumadi 22:1, 2) Kacarita sawusé lelakon mau Gusti Allah karsa nyobi marang Rama Abraham. Pangandikané mangkéné: ”Abraham.” Unjuk wangsulané Rama Abraham: ”Kawula nuwun, kula”. 2 Dhawuhé Gusti Allah: ”Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawé kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahaké marang sira.”

w12-IN 1/1 23 ¶4-6

Apa Sebabé Gusti Allah Ngongkon Abraham Ngorbanké Ishak?

Coba pikirna omongané Yéhuwah karo Abraham, ”Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, . . . saosna kagawé kurban obaran.” (Purwaning Dumadi 22:2) Gatèkna nèk Yéhuwah nyebut Ishak kuwi anak sing ”sira kasihi”. Yéhuwah ngerti nèk Abraham tresna banget karo Ishak. Gusti Allah ya tresna karo Putrané, Yésus. Yéhuwah tau ngomong langsung saka swarga nganti ping pindho nèk Yésus kuwi ”Putra-Ku sing Tak tresnani”. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah tresna banget karo Yésus.​—Mrk 1:11; 9:7.   

Gatèkna nèk ing Alkitab New World Translation, Yéhuwah ngomong karo Abraham nganggo kata ’tulung’. Ana salah siji pakar Alkitab sing kandha nèk ”GUSTI ngertèni sepira gedhéné pengorbanan sing kudu digawé kanggo manut préntahé”. Awaké dhéwé isa mbayangké sepira sedhihé Abraham wektu krungu préntahé Yéhuwah. Ning, awaké dhéwé ora isa mbayangké sepira sedhihé Yéhuwah wektu ndelok Putrané sing ditresnani sengsara lan mati. Yéhuwah mesthi ngrasa susah lan sedhih banget.

Isa waé awaké dhéwé nganti kagèt nèk mikirké apa préntahé Yéhuwah kanggo Abraham, ning awaké dhéwé éling nèk Yéhuwah ora ngejarké Abraham ngorbanké Ishak. Yéhuwah nglindhungi Ishak saka kematian, supaya Abraham ora ngrasakké kélangan. Ning, Yéhuwah ora nglindhungi ”Putrané ngalami sengsara nanging malah masrahké kanggo kita kabèh”. (Roma 8:32) Apa sebabé Yéhuwah gelem ngrasakké susah lan sedhih? Yéhuwah péngin ”kita isa nampa urip”. (1 Yohanes 4:9) Kuwi nduduhké nèk Gusti Allah tresna karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi ya péngin nduduhké nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah.

(Purwaning Dumadi 22:9-12) Sawusé padha tekan ing papan kang kadhawuhaké déning Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayuné banjur ditata, kang putra Iskak ditalèni sarta ditumpangaké ing misbyah ing sadhuwuré kayu. 10 Rama Abraham tumuli mulung astané ngasta lading, karsa nyembelèh kang putra. 11 Nanging Sang Malaékaté Yéhuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhé: ”Abraham! Abraham!” Unjuké Rama Abraham: ”Kawula nuwun, kula!” 12 Dhawuhé Sang Malaékat: ”Tanganira aja sira agagaké marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakaké! Awitdéné saiki Ingsun mirsa yèn sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahaké anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”

(Purwaning Dumadi 22:15-18) Sang Malaékaté Yéhuwah nguwuh marang Rama Abraham saka ing akasa kaping pindhoné, 16 pangandikané: ”Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak, — mangkono pangandikané Sang Yéhuwah — sarèhné sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahaké anakira ontang-anting marang Ingsun, 17 mulané sira bakal Sunberkahi nganti lubèr lan turunira bakal Suntangkar-tangkaraké cacahé nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurané mungsuhé. 18 Karodéné marga saka turunira iku sakèhé para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngèstokaké dhawuhingSun.

w12-IN 15/10 23 ¶6

Manut karo Gusti Allah lan Éntuk Manfaat saka Janji-janjiné

6 Allah Yéhuwah ya nggawé sumpah-sumpah kanggo kepentingané manungsa sing dosa. Misalé, Yéhuwah nggunakké kata-kata kaya, ”Demi Ingsun kang gesang — mangkono pangandikané Pangéran Yéhuwah”. (Yk. 17:16) Alkitab nyathet luwih saka 40 sumpah sing digawé Allah Yéhuwah. Mungkin sing paling terkenal wektu Gusti Allah nggawé sumpah karo Abraham. Saksuwéné pirang-pirang taun, Yéhuwah wis nggawé akèh perjanjian karo Abraham sing nduduhké nèk keturunan sing dijanjèkké bakal lair saka Abraham liwat Ishak. (Pd. 12:1-3, 7; 13:14-17; 15:5, 18; 21:12) Terus, Yéhuwah ngongkon Abraham ngorbanké putrané sing ditresnani. Abraham langsung manut, malah Abraham wis mèh ngorbanké Ishak wektu malaékat nyegah dhèwèké. Terus, Gusti Allah nggawé sumpah, ”Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak . . . sarèhné sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahaké anakira ontang-anting marang Ingsun, mulané sira bakal Sunberkahi nganti lubèr lan turunira bakal Suntangkar-tangkaraké cacahé nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurané mungsuhé. Karodéné marga saka turunira iku sakèhé para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngèstokaké dhawuhingSun”.​—Pd. 22:1-3, 9-12, 15-18.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 22:5) banjur ngandika marang abdiné loro: ”Kowé karo kuldiné padha karia ana ing kéné, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawusé iku aku bakal padha mbalèni kowé manèh.”

w16.02 11 ¶13

Yéhuwah Ngundang Abraham ’Mitraku’

13 Sakdurungé ninggal lunga abdiné, Abraham kandha, ”Kowé karo kuldiné padha karia ana ing kéné, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawusé iku aku bakal padha mbalèni kowé manèh.” (Pd. 22:5) Apa maksudé? Apa Abraham ngapusi, padhahal sedhéla manèh Iskak bakal dikurbanké? Ora. Abraham ngerti nèk Yéhuwah isa nguripké manèh nèk Iskak mati. (Wacanen Ibrani 11:19.) Abraham ngerti nèk Yéhuwah sing mberkahi dhèwèké lan Sara, bèn isa nduwé anak senajan wis tuwa. (Ib. 11:11, 12, 18) Dadi, Abraham percaya nèk Yéhuwah isa nindakké apa waé senajan kayané ora mungkin. Abraham ora ngerti apa sing bakal kedadéan, ning dhèwèké percaya nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh anaké bèn janjiné kelakon. Kuwi sing marahi Abraham disebut ”ramané para wong pracaya”.

(Purwaning Dumadi 22:12) Dhawuhé Sang Malaékat: ”Tanganira aja sira agagaké marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakaké! Awitdéné saiki Ingsun mirsa yèn sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahaké anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”

w17.02 31 ¶6

Pitakonané sing Maca

Sing kapapat, Yéhuwah pilih ora ngertèni sakdurungé kabèh bab sing bakal kita alami. Nèk gelem, Yéhuwah pancèn isa ngerti kabèh bab sakdurungé kelakon. (Yé. 46:10) Ning, Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah pilih ora nindakké kuwi. (Pd. 18:20, 21; 22:12) Yéhuwah ora nggawèkké keputusan kanggo awaké dhéwé, merga Yéhuwah kuwi welas asih lan tumindaké bener.​—PT. 32:4; 2 Kr. 3:17.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 22:1-18) Kacarita sawusé lelakon mau Gusti Allah karsa nyobi marang Rama Abraham. Pangandikané mangkéné: ”Abraham.” Unjuk wangsulané Rama Abraham: ”Kawula nuwun, kula.” 2 Dhawuhé Gusti Allah: ”Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawé kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahaké marang sira.” 3 Ésuké umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldiné, mbekta abdiné loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhaké déning Gusti Allah. 4 Bareng telung dinané Rama Abraham tumenga lan mirsa panggonané saka kadohan; 5 banjur ngandika marang abdiné loro: ”Kowé karo kuldiné padha karia ana ing kéné, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawusé iku aku bakal padha mbalèni kowé manèh.” 6 Rama Abraham tumuli mundhut kayuné kurban obaran diemotaké marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakaroné padha tindak sesarengan. 7 Iskak banjur matur marang kang rama: ”Rama!” Paring wangsulané Rama Abraham: ”Ana apa nggèr, anakku?” Aturé kang putra: ”Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempé ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?” 8 Rama Abraham mangsuli pangandikané: ”Mungguh cempé kang bakal kagawé kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani, anakku nggèr!” Mangkono sakaroné padha tindak sesarengan. 9 Sawusé padha tekan ing papan kang kadhawuhaké déning Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayuné banjur ditata, kang putra Iskak ditalèni sarta ditumpangaké ing misbyah ing sadhuwuré kayu. 10 Rama Abraham tumuli mulung astané ngasta lading, karsa nyembelèh kang putra. 11 Nanging Sang Malaékaté Yéhuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhé: ”Abraham! Abraham!” Unjuké Rama Abraham: ”Kawula nuwun, kula!” 12 Dhawuhé Sang Malaékat: ”Tanganira aja sira agagaké marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakaké! Awitdéné saiki Ingsun mirsa yèn sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahaké anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.” 13 Nalika Rama Abraham nolèh, tumuli mirsa ing wingkingé ana wedhus gèmbèl lanang kang sunguné kecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugi dipundhut sarta banjur disaosaké kagawé kurban obaran ijolé kang putra. 14 Panggonan iku kawastanan déning Rama Abraham: ”Sang Yéhuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti sapréné ana tetembungan: ”Ana ing gunungé Sang Yéhuwah bakal disadhiyani.” 15 Sang Malaékaté Yéhuwah nguwuh marang Rama Abraham saka ing akasa kaping pindhoné, 16 pangandikané: ”Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak,  — mangkono pangandikané Sang Yéhuwah  — sarèhné sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahaké anakira ontang-anting marang Ingsun, 17 mulané sira bakal Sunberkahi nganti lubèr lan turunira bakal Suntangkar-tangkaraké cacahé nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurané mungsuhé. 18 Karodéné marga saka turunira iku sakèhé para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngèstokaké dhawuhingSun.

9-15 MARET

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 24

”Bojo kanggo Ishak”

(Purwaning Dumadi 24:2-4) Rama Abraham mau dhawuh marang tuwa-tuwané abdiné, kang dipracaya nguwasani kabèh kang ana ing dalemé, pangandikané: ”Tanganmu tumpangna ing sangisoré cethikku, 3 supaya kowé sumpah demi Sang Yéhuwah Allahé swarga lan bumi ana ngarepku kéné, yèn anakku ora bakal kokgolèkaké sisihan saka panunggalané bocah wadon anaké wong Kanaan, kang tanahé dakenggoni iki, 4 nanging kowé menyanga tanah asalku lan ing panggonané kulawargaku, nggolèkna jodho anakku Iskak.”

wp16.3 14 ¶3

”Inggih, Kula Purun”

Abraham ngongkon Élièzer nggawé sumpah nèk ora bakal nggolèkké bojo Iskak saka wong Kanaan. Lha ngapa? Merga wong-wong Kanaan ora ngajèni, lan ora nyembah Yéhuwah. Abraham ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong Kanaan merga tumindaké sing bejat. Abraham ora péngin Iskak sing ditresnani, kawin karo wong-wong kuwi lan mèlu nindakké sing bejat. Abraham ngerti nèk Iskak nduwé tugas penting yaiku mèlu ndhukung bèn janjiné Yéhuwah kelakon.​—Purwaning Dumadi 15:16; 17:19; 24:2-4.   

(Purwaning Dumadi 24:11-15) Ing kono unta-untané dijerumaké cedhak belik sajabané nagara; ing wayah soré wanciné wong wadon padha metu ngangsu. 12 Abdi mau tumuli matur: ”Dhuh Yéhuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham. 13 Lah kawula mapan wonten ing sacelaking belik punika, para anakipun èstri tiyang ing kitha ngriki sampun wancinipun medal badhé ngangsu; 14 mugi keparenga kalampahan kados makaten: pundi laré èstri ingkang kawula tembungi: Bok junmu kokdhingklukaké, aku dakngombé, mangka lajeng mangsuli: Sumangga kula aturi ngunjuk, malah unta panjenengan inggih badhé kula ombèni pisan; supados inggih punika ingkang Paduka calonaken kanggé abdi Paduka Iskak. Makaten anggèn kawula badhé sumerep bilih Paduka sampun paring sih dhateng bendara kawula.” 15 Kacarita abdi mau durung nganti rampung anggoné munjuk, lah tumuli Ribkah metu — Ribkah iku putrané Rama Bétuèl, putrané kakung Ibu Milka garwané Rama Nahor sadhèrèké Rama Abraham; — kalawan manggul juné.

wp16.3 14 ¶4

”Inggih, Kula Purun”

Élièzer crita karo keluargané Ribkah nèk dhèwèké ndonga marang Yéhuwah wektu teka ing sumur cedhak Haran. Élièzer njaluk Yéhuwah mbantu milihké bojo kanggo Iskak. Apa sing dijaluk? Dhèwèké njaluk bukti marang Yéhuwah nèk wong wédok sing dipilih Yéhuwah kuwi bakal teka ing sumur. Lan, wektu dijaluki ngombé, wong wédok kuwi ora mung ngekèki banyu kanggo Élièzer, ning uga kanggo unta-untané. (Purwaning Dumadi 24:12-14) Sapa wong wédok sing teka lan nindakké persis sing dijaluk Élièzer? Kuwi Ribkah. Bayangna piyé perasaané Ribkah wektu krungu crita kuwi.

(Purwaning Dumadi 24:58) Ribkah tumuli diundang sarta ditari: ”Kowé apa gelem mèlu tamu iki?” Wangsulané: ”Inggih, kula purun.”

(Purwaning Dumadi 24:67) Rama Iskak banjur nganthi Ribkah menyang ing tarubé Sara kang Ibu, dipundhut garwa lan banget ditresnani. Mangkono Rama Iskak anggoné kalipur sasédané kang ibu.

wp16.3 14 ¶6-7

”Inggih, Kula Purun”

Pirang-pirang minggu sakdurungé, Élièzer kandha karo Abraham, ”Bokmanawi larénipun èstri boten purun kula bekta.” Nèk kuwi kedadéan, Abraham kandha, ”Kowé wus luwar saka sumpahmu marang aku.” (Purwaning Dumadi 24:39, 41) Élièzer seneng banget merga tugasé isa rampung, lan sésuk ésuké dhèwèké pamit arep cepet-cepet mulih ing Kanaan karo Ribkah. Ning, keluargané Ribkah péngin Ribkah lunga sepuluh dina manèh. Mula wektu kuwi, keputusané Ribkah bab gelem orané penting banget lan perlu diajèni. Akhiré keluarga kuwi kandha, ”Saénipun gendhuk dipun undang saha dipun takèni piyambak.”​—Purwaning Dumadi 24:57.

Saiki Ribkah kudu nggawé keputusan sing penting banget. Ribkah bakal ngomong apa? Apa dhèwèké bakal manut karo Bètuèl lan Laban, bèn ora sida kawin karo wong sing ora dikenal? Utawa, apa dhèwèké bakal nganggep nèk gelem nindakké tugas saka Yéhuwah kuwi kaurmatan gedhé? Jawabané Ribkah nduduhké perasaané, senajan uripé mengko bakal ora kaya mbiyèn manèh. Ribkah kandha, ”Inggih, kula purun.”​—Purwaning Dumadi 24:58.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 24:19, 20) Sawusé tutug enggoné mènèhi ngombé, banjur ngucap: ”Unta panjenengan inggih badhé kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombé ngantos tuwuk.” 20 Juné énggal disuntak ing kolahan, tumuli bali lumayu menyang belik golèk banyu manèh, mangkono anggoné nggolèkaké banyu untané kabèh.

wp16.3 12-13

”Inggih, Kula Purun”

Soré kuwi, sakwisé ngisi genthong ciliké, ana bapak tuwa nemoni Ribkah. Bapak kuwi kandha, ”Aku wènèhana ngombé banyu ing junmu [genthong cilikmu] iku sathithik baé!” Jalukané sepélé lan carané sopan. Ribkah mikir nèk wong kuwi mesthi saka panggonan sing adoh. Mula, dhèwèké cepet-cepet ngedhunké genthong cilik mau saka pundhaké bèn wong mau isa ngombé akèh, ora mung sak sruputan waé. Ribkah ndelok untané wong kuwi sing cacahé sepuluh ndhéprok ing kono, lan bak kanggo ngombé isih kosong. Ribkah ngerti nèk digatèkké bapak kuwi, mula péngin isa mbantu. Ribkah kandha, ”Unta panjenengan inggih badhé kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombé ngantos tuwuk.”​—Purwaning Dumadi 24:17-19.

Ribkah ora mung nawani banyu kanggo unta sepuluh mau, ning arep ngombèni nganti tutug. Nèk ngelak, unta siji isa ngombé 95 liter. Nèk unta sepuluh ngelak kabèh, mesthiné Ribkah kudu nimba nganti pirang-pirang jam. Ning, kayané unta-unta kuwi ora ngelak banget. Apa Ribkah ngerti bab kuwi wektu dhèwèké nawani bantuan? Ora. Dhèwèké lila, malah péngin banget mbantu, bèn isa nduduhké sipat seneng nampa tamu karo bapak kuwi. Bapak kuwi gelem nampa bantuané. Dhèwèké banjur nggatèkké Ribkah sing bola-bali ngisi genthong ciliké, banjur banyuné disokké ing bak kanggo ngombé.​—Purwaning Dumadi 24:20, 21.

wp16.3 13, ctn.

”Inggih, Kula Purun”

Dina kuwi wis soré. Ora ana katrangan nèk Ribkah ing sumur kuwi nganti pirang-pirang jam. Uga, ora ana katrangan nèk keluargané wis turu wektu dhèwèké mulih omah, utawa ana sing nggolèki Ribkah merga ora mulih-mulih.

(Purwaning Dumadi 24:65) sarta celathu marang si abdi: ”Sinten ingkang lumampah ing ara-ara mapag dhateng kula lan panjenengan punika?” Aturé si abdi: ”Punika bendara kula.” Ribkah banjur nyandhak kudhungé sarta dianggo.

wp16.3 15 ¶3

”Inggih, Kula Purun”

Akhiré, ing wayah lingsir kulon, kaya sing dicritakké ing wiwitan mau, rombongan kuwi tekan Négeb. Ribkah weruh ana wong lanang mlaku-mlaku ing padang rumput. Wong lanang kuwi kétoké kalem, pinter, lan gagah. Alkitab kandha nèk Ribkah ”banjur mudhun saka ing untané,” mbokmenawa langsung anjlog, ora ngentèni untané ndhéprok dhisik. Ribkah banjur takon ”Sinten ingkang lumampah ing ara-ara mapag dhateng kula lan panjenengan punika?” Wektu ngerti nèk kuwi Iskak, Ribkah nutupi rainé nganggo seléndhang. (Purwaning Dumadi 24:62-65) Apa sebabé? Kuwi bukti nèk dhèwèké ngajèni calon bojoné. Rasa ngajèni kuwi mbokmenawa saiki wis dianggep kuna. Dadi, wong lanang lan wédok jaman saiki isa niru tuladhané Ribkah sing andhap asor. Sipat kuwi sing kudu diduwèni kabèh wong.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 24:1-21) Anadéné Rama Abraham iku wus sepuh lan akèh yuswané, sarta tansah diberkahi déning Sang Yéhuwah tumrap sakabèh-kabèhé. 2 Rama Abraham mau dhawuh marang tuwa-tuwané abdiné, kang dipracaya nguwasani kabèh kang ana ing dalemé, pangandikané: ”Tanganmu tumpangna ing sangisoré cethikku, 3 supaya kowé sumpah demi Sang Yéhuwah Allahé swarga lan bumi ana ngarepku kéné, yèn anakku ora bakal kokgolèkaké sisihan saka panunggalané bocah wadon anaké wong Kanaan, kang tanahé dakenggoni iki, 4 nanging kowé menyanga tanah asalku lan ing panggonané kulawargaku, nggolèkna jodho anakku Iskak.” 5 Abdi mau banjur matur: ”Bokmanawi tiyang èstri wau boten purun kula bekta dhateng tanah ngriki, punapa ingkang putra Iskak kula bekta wangsul dhateng tanahing leluhur panjenengan?” 6 Nanging Rama Abraham dhawuh marang kang abdi: ”Poma aja pisan-pisan anakku kokbalèkaké mrana! 7 Sang Yéhuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahé bapakku lan saka tanahé kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengané iku kang bakal ngutus malaékaté lumampah ana ing ngarepmu, temah kowé mesthi bakal bisa ngolèhaké jodho anakku saka ing kana, 8 éwadéné saupama wong wadon mau ora gelem kokajak mréné, kowé luwar saka sumpahmu marang aku, mung poma anakku aja kokbalèkaké mrana!” 9 Abdi mau banjur numpangaké tangané ana sangisoré cethiké Rama Abraham bendarané, banjur sumpah ing bab prakara iku. 10 Abdi mau tumuli nyawisaké untané bendarané sepuluh, banjur budhal nggawa pèni-pèni rajapèni kagungané bendarané, parané njujug menyang Aram-Mésopotami ing kuthané Nahor. 11 Ing kono unta-untané dijerumaké cedhak belik sajabané nagara; ing wayah soré wanciné wong wadon padha metu ngangsu. 12 Abdi mau tumuli matur: ”Dhuh Yéhuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham. 13 Lah kawula mapan wonten ing sacelaking belik punika, para anakipun èstri tiyang ing kitha ngriki sampun wancinipun medal badhé ngangsu; 14 mugi keparenga kalampahan kados makaten: pundi laré èstri ingkang kawula tembungi: Bok junmu kokdhingklukaké, aku dakngombé, mangka lajeng mangsuli: Sumangga kula aturi ngunjuk, malah unta panjenengan inggih badhé kula ombèni pisan; supados inggih punika ingkang Paduka calonaken kanggé abdi Paduka Iskak. Makaten anggèn kawula badhé sumerep bilih Paduka sampun paring sih dhateng bendara kawula.” 15 Kacarita abdi mau durung nganti rampung anggoné munjuk, lah tumuli Ribkah metu —  Ribkah iku putrané Rama Bètuèl, putrané kakung Ibu Milka garwané Rama Nahor sadhèrèké Rama Abraham; — kalawan manggul juné. 16 Bocah wadon mau ayu banget rupané, isih prawan durung tau diwori turu wong lanang. Banjur mudhun menyang ing belik sarta ngisèni juné, nuli bali munggah. 17 Abdi mau banjur methukaké sarta ngucap: ”Enggèr, aku wènèhana ngombé banyu ing junmu iku sathithik baé!” 18 Wangsulané bocah wadon mau: ”Sumangga panjenengan ngunjuk.” Juné énggal diudhunaké kasangga ing tangané, sarta abdi mau ditulungi anggoné ngombé. 19 Sawusé tutug enggoné mènèhi ngombé, banjur ngucap: ”Unta panjenengan inggih badhé kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombé ngantos tuwuk.” 20 Juné énggal disuntak ing kolahan, tumuli bali lumayu menyang belik golèk banyu manèh, mangkono anggoné nggolèkaké banyu untané kabèh. 21 Anadéné wong mau tansah nyawang marang bocahé wadon kalawan meneng, arep nyumurupi apa Sang Yéhuwah wus ngolèhaké gawé anggoné lelungan iku apa durung.

16-22 MARET

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 25-26

”Ésau Ngedol Hak-haké Dadi Anak Mbarep”

(Purwaning Dumadi 25:27, 28) Putra loro mau saya gedhé: Ésap dadi wong kang pinter mbebedhag, ambah-ambahané ing ara-ara, nanging Yakub iku wong kang jatmika pambekané, kang jenjem ana ing tarub. 28 Anadéné Rama Iskak iku asih marang Ésap, marga remen dhahar daging kéwan bedhagan, nanging Ibu Ribkah ngasihi Yakub.

it-2-IN 1159 ¶4

Yakub

Ésau, kuwi anak kesayangané bapaké. Dhèwèké kuwi pemburu sing uripé bébas lan seneng lunga-lunga. Ning, Yakub kuwi ”wong kang jatmika pambekané [utawa, tanpa cacad (Ibr., tam)], kang jenjem ana ing tarub”. Dhèwèké kerja dadi gembala, seneng urip tenang, lan isa diendelké kanggo ngurus omah. Dhèwèké ya dadi anak kesayangané ibuné. (Pd 25:27, 28) Kata Ibrani tam ya digunakké ing ayat-ayat liyané kanggo nggambarké wong-wong sing disenengi Gusti Allah. Contoné, ”wong kang ngorong marang wutahing getih, padha sengit marang wong salèh [utawa, tanpa cacad]”, ning Yéhuwah ngyakinké ”wong kang ambek rukun [utawa, tanpa cacad] iku kaanané bakal nyenengaké ing tembé buriné”. (WB 29:10; Ms 37:37) Wong sing setya sing jenengé Ayub ya disebut ”jujur [utawa, tanpa cacad (Ibr., tam)] lan mursid”.​—Ayub 1:1, 8; 2:3.

(Purwaning Dumadi 25:29, 30) Nuju sawijining dina nalika Yakub lagi gawé mangsakan, Ésap nuli teka saka ing ara-ara, katon sayah. 30 Ésap tumuli nembung marang Yakub: ”Bok aku kokwènèhi mangan sing abang-abang kuwi ta, awit aku kesel.” Yaiku jalarané banjur peparab: Édom.

(Purwaning Dumadi 25:31-34) Nanging Yakub mangsuli: ”Wewenangmu dadi pembarep iku dolen marang aku dhisik!” 32 Wangsulané Ésap: ”Lah sadhéla engkas aku bakal mati, apa kanggoné duwé wewenang pembarep iku?” 33 Pangucapé Yakub: ”Sumpaha marang aku dhisik!” Ésap banjur sumpah, lan wewenangé pembarep diedol marang Yakub. 34 Yakub tumuli mènèhi roti lan mangsakan kacang abang marang Ésap; sarta banjur mangan lan ngombé, sawusé tumuli maknyat lunga. Mangkono anggoné Ésap ngremehaké wewenanging pembarep.

w19.02 16 ¶11

Apa Sebabé Perlu Nduduhké Sikap Seneng Ngajèni?

11 Alkitab ya nyritakké wong-wong sing ora seneng ngajèni. Contoné, Ésau ora ngajèni perkara-perkara suci, senajan wong tuwané nresnani lan ngajèni Yéhuwah. (Wacanen Ibrani 12:16.) Apa buktiné? Tanpa dipikir dhisik, Ésau ngedol hak-haké dadi anak mbarep marang adhiné, yaiku Yakub, mung kanggo sak porsi panganan. (Pd. 25:30-34) Bar kuwi, Ésau gela banget. Ning, dhèwèké ora isa protès wektu ora éntuk berkah, merga dhèwèké wis ora ngajèni hak-haké dadi anak mbarep.

it-1-IN 127 ¶2

Anak Mbarep

Kèt mbiyèn, anak mbarep éntuk kedudukan sing diajèni ing keluargané. Sukmbèn dhèwèké sing bakal dadi kepala keluarga. Dhèwèké éntuk rong bagéan warisan saka bandhané bapaké. (PT 21:17) Wektu mangan, Yusuf ngatur bèn Rubèn lungguhé sesuai karo haké dadi anak mbarep. (Pd 43:33) Ning, Alkitab ora mesthi nyebutké anak-anak sesuai urutan lairé. Urutan sing pertama biasané diwènèhké kanggo anak sing paling penting utawa paling setya, dudu kanggo sing mbarep.​—Pd 6:10; 1Bb 1:28; bandhingna Pd 11:26, 32; 12:4; deloken HAK KELAIRAN; WARISAN.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 25:31-34) Nanging Yakub mangsuli: ”Wewenangmu dadi pembarep iku dolen marang aku dhisik!” 32 Wangsulané Ésap: ”Lah sadhéla engkas aku bakal mati, apa kanggoné duwé wewenang pembarep iku?” 33 Pangucapé Yakub: ”Sumpaha marang aku dhisik!” Ésap banjur sumpah, lan wewenangé pembarep diedol marang Yakub. 34 Yakub tumuli mènèhi roti lan mangsakan kacang abang marang Ésap; sarta banjur mangan lan ngombé, sawusé tumuli maknyat lunga. Mangkono anggoné Ésap ngremehaké wewenanging pembarep.

(Ibrani 12:16) Lan waspadaa supaya ing antaramu aja ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, utawa sing ora ngajèni perkara-perkara sing suci, kaya Ésau, sing masrahké hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan.

w18.02 32 ¶3-5

Pitakonané sing Maca

Dadi, apa maksudé ayat sing ditulis Paulus ing Ibrani 12:16? Ayat kuwi kandha, ”Lan waspadaa supaya ing antaramu aja ana wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, utawa sing ora ngajèni perkara-perkara sing suci, kaya Ésau, sing masrahké hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan.”

Ing ayat kuwi, Paulus ora lagi ngrembug leluhuré Mèsias. Ning Paulus lagi ngélingké wong Kristen, kandhané, ”Terus mlakua lurus nganggo sikilmu. . . supaya aja nganti ana sing gagal nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.” Sayangé, ana akèh wong sing gagal merga tumindak bejat. (Ibr. 12:12-16) Wong-wong kuwi kaya Ésau sing ”ora ngajèni perkara-perkara sing suci”, ning malah ngutamakké pepénginané dhéwé.

Kaya kebiasaan ing jaman mbiyèn, kadhang Ésau éntuk kaurmatan kanggo mènèhké kurban marang Yéhuwah. (Pd. 8:20, 21; 12:7, 8; Ay. 1:4, 5) Ning, Ésau ngutamakké pepénginané dhéwé nganti akiré mènèhké kaurmatan dadi anak mbarep kanggo sak porsi bubur. Mbokmenawa Ésau ora péngin sengsara merga Yéhuwah wis ngendika nèk keturunané Abraham bakal sengsara. (Pd. 15:13) Ésau uga ora ngajèni bab-bab sing suci wektu nikah karo wong wédok loro sing dudu abdiné Yéhuwah, kuwi nggawé wong tuwané sedhih. (Pd. 26:34, 35) Kuwi béda banget karo Yakub sing milih nikah karo abdiné Yéhuwah.​—Pa. 28:6, 7; 29:10-12, 18.   

(Purwaning Dumadi 26:7) Nalika wong-wong ing kono padha takon bab garwané, Rama Iskak ngandika: ”Punika sadhèrèk kula,” awit ajrih ngandika: ”Punika sémah kula,” marga osiking panggalihé: ”Bisa uga aku dipatèni déning wong-wong ing kéné jalaran saka Ribkah, awit Ribkah iku warnané éndah.”

it-1-IN 617 ¶5

Ngapusi

Pancèn Alkitab ngutuk tumindak ngapusi sing tujuané jahat. Ning, kuwi ora berarti nèk wong éntuk mbocorké informasi kanggo wong sing ora nduwé hak. Yésus Kristus mènèhi naséhat iki, ”Aja mènèhké bab sing suci marang asu lan aja nguncalké mutiaramu marang babi merga mung bakal diidak-idak, lan kéwan kuwi bakal nyerang kowé.” (Mat 7:6) Kuwi sebabé Yésus kadhang-kadhang ora gelem mènèhi katrangan sing lengkap utawa jawaban sing jelas nèk kuwi isa nyebabké masalah. (Mat 15:1-6; 21:23-27; Yoh 7:3-10) Dadi, Abraham, Ishak, Rahab, lan Èlisa ya mesthi mikirké kuwi wektu ora mènèhi katrangan sing lengkap utawa mènèhi katrangan sing ora bener kanggo wong sing ora nyembah Yéhuwah.​—Pd 12:10-19; bab 20; 26:1-10; Ys 2:1-6; Yak 2:25; 2Ra 6:11-23.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 26:1-18) Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamané Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gérar manggihi Sang Prabu Abimèlèkh rajané bangsa Filisti. 2 Sang Yéhuwah banjur ngatingal marang Rama Iskak sarta ngandika: ”Sira aja lunga menyang Mesir, manggona ana ing tanah kang bakal Sundhawuhaké marang sira. 3 Sira tetepa manggon ana ing tanah kéné dadi wong manca, déné Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabèh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhaké marang Abraham bapakira. 4 Karomanèh Ingsun bakal ngakèhaké turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabèh; sarta marga saka turunira sakèhé bangsa ing bumi bakal binerkahan. 5 Mulané mangkono awit Abraham wus ngèstokaké dhawuhingSun lan netepi kang dadi kawajibané marang Ingsun, yaiku kabèh pepakon, pranatan lan angger-anggeringSun.” 6 Dadiné Rama Iskak tetep anggoné dedalem ana ing Gérar. 7 Nalika wong-wong ing kono padha takon bab garwané, Rama Iskak ngandika: ”Punika sadhèrèk kula,” awit ajrih ngandika: ”Punika sémah kula,” marga osiking panggalihé: ”Bisa uga aku dipatèni déning wong-wong ing kéné jalaran saka Ribkah, awit Ribkah iku warnané éndah.” 8 Bareng wus antara lawas anggoné dedalem ana ing kono, kacarita Sang Prabu Abimèlèkh rajané wong Filisti pinuju ngungak ing cendhéla, mirsa Rama Iskak lagi ngungrum kang garwa Ribkah. 9 Sang Prabu Abimèlèkh tumuli nimbali Rama Iskak lan ngandika: ”Lah sampun tamtu punika ingkang garwa, kadospundi déné panjenengan ndadak ngandika: Punika sadhèrèk kula?” Aturé Rama Iskak marang Sang Raja: ”Margi osiking manah kula: Sampun ngantos kula dipun pejahi margi saking piyambakipun.” 10 Nanging Sang Prabu Abimèlèkh ngandika: ”Punapa ta ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula sadaya punika? Gampil sanget kalampahan wonten tiyang bangsa ngriki ingkang ngantos nilemi ingkang garwa, rak margi saking makaten panjenengan lajeng ndhatengaken kalepatan dhateng kula sadaya?” 11 Sang Prabu Abimèlèkh banjur ngundhangaké dhawuh marang sabangsa kabèh: ”Sapa wong kang wanuh-wani ngaru-biru marang priyayi iki utawa marang garwané, mesthi diukum pati!” 12 Anadéné Rama Iskak nuli nyebar wiji ana ing tanah kono, olèh-olèhané ing taun iku uga nganti tikel satus, marga diberkahi déning Sang Yéhuwah, 13 temah panjenengané dadi sugih lan saya suwé saya mundhak kasugihané, nganti dadi sugih banget, 14 kagungan pepanthan wedhus lan pepanthan sapi, brayaté akèh, nganti wong-wong Filisti padha mèri. 15 Sakèhé sumur ing jamané Rama Abraham, kang rama, kang didhudhuk déning para abdiné kang rama, iku padha ditableg lan diurugi lemah. 16 Sang Prabu Abimèlèkh banjur ngandika marang Rama Iskak: ”Panjenengan kula aturi tindak saking ngriki, margi pangwaos panjenengan ngungkuli pangwaos kula sanget.” 17 Rama Iskak tumuli tindak saka kono banjur ngadegaké tarubé ana ing lebaké Gérar, sarta dedalem ana ing kono. 18 Sawusé mangkono banjur ndhudhuk sumur-sumur kang biyèn wus didhudhuk nalika sugengé Rama Abraham kang rama, sarta wus padha dipatèni déning wong Filisti sasédané Rama Abraham; sumur-sumur mau padha dijenengaké kaya jeneng kang biyèn wus diparingaké déning kang rama.

23-29 MARET

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 27-28

”Yakub Nampa Berkah sing Dadi Haké”

(Purwaning Dumadi 27:6-10) Ibu Ribkah ngandika marang Yakub kang putra: ”Aku mau ngrungokaké bapakmu anggoné ndhawuhi Ésap kamasmu: 7 Aku golèkna kéwan bebedhagan, banjur olahen kang énak, dakpanganè lan sawusé iku kowé dakberkahi ana ing ngarsané Sang Yéhuwah, sadurungé aku mati. 8 Mulané saiki, enggèr, anakku! Rungokna kandhaku kaya kang dakpréntahaké marang kowé iki mangkéné: 9 Kowé menyanga ing panggonané wedhus kita, aku jupukna cempé loro kang becik, iku dakolahé kang énak kagem bapakmu, kaya kang dadi kersané. 10 Nuli ladèkna menyang ing ngarsané bapakmu, supaya didhahar lan kowé diberkahana sadurungé séda.”

w04-IN 15/4 11 ¶3-4

Ribka—Wong Wédok sing Tanggap lan Sayang Yéhuwah

Alkitab ora nduduhké apa Ishak ngerti nèk Ésau kudu nglayani Yakub. Ning, Ribka lan Yakub ngerti nèk sing nduwé hak kanggo nampa berkah kuwi Yakub. Ribka krungu nèk Ishak péngin mberkahi Ésau sakwisé mangan daging hasil buruan. Ribka langsung tumindak. Ribka isih tegas lan semangat kaya pas isih enom. Ribka ’mréntahké’ Yakub kanggo njupuk anak wedhus loro. Dhèwèké bakal nyiapké masakan sing disenengi karo bojoné. Terus, Yakub kudu nyamar dadi Ésau bèn éntuk berkah. Yakub wegah merga mikir nèk bapaké bakal ngerti lan ngutuki Yakub. Ning, Ribka meksa, ”Ipat-ipat [utawa, kutukan] iku daksanggané, enggèr, anakku.” Bar kuwi, Ribka masak, mbantu Yakub nyamar dadi Ésau, terus ngongkon Yakub nemoni Ishak.​—Purwaning Dumadi 27:1-17.

Alkitab ora nyebutké apa sebabé Ribka tumindak kaya ngono. Akèh wong ngomong nèk tumindaké Ribka kuwi salah. Ning, Alkitab ora ngomong ngono. Ishak ya ora nyalahké Ribka wektu ngerti nèk Yakub sing nampa berkah. Malah, Ishak nambahi berkahé. (Purwaning Dumadi 27:29; 28:3, 4) Ribka ngerti ramalané Yéhuwah soal Yakub. Mula, Ribka tumindak kanggo mastèkké bèn Yakub nampa berkah sing dadi haké. Kuwi jelas cocog karo kepénginané Yéhuwah.​—Roma 9:6-13.

(Purwaning Dumadi 27:18, 19) Kaya mangkono Yakub banjur lumebu ing panggonané kang rama tumuli matur: ”Rama!” Pangandikané kang rama: ”Apa, nggèr, kowé iku sapa?”. 19 Aturé Yakub marang kang rama: ”Kula Ésap, ingkang putra pembajeng. Kula sampun nglampahi kados dhawuhipun rama dhateng kula. Kula aturi wungu lan lenggah, lajeng dhahar daging bebujengan ingkang sampun kula olah, supados rama lajeng maringi berkah dhateng kula.”

w07-IN 1/10 31 ¶2-3

Pitakonané sing Maca

Alkitab ora langsung ngandhani alesané Ribka lan Yakub tumindak kaya ngono. Alkitab nduduhké nèk peristiwa kuwi ora direncanakké. Alkitab ora ngomong nèk tumindaké Ribka lan Yakub kuwi bener utawa salah. Mula, peristiwa kuwi ya ora nduduhké nèk ngapusi kuwi bener. Ning, ing Alkitab ana beberapa katrangan sing isa mbantu awaké dhéwé ngertèni situasiné.

Pertama, kisah kuwi nduduhké nèk Yakub nduwé hak kanggo nampa berkah saka bapaké, ning Ésau ora. Sakdurungé kuwi, Yakub wis nuku haké Ésau dadi anak mbarep. Hak kuwi didol lan diijolké karo panganan bèn Ésau ora luwé manèh. Ésau ”ngrèmèhaké wewenanging pembarep”. (Purwaning Dumadi 25:29-34) Dadi, wektu nemoni bapaké, Yakub ngupaya bèn éntuk berkah sing dadi haké.

(Purwaning Dumadi 27:27-29) Yakub banjur nyedhak, kang rama diaras. Nalika Rama Iskak mambet gandané sandhangané Yakub, banjur maringi berkah, pangandikané: ”Lah gandané anakku iku kaya gandané bumi kang diberkahi déning Sang Yéhuwah. 28 Gusti Allah bakal maringi kowé ebuning langit lan lemah eloh ing bumi apadéné gandum lan anggur kongsi lubèr-lubèr. 29 Bangsa-bangsa bakal padha nungkul ana ing ngarepmu; kowé mengkua para kadang-kadangmu, lan anaké biyungmu bakal padha nungkul marang kowé. Sapa kang ngipat-ipati kowé, bakal kena ipat-ipat, lan sapa kang mberkahi kowé, iku ginanjara berkah.”

it-1-IN 404 ¶4

Berkah

Ing masyarakat sing keluarga-keluargané dipimpin karo bapak, biasané bapak mberkahi anak-anaké pas mèh mati. Iki penting banget wektu kuwi. Mula, Ishak mberkahi Yakub merga ngira nèk kuwi Ésau. Ishak ngomong nèk dhèwèké seneng karo Yakub lan ndongakké bèn Yakub luwih makmur ketimbang Ésau. Merga Ishak wis wuta lan tuwa, dhèwèké mesthi njaluk bèn Yéhuwah sing mberkahi. (Pd 27:1-4, 23-29; 28:1, 6; Ibr 11:20; 12:16, 17) Sakwisé kuwi, Ishak neguhké lan nambah berkahé. (Pd 28:1-4) Sakdurungé mati, Yakub mberkahi dhisik anak-anaké Yusuf, bar kuwi lagi mberkahi anaké dhéwé. (Pd 48:9, 20; 49:1-28; Ibr 11:21) Musa ya mberkahi bangsa Israèl sakdurungé dhèwèké mati. (PT 33:1) Hasil akhir saka crita-crita kuwi mbuktèkké nèk omongané Ishak, Yakub, lan Musa kuwi ramalan. Kadhang kala, tangané wong sing mberkahi didèlèhké ing sirahé wong sing diberkahi.​—Pd 48:13, 14.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 27:46–28:2) Sawusé mangkono Ibu Ribkah banjur matur marang Rama Iskak: ”Kula sampun bosen gesang margi saking tiyang èstri bangsa Hèt punika. Manawi Yakub ngantos mendhet sémah bangsa Hèt kados makaten wau, panunggilanipun tiyang bumi ngriki, punapa ginanipun kula taksih gesang?”

28 Rama Iskak banjur nimbali Yakub, diberkahi sarta diweling, dhawuhé: ”Kowé aja golèk sisihan bocah wadon Kanaan. 2 Tata-tataa, mangkata menyang tanah Padan-Aram, ing dalemé Rama Bètuèl, ramané ibumu, lan golèka sisihan ana ing kana, panunggalané anaké Laban saduluré ibumu.

w06-IN 15/4 6 ¶3-4

Carané Bèn Isa Nduwé Komunikasi sing Apik karo Bojoné Njenengan

Apa Ishak lan Ribka terus nduwé komunikasi sing apik? Merga Ésau nikah karo wong wédok loro saka Hèt, ana masalah keluarga sing serius. Ribka terus-terusan ngomong karo Ishak, ”Kula sampun bosen gesang margi saking tiyang èstri bangsa Hèt punika. Manawi Yakub ngantos mendhet sémah bangsa Hèt . . . , punapa ginanipun kula taksih gesang?” (Purwaning Dumadi 26:34; 27:46) Kuwi nduduhké nèk Ribka ngomongké rasa kuwatiré nganggo cara sing jelas.

Ishak ngongkon sedulur kembaré Ésau yaiku Yakub bèn ora nikah karo wong-wong wédok saka Kanaan. (Purwaning Dumadi 28:1, 2) Ishak ngerti maksudé Ribka. Pasangan iki berhasil ngrembug masalah keluarga sing serius. Kuwi isa dadi conto kanggo awaké dhéwé saiki. Ning, piyé nèk suami istri ora isa sepakat? Apa sing isa ditindakké?

(Purwaning Dumadi 28:12, 13) Banjur ngimpi: Lah ana andha ngadeg ing bumi kang pucuké sundhul ing langit, lan katon para malaékaté Gusti Allah munggah-mudhun ing andha mau. 13 Lah, Sang Yéhuwah jumeneng ana ing sisihé sarta ngandika: ”Ingsun iki Yéhuwah Allahé Abraham embahira lan Allahé Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingaké marang sira lan turunira.

w04-IN 15/1 28 ¶5

Piwulang Penting saka Buku Purwaning Dumadi—II

28:12, 13—Apa arti mimpiné Yakub soal ”andha”? ”Andha” iki mungkin kétok kaya undhak-undhakan saka watu sing dhuwuré tekan langit. Kuwi nduduhké nèk ana komunikasi antarané bumi lan swarga. Para malaékaté Gusti Allah munggah-mudhun andha kuwi. Artiné, para malaékat nindakké tugas pelayanan ing antarané Yéhuwah lan manungsa sing nggawé Yéhuwah seneng.​—Yohanes 1:51.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 27:1-23) Kacarita bareng Rama Iskak wus sepuh sarta tingalé wus blawur banget nganti ora bisa mirsani, tumuli nimbali Ésap putrané pambajeng sarta dipangandikani: ”Anakku enggèr.” Aturé Ésap: ”Kula rama.” 2 Dhawuhé kang rama: ”Lah ta aku wus tuwa lan ora sumurup bésuk apa bakal ajalku. 3 Bok kowé njupuk gegamanmu, éndhong lan gendhéwamu, banjur mangkata menyang ing ara-ara, aku golèkna buron, 4 nuli aku olahna pangan kang énak, kaya kang dadi kasenenganku, yèn wus rampung ladèkna mréné, dakpangané, sawisé iku kowé bakal dakberkahi sadurungé aku tinggal donya.” 5 Anadéné Ibu Ribkah ngrungokaké anggoné Rama Iskak mangandikani marang kang putra Ésap mau. Bareng Ésap wus mangkat menyang ara-ara mbebedhag kéwan kang kena diladekaké marang kang rama, 6 Ibu Ribkah ngandika marang Yakub kang putra: ”Aku mau ngrungokaké bapakmu anggoné ndhawuhi Ésap kamasmu: 7 Aku golèkna kéwan bebedhagan, banjur olahen kang énak, dakpangané lan sawusé iku kowé dakberkahi ana ing ngarsané Sang Yéhuwah, sadurungé aku mati. 8 Mulané saiki, enggèr, anakku! Rungokna kandhaku kaya kang dakprentahaké marang kowé iki mangkené: 9 Kowé menyanga ing panggonané wedhus kita, aku jupukna cempé loro kang becik, iku dakolahé kang énak kagem bapakmu, kaya kang dadi kersané. 10 Nuli ladèkna menyang ing ngarsané bapakmu, supaya didhahar lan kowé diberkahana sadurungé séda.” 11 Yakub tumuli matur marang Ribkah ibuné: ”Lah kamas kula Ésap punika badanipun dhiwut-dhiwut, mangka kula punika klimis. 12 Bokmanawi bapak nggrayangi kula, temtu lajeng mastani, kula damel gegujengan, margi saking makaten kula malah kénging ipat-ipat sanès berkah.” 13 Nanging kang ibu ngandika manèh: ”Ipat-ipat iku daksanggané, enggèr, anakku, nuruta pituturku baé, gèk endang mangkata! Aku jupukna wedhusé!” 14 Yakub tumuli njupuk cempé lan diaturaké marang kang ibu; sarta kang ibu banjur olah dhaharan kang énak, kaya kang dadi kersané ramané. 15 Ibu Ribkah banjur mundhut sandhangan kang adi duwèkké Ésap, putrané pambajeng, sandhangan kang disimpen ing omah, banjur dianggokaké marang Yakub putrané kang wuragil. 16 Sarta lulangé cempé mau diblebedaké ing tangané Yakub loro pisan lan ing guluné kang klimis. 17 Dhaharan kang énak lan roti kang mentas diolah mau banjur ditampakaké marang kang putra Yakub. 18 Kaya mangkono Yakub banjur lumebu ing panggonané kang rama tumuli matur: ”Rama!” Pangandikané kang rama: ”Apa, nggèr, kowé iku sapa?” 19 Aturé Yakub marang kang rama: ”Kula Ésap, ingkang putra pembajeng. Kula sampun nglampahi kados dhawuhipun rama dhateng kula. Kula aturi wungu lan lenggah, lajeng dhahar daging bebujengan ingkang sampun kula olah, supados rama lajeng maringi berkah dhateng kula.” 20 Rama Iskak banjur ngandika marang kang putra: ”Kok énggal temen anggonmu olèh, anakku enggèr!” Aturé Yakub: ”Margi Sang Yéhuwah, Gusti Allahipun rama, ingkang murugaken kula angsal damel.” 21 Pangandikané Rama Iskak marang kang putra: ”Nyedhaka mréné, enggèr, awakmu dakgrayangané, apa kowé iku anakku Ésap apa dudu.” 22 Yakub banjur nyedhaki Iskak kang rama, kang banjur nggrayangi sarta ngandika: ”Yèn swarané, swarané Yakub, nanging yèn tangané, tangané Ésap.” 23 Dadiné Rama Iskak pangling marang Yakub, marga tangané dhiwut-dhiwut kaya tangané Ésap, mulané Rama Iskak arep mberkahi.

30 MARET–5 APRIL

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 29-30

”Yakub Nikah”

(Purwaning Dumadi 29:18-20) Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhèl, mulané aturé: ”Kula purun ngèngèr panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhèl putra panjenengan ingkang nèm.” 19 Wangsulané Pak Laban: ”Pancèn luwih becik dakwènèhaké kowé tinimbang karo dakwènèhaké wong liya, tetepa mèlu aku!” 20 Yakub anggoné ngèngèri Rakhèl iku lawasé pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina baé, marga saka tresnané marang Rakhèl.

w03-IN 15/10 29 ¶6

Yakub Nganggep Hubungané karo Gusti Allah Kuwi Berharga

Pihak keluargané sing lanang kudu mbayar maskawin ing keluargané sing wédok supaya isa tunangan. Bar kuwi, Hukum Musa ya netepké nèk wong sing mbujuk wong wédok sing isih prawan kanggo nindakké hubungan sèks kudu mbayar 50 syèkel pérak. Sarjana Gordon Wenham percaya nèk kuwi rega ”maskawin sing paling larang”, ning biasané rega maskawin ”luwih murah” saka kuwi. (Pangandharing Torèt 22:28, 29) Yakub ora sanggup mbayar kuwi. Dadi, dhèwèké nglayani Laban suwéné pitung taun. Wenham kandha, ”Ing jaman Babilon, buruh nampa upah kira-kira setengah syèkel nganti siji syèkel saben sasi” (isa éntuk 42 nganti 84 syèkel ing wektu pitung taun). Wenham kandha manèh, ”Yakub nawani Laban maskawin sing gedhé banget bèn isa nikah karo Rakhèl”. Laban langsung nyetujoni kuwi.​—Purwaning Dumadi 29:19.

(Purwaning Dumadi 29:21-26) Sawusé mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: ”Calon sémah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged émah-émah kaliyan Rakhèl.” 22 Pak Laban banjur nglumpukaké wong ing panggonan kono sarta nganakaké pista. 23 Nanging bareng bengi Léa anaké kang tuwa kang ditemokaké karo Yakub. Yakub iya banjur sapaturon karo Léa. 24 Karodéné Pak Laban iya nggawani Zilpa abdiné wadon marang Léa anaké, dadi abdiné. 25 Kacarita bareng ésuk kasumurupan yèn iku Léa. Yakub tumuli matur marang Pak Laban: ”Kadospundi déné panjenengan nandukaken makaten dhateng kula? Anggèn kula ngèngèr panjenengan punika rak supados kaangsalaken Rakhèl, kénging punapa kula panjenengan apusi?” 26 Wangsulané Pak Laban: ”Manut adat ing panggonanku kéné, ora lumrah ngomah-omahaké adhiné ndhisiki mbakyuné.

w07-IN 1/10 8 ¶6

Kakang Adhi sing Akèh Masalah ning ”Mbangun Umat Israèl”

Apa Léa kerjasama karo bapaké kanggo ngapusi Yakub? Utawa mung péngin manut karo bapaké? Terus, Rakhèl ing ngendi? Apa dhèwèké ngerti apa sing lagi kelakon? Nèk ngerti, piyé perasaané? Apa dhèwèké bakal nentang keputusané bapaké sing sak karepé dhéwé? Alkitab ora ngandhani jawabané. Ora soal apa sing dipikirké Rakhèl karo Léa, ing crita kuwi Yakub nesu. Yakub protès karo Laban, dudu karo Rakhèl lan Léa. Dhèwèké ngomong, ”Anggèn kula ngèngèr panjenengan punika rak supados kaangsalaken Rakhèl, kénging punapa kula panjenengan apusi?” Laban njawab, ”Manut adat . . . , ora lumrah ngomah-omahaké adhiné ndhisiki mbakyuné. Srantèkna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Léa, sawusé iku kowé iya dakwènèhi sijiné minangka opahé, anggeré kowé saguh ngèngèr aku pitung taun manèh.” (Purwaning Dumadi 29:25-27) Akibaté, Yakub dadi nduwé bojo loro sing padha-padha cemburu.

it-1-IN 1182 ¶4

Pernikahan

Pésta. Ing acara pernikahan kuwi sakjané ora ana upacara sing resmi. Ning, ing Israèl ana sing nganakké pésta sing meriah. Ing dina kuwi, mantèn wédok biasané nggawé akèh persiapan ing omahé. Sing pertama, mantèn wédok kudu adus lan nganggo minyak wangi. (Bandhingna Rut 3:3; Yk 23:40.) Dhèwèké bakal nganggo sabuk lan jubah putih sing bordirané apik sesuai karo keadaan ékonominé. Kadhang kala, ana sing diéwangi karo pembantuné. (Ym 2:32; Why 19:7, 8; Ms 45:14, 15) Mantèn wédok ya nganggo perhiasan, nèk nduwé. (Yé 49:18; 61:10; Why 21:2) Terus, dhèwèké nganggo kudhung sing nutupi sirahé nganti tekan sikilé. (Yé 3:19, 23) Saka kéné awaké dhéwé isa ngerti kenapa Laban gampang banget ngapusi Yakub. Yakub ora ngerti nèk sing dikèkké kuwi Léa, dudu Rakhèl. (Pd 29:23, 25) Ribka nutupi sirahé wektu ketemu karo Ishak. (Pd 24:65) Kudhung kuwi nduduhké nèk mantèn wédok ngajèni mantèn lanang.​—1Kor 11:5, 10.

(Purwaning Dumadi 29:27, 28) Srantèkna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Léa, sawusé iku kowé iya dakwènèhi sijiné minangka opahé, anggeré kowé saguh ngèngèr aku pitung taun manèh.” 28 Yakub iya banjur nglakoni mangkono, nutugaké bebrayatané karo Léa nganti pitung dina; bareng wus ganep pitung dina tumuli iya diwènèhi Rakhèl anaké, dadi somahé.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 30:3) Aturé Rakhèl: ”Lah punika Bilha réncang kula èstri, sampéyan celaki, supados nglairaken anak ing pangkon kula, supados ngangsalaken turun dhateng kula.”

it-1-IN 145 ¶6

Adopsi

Rakhèl lan Léa nganggep nèk anak-anaké Yakub sing lair saka pembantuné kuwi ya dadi anaké dhéwé sing ’lair ing pangkoné’. (Pd 30:3-8, 12, 13, 24) Anak-anak kuwi éntuk warisan sing padha karo anak liyané sing dilairké istri sahé Yakub. Anak-anak kuwi anak kandhungé Yakub, lan merga budhak wédok kuwi duwèké Rakhèl lan Léa, anak-anak kuwi ya duwèké Rakhèl lan Léa.

(Purwaning Dumadi 30:14, 15) Nuju sawijining dina nalika mbeneri mangsa panèn gandum Rubèn dolan-dolan, banjur nemu woh dhudhaim ana ing pategalan, diaturaké marang Léa ibuné; Rakhèl nuli tutur marang Léa: ”Aku bok kokwènèhi woh dhudhaim duwèké anakmu iku!” 15 Pangucapé Léa marang Rakhèl: ”Apa durung cukup anggonmu ngebèki bojoku? Wuwuh-wuwuh saiki arep ngepèk woh dhudhaim duwèké anakku?” Pangucapé Rakhèl: ”Manawa mangkono bengi iki bapakné karebèn turu karo kowé minangka ijolé woh dhudhaim duwèké anakmu!”

w04-IN 15/1 28 ¶6

Piwulang Penting saka Buku Purwaning Dumadi—II

30:14, 15—Apa sebabé Rakhèl ora nindakké hubungan sèks karo Yakub bèn isa hamil, ning malah milih woh dhudhaim? Ing jaman mbiyèn, woh dhudhaim digunakké kanggo obat penenang lan kanggo nyegah kejang-kejang. Woh kuwi dianggep isa ningkatké nafsu sèksual lan isa mbantu wong bèn gampang hamil. (Musthikaning Kidung 7:13) Alkitab ora ngandhani alesané Rakhèl gelem ijolan. Dhèwèké mungkin ngira nèk woh dhudhaim kuwi isa nggawé dhèwèké hamil. Ning, pirang-pirang taun bar kuwi Yéhuwah lagi mbukak ”guwa garbané [utawa, rahimé]”.​—Purwaning Dumadi 30:22-24.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 30:1-21) Rakhèl bareng rumangsa yèn ora patutan karo Yakub, banjur mèri marang mbakyuné sarta matur marang Yakub: ”Bok kula sampéyan sukani anak! Manawi boten, kula luwung pejah.” 2 Ing kono Yakub tuwuh nepsuné marang Rakhèl, pangucapé: ”Apa aku sesulihé Gusti Allah, kang ora marengaké kowé ngandhut?” 3 Aturé Rakhèl: ”Lah punika Bilha réncang kula èstri, sampéyan celaki, supados nglairaken anak ing pangkon kula, supados ngangsalaken turun dhateng kula.” 4 Bilha baturé mau banjur diaturaké Yakub supaya dadi somahé, iya kelakon dicedhaki. 5 Bilha banjur ngandhut sarta duwé anak lanang patutan saka Yakub. 6 Rakhèl tumuli ngucap: ”Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulané bocahé dijenengaké Dhan. 7 Bilha baturé wadon Rakhèl mau ngandhut manèh, sarta nglairaké anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub. 8 Rakhèl tumuli ngucap: ”Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulané bocahé mau dijenengaké Naftali. 9 Bareng Léa weruh yèn kandheg anggoné nglairaké anak, tumuli iya ngaturaké baturé wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahé. 10 Lan Zilpa baturé wadon Léa mau iya nglairaké anak lanang patutan karo Yakub. 11 Léa tumuli ngucap: ”Begja!” Mulané bocahé dijenengaké Gad. 12 Sawusé mangkono Zilpa baturé wadon Léa nglairaké anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub. 13 Pangucapé Léa: ”Aku iki rahayu, saben wong wadon mesthi ngarani aku rahayu.” Anaké nuli dijenengaké: Asyèr. 14 Nuju sawijining dina nalika mbeneri mangsa panèn gandum Rubèn dolan-dolan, banjur nemu woh dhudhaim ana ing pategalan, diaturaké marang Léa ibuné; Rakhèl nuli tutur marang Léa: ”Aku bok kokwènèhi woh dhudhaim duwèké anakmu iku!” 15 Pangucapé Léa marang Rakhèl: ”Apa durung cukup anggonmu ngebèki bojoku? Wuwuh-wuwuh saiki arep ngepèk woh dhudhaim duwèké anakku?” Pangucapé Rakhèl: ”Manawa mangkono bengi iki bapakné karebèn turu karo kowé minangka ijolé woh dhudhaim duwèké anakmu!” 16 Bareng wayah soré saulihé Yakub saka ing pategalan, banjur dipapag Léa karo matur: ”Sampéyan dalu punika kedah tilem wonten ing panggènan kula, amargi sampéyan sampun kula séwa mawi woh dhudhaim gadhahanipun anak kula.” Dadiné bengi iku Yakub turu karo Léa. 17 Anadéné Gusti Allah nyembadani panyuwuné Léa, temah ngandhut sarta nglairaké anak lanang kalima patutan karo Yakub. 18 Léa tumuli celathu: ”Aku wus diparingi ganjaran déning Gusti Allah, marga aku wis ngaturaké réwangku wadon marang bojoku.” Anaké iku dijenengaké Isakhar. 19 Léa tumuli ngandhut manèh sarta nglairaké anak lanang kanem patutan saka Yakub. 20 Léa banjur ngucap: ”Gusti Allah wus maringi ganjaran kang éndah marang aku, saiki bojoku bakal tetep manggon tetunggalan karo aku, marga wus dakolèhaké anak lanang nganti nenem.” Anaké mau dijenengaké Zébulon. 21 Sawusé iku Léa nglairaké anak wadon lan dijenengaké Dina.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim