1 Samuèl
18 Wektu Yonatan krungu omongané Daud marang Saul, Yonatan+ lan Daud dadi sahabat sing akrab. Yonatan mulai nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+ 2 Mulai dina kuwi, Saul ngongkon bèn Daud dadi abdiné lan ora ngéntukké Daud mulih menyang omahé bapaké.+ 3 Terus Yonatan lan Daud nggawé perjanjian,+ merga Yonatan nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+ 4 Yonatan nyopot jubahé sing tanpa lengen sing dienggo, terus mènèhké kuwi marang Daud. Daud ya diwènèhi klambi perangé, pedhangé, busur panahé, lan sabuké. 5 Bar kuwi, Daud maju perang. Ing endi waé Saul ngutus dhèwèké, Daud mesthi menang.*+ Mula, Saul ngangkat Daud dadi kepala prajurit.+ Kuwi nggawé kabèh rakyat lan para abdiné Saul dadi seneng.
6 Wektu Daud lan liyané bali sakwisé ngalahké wong Filistin, wong-wong wédok saka kabèh kutha ing Israèl padha metu nyambut Raja Saul karo nyanyi,+ nari, seneng-seneng, lan mainké rebana+ karo kecapi. 7 Wong-wong wédok padha ngrayakké kuwi karo nyanyi,
”Saul matèni éwonan,
Ning Daud matèni puluhan èwu.”+
8 Saul dadi nesu banget.+ Nyanyian kuwi nggawé dhèwèké jèngkèl. Saul kandha, ”Wong-wong kuwi ngomong nèk Daud matèni puluhan èwu, ning aku matèni éwonan. Bar iki, mesthi wong-wong kuwi bakal mènèhi Daud jabatan raja!”+ 9 Mulai dina kuwi, Saul curiga terus karo Daud.
10 Sésuké, Gusti Allah nggawé pikirané Saul dadi ora tentrem.*+ Ing istanané, Saul mulai tumindak kaya wong édan.* Wektu kuwi, Daud lagi main harpa+ kaya biasané. Saul lagi nyekel tombaké.+ 11 Saul mikir, ’Daud bakal tak tancepké ing témbok!’ Mula Saul nguncalké tombaké,+ ning Daud isa lolos nganti ping loro. 12 Saul dadi wedi karo Daud, merga Yéhuwah nglindhungi Daud+ lan wis ninggalké Saul.+ 13 Mula, Saul ngongkon Daud lunga saka ngarepé lan ndadèkké Daud dadi pemimpiné wong sèwu. Terus, Daud mimpin pasukané.+ 14 Saben maju perang, Daud mesthi berhasil.*+ Yéhuwah nglindhungi dhèwèké.+ 15 Pas Saul ndelok Daud suksès terus, Saul dadi wedi karo Daud. 16 Ning, kabèh wong Israèl lan Yéhuda seneng karo Daud, merga Daud sing mimpin wong-wong kuwi perang.
17 Terus, Saul kandha marang Daud, ”Iki anakku wédok sing paling gedhé, jenengé Mérab.+ Dhèwèké bakal tak wènèhké kowé bèn dadi bojomu.+ Ning, kowé kudu terus mbuktèkké nèk kowé kendel lan maju ing perang-perangé Yéhuwah.”+ Saul mikir, ’Aja nganti aku sing nglawan Daud. Bèn wong Filistin waé sing ngalahké Daud.’+ 18 Daud njawab, ”Aku lan keluargané bapakku ing Israèl iki sapa, ta? Kok nganti aku isa dadi mantuné raja?”+ 19 Ning, Saul malah mènèhké Mérab anaké wédok bèn dadi bojoné Adrièl+ wong Méhola. Kuwi kelakon pas wektuné Saul kuduné mènèhké Mérab marang Daud.
20 Anaké wédok Saul sing jenengé Mikhal+ seneng karo Daud. Saul éntuk laporan soal kuwi, lan dhèwèké seneng banget. 21 Mula Saul mikir, ’Aku arep ngekèkké Mikhal marang Daud bèn Daud kejebak lan dipatèni wong Filistin.’+ Terus, Saul kandha manèh marang Daud, ”Saiki, kowé bakal tak dadèkké mantuku.”* 22 Bar kuwi, Saul ngongkon abdi-abdiné, ”Kowé meneng-meneng ngomonga marang Daud, ’Raja seneng karo kowé. Kabèh abdiné ya seneng karo kowé. Mula, mendhing kowé gelem dadi mantuné raja.’”* 23 Pas para abdiné Saul ngandhani Daud soal iki, Daud kandha, ”Apa rumangsamu dadi mantuné raja* kuwi gampang? Aku iki wong mlarat lan wong sing ora penting.”+ 24 Terus, para abdiné Saul kandha marang Saul soal apa sing diomongké Daud.
25 Wektu krungu kuwi, Saul kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Daud, ’Raja ora njaluk maskawin.+ Raja mung njaluk 100 kulit khitané+ wong Filistin kanggo mbales mungsuh-mungsuhé Raja.’” Kuwi siasaté Saul bèn wong Filistin matèni Daud. 26 Terus, para abdiné Saul nyampèkké omongan kuwi marang Daud. Daud setuju dadi mantuné Raja.*+ Sakdurungé wektu sing wis ditentokké, 27 Daud mangkat karo anak buahé lan matèni 200 wong Filistin. Terus, Daud mènèhké kulit khitané wong Filistin kuwi marang Raja bèn isa dadi mantuné.* Mula, Saul mènèhké Mikhal anaké wédok bèn dadi bojoné Daud.+ 28 Saul ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Daud+ lan nèk Mikhal anaké wédok seneng banget karo Daud.+ 29 Iki nggawé Saul dadi saya wedi karo Daud. Saul dadi mungsuhé Daud sakjegé uripé.+
30 Saben para pemimpin pasukané wong Filistin maju perang, Daud mesthi luwih berhasil* timbang kabèh abdiné Saul.+ Kuwi nggawé jenengé Daud saya dihormati.+