PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb20 November hlm. 7
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil Liwat Télpon

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil Liwat Télpon
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Carané Bèn Pakumpulan Sakdurungé Nginjil Isa Bermanfaat
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Tambah Trampil Nginjil—Marani Manèh
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
mwb20 November hlm. 7
Gambar: Cah enom nginjil liwat télpon bareng mbah-mbah lan bojoné. 1. Cah enom mau nginjil liwat télpon karo wong lagi kerja. 2. Wong sing lagi kerja kuwi ngrungokké cah enom mau.

URIPÉ WONG KRISTEN

Tambah Trampil Nginjil​—Nginjil Liwat Télpon

PENTING MERGA: Awaké dhéwé isa ”mènèhi kesaksian kanthi tliti bab kabar apik” liwat télpon. (Kis 20:24)a Awaké dhéwé isa tetep nginjil senajan ora langsung ketemu karo wongé.

CARANÉ:

  • Cah enom mau nggolèk ayat lan nyiapké cathetan kanggo nginjil liwat télpon.

    Persiapan. Golèka topik sing cocog. Tulisen apa sing kira-kira arep diomongké. Awaké dhéwé ya isa mikirké carané nerangké tujuané awaké dhéwé nélpon nèk dikon ninggalké pesan suara. Pas nélpon, luwih apik nèk lungguh lan nyiapké kabèh sing dibutuhké kanggo nginjil, termasuk cathetan soal apa sing arep diomongké. Awaké dhéwé ya isa nyiapké HP utawa tablèt kanggo mbukak JW Library® utawa jw.org®

  • Cah enom mau nduduhké cathetan karo sedulur sing luwih tuwa pas lagi nginjil liwat télpon.

    Tetep Tenang. Kudu tenang wektu ngomong. Kudu senyum kaya nèk ketemu langsung. Ngomongé kudu lancar. Luwih apik nèk ana sedulur liya wektu nélpon. Nèk sing dikabari takon, sebutna manèh pitakonané bèn sedulur mau isa mèlu nggolèki jawabané

  • Cah enom mau ngirim link vidéo saka jw.org.

    Mènèhi bahan sing arep dirembug. Nèk sing dikabari minat, awaké dhéwé isa mènèhi pitakonan sing isa dijawab pas nélpon manèh. Awaké dhéwé isa nawakké wacan. Kuwi isa dikirim liwat e-mail, liwat surat, utawa diterké langsung. Nèk wongé gelem, awaké dhéwé isa ngirim vidéo utawa artikel liwat SMS utawa e-mail. Nèk cocog, awaké dhéwé isa nduduhké topik sing menarik ing website jw.org

a Nèk ing dhaérahé njenengan biasa nginjil liwat télpon, njenengan kudu manut karo aturané pemerintah soal data pribadi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim