PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 12 nomer 1-6
  • Piyé Bèn Isa Terus Sinau Alkitab?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Isa Terus Sinau Alkitab?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Piyé Bèn Isa Dibaptis?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 12 nomer 1-6
Pelajaran 12. Ibu-ibu karo anaké loro sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

PELAJARAN 12

Piyé Bèn Isa Terus Sinau Alkitab?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Awaké dhéwé kudu berusaha sinau Alkitab soalé kuwi akèh manfaaté. Apa waé manfaaté? Piyé bèn isa terus sinau Alkitab meskipun ana sing ora seneng utawa angèl ngetrapkéné?

1. Apa waé manfaaté sinau Alkitab?

”Omongané Gusti Allah kuwi urip lan nduwé kuwasa sing gedhé banget.” (Ibrani 4:​12) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti pikirané Gusti Allah lan ngerti nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa éntuk naséhat lan nduwé harapan. Sifat lan tingkah lakuné awaké dhéwé ya dadi luwih apik. Sing paling penting, awaké dhéwé isa dadi kancané Yéhuwah.

2. Apa buktiné nèk awaké dhéwé nganggep isiné Alkitab berharga?

Isiné Alkitab kaya harta karun, makané ’kuwi kabèh aja diculké’. (Wulang Bebasan 23:23) Nèk nganggep isiné Alkitab berharga kaya harta karun, awaké dhéwé mesthi berusaha bèn isa ngerti isiné.​—Wacanen Wulang Bebasan 2:​4, 5.

3. Piyé Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa terus sinau Alkitab?

Yéhuwah kuwi kanca lan sing nyiptakké awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé kenal karo Dhèwèké. Dhèwèké isa ngekèki ”kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kuwi”. (Wacanen Filipi 2:​13.) Awaké dhéwé kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa semangat sinau lan isa ngetrapké sing dipelajari. Yéhuwah ya isa mbantu bèn awaké dhéwé terus sinau Alkitab meskipun ana sing ora seneng. Kuwi berarti awaké dhéwé kudu teratur ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa terus sinau Alkitab.​—1 Tésalonika 5:​17.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan soal piyé bèn isa terus sinau Alkitab meskipun sibuk utawa ana sing ora seneng. Terus, ya ana keterangan soal piyé Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn isa terus sinau Alkitab.

4. Luwih mentingké sinau Alkitab

Saking sibuké, kadhang awaké dhéwé nganti ora nduwé wektu sinau Alkitab. Terus piyé? Wacanen Filipi 1:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, ”sing luwih penting” kuwi apa waé?

  • Apa buktiné nèk njenengan luwih mentingké sinau Alkitab?

A. Gambar: Wadhah sing isiné pasir karo watu. 1. Pasir karo watu. 2. Pasiré mèh kebak. 3. Wadhah sing diisèni pasir sik, lagi watu. Wadhahé ora cukup nganti watuné tiba ing lemah. B. Gambar: 1. Pasir karo watu. 2. Watuné mèh kebak. 3. Wadhah sing diisèni watu sik, lagi pasir. Pasiré mung wutah sithik.
  1. Nèk sing dilebokké pasiré sik, ora kabèh watuné isa mlebu

  2. Nèk sing dilebokké watuné sik, mèh kabèh pasiré isa mlebu. Nèk wektuné dienggo ”sing luwih penting” sik, mesthi isih ana wektu dienggo liyané

Sinau Alkitab kuwi bukti nèk awaké dhéwé butuh tuntunané Gusti Allah. Wacanen Matius 5:​3, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa manfaaté nèk luwih mentingké sinau Alkitab?

5. Tetep sinau Alkitab meskipun ana sing ora seneng

Kadhang ana sing péngin awaké dhéwé ora sinau Alkitab manèh. Deloken pengalamané Francesco. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Hasilé Merga Tetep Sinau Alkitab (5:​22)

Gambar saka vidéo ’Hasilé Merga Tetep Sinau Alkitab’. Francesco lunga sakwisé ngomong karo kanca-kancané nèk wegah bergaul manèh karo kanca-kancané kuwi.
  • Piyé tanggepané keluarga lan kanca-kancané Francesco pas dhèwèké nyritakké sing dipelajari?

  • Apa hasilé merga dhèwèké tetep sinau Alkitab?

Wacanen 2 Timotius 2:​24, 25, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé tanggepané keluarga lan kanca-kancané njenengan pas ngerti njenengan sinau Alkitab?

  • Menurut ayat-ayat kuwi, njenengan kudu piyé nèk ana sing ora seneng njenengan sinau Alkitab? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

6. Njaluk bantuané Yéhuwah

Nèk akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé dadi saya péngin nyenengké Dhèwèké. Tapi, kadhang angèl ngetrapké pathokané. Nèk ngrasa ngono, awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Yéhuwah Mbantu Wong sing Péngin Nyenengké Dhèwèké (3:​56)

  • Piyé Jim berusaha nyenengké Yéhuwah?

  • Piyé kesané njenengan bar nonton vidéo kuwi?

Wacanen Ibrani 11:​6, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Yéhuwah bakal ngekèki apa karo wong sing ”tenanan nggolèki Dhèwèké”, yaiku sing berusaha kenal lan nyenengké Dhèwèké?

  • Piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok njenengan terus sinau Alkitab?

NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kowé sinau Alkitab?”

  • Njenengan njawab apa?

KESIMPULAN

Nèk terus berusaha sinau Alkitab, awaké dhéwé isa bahagia saklawasé. Nèk awaké dhéwé njaluk bantuané Yéhuwah, Dhèwèké ya mesthi mbantu.

Jawaben

  • Apa waé manfaaté sinau Alkitab kanggo njenengan?

  • Piyé carané ”mastèkké endi sing luwih penting”?

  • Bèn isa terus sinau Alkitab, ngapa kok kudu njaluk bantuané Yéhuwah?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé carané ngatur wektu?

”Carané Ngatur Wektu” (Gatèkna! Februari 2014)

Deloken piyé Yéhuwah mbantu wong wédok bèn dhèwèké terus sinau Alkitab meskipun bojoné ora seneng.

Yéhuwah Nggawé Aku Kuwat Nanggung Bebanku (5:​05)

Deloken pengalamané wong lanang sing akhiré gelem sinau Alkitab merga bojoné terus sinau Alkitab.

Akhiré Aku Gelem Sinau Alkitab (6:​30)

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé keluarga berantakan?

”Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Marakaké Keluarga Bubrah utawa Malah Ayem Tentrem?” (Artikel ing jw.org)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim