PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lffi pelajaran 2
  • Janji ing Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Janji ing Alkitab
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Harapan ing Masa Depan
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Apa ing Taun 2023 Awaké Dhéwé Isa Bahagia?
    Topik Liyané
  • Njenengan Isa Tetep Bahagia ing Taun 2024
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
lffi pelajaran 2
Pelajaran 2. Matahari terbit ing ladhang gandum.

PELAJARAN 02

Janji ing Alkitab

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Wong-wong saiki ngrasa susah, sedhih, lan kuwatir merga ngadhepi masalah. Apa njenengan ya tau ngrasa ngono? Mungkin njenengan susah merga lara utawa ditinggal mati. Isa waé njenengan mikir, ’Apa aku bakal susah terus?’ Ing Alkitab ana keterangan soal kuwi.

1. Ing Alkitab ana janji apa?

Ing Alkitab dijelaské ngapa kok saiki wong padha susah lan ngapa kok sukmbèn wong ora bakal susah manèh. Ing kono ya ana janji nèk njenengan ”isa nduwé masa depan lan harapan”. (Wacanen Yérémia 29:​11, 12.) Nèk ngerti janji kuwi, awaké dhéwé isa tetep semangat wektu ngadhepi masalah. Awaké dhéwé ya isa bahagia saiki lan saklawasé.

2. Menurut Alkitab, piyé uripé awaké dhéwé sukmbèn?

Ing Alkitab dijelaské nèk sukmbèn ”ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh”. (Wacanen Wahyu 21:4.) Sukmbèn ora bakal ana manèh wong mlarat, wong jahat, wong lara, lan wong mati. Ing Alkitab ana janji nèk manungsa isa urip bahagia saklawasé ing Firdaus, yaiku bumi sing apik banget.

3. Piyé bèn isa percaya nèk janji ing Alkitab mesthi bakal kelakon?

Akèh wong péngin urip bahagia tapi rumangsa nèk kuwi ora bakal kelakon. Ning, janji ing Alkitab mesthi bakal kelakon. Bèn isa percaya nèk janji kuwi mesthi bakal kelakon, awaké dhéwé kudu ”mriksa Kitab Suci”. (Kisah 17:11) Nèk sinau Alkitab, njenengan isa percaya nèk janji kuwi mesthi bakal kelakon.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan nèk sukmbèn uripé awaké dhéwé dadi luwih pénak, lan ana pengalamané wong sing akhiré bahagia merga ngerti janji kuwi.

Gambar: Bédané sing dialami wong saiki lan sukmbèn.

4. Ing Alkitab ana janji nèk awaké dhéwé isa urip bahagia saklawasé

Gatèkna janji-janji ing ngisor iki. Endi sing paling menarik kanggo njenengan? Lha ngapa?

Wacanen ayat sing ana ing kono, terus jawaben pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa njenengan percaya nèk janji-janji kuwi mesthi bakal kelakon? Apa keluarga lan kanca-kancané njenengan ya percaya?

Bayangna nèk ing bumi

ORA ANA SING . . .

KABÈH ISA . . .

  • susah, tuwa, utawa mati.​—Yésaya 25:8.

  • ketemu karo wong-wong sing diuripké manèh ing bumi.​—Yohanes 5:​28, 29.

  • lara utawa cacad.​—Yésaya 33:24; 35:​5, 6.

  • terus séhat lan kuwat kaya cah enom.​—Ayub 33:25.

  • dijahati.​—Yésaya 32:​16, 17.

  • nduwé omah, gawéan, lan akèh panganan. ​—Mazmur 72:16; Yésaya 65:​21, 22.

  • susah merga perang. ​—Mazmur 46:9.

  • urip tenang, rukun, lan damai.​—Mazmur 37:11.

  • kèlingan karo kabèh sing marahi sedhih lan lara ati.​—Yésaya 65:17.

  • bahagia saklawasé.​—Mazmur 37:29.

Cah cilik sing mauné lara saiki wis séhat lan meluk ibuné. Bapak sing tuwa banget saiki dadi enom manèh lan nggawa sayur-sayuran. Cah cilik sing mauné kelaparan lan dikon kerja paksa, saiki nandur wit lan bal-balan. Wong wédok sing depresi saiki bahagia.

5. Luwih bahagia merga ngerti janji ing Alkitab

Akèh wong kecéwa utawa nesu merga ngadhepi masalah. Ana sing berusaha ngatasi masalahé wong-wong ing donya iki. Deloken pengalamané wong sing bahagia merga ngerti janji ing Alkitab. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Aku Mbéla Keadilan (4:​07)

Gambar saka vidéo ’Aku Mbéla Keadilan’. 1. Rafika pas isih cilik lan wong-wong sing padha werna kulité lagi kerja manèn kapas. 2. Pas pertama kali teka ing Kebaktian Seksi-Seksi Yéhuwah, Rafika isa ndelok wong-wong saka bangsa endi waé bergaul bareng-bareng.
  • Ing vidéo kuwi, Rafika ngalami apa?

  • Meskipun isih ana wong sing mbédak-mbédakké wong liya, Rafika tetep bahagia. Lha ngapa?

Nèk ngerti janji ing Alkitab, awaké dhéwé isa tetep semangat meskipun ngadhepi masalah. Wacanen Wulang Bebasan 17:22 lan Roma 12:​12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa njenengan dadi luwih bahagia merga ngerti janji ing Alkitab? Lha ngapa?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Mosok janji ing Alkitab isa kelakon?”

  • Ngapa kok njenengan kudu mbuktèkké dhéwé nèk janji ing Alkitab mesthi kelakon?

KESIMPULAN

Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa percaya nèk janji ing Alkitab mesthi kelakon. Awaké dhéwé ya tetep semangat meskipun ngadhepi masalah.

Jawaben

  • Ngapa kok wong-wong kudu ngerti janji ing Alkitab?

  • Apa waé janji ing Alkitab?

  • Sakwisé ngerti janji kuwi, njenengan dadi piyé?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa manfaaté nduwé harapan?

”Piyé Bèn Nduwé Harapan?” (Gatèkna! 22 April 2004)

Piyé bèn tetep semangat meskipun lara parah?

”Apa Saran ing Alkitab kanggo Wong sing Lara Parah?” (Artikel ing jw.org)

Deloken vidéo musik iki, terus bayangna njenengan sak keluarga urip ing Firdaus.

Bayangna (3:​37)

Wacanen pengalamané wong sing berusaha ngatasi masalahé wong-wong tapi akhiré ngerti janji ing Alkitab.

”Saiki Aku Percaya Nèk Mung Yéhuwah sing Isa Ngrampungi Masalah ing Donya Iki” (Warta Penting 1 Juli 2013)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim