PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr20 Agustus hlm. 1-14
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
  • Subjudhul
  • 3-9 AGUSTUS
  • 10-​16 AGUSTUS
  • 17-​23 AGUSTUS
  • 24-​30 AGUSTUS
  • 31 AGUSTUS–​6 SEPTEMBER
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
mwbr20 Agustus hlm. 1-14

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

3-9 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 13-​14

”Kudu Kendel lan Deloken Piyé Yéhuwah Bakal Nylametké”

(Pangentasan 14:​13, 14) Nanging pangandikané Nabi Musa marang bangsa iku: ”Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangéran Yéhuwah, kang bakal diparingaké marang kowé ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng manèh ing salawas-lawasé. 14 Pangéran Yéhuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowé, déné kowé bakal padha meneng baé.”

w13-IN 1/2 4

Musa Kuwi Wong sing Imané Kuwat

Mungkin Musa ora kepikiran nèk Gusti Allah bakal mbelah Laut Merah bèn wong Israèl isa nyebrang léwat kono. Tapi, Musa yakin nèk Gusti Allah bakal tumindak kanggo nglindhungi umaté. Musa péngin wong Israèl ya yakin nèk Gusti Allah bakal tumindak. Musa kandha, ”Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangéran Yéhuwah, kang bakal diparingaké marang kowé ing dina iki.” (Pangentasan 14:13) Musa berhasil nggawé wong Israèl yakin. Buktiné Alkitab kandha, ”Merga nduwé iman, wong-wong Israèl nyabrang Laut Merah kaya mlaku ing ndhuwuré lemah sing garing.” (Ibrani 11:29) Imané Musa sing kuwat isa ditiru wong Israèl.

(Pangentasan 14:​21,22) Nabi Musa banjur ngayataké astané marang ing sadhuwuré sagara, Pangéran Yéhuwah tumuli ndadèkaké banyuné larud marga saka angin wétan kang banter nganti sawengi natas, sagarané dadi gasik, banyuné kapiyak. 22 Dadiné wong Israèl banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; déné banyuné prasasat témbok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengené.

w18.09 25 ¶13

Mahakuwasa Ning Uga Perduli

13 Wacanen Pangentasan 14:​19-​22. Bayangna nèk panjenengan dadi wong Israèl. Posisiné lagi kejebak ing antarané pasukan Mesir lan Laut Merah. Banjur, Gusti Allah nggawé tugu méga sing mauné ana ing ngarepan, pindhah menyang mburi bèn wong-wong Mesir ora isa ndelok apa-apa merga peteng. Ning, ing panggonané wong Israèl dadi padhang njingglang. Musa ngethungké tangané ing ndhuwuré laut kuwi. Banjur, ana angin wétan sing kuwat banget teka lan nyigar banyu ing laut kuwi dadi loro. Dadi, rombongané wong Israèl bareng karo kabèh kéwané isa mlaku ing dhasar laut. Sing nggumunké dhasar lauté kuwi ora lunyu, lan ora ambles wektu diidak. Mula kabèh wong Israèl sing enom lan tuwa isa liwat kono lan slamet tekan sebrang laut.

(Pangentasan 14:​26-​28) Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: ”Tangan­ira acungna ing sadhuwuré sagara, supaya banyuné nangkeb pulih ngelebi wong Mesir dalah kréta lan balané jaranan.” 27 Nabi Musa tumuli ngacungaké astané ing sadhuwuré sagara, bareng ésuk banyuné pulih kaya mauné. Wong Mesir padha lumayu papagan karo baliné banyu; kaya mangkono anggoné Pangéran Yéhuwah nglelebaké wong Mesir ing tengahing sagara. 28 Marga banyu mau bareng tempuk pulih kaya mauné nglelebaké kréta lan balané jaranan sabalané Sang Prabu Pringon kabèh, kang padha nututi mlebu ing sagara; ora ana wongé siji-sijia kang isih urip.

w09-IN 15/3 7

Aja Lali karo Yéhuwah

Wektu wong Mesir sibuk ngurusi kréta perangé sing kangèlan mlaku, kabèh wong Israèl wis tekan sebrangé Laut Merah. Terus, Musa ngarahké tongkaté ing Laut Merah, lan Yéhuwah nggawé laut sing dibelah kuwi nutup manèh. Firaun lan prajurité langsung kleleb ing banyu. Ora ana sing slamet. Akhiré wong Israèl bébas.​—⁠Pa. 14:​26-​28; Ms. 136:​13-​15.

Bangsa-bangsa liya dadi wedi merga krungu soal kuwi. (Pa. 15:​14-​16) Patang puluh taun bar kuwi, Rahab saka Yérikho ngomong karo wong Israèl loro, ”Kula sami kataman giris margi saking panjenengan . . . amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggènipun Sang Yéhuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir.” (Ys. 2:​9, 10) Bangsa-bangsa liya waé ora lali karo mukjijaté Yéhuwah wektu mbébaské umaté, kuduné wong Israèl ya aja nganti lali karo Yéhuwah.

Wulangan Penting

(Pangentasan 13:17) Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israèl lunga, Gusti Allah anggoné ngirid lakuné ora metu ing dalan kang anjog ing tanahé bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhéwé, sabab pangandikané: ”Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”

it-1-IN 1080

Dalan Gedhé, Dalan

Kèt mbiyèn wis ana dalan gedhé lan dalan sing diliwati wong-wong sing arep lunga ing kutha utawa kerajaan liya ing dhaérah Palestina, termasuk dalan sing biasané diliwati para pedagang. (Wi 20:​17-​19; 21:​21, 22; 22:​5, 21-​23; Ys 2:​22; PH 21:19; 1Sa 6:​9, 12; 13:​17, 18; deloken DALANÉ RAJA.) Mungkin dalan sing dimaksud kuwi dalan utama saka Mesir menyang kutha-kutha sing dienggoni wong Filistin yaiku Gaza lan Askélon, terus ngarah menyang Mégido, Hazor, sebelah loré Laut Galiléa, lan akhiré tekan Damaskus. Sakjané kuwi dalan sing paling cedhak saka Mesir menyang Tanah Perjanjian. Ning, Yéhuwah nuntun wong Israèl liwat dalan liya bèn ora diserang wong Filistin.​—⁠Pa 13:⁠17.

(Pangentasan 14:⁠2) ”Wong Israèl iku padha sira préntahana supaya bali lan nuli padha lèrèna ana sawétané Pi-Hakhirot ing saantarané Migdol karo sagara, kaprenah peneré Baal-Zéfon ing pinggir sagara.

it-1-IN 651 ¶4-5

Eksodus

Pas nyebrang Laut Merah, wong Israèl nyebrang ing sebelah endi?

Sakwisé tekan Étam ”ing pinggir pasamunan [utawa, padhang belantara]”, Gusti Allah ngongkon Musa ’bali lan nuli padha lèrèn ana sawétané Pi-Hakhirot . . . ing pinggir sagara’. Kuwi sing nggawé Firaun mikir nèk wong Israèl ”bingung” merga ”kesasar”. (Pa 13:20; 14:​1-3) Para ahli sing setuju nèk wong Israèl liwat rute el Haj kandha nèk kata Ibrani ”bali” kuwi artiné dudu mung ménggok, tapi mbalik arah. Mungkin sakwisé tekan ing sebelah loré terusan Suez, wong Israèl mbalik liwat sebelah wétané Jabal Ataqah, pegunungan sing ana ing sebelah kuloné Terusan Suez. Wong Israèl sing jumlahé akèh ora isa mlayu ing endi-endi nèk dioyak saka lor merga dialangi laut.

Wong Yahudi ing jamané para rasul ya crita kaya ngono. (Deloken PIHAKHIROT.) Sakjané kuwi cocog karo sing dicritakké ing Alkitab senajan akèh ahli ora setuju. (Pa 14:​9-​16) Wong Israèl mesthi ora nyebrang ing sebelah loré Terusan Suez (cabangé Laut Merah sebelah kulon) merga pasukané Firaun isa ngubengi Terusan kuwi lan nyerang wong Israèl saka sebrangé.​—⁠Pa 14:​22, 23.

Maca Alkitab

(Pangentasan 13:​1-​20) Pangéran Yéhuwah ngandika marang Nabi Musa: 2 ”Sakèhé anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhéngah kandhutan ana ing antarané wong Israèl, dadia manungsa utawa kéwan, iku kagunganingSun.” 3 Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: ”Dina iki padha pèngetana, marga ing dina iki kowé padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawu­lan; awitdéné Pangéran Yéhuwah anggoné wus ngentasaké kowé klawan asta kang rosa, mulané aja mangan sadhéngah apa kang mawa ragi. 4 Ing dina iki kowé padha metu, mbeneri sasi Abib. 5 Samangsa Pangéran Yéhuwah wus ngirid kowé lumebu ing tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Hèwi lan wong Yébus, nagara kang wus diprasetyakaké klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowé tanah kang lubèr puwan lan madu, nuli kowé padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkéné iki uga. 6 Pitung dina lawasé kowé mangan roti tanpa ragi, ing dinané kang kapitu nganakna riyaya sumaos marang Pangéran Yéhuwah. 7 Sajroning pitung dina mau kang dipangan ngemungna roti tanpa ragi, lan sadhéngah apa kang mawa ragi utawa kang arupa ragi, ing satlatahmu kabèh aja nganti ana wong kang kanggonan. 8 Karomanèh ing dina iku kowé nerangna marang anakmu lanang: Pangibadah iki kanggo pangéling-éling marang apa kang wus ditandukaké déning Pangéran Yéhuwah marang aku nalika aku metu saka ing tanah Mesir. 9 Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangéling-éling ana ing bathukmu, supaya angger-anggeré Pangéran Yéhuwah ana ing lambému. Awitdéné klawan asta kang rosa Pangéran Yéhuwah anggoné ngentasaké kowé saka ing tanah Mesir. 10 Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokaké saben taun. 11 Samangsa Pangéran Yéhuwah wus ngirid lakumu lumebu ing tanahé bangsa Kanaan, kaya kang wus diprasetyakaké klawan supaos marang kowé lan marang para leluhurmu, lan samangsa tanah iki wus kaparingaké marang kowé, 12 nuli kowé nyaosna marang Pangéran Yéhuwah sadhéngah kang lair dhisik dhéwé saka ing guwa-garba, dalah sakèhé pambarepé kéwanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangéran Yéhuwah. 13 Nanging saben beloné kuldi kang pambarep iku tebusen nganggo wedhus gèmbèl siji, manawa ora koktebus, coklèken cengelé. Nanging sa­kèhé pambarepé manungsa kang lanang iku kudu koktebus. 14 Anadéné manawa bésuk samangsa anakmu takon marang kowé: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkéné: Pangéran Yéhuwah wus ngentasaké kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa. 15 Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotaké galihé ora nglilani kita padha lunga, Pangéran Yéhuwah tumuli matèni sakèhé pambarep ing Mesir, wiwit pambarepé manungsa nganti tekan pambarepé kéwan; mulané sakèhé pam­barepé kéwan kang lanang dikurbanaké, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus. 16 Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdéné klawan asta kang rosa Pangéran Yéhuwah anggoné ngentasaké kita saka ing tanah Mesir.” 17 Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israèl lunga, Gusti Allah anggoné ngirid lakuné ora metu ing dalan kang anjog ing tanahé bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhéwé, sabab pangandikané: ”Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.” 18 Nanging Gusti Allah anggoné ngirid bangsa iku diénggokaké metu pasamunan sauruté sagara Teberau. Wong Israèl anggoné padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang. 19 Nabi Musa iya mbekta balung-balungé Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahé para putrané Rama Israèl, pangandikané: ”Bésuk Gusti Allah mesthi nuwèni kowé, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kéné.” 20 Sawusé mangkat saka ing Sukkot, banjur padha lèrèn ana ing Étam, ing pinggir pasamunan.

10-​16 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 15-​16

”Ayo Nyanyi Muji Yéhuwah”

(Pangentasan 15:​1, 2) Ing kono Nabi Musa lan wong Israèl padha ngrepekaké kidung kon­juk marang Pangéran Yéhuwah, mangkéné: ”Dakngidung konjuk ing Pangéran Yéhuwah, awit linuwih kaluhurané jaran lan kang nunggangi padha kacemplungaké ing sagara. 2 Pangéran Yéhuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengané iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengané iku Gusti Allahé bapakku kang dakluhuraké.”

w95-IN 15/10 11 ¶11

Apa Sebabé Saiki Kudu Wedi karo Gusti Allah sing Bener?

11 Merga Yéhuwah wis nyingkirké pasukan Mesir, umaté ngerti nèk Yéhuwah hébat lan kabèh wong dadi ngerti jenengé. (Yusak 2:​9, 10; 4:​23, 24) Yéhuwah kebukti luwih unggul timbang déwa-déwané wong Mesir sing ora isa nylametké penyembahé. Ora ana gunané percaya karo manungsa, pasukan perang, lan déwa-déwa kuwi. (Jabur 146:⁠3) Wong Israèl wedi karo Yéhuwah Gusti Allah sing isa mbébaské umaté, mula padha nyanyi muji Yéhuwah.

(Pangentasan 15:11) Dhuh Yéhuwah, panung­gilanipun para allah sinten ingkang nyamèni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucèn Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaélokan.

(Pangentasan 15:18) Pangéran Yéhuwah ingkang ngerèh langgeng ing salami-laminipun.”

w95-IN 15/10 11-​12 ¶15-​16

Apa Sebabé Saiki Kudu Wedi karo Gusti Allah sing Bener?

15 Bayangna nèk njenengan dislametké bareng karo Musa, njenengan mesthi péngin mèlu nyanyi, ”Dhuh Yéhuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyamèni Paduka; sin­ten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucèn Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaélokan.” (Pangentasan 15:11) Atusan taun sakwisé, wong-wong ya ngrasa kaya ngono. Buktiné ing buku Wahyu, pas ngomongké soal para abdiné Gusti Allah sing dipilih munggah swarga, Rasul Yohanes kandha, ”Wong-wong kuwi nyanyèkké lagu Musa, budhaké Gusti Allah, lan lagu Sang Cempé.” Apa isi laguné? ”Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, kabèh tumindaké Panjenengan kuwi hébat lan nggumunké. Raja sing langgeng, tumindaké Panjenengan kuwi adil lan bener. Yéhuwah, mung Panjenengan sing setya. Mula, sapa sing ora bakal wedi marang Panjenengan, lan sapa sing ora bakal ngluhurké asmané Pan­jenengan?”​—⁠Wahyu 15:​2-4.

16 Saiki ya ana umaté Gusti Allah sing ora mung seneng karo ciptaané Gusti Allah, tapi ya manut karo préntahé. Wong-wong saka kabèh bangsa ngerti ajaran sing bener. Wong-wong kuwi ora mèlu-mèlu kelakuané wong-wong ing donya iki merga ngetrapké préntahé Gusti Allah. Saben taun, ana akèh wong sing ora nindakké sing salah manèh lan ndhukung organisasiné Yéhuwah. Ora suwé manèh, sakwisé Gusti Allah nyingkirké agama palsu lan ngukum wong-wong sing jahat ing donya iki, umaté Gusti Allah bakal urip saklawasé ing Firdaus.

(Pangentasan 15:​20,21) Ing kono Ibu Mir­yam, nabi putri, sadhèrèké Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadhèrèkaké sakèhé wong wadon karo ngunèkaké terbang padha jejogedan.21  Ibu Miryam tumuli ngidung mim­pin para wong wadon mau, wiraosé: ”Padha ngidungna kagem Pangéran Yéhuwah, awit linuwih kaluhurané, jaran lan kang nunggangi padha diceguraké ing sagara.”

it-2-IN 177 ¶2

Musik

Pas nyanyi bareng-bareng, wong Israèl ya nyanyi nganggo cara antifonal, yaiku rong kelompok sing nyanyi saur-sauran, utawa wong siji saur-sauran karo sak kelompok. Ing Alkitab kuwi disebut ”saur-sauran”. (Pa 15:21; 1Sa 18:​6, 7) Jabur 136 dadi salah siji bukti nèk wong Israèl nyanyi nganggo cara kaya ngono. Pas jamané Néhémya, kétoké wong Israèl ya nyanyi nganggo cara kuwi wektu nyanyi ngucap syukur lan wektu peresmian témbok Yérusalèm.​—⁠Ny 12:​31, 38, 40-​42; deloken LAGU.

it-2-IN 187

Nabi Wédok

Miryam kuwi nabi wédok pertama sing ditulis ing Alkitab. Mungkin wektu nyanyi, Miryam nyampèkké beritané Gusti Allah. (Pa 15:​20, 21) Dhèwèké lan Harun ngomong karo Musa, ”Apa Pangéran Yéhuwah iku anggoné maringaké pangandika . . . ora iya lumantar kita uga?” (Wi 12:⁠2) Yéhuwah ya kandha liwat Mikha nèk wis ”ngutus Musa lan Harun, sarta Miryam” kanggo mbébaské wong Israèl saka Mesir. (Mi 6:⁠4) Senajan padha-padha nyampèkké beritané Gusti Allah, Miryam ora luwih unggul saka Musa. Mir­yam éntuk hukuman saka Gusti Allah wektu ora ngajèni Musa.​—⁠Wi 12:​1-​15.

Wulangan Penting

(Pangentasan 16:13) Kacarita bareng wayah soré nuli ana manuk gemak gegrombolan teka nglimputi ing tarub-tarubé, lan bareng ésuk ing saubengé tarub kebunan.

w11-IN 1/9 14

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa sebabé ing padhang belantara Yéhuwah mènèhi mangan wong Israèl manuk gemak?

Gusti Allah mènèhi mangan wong Israèl manuk gemak ping pindho wektu ing perjalanan metu saka Mesir.​—⁠Pangentasan 16:13; Wilangan 11:⁠31.

Manuk gemak kuwi cilik. Kira-kira dawané 18 sentimeter lan aboté 100 gram. Manuk kuwi berkembang biak ing Asia sebelah kulon lan Eropa. Pas musim dingin, manuk kuwi manggon ing dhaérah Afrika Utara lan Arab. Saben pergantian musim, manuk-manuk kuwi mabur ngliwati kidulé pantai Laut Tengah lan Semenan­jung Sinai.

The New Westminster Dictionary of the Bible kandha nèk manuk gemak kuwi ”maburé cepet lan dibantu angin. Ning nèk anginé ganti arah utawa manuké kesel, manuk-manuk kuwi gampang tiba lan ora isa obah”. Manuk kuwi kudu istirahat sedina utawa rong dina sakdurungé mabur manèh, mula manuk kuwi dadi gampang diburu. Awal taun 1900-an, wong Mesir ngedol kira-kira telung yuta manuk gemak saben taun kanggo bahan pangan.

Wong Israèl diwènèhi pangan manuk gemak ping pindho kabèh pas musim semi. Senajan manuk gemak biasané mabur liwat dhaérah Sinai pas musim kuwi, Yéhuwah sing nggawé angin nggawa manuk-manuk kuwi menyang per­kémahané wong Israèl.​—⁠Wilangan 11:⁠31.

(Pangentasan 16:​32-​34) Nabi Musa tumuli ngandika: ”Dhawuhé Pangéran Yéhuwah mangkéné: Padha njupuka sagomèr kebak kasimpena kanggo turun-turunira, supaya iku padha weruha rupané roti kang Sunparingaké dadi panganira ana ing pasamunan, nalika Ingsun ngentasaké sira saka ing tanah Mesir.” 33 Mulané pangandikané Nabi Musa marang Rama Harun: ”Njupuka guci siji, isènana manna sagomèr kebak, banjur dokoken ana ing ngarsaning Yéhuwah, kasimpena nganti turun-tumurun.” 34 Rama Harun banjur nindakaké apa sadhawuhé Sang Yéhuwah marang Nabi Musa, guci didokok ana ing ngarepé papan angger-angger kagawé simpenan.

w06-IN 15/1 31

Pitakonané sing Maca

Wong Israèl protès soal panganan ora suwé sakwisé metu saka Mesir. Mula Yéhuwah mènèhi manna. (Pangentasan 12:​17, 18; 16:​1-5) Pas kuwi Musa ngongkon Harun, ”Njupuka guci siji, isènana manna sagomèr kebak, banjur dokoken ana ing ngarsaning Yéhuwah, kasimpena nganti turun-tumurun.” Alkitab kandha, ”Rama Harun banjur nindakaké apa sadhawuhé Sang Yéhuwah marang Nabi Musa, guci didokok ana ing ngarepé papan angger-angger kagawé simpen­an.” (Pangentasan 16:​33, 34) Harun mesthi langsung nyimpen manna kuwi ing guci, ning Musa kudu nggawé pethi perjanjian dhisik bèn guci kuwi isa didèlèhké bareng karo papan angger-angger ing njeroné.

Maca Alkitab

(Pangentasan 16:​1-​18) Sawusé padha budhalan saka ing Èlim, sagolongané wong Israèl kabèh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarané Èlim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkaté saka ing tanah Mesir. 2 Ana ing pasamunan kono iku, sagolongané wong Israèl banjur padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Rama Harun, 3 aturé: ”Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kémawon déning astaning Pangéran Yéhuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggèn panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamu­wan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.” 4 Ing kono pangandikané Pangéran Yéhuwah marang Nabi Musa: Ingsun bakal ngudanaké roti saka langit kanggo sira, nuli wong-wong iku bakal padha metu ngukupi tadhahé ing saben dina, sarta padha Suncoba, apa bakal nglakoni angger-anggeringSun apa ora. 5 Déné ing dina kaping nem, samangsa ngolah apa kang dikukup, iku bakal tikel loroné tinimbang kang dikukup saben dinané.” 6 Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha ngandika marang wong Israèl kabèh: ”Mengko soré kowé bakal padha sumurup yèn kang ngentasaké kowé saka ing tanah Mesir iku Pangéran Yéhuwah. 7 Lan sésuk kowé bakal padha weruh kaluhuraning Pangéran Yéhuwah, marga panggrundelmu wus dipir­sani. Sabab aku iki apa, déné kowé padha nggrundeli marang aku?” 8 Pangan­dikané Nabi Musa manèh: ”Yèn mengko soré kowé padha diparingi daging déning Pangéran Yéhuwah lan sésuké diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangéran Yéhuwah wus miyarsa pang­grundelmu kang padha koktujokaké ing Panjenengané. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangéran Yéhuwah.” 9 Nabi Musa banjur ngandika marang Rama Harun: ”Tutura marang sapasamuwané Israèl kabèh: Padha sowana kabèh marang ing ngarsaning Sang Yéhuwah, awit Sang Yéhuwah wus miyarsa ing panggrundelmu.” 10 Kacarita nalika sapasamuwané Israèl lagi dipangandikani déning Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yéhuwah ngatingal ana ing mégané. 11 Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: 12  ”Ingsun wus miyarsa panggrundelé wong Israèl; padha tuturana mangkéné: Ing wayah soré sira bakal padha mangan daging lan ing wayah ésuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yèn Ingsun iki Yéhuwah Allahira.” 13 Kacarita bareng wayah soré nuli ana manuk gemak gegrom­bolan teka nglimputi ing tarub-tarubé, lan bareng ésuk ing saubengé tarub kebunan. 14 Bareng ebuné wus nguwab, lah ing lumahé pasamunan ana wewujudan lembut las-lasan kaya sisik, lembuté kaya ebun njendhel ing bumi. 15 Bareng wong Israèl weruh banjur padha takon-takonan: ”Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngan­dika: ”Iya iku roti peparingé Pangéran Yéhuwah minangka panganmu. 16 Kowé padha kadhawuhan déning Pangéran Yéhuwah mangkéné: Sira ngukupana iku, siji-sijiné wong miturut tadhahé dhéwé-dhéwé; saben wong njupuka kanggo brayaté, wong siji sagomèr, saben brayat njupuka miturut jiwané.” 17 Wong Israèl iya banjur padha nglakoni mangkono, anggoné ngukupi ana kang akèh, ana kang sathithik. 18 Samono iku bareng ditaker nganggo gomèr, kang ngukup akèh ora turah lan kang ngukup sathithik ora kurang. Saben wong pangukupé manut tadhahé.

17-​23 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 17-​18

”Wong sing Rendah Hati Nglatih lan Masrahké Tugas”

(Pangentasan 18:​17, 18) Nanging mara-sepuhé Nabi Musa ngandika: ”Ora prayoga kang koktindakaké iku! 18 Sliramu mesthi bakal sayah banget, iya sliramu dhéwé iya wong kang padha ndhèrèk sliramu; marga pagawéan iki kaboten tumrap sliramu manawa sliramu dhéwé baé ora bakal keconggah nindakaké.

w13-IN 1/2 6

Musa Nresnani Wong Liya

Musa nresnani wong Israèl. Wektu nduwé masalah, wong Israèl njaluk bantuané Musa merga ngerti nèk Yéhuwah ngongkon Musa nuntun umaté. Alkitab kandha, ”Wong akèh mau padha ngadeg ana ing ngarsané Nabi Musa, wiwit ésuk nganti tekan soré.” (Pangentasan 18:​13-​16) Musa mesthi kesel banget merga terus-terusan mbantu wong Israèl ngatasi masalahé, tapi dhèwèké seneng banget isa mbantu wong Israèl.

(Pangentasan 18:​21, 22) Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalané bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sèwu, pemimpiné wong satus, wong sèket sarta wong sepuluh. 22 Iya wong-wong iku kang kudu ngadili marang umat ing samangsa-mangsa; prakara kang gedhé iku diladèkna marang sliramu, nanging prakara kang cilik-cilik padha dirampungana dhéwé; sarana patrap mangkono wong-wong mau padha ngènthèngaké ayahanmu, lan padha ngréwangi tanggung-jawab.

w03-IN 1/11 6 ¶1

Wong sing Isa Dipercaya Kuwi Bahagia

Wong-wong kuwi dipilih merga nduwé sipat-sipat sing disenengi Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis mbuktèkké nèk péngin nyenengké Yéhuwah lan ora nggawé Dhèwèké sedhih. Wong liya ngerti nèk wong-wong mau manut karo pathok­ané Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora nggolèk keuntungané dhéwé senajan nduwé wewenang lan ora nggunakké wewenangé kanggo kepentingané keluarga lan kancané.

(Pangentasan 18:​24, 25) Nabi Musa ndhahar rembagé kang rama mara-sepuhé lan nindakaké apa kang dadi pangandikané mau. 25 Dadiné Nabi Musa tumuli milih wong saka panunggalané bangsa Israèl kang sembada, padha ditetepaké nglurahi bangsa iku, ana kang nglurahi wong sèwu, wong satus, wong sèket lan wong sapuluh.

w02-IN 15/5 25 ¶6

Wong sing Bener Kuwi Setya

Musa kuwi rendah hati. Wektu Musa ngrasa kesel banget merga mbantu wong liya, Yitro mènèhi saran bèn ana tugasé Musa sing dipasrahké wong sing cocog. Musa gelem nampa saran kuwi merga saran kuwi masuk akal. (Pangentasan 18:​17-​26; Wilangan 12:⁠3) Wong sing rendah hati mesthi gelem masrahké tugasé. Dhèwèké ora kuwatir nèk ora bakal nduwé wewenang manèh. (Wilangan 11:​16, 17, 26-​29) Dhèwèké malah seneng mbantu wong liya bèn luwih trampil ing jemaat. (1 Timotius 4:​15) Awaké dhéwé ya kuduné ngono.

Wulangan Penting

(Pangentasan 17:​11-​13) Kacarita samangsa Nabi Musa anggoné ngangkat astané dhuwur, Israèl unggul, nanging samangsa ngandhapaké astané, Amalèk kang unggul. Suwé-suwé astané Nabi Musa kiyu, mulané dijupukaké watu didokok ana ing sangisoré, kagawé lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astané sasisih édhing, mulané astané ora obah nganti tumeka ing surupé srengéngé. Kaya mangkono anggoné Yusak ngalahaké wong Amalèk kalawan landhepé pedhang.

w16.09 7 ¶14

”Tanganmu Aja Nganti Kendho”

14 Harun lan Hur nguwatké tangané Musa nganggo cara nyangga tangané Musa wektu bangsa Israèl perang nglawan bangsa Amalèk. Jaman saiki, awaké dhéwé uga isa ngupaya mbantu lan ndhukung para sedulur liyané sing susah merga wis tuwa, lara-laranen, dimung­suhi keluarga, kesepian, utawa ditinggal mati. Awaké dhéwé uga isa nguwatké cah-cah enom sing kerep dipengaruhi bèn dadi wong suksès ing donya iki utawa nindakké sing salah. (1 Ts. 3:​1-3; 5:​11, 14) Golèka cara-cara kanggo nggatèkké wong liya wektu ing Balé Ibadah, nginjil, mangan bareng, utawa wektu omong-omongan ing tilpun.

(Pangentasan 17:14) Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: ”Kabèh iki tulisana ing buku minangka pangéling-éling, lan Yusak konen ngéling-éling temenan, yèn Ingsun bakal nyirnakaké babar pisan pangéling-éling marang Amalèk saka ing sangisoring langit.”

it-1-IN 1148-1149

Kanon

Sing ditulis Musa kuwi sumberé saka Gusti Allah, mula isa dadi bagéan saka Alkitab lan dadi tuntunan ibadah marang Yéhuwah. Musa dadi pemimpin dudu merga karepé dhéwé. Malah, awalé dhèwèké ragu nèk isa mimpin. (Pa 3:​10, 11; 4:​10-​14) Yéhuwah mbantu Musa nggawé mukjijat ing ngarepé para ahli ilmu gaibé Firaun nganti wong-wong kuwi kudu ngakoni nèk Musa kuwi utusané Gusti Allah. (Pa 4:​1-9; 8:​16-​19) Wektu Musa ceramah utawa nulis, kuwi dudu karepé dhèwèké dhéwé. Musa ceramah lan nulis bagéan saka Alkitab merga manut karo Gusti Allah lan dituntun roh suci.​—⁠Pa 17:⁠14.

Maca Alkitab

(Pangentasan 17:​1-​16) Sawusé mangkono sagolongané wong Israèl padha budhal saka pasamunan Sin, lakuné saka palèrènan kang siji menyang ing palèrènan sijiné miturut dhawuhé Pangéran Yéhuwah, banjur padha lèrèn ana ing Rafidim; nanging ing kono ora ana banyu kanggo ngombé bangsa mau. 2 Wong-wong tumuli padha madoni Nabi Musa, aturé: ”Kula panjenengan paringi toya, supados sami saget ngombé!” Pangandikané Nabi Musa: ”Yagéné kowé kok padha madoni aku? Lan padha nyoba marang Pangéran Yéhuwah?” 3 Nanging sarèhné wong-wong padha ngorong, mulané padha nggrundeli marang Nabi Musa, aturé: ”Kénging punapa kula sami panjenengan ang­kataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kéwan kula sami pejah kasatan?” 4 Nabi Musa banjur sesambat marang Pangéran Yéhuwah, unjuké: ”Punapa ingkang badhé kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi séla!” 5 Dhawuhé Sang Yéhuwah marang Nabi Musa: ”Sira lumakua ana ing ngarepé umat kairinga déning para tuwa-tuwané Israèl sawatara, déné te­ken kang wus tau sira gawé nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata! 6 Lah Ingsun bakal jumeneng ana ing ngarepira ana ing dhuwur gunung parang ing Horèb, sira banjur nyabeta parang iku temah bakal metu banyuné, satemah bangsa iku bakal padha bisa ngombé.” Nabi Musa iya tumuli ngèstokaké kaya mangkono ana ing ngarepé para tuwa-tuwané Israèl. 7 Panggonan iku banjur diarani Masa lan Mériba, marga wong Israèl padha madoni lan padha nyoba marang Pangéran Yéhuwah, tembungé: ”Pangéran Yéhuwah iku ana ing satengah kita apa ora?” 8 Nalika samana bala Amalèk teka lan nempuh perang nglawan marang wong Israèl ana ing Rafidim. 9 Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: ”Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalèk; sésuk aku bakal ngadeg ana ing pucaké gunung klawan nyekel lantarané Gusti Allah.” 10 Yusak tumuli nglakoni sadhawuhé Nabi Musa, perang nglawan wong Amalèk, nanging Nabi Musa, Rama Harun lan Hur padha munggah menyang ing pu­caké gunung. 11 Kacarita samangsa Nabi Musa anggoné ngangkat astané dhuwur, Israèl ung­gul, nanging samangsa ngandhapaké astané, Amalèk kang unggul. 12 Suwé-suwé astané Nabi Musa kiyu, mulané dijupukaké watu didokok ana ing sangisoré, kagawé lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astané sasisih édhing, mulané astané ora obah nganti tumeka ing surupé srengéngé. 13 Kaya mangkono anggoné Yusak ngalahaké wong Amalèk kalawan landhepé pedhang. 14 Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: ”Kabèh iki tulisana ing buku minangka pangéling-éling, lan Yusak konen ngéling-éling temenan, yèn Ingsun bakal nyirnakaké babar pisan pangéling-éling marang Amalèk saka ing sangisoring langit.” 15 Nabi Musa banjur yasa misbyah kang dijenengaké: ”Pangéran Yéhuwah iku bandéraku,” 16 lan ngandika: ”Tangan ana ing sadhuwuré bandéraning Yéhuwah. Perangé Yéhuwah nglawan Amalèk iku turun-tumurun.”

24-​30 AGUSTUS

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 19-​20

”Hubungané Sepuluh Préntah karo Awaké Dhéwé”

(Pangentasan 20:​3-7) Sira aja nduwèni allah liyané ana ing ngarsaningSun. 4 Sira aja gawé reca utawa tetironing apa baé kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadéné kang ana ing banyu sangisoring bumi. 5 Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdéné Ingsun, Yéhuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputané bapa marang anak-putuné, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun, 6 nanging kang nandukaké sih palimirma marang wong pirang-pirang èwu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun. 7 Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yéhuwah Gusti Allahira, awitdéné Pangéran Yéhuwah mesthi mastani luput marang sadhéngah wong kang nyawiyah marang asmané.

w89-IN 15/11 6 ¶1

Apa Hubungané Sepuluh Préntah karo Awaké Dhéwé?

Préntah kesiji nganti kepapat njelaské carané ngibadah marang Yéhuwah. (Siji) Mung Yéhuwah sing kudu disembah. (Matius 4:​10) (Loro) Ora éntuk ngibadah nganggo brahala. (1 Yohanes 5:​21) (Telu) Nggunakké jenengé Yéhuwah nganggo cara sing bener. (Yohanes 17:26; Roma 10:13) (Papat) Ibadah marang Yéhuwah kudu diutamakké. Kuwi sing dimaksud ngrayakké Sabat, yaiku ora nindakké manèh sing salah.​—⁠Ibrani 4:​9, 10.

(Pangentasan 20:​8-​11) Sira élinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucèkna, 9 nem dina sira nyambuta gawé lan nglakonana sapagawéanira kabèh, 10 nanging dina kapitu iku Sabaté Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawé, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kéwanira, apadéné wong liya kang ana ing papan panggonanira. 11 Awit­déné sajroné nem dina anggoné Pangéran Yéhuwah nitahaké langit lan bumi sagara lan saisiné kabèh, sarta banjur kèndel ing dina kapitu, mulané dina Sabat iku diberkahi lan disucèkaké déning Pangéran Yéhuwah.

(Pangentasan 20:​12-​17) Sira ngajènana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparingé Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahira marang sira. 13 Sira aja mematèni. 14 Sira aja laku jina. 15 Sira aja nyenyolong. 16 Sira aja ngucapaké paseksi goroh tumrap pepadhanira. 17 Sira aja melik marang omahé pepadhanira; sira aja melik marang somahé pepadhanira, utawa baturé lanang lan wadon, sapiné utawa kuldiné, lan apa baé kang dadi duwèké pepadhanira.”

w89-IN 15/11 6 ¶2-3

Apa Hubungané Sepuluh Préntah karo Awaké Dhéwé?

(Lima) Anak-anak sing manut karo wong tuwané isa nggawé keluarga ayem tentrem lan diberkahi Yéhuwah. Kuwi ”préntah kapisan sing diparingké bareng karo janji”. Anak-anak ora mung bakal ’urip kepénak’, tapi ya bakal dawa umuré ing bumi. (Éfésus 6:​1-3) Nèk manut karo Gusti Allah, cah-cah enom isa terus urip senajan manggon karo wong-wong jahat ”ing dina-dina pungkasan”.​—⁠2 Timotius 3:1; Yohanes 11:⁠26.

Nèk nresnani wong liya, awaké dhéwé ora bakal (Enem) matèni wong liya, (Pitu) laku jina, (Wolu) nyolong, lan (Sanga) ngapusi. (1 Yohanes 3:​10-​12; Ibrani 13:4; Éfésus 4:​28; Matius 5:​37; Wulang Bebasan 6:​16-​19) Préntah (Sepuluh) nglarang awaké dhéwé iri. Yéhuwah péngin pikiran lan tumindaké awaké dhéwé bener.​—⁠Wulang Bebasan 21:⁠2.

Wulangan Penting

(Pangentasan 19:​5, 6) Kang iku saiki, manawa sira padha ngèstokaké dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarané sakèhé bangsa, awit salumahing bumi iku kagungan­ingSun. 6 Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangaké marang wong Israèl.”

it-1-IN 1030 ¶6-1031¶1

Imam

Wong-wong Kristen sing Dilantik dadi Imam. Wong Israèl bakal dadi ”karajan kaimaman lan bangsa kang suci” nèk nepati perjanjiané karo Yéhuwah. (Pa 19:⁠6) Imam-imam keturunané Harun dadi gambaran saka imam-imam sing luwih unggul sing bakal nggantèni keturunané Harun. (Ibr 8:​4, 5) Kuwi bakal kelakon wektu perjanjian karo bangsa Israèl mbiyèn ora berlaku manèh lan diganti karo perjanjian anyar. (Ibr 7:​11-​14; 8:​6, 7, 13) Kesempatan dadi imam ing Kratoné Gusti Allah awalé mung kanggo wong Israèl, tapi bar kuwi isa kanggo wong sing dudu Yahudi.​—⁠Kis 10:​34, 35; 15:14; Rm 10:⁠21.

Bangsa Israèl ora isa dadi kerajaan imam lan bangsa sing suci merga mung sithik wong Yahudi sing gelem dadi muridé Yésus. (Rm 11:​7, 20) Wong Israèl ora setya karo Yéhuwah, mula mbiyèn Yéhuwah ngramal liwat Nabi Hoséa, ”Amarga sira kang emoh wanuh, mulané sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarèhné sira iku ngungkuraké piwulangé Gusti Allahira, mulané Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.” (Hs 4:⁠6) Yésus ya kandha karo para pemimpin agama Yahudi, ”Kratoné Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang sawijiné bangsa sing nindakké kersané Gusti Allah.” (Mat 21:43) Senajan ngono, pas Yésus isih ing bumi, Hukum Musa isih berlaku lan isih ana wong sing dadi imam. Mula, wektu Yésus nambani wong lara kusta, wong kuwi dikongkon nemoni imam lan mènèhi persembahan.​—⁠Mat 8:4; Mrk 1:​44; Luk 17:⁠14.

(Pangentasan 20:​4, 5) Sira aja gawé reca utawa tetironing apa baé kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadéné kang ana ing banyu sangisoring bumi. 5 Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdéné Ingsun, Yéhuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputané bapa marang anak-putuné, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,

w04-IN 15/3 27 ¶1

Piwulang Penting Saka Buku Pangentasan

20:5​—⁠Apa maksudé Yéhuwah ”kang males kaluputané bapa marang anak-putuné”? Nèk wis cukup umur, saben wong kudu nanggung akibat saka keputusané dhéwé-dhéwé. Ning wektu wong Israèl nyembah brahala, keturunané ya mèlu sengsara. Wong-wong Israèl sing setya ya kangèlan nindakké sing bener.

Maca Alkitab

(Pangentasan 19:​1-​19) Bareng sasi kateluné saangkaté wong Israèl saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunané gunung Sinai tanggalé padha karo nalika budhalé. 2 Sawusé padha mangkat saka Rafidim, banjur tekan ing pasamunané gunung Sinai, lan padha lèrèn ana ing kono; wong Israèl anggoné padha masang tarub ngadhepaké gunung Sinai. 3 Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsané Gusti Allah, sarta dipangandikani déning Pangéran Yéhuwah saka ing gunung kono, dhawuhé: ”Sira ndhawuhana turuné Yakub lan ngundhangna marang wong Israèl, mangkéné: 4 Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukaké marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggéndhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakaké marang ing ngarsaningSun. 5 Kang iku saiki, manawa sira padha ngèstokaké dhawuhing­Sun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarané sakèhé bangsa, awit salumahing bumi iku kagung­aningSun. 6 Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangaké marang wong Israèl.” 7 Sawangsulé Nabi Musa tumuli nimbali para tuwa-tuwaning bangsa mau, padha diparingi sumurup bab sakèhé pangandika kang didhawuhaké déning Pangéran Yéhuwah. 8 Wong sabangsa kabèh banjur padha mangsuli saur manuk, aturé: ”Punapa sadhawuhipun Pangéran Yéhuwah punika badhé sami kula èstokaken.” 9 Pangandikané Pangéran Yéhuwah marang Nabi Musa: ”Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akèh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yéhuwah bab kasaguhané bangsa iku. 10 Karomanèh pangandikané Pangéran Yéhuwah marang Nabi Musa: ”Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sésuk. Sarta padha ngumbaha sandhangané. 11 Padha cumawisa ing dina kateluné, sabab ing dina kateluné iku Pangéran Yéhuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelengé bangsa iku kabèh. 12 Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: ”Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikilé, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati. 13 Tangané wong siji baé ora kena nggepok gunung iku, awit wong iku mesthi bakal dibenturi ing watu utawa dipanah nganti mati; dadia kéwan utawa manungsa, aja diurapi! Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur, lagi padha kena munggah ing gunung.” 14 Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngum­bahi sandhangané. 15 Dhawuhé Nabi Musa marang bangsa iku: ”Padha cecawisa ing dina kang kaping teluné lan aja nyedhaki wong wadon.” 16 Kacarita bareng dina kang kateluné ing wayah bangun ésuk, ing gunung ana gludhug lan bledhèg sarta mendhung kang kandel, apadéné swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabèh. 17 Nabi Musa banjur ngirid bangsa mau metu saka palerebané, padha séba marang ing ngarsané Gusti Allah, lan padha ngadeg ana ing sikiling gunung. 18 Gunung Sinai katutupan ing pega kabèh, marga Sang Yéhuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegané kumelun kaya kukus ing pawon, lan gunungé banget anggoné gonjang-ganjing. 19 Swarané kalasangka saya suwé saya banter. Nabi Musa banjur munjuk, sarta Gusti Allah paring wangsulan saka ing sajroning gludhug.

31 AGUSTUS–​6 SEPTEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 21-​22

”Niru Pandhangané Yéhuwah soal Urip”

(Pangentasan 21:20) Manawa ana wong kang nggebugi baturé tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadèkaké patiné, iku kudu diwales.

it-2-IN 587

Nggebug

Nèk wong Ibrani nduwé budhak lanang utawa wédok, budhaké olèh digebugi tongkat nèk ora manut utawa seneng mbrontak. Majikan kuwi éntuk mènèhi hukuman merga budhak kuwi ”duwèké déwé”. Biasané wong ora bakal ngrusak duwèké dhéwé merga kuwi nggawé rugi. Ning, nèk budhak kuwi digebugi nganti mati, majikané kudu dihukum. Nèk budhaké isih urip sedina utawa rong dina sakwisé digebugi, kuwi dadi bukti nèk majikané ora nduwé niat kanggo matèni. Nèk budhak kuwi mati luwih saka sedina sakwisé digebugi, mungkin dhèwèké mati ora merga digebugi. Mula, nèk budhak kuwi isih urip sedina utawa rong dina, majikané ora bakal dihukum.​—⁠Pa 21:​20, 21.

(Pangentasan 21:​22, 23) ”Yèn ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengané, nanging kacilakan mau ora ndadèkaké patiné, wong kang num­buk mau kadhendha kaya sapanjaluké bojoné wong wadon mau, miturut putusané hakim. 23 Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu mènèhi nyawa liruné nyawa,

lvs 96 ¶16

Niru Pandhangané Yéhuwah soal Urip

16 Kanggoné Yéhuwah, uripé manungsa berharga banget, klebu uripé bayi sing durung lair. Nurut Hukum Musa, nèk ana wong sing ora sengaja nabrak wong meteng terus wong wédok kuwi utawa bayiné mati, Yéhuwah nganggep wong sing nabrak kuwi salah merga wis matèni wong. Senajan ora sengaja, wong sing matèni kuwi kudu mati. (Wacanen Pangentasan 21:​22, 23.) Yéhuwah nganggep nèk bayi sing durung lair kuwi wis urip. Nèk ngono, piyé pandhangané Yéhuwah soal nggugurké kan­dhungan? Piyé perasaané Yéhuwah wektu weruh akèh bayi digugurké saben taun?

(Pangentasan 21:​28, 29) Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadèkaké patiné, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan dagingé aja nganti dipangan, nanging kang duwé sapi bébas saka ing paukuman. 29 Nanging manawa sapi mau biyèn mula wus kerep nyundhang lan kang duwé iya wus dielingaké, nanging ora gelem njaga, mangka sawusé iku sapi mau nyundhang manèh wong lanang utawa wadon, lan njalari patiné, ing kono sapiné dibenturana watu, lan kang duwé iya diukuma pati.

w10-IN 15/4 29 ¶4

Yéhuwah Péngin Njenengan ”Slamet”

Hukum Musa ya nerangké nèk misalé ana kéwan sing nggawé cilaka manungsa. Nèk ana sapi sing nyrudug wong nganti mati, sapi kuwi kudu dipatèni bèn ora nggawé wong cilaka manèh. Sing nduwé sapi bakal rugi merga dagingé ora isa diedol utawa dipangan. Ning, nèk sapi kuwi kerep nyrudug tapi dienengké waé lan akhiré nggawé wong liya mati, sapi kuwi lan sing nduwé kudu dipatèni. Hukum kuwi nggawé wong ngati-ati wektu ngingu kéwan.​—⁠Pa. 21:​28, 29.

Wulangan Penting

(Pangentasan 21:​5, 6) Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-sémah kula, kula boten badhé medal dados tiyang merdika, 6 nuli bendarané nyébakna marang ing ngarsané Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempèlé, sarta dicublesa godhohing kupingé ngganggo uncèk déning bendarané, nuli tetepa ngèngèr sajegé urip.

w10-IN 15/1 4 ¶4-5

Apa Sebabé Kudu Ngabdi marang Yéhuwah?

4 Janji ngabdi lan dibaptis kuwi ora mung kanggo nduduhké nèk péngin ngabdi marang Yéhuwah, tapi kuwi ya janji sing paling penting. Apa manfaaté? Kuwi isa dipadhakké kaya kekancan karo wong liya. Nèk péngin terus kekancan, awaké dhéwé kudu dadi kanca sing apik. Awaké dhéwé ngrasa nduwé tanggung jawab nggatèkké kancané awaké dhéwé. Conto sing apik soal kekancan ing Alkitab yaiku Daud lan Yonatan. Wong loro kuwi janji bakal kekancan saklawasé. (Wacanen 1 Samuèl 17:57; 18:​1, 3.) Senajan jarang ana wong kekan­can kaya Daud lan Yonatan, nèk awaké dhéwé ngrasa nduwé tanggung jawab nggatèkké kanca, awaké dhéwé bakal isa kekancan akrab sakterusé.​—⁠WB. 17:17; 18:⁠24.

5 Hukumé Gusti Allah marang wong Israèl ya njelaské manfaaté nggawé janji karo wong liya. Nèk ana wong sing péngin dadi budhaké majikané sakterusé, dhèwèké kudu nggawé janji karo majikané. Alkitab kandha, ”Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-sémah kula, kula boten badhé medal dados tiyang merdika, nuli ben­darané nyébakna marang ing ngarsané Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempèlé, sarta dicublesa godhohing kupingé ngganggo uncèk déning bendarané, nuli tetepa ngèngèr sajegé urip.”​—⁠Pa 21:​5, 6.

(Pangentasan 21:14) Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan matèni pepadhané kalawan paékan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipatèni.

it-2-IN 973

Sungu

Misalé ana imam sing matèni wong liya. Nurut Pangentasan 21:​14, dhèwèké kudu tetep dipatèni. Wong sing wis matèni wong liya kudu tetep dipatèni senajan lagi nyekel sungu-sunguné mézbah.​—⁠Bandhingna 1Ra 2:​28-​34.

Maca Alkitab

(Pangentasan 21:​1-​21) ”Iki pranatan-pranatan kang perlu sira dhawuhaké marang wong-wong iku. 2 Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggoné ngèngèr sira suwéné nem taun, ing taun kaping pituné dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan. 3 Manawa mlebuné legan, metuné iya legan; manawa nggawa somah, somahé mau iya lilanana mèlu metu. 4 Manawa bendarané kang mènèhi somah, mangka somahé mau duwé anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anaké tetep dadi wewenangé bendarané, lan kang lanang metuné mung awaké dhéwé. 5 Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-sémah kula, kula boten badhé medal dados tiyang merdika, 6 nuli bendarané nyébakna marang ing ngarsané Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhem­pèlé, sarta dicublesa godhohing kupingé nganggo uncèk déning bendarané, nuli tetepa ngèngèr sajegé urip. 7 Manawa ana wong ngedol anaké wadon dadi batur, iku metuné, patrapé ora kaya batur lanang. 8 Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarané, mangka mauné wus disadhiyakaké kanggo awaké dhéwé, ben­darané kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdéné bendarané wus mblénjani marang batur wadon iku. 9 Nanging manawa bendara mau nyadhiyakaké kanggo anaké lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenangé anak wadon. 10 Saupama bendarané mau ngepèk wong wadon liyané, kang dhisik ora kena disuda cadhongé, sandhangané lan anggoné tinunggal turu. 11 Manawa bendarané ora nindakaké telung bab iku, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.” 12 ”Sapa sing menthung wong, nganti ndadèkaké patiné, iku mesthi kaukum pati. 13 Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangané mau kaagem déning Gusti Allah nindakaké iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungsèni. 14 Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan matèni pepadhané kalawan paékan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipatèni. 15 Sapa sing menthung bapa utawa biyungé, iku mesthi kaukum pati. 16 Sing sapa nyulik pepadhané, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonané, iku mesthi kaukum pati. 17 Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyungé, iku mesthi kaukum pati. 18 Yèn ana wong padha regejegan, kang siji ngepruk watu utawa ngan­tem, nanging ora ndadèkaké patiné, mung kapeksa nggluntung ana ing paturon, 19 yèn kelakon bisa tangi manèh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bébas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunané kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggoné tetamba nganti samariné. 20 Manawa ana wong kang nggebugi baturé tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadèkaké patiné, iku kudu diwales. 21 Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duwèké déwé

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim