-
Apa Perlu Maca Alkitab?Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB
Apa Perlu Maca Alkitab?
”Alkitab kuwi angèl dingertèni.”—Jovy
”Alkitab kuwi mboseni.”—Queennie
”Alkitab kuwi kandel, aku dadi wegah maca.”—Ezekiel
Apa panjenengan wis tau rumangsa kaya ngono? Akèh wong rumangsa nèk maca Alkitab kuwi ora nyenengké. Ning, piyé nèk Alkitab kuwi jebulé isa mbantu panjenengan ngrasakké urip sing luwih marem lan nyenengké? Lan piyé nèk jebulé ana cara-cara sing isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih seneng maca Alkitab? Apa panjenengan gelem sinau isiné Alkitab?
Gatèkna kandhané wong-wong sing wis éntuk paédah saka maca Alkitab.
Ezekiel, sing umuré 20-an, kandha, ”Mbiyèn, uripku kaya wong sing nyetir mobil tanpa tujuan. Ning, sakwisé maca Alkitab uripku dadi ana tujuané. Alkitab mènèhi naséhat sing isa ditrapké ing urip saben dina.”
Frieda, sing umuré uga 20-an, kandha, ”Aku mauné gampang nesu. Ning, sakwisé maca Alkitab, aku dadi wong sing sabar. Aku dadi luwih gampang srawung karo wong liya. Dadi, kancaku saiki akèh.”
Eunice, sing umuré 50-an, kandha, ”Alkitab mbantu aku dadi wong sing luwih apik lan ngowahi kebiyasaanku sing èlèk.”
Kaya sing dirasakké wong-wong kuwi lan akèh wong liyané, maca Alkitab isa mbantu urip panjenengan dadi luwih nyenengké. (Yésaya 48:17, 18) Sakliyané kuwi, maca Alkitab uga isa mbantu panjenengan nggawé keputusan sing apik, éntuk kanca sing sejati, ngatasi strès, lan sing luwih penting, isa sinau bab Gusti Allah. Naséhaté Alkitab kuwi mesthi migunani merga asalé saka Gusti Allah.
Sing paling penting panjenengan isa nyoba dhisik. Panjenengan isa mulai maca lan ngrasakké dhéwé nèk maca Alkitab kuwi nyenengké tenan. Piyé carané?
-
-
Piyé Carané Mulai?Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB
Piyé Carané Mulai?
Piyé carané bèn panjenengan isa seneng maca Alkitab lan éntuk paédah? Panjenengan isa nyoba limang cara iki.
Nggolèka panggonan sing cocog. Bèn éntuk paédah, panjenengan isa maca ing panggonan sing tenang lan ora akèh gangguan. Luwih pénak manèh nèk macané ing panggonan sing padhang lan hawané seger.
Nduwéa pikiran sing bener. Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, Bapak kita ing swarga. Bèn éntuk paédah luwih akèh, panjenengan perlu dadi andhap asor kaya bocah cilik sing gelem sinau saka wong tuwané. Bèn isa éntuk piwulang sing bener saka Gusti Allah, panjenengan perlu nyingkirké pikiran sing klèru bab Alkitab.—Jabur 25:4.
Ndongaa sakdurungé maca. Alkitab kuwi isiné pikirané Gusti Allah, mula awaké dhéwé perlu ndonga njaluk bantuané Gusti Allah bèn isa ngerti isiné. Gusti Allah janji bakal maringi ”Roh Suci marang kang padha nyenyuwun”. (Lukas 11:13) Roh suciné Gusti Allah isa mbantu panjenengan ngerti pikirané Gusti Allah sarta mbukak pikiran panjenengan bèn isa éntuk pangertèn sing jero bab Gusti Allah.—1 Korinta 2:10.
Macaa merga péngin ngerti tenan. Aja mung péngin maca nganti rampung. Coba dipikir tenanan, ’Sipat apa waé sing diduwèni karo wong-wong sing dicritakké ing Alkitab? Piyé aku isa niru sipat-sipat kuwi?’
Nduwéa tujuan. Wektu maca Alkitab, nduwéa tujuan kanggo sinau bab sing isa ditrapké ing urip panjenengan dhéwé. Contoné, ’Aku péngin sinau luwih akèh bab Gusti Allah.’ ’Aku péngin dadi wong sing luwih apik utawa bojo sing luwih apik.’ Banjur, pilihen bagéan ing Alkitab sing cocog karo tujuan kuwi.a
Limang cara kuwi isa mbantu panjenengan seneng maca Alkitab lan éntuk paédah. Ning, piyé carané bèn luwih nyenengké wektu maca Alkitab? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug bab kuwi.
a Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu nemokké bagéan Alkitab sing cocog kanggo panjenengan.
-
-
Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB
Piyé Bèn Dadi Luwih Nyenengké?
Piyé perasaané panjenengan wektu maca Alkitab? Bosen? Utawa seneng? Ayo dirembug piyé carané bèn maca Alkitab kuwi isa dadi luwih nyenengké.
Pilihen terjemahan Alkitab sing basané modhèren lan isa dipercaya. Panjenengan mesthi ora seneng maca buku sing basané kuna lan angèl dingertèni. Dadi, panjenengan isa nggolèk Alkitab sing basané gampang dingertèni lan isa mlebu ing ati, ning tetep isa dipercaya lan isiné padha karo asliné.a
Gunakna tèknologi modhèren. Bentuké Alkitab kuwi ora mung buku. Ning, saiki ana uga sing bentuké digital, yaiku sing isa diwaca ing internèt utawa diundhuh ing komputer, tablèt, lan handphone. Ana Alkitab versi digital sing isa mbantu panjenengan mbandhingké karo terjemahan liya utawa ayat liya sing ngrembug bab sing padha. Nèk panjenengan luwih seneng ngrungokké timbang maca, panjenengan isa ngrungokké rekaman Alkitab sing ana ing akèh basa. Akèh wong seneng ngrungokké rekaman Alkitab wektu lagi numpak kendaraan umum, nindakké gawéan omah, utawa kagiyatan liyané. Panjenengan isa nyoba cara-cara sing cocog kanggo panjenengan.
Gunakna sarana-sarana kanggo sinau Alkitab. Sarana-sarana kanggo sinau Alkitab isa mbantu panjenengan éntuk paédah luwih akèh. Contoné, panjenengan isa ndelok péta kanggo nemokké panggonan sing dicritakké ing Alkitab lan mbayangké kahanané. Artikel-artikel ing majalah warta penting utawa ing situs wèb jw.org uga isa mbantu panjenengan éntuk katrangan bab isiné Alkitab.
Pilihen bagéan sing disenengi. Maca Alkitab urut saka ngarep tekan mburi kuwi isa waé ora nyenengké. Mula, panjenengan isa maca dhisik bagéan sing disenengi. Contoné, nèk péngin ngerti bab wong-wong sing kerep dicritakké ing Alkitab, panjenengan isa maca bagéan sing crita bab wong-wong kuwi. Panjenengan isa nyoba nganggo conto-conto sing disebutké ing kothak ”Sinau bab Wong-Wong sing Dicritakké ing Alkitab”. Utawa, panjenengan isa maca nurut topik sing dipéngini utawa nurut kedadéan-kedadéan sing dicritakké ing Alkitab.
a Akèh sing seneng nggunakké Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru merga isiné padha karo asliné, isa dipercaya, lan gampang dingertèni. Alkitab iki digawé karo Seksi-Seksi Yéhuwah lan wis ana ing luwih saka 130 basa. Panjenengan isa ngundhuh Alkitab kuwi saka situs wèb jw.org utawa aplikasi JW Library. Utawa, nèk gelem, panjenengan isa njaluk Alkitab kuwi marang Seksi-Seksi Yéhuwah.
-
-
Apa Paédahé Alkitab kanggo Urip Kita?Warta Penting (Umum)—2017 | No. 1
-
-
BAB UTAMA | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB
Apa Paédahé Alkitab kanggo Urip Kita?
Alkitab kuwi dudu buku biyasa, merga isiné naséhat saka sing nggawé urip. (2 Timotéus 3:16) Mula, isiné Alkitab mesthi ana paédahé kanggo uripé awaké dhéwé. Alkitab kandha nèk ”pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa”. (Ibrani 4:12) Tuntunané Alkitab kuwi gedhé kuwasané kanggo urip kita saben dina sarta isa mbantu kita sinau luwih akèh bab Gusti Allah lan janji-janjiné.—1 Timotéus 4:8; Yakobus 4:8.
Tuntunan kanggo urip panjenengan. Naséhaté Alkitab kuwi migunani kanggo urip kita saben dina. Contoné:
Hubungan karo wong liya. —Éfesus 4:31, 32; 5:22, 25, 28, 33.
Keséhatan émosi lan fisik.—Jabur 37:8; Wulang Bebasan 17:22.
Bab tumindak sing bener.—1 Korinta 6:9, 10.
Carané nyukupi kebutuhan saben dina.—Wulang Bebasan 10:4; 28:19; Éfesus 4:28.a
Ana wong lanang sing isih enom saka Asia sing jenengé Vicent crita nèk dhèwèké lan bojoné ngajèni banget tuntunan saka Alkitab. Merga lagi waé nikah, Vicent lan bojoné, sing jenengé Annalou, ngalami masalah sing umum diadhepi wong bebojoan. Masalah kuwi isa ana merga béda sipaté utawa angèl komunikasi. Ning, wong loro kuwi mulai ngetrapké isiné Alkitab. Apa hasilé? Vicent kandha, ”Apa sing tak waca saka Alkitab mbantu aku tetep nduduhké katresnan senajan ngadhepi masalah ing urip bebojoan. Dadi, keluargaku isa tetep urip bungah.” Annalou uga setuju. Dhèwèké kandha, ”Maca pengalaman-pengalaman ing Alkitab isa mbantu uripé keluargaku dadi luwih marem lan nyenengké.”
Sinau luwih akèh bab Gusti Allah. Vicent uga kandha, ”Maca Alkitab mbantu aku dadi luwih cedhak marang Yéhuwah.” Saka pengalamané Vicent mau cetha nèk Alkitab kuwi isa mbantu awaké dhéwé dadi luwih akrab karo Gusti Allah. Dadi, panjenengan ora mung isa éntuk paédah saka naséhaté, ning uga isa dadi kanca akrabé. Panjenengan uga isa ngerti kersané Gusti Allah, yaiku ”urip kang sanyata” sing bakal kelakon ing donya mbésuk kanggo saklawasé. (1 Timotéus 6:19) Mung Alkitab sing isa mènèhi paédah kaya ngono.
Nèk panjenengan sinau lan ngetrapké tuntunané Alkitab, panjenengan isa ngrasakké urip sing luwih kepénak saiki lan dadi cedhak karo Gusti Allah. Ning, mbokmenawa pas maca Alkitab panjenengan nduwé pitakonan-pitakonan bab isiné Alkitab. Panjenengan isa niru contoné pejabat saka Étiopia sing urip 2.000 taun kepungkur. Dhèwèké nduwé akèh pitakonan bab Alkitab. Wektu ditakoni apa dhèwèké ngerti maksudé sing diwaca, dhèwèké njawab, ”Kadospundi anggèn kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?”b Dhèwèké banjur gelem nampa bantuan saka Filipus, muridé Yésus ing abad kapisan sing wis ngerti akèh bab Alkitab. (Para Rasul 8:30, 31, 34) Semono uga, nèk péngin ngerti luwih akèh bab isiné Alkitab, panjenengan isa ngirim surat menyang alamat sing ana ing majalah iki utawa isa uga liwat situs wèb jw.org. Panjenengan uga isa ngubungi Seksi-Seksi Yéhuwah utawa mara ing Balé Ibadah sing ana ing dhaérah panjenengan. Dadi, saiki panjenengan isa mulai maca Alkitab lan ngrasakké dhéwé paédah saka tuntunané Alkitab.
Nèk panjenengan péngin ngerti apa Alkitab kuwi isa dipercaya tenan, deloken vidhéo sing judhulé Apa Buktiné Nèk Alkitab Kuwi Bener? Panjenengan uga isa scan kode utawa mbukak situs jw.org/jv, lan ndelok ing bagéan PUBLIKASI > VIDHÉO > ALKITAB
a Kanggo katrangan luwih akèh bab tuntunan-tuntunan saka Alkitab, deloken situs wèb jw.org/id. Deloken ing bagéan AJARAN ALKITAB > PERTANYAAN ALKITAB DIJAWAB.
b Deloken uga artikel ing majalah iki sing judhulé ”Apa Iki Mung Salah Paham Sing Sepélé?”
-