PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • th pelajaran 14 hlm. 17
  • Gagasan Utama Diterangké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gagasan Utama Diterangké
  • Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mikirké Manèh Gagasan Utamané
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Bagéan Penutup sing Cocog
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
th pelajaran 14 hlm. 17

PELAJARAN 14

Gagasan Utama Diterangké

Ayat Alkitab

Ibrani 8:1

RINGKESAN: Sing ngrungokké dibantu bèn nggatèkké ceramah lan ngerti hubungané gagasan utama karo tujuan lan topiké ceramah.

CARANÉ:

  • Nduwé tujuan. Pikirna tujuan ceramahé awaké dhéwé. Apa ceramah kuwi kanggo ngekèki informasi, nyemangati, utawa nggawé wong liya yakin karo topik sing dirembug? Kabèh penjelasan lan gagasan utamané kudu cocog karo tujuané awaké dhéwé.

    Saran sing isa ditrapké

    Pikirna, ’Apa waé sing kira-kira bakal ditakokké karo sing ngrungokké? Nèk wis dijawab, wong kuwi arep takon apa manèh?’ Terus, gunakna kuwi bèn penjelasané awaké dhéwé luwih gampang dipahami wong sing ngrungokké.

  • Topik ceramah kudu jelas. Awaké dhéwé isa nyebutké manèh kata kunci sing ana hubungané karo topiké utawa kata liya sing artiné padha karo kata kunci kuwi.

  • Gagasan utama kudu jelas lan sederhana. Aja kakèhan gagasan utama. Gunakna mung gagasan utama sing cocog karo topiké bèn isa tepat waktu. Kudu cetha wektu njelaské, lan aja cepet-cepet ganti gagasan. Gagasan utama sing dijelaské kudu cocog karo gagasan utama sakterusé.

    Saran sing isa ditrapké

    Gagasan utama sing dirembug isa disebutké ing kata pengantar utawa ing bagéan penutup ceramah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim