PELAJARAN 11
Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
Apa njenengan tau kewalahan wektu dikèki gawéan sing abot? Bèn ora abot, mungkin isa dicicil sithik-sithik. Maca Alkitab ya kaya ngono. Mungkin njenengan mikir arep mulai saka endi. Ing pelajaran iki ana cara bèn isa seneng maca lan sinau Alkitab.
1. Ngapa kok kudu maca Alkitab saben dina?
Nèk maca Alkitab utawa ”hukumé Yéhuwah” saben dina, awaké dhéwé isa bahagia lan ngrasa puas. (Wacanen Mazmur 1:1-3.) Njenengan isa nyoba maca Alkitab beberapa menit saben dina. Nèk saben dina maca Alkitab, suwé-suwé dadi seneng maca Alkitab.
2. Piyé carané bèn isa ngerti isiné Alkitab?
Bèn isa ngerti isiné Alkitab, awaké dhéwé kudu ngrenungké sing diwaca. Awaké dhéwé kudu maca lan ”mikirké kuwi tenanan”. (Yosua 1:8) Pas maca Alkitab, njenengan isa mikir, ’Saka ayat iki aku isa ngerti apa soal Yéhuwah? Piyé carané ngetrapké ayat iki? Piyé ayat iki isa tak enggo mbantu wong liya?’
3. Kapan njenengan isa maca Alkitab?
Apa njenengan ngrasa ora nduwé wektu kanggo maca Alkitab? Akèh sing ya ngrasa kaya ngono, mulané njenengan kudu nggolèk ”wektu”. (Éfésus 5:16) Njenengan isa mikirké kapan arep maca Alkitab. Ana sing macané ésuk, ana sing awan misalé pas makan siang, terus ya ana sing bengi sakdurungé turu. Nèk njenengan, kapan arep maca Alkitab?
SINAU LUWIH AKÈH
Ana keterangan carané bèn seneng maca Alkitab lan carané persiapan kanggo sinau Alkitab.
Nyoba maca Alkitab kuwi kaya nyoba mangan panganan sing durung tau dipangan
4. Carané bèn seneng maca Alkitab
Mungkin ana sing awalé males maca Alkitab, tapi akhiré dadi péngin. Kuwi kaya wong sing akhiré gelem mangan panganan sing durung tau dipangan. Wacanen 1 Pétrus 2:2, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa njenengan suwé-suwé isa dadi seneng maca Alkitab nèk saben dina maca Alkitab?
Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti carané isa seneng maca Alkitab, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok cah-cah mau ora seneng maca Alkitab?
Ngapa kok cah-cah mau akhiré dadi seneng maca Alkitab?
Piyé carané bèn seneng maca Alkitab?
Saran bèn seneng maca Alkitab:
Maca terjemahan Alkitab sing paling dipahami. Wacanen Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing basa Jawa.
Maca dhisik sing paling menarik. Njenengan isa milih saka tabèl ”Maca Alkitab Saben Dina”.
Ngekèki tandha wis tekan endi macané. Njenengan isa nggunakké tabèl ”Sing Wis Tak Waca” ing buku iki.
Mbukak aplikasi JW Library®. Njenengan isa maca lan ngrungokké rekaman Alkitab ing endi waé.
Ndelok lampiran ing Terjemahan Donya Anyar. Ing kono ana péta, tabèl, lan daftar istilah bèn tambah semangat macané.
5. Carané persiapan sinau Alkitab
Wacanen Mazmur 119:34, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok kudu ndonga sik sakdurungé maca Alkitab utawa persiapan sinau Alkitab?
Piyé carané persiapan sinau Alkitab? Carané ngéné:
Maca paragraf-paragraf sakdurungé bagian ”Sinau Luwih Akèh”.
Maca ayat sing ana ing kono, terus dihubungké karo bahan sing lagi dipelajari.
Nandhai jawabané bèn gampang njawabé pas ditakoni sing ngajari sinau Alkitab.
Keterangan
Seksi-Seksi Yéhuwah maca akèh terjemahan Alkitab, tapi sing paling disenengi Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar soalé terjemahané padha kaya asliné, gampang dipahami, terus ing kono ya ana jenengé Gusti Allah. —Wacanen artikel ing jw.org sing judhulé ”Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Alkitab Dhéwé?”
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku wegah sinau Alkitab, ora nduwé wektu.”
Nèk menurut njenengan piyé?
KESIMPULAN
Bèn seneng maca Alkitab, kudu nggolèk wektu, ndonga, lan persiapan.
Jawaben
Piyé bèn seneng maca Alkitab?
Kapan njenengan arep maca lan sinau Alkitab?
Ngapa kok kudu persiapan sakdurungé sinau Alkitab?
BAHAN TAMBAHAN
Ana saran apa waé bèn seneng maca Alkitab?
”Carané Éntuk Paédah saka Maca Alkitab” (Warta Penting No. 1 2017)
Carané ngerti isiné Alkitab ana telu. Apa waé?
”Manfaaté Maca Alkitab —Bagian 1: Ngerti Isiné” (Artikel ing jw.org)
Piyé bèn isa seneng maca Alkitab?
”Manfaaté Maca Alkitab —Bagian 2: Seneng Maca Alkitab” (Artikel ing jw.org)
Ana saran saka wong-wong sing wis biasa maca Alkitab.