PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 53 hlm. 128
  • Yéhoyada sing Kendel

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhoyada sing Kendel
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngapa Kok Wedi karo Yéhuwah?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Yéhuwah Mberkahi Abdiné sing Kendel
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Wong Jahat Mesthi Dihukum
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Pengantar Bagian 9
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 53 hlm. 128
Imam Agung Yéhoyada nduduhké Raja Yéhoas ing ngarepé wong-wong

PELAJARAN 53

Yéhoyada sing Kendel

Izebèl nduwé anak wédok sing jenengé Atalia. Atalia kuwi ya jahat kaya ibuné. Atalia nikah karo raja Yéhuda. Pas bojoné mati, anaké lanang dadi raja. Tapi, pas anaké kuwi mati, Atalia sing nggantèni dadi ratu ing Yéhuda. Mula, Atalia matèni kabèh keturunan raja. Putuné dhéwé ya dipatèni. Kabèh wong wedi karo Atalia.

Imam Agung Yéhoyada lan bojoné sing jenengé Yéhosyéba ngerti nèk Atalia kuwi jahat. Senajan bahaya, Yéhoyada lan bojoné ndhelikké salah siji putuné Atalia sing isih bayi sing jenengé Yéhoas. Yéhoas digedhèkké ing bait.

Pas Yéhoas umur pitung taun, Yéhoyada ngumpulké kabèh pemimpin pasukan lan wong Lèwi. Terus, Yéhoyada ngomong, ’Jaganen pintu bait. Aja nganti ana sing mlebu.’ Bar kuwi, Yéhoyada ndèlèhké mahkota ing sirahé Yéhoas. Yéhoas akhiré didadèkké raja Yéhuda. Wektu ndelok kuwi, wong Yéhuda seneng banget.

Ratu Atalia mbengok-mbengok

Ratu Atalia krungu swarané wong-wong kuwi. Terus, dhèwèké cepet-cepet lunga ing bait. Pas ndelok raja sing anyar, Atalia mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” Bar kuwi, para pemimpin pasukan nangkep Atalia lan nggawa dhèwèké metu saka bait. Atalia akhiré dipatèni. Terus, piyé wong-wong sing wis éntuk pengaruh èlèk saka Atalia?

Merga dibantu Yéhoyada, wong-wong kuwi akhiré nggawé perjanjian nèk mung bakal nyembah Yéhuwah. Yéhoyada ngongkon wong-wong kuwi ngancurké kuil Baal lan brahala-brahala. Dhèwèké ya nugaské para imam lan wong Lèwi kanggo kerja ing bait. Yéhoyada péngin bèn bangsa kuwi isa ngibadah manèh ing bait. Yéhoyada ya ngongkon penjaga gerbang njaga bait. Tujuané bèn wong sing najis ing pandhangané Yéhuwah ora isa mlebu bait. Bar kuwi, Yéhoyada lan para pemimpin pasukan ngeterké Yéhoas ing istana. Terus, Yéhoas dikon lungguh ing takhta. Wong Yéhuda seneng banget. Saiki wong-wong kuwi isa nyembah Yéhuwah lan ora nyembah Baal manèh. Wong-wong kuwi ya akhiré isa bébas saka pengaruhé Atalia. Yéhoyada isa mbantu akèh wong merga dhèwèké kendel.

”Aja wedi marang wong sing isa matèni badan, ning ora isa matèni jiwa. Tapi, kowé kudu wedi marang Dhèwèké sing isa matèni jiwa lan badan ing Géhéna.”​—Matius 10:28

Pertanyaan: Apa buktiné nèk Yéhoyada kendel? Nurutmu, apa Yéhuwah ya isa mbantu kowé dadi kendel?

2 Para Raja 11:1–12:12; 2 Babad 21:1-6; 22:10–24:16

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim