PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bt bab 3 hlm. 20-27
  • ”Murid-Murid Nampa Roh Suciné Gusti Allah”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Murid-Murid Nampa Roh Suciné Gusti Allah”
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Murid-Murid Ngumpul ing Salah Siji Omah” (Kis. 2:1-4)
  • ”Murid-Murid Isa Ngomong Nganggo Basa Asliné Wong-Wong Kuwi” (Kis. 2:5-13)
  • ”Pétrus Ngadeg” (Kis. 2:14-37)
  • ”Saben Wong ing Antaramu Kudu Dibaptis” (Kis. 2:38-47)
  • Murid-Murid Éntuk Roh Suci
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
bt bab 3 hlm. 20-27

BAB 3

”Murid-Murid Nampa Roh Suciné Gusti Allah”

Hasil sing dirasakké muridé Yésus sakwisé nampa roh suci pas Péntakosta

Kisah 2:1-47

1. Critakna keadaan pas Péntakosta.

ING Yérusalèm dalan-dalané ramé banget.a Terus ana asap sing kemebul saka mézbah bait. Wong-wong Lèwi nyanyi Mazmur Halèl sing ana ing Mazmur 113 nganti 118. Meréka saut-sautan pas nyanyi. Ana akèh banget sing teka saka Élam, Mésopotamia, Kapadokia, Pontus, Mesir, lan Roma.b Ngapa kok meréka mrono? Soalé ana Péntakosta utawa perayaan ”hasil pertama saka ladhang”. (Wi. 28:26) Pas perayaan kuwi panèn barli wis rampung, terus panèn gandum dimulai. Perayaan kuwi mesthi nyenengké banget.

Péta dhaérah asalé wong-wong sing krungu kabar apik pas Péntakosta 33 M. 1. Wilayah: Libia, Mesir, Ètiopia, Bitinia, Pontus, Kapadokia, Yudéa, Mésopotamia, Babilonia, Élam, Média, lan Partia. 2. Kutha: Roma, Alèksandria, Mèmfis, Antiokhia (ing Siria), Yérusalèm, lan Babilon. 3. Laut lan teluk: Laut Tengah, Laut Hitam, Laut Merah, Laut Kaspia, lan Teluk Pèrsia.

YÉRUSALÈM KUWI PUSAT AGAMA YAHUDI

Peristiwa-peristiwa ing awal-awal buku Kisah kelakon ing Yérusalèm. Kutha Yérusalèm ana ing antarané pegunungan Yudéa, kira-kira 55 kilomèter saka Laut Tengah. Taun 1070 SM, Raja Daud ngrebut bèntèng lan tanah sing ana ing Gunung Zion lan mulai mbangun kutha ing kono. Kutha kuwi disebut Yérusalèm lan akhiré dadi ibu kotané Israèl.

Menurut ceritané wong Yahudi, Gunung Zion kuwi ana ing cedhaké Gunung Moria. Ing Gunung Moria kuwi Abraham arep ngorbanké Ishak 1.900 taun sakdurungé peristiwa sing dicathet ing buku Kisah kelakon. Salomo mbangun baité Yéhuwah sing pertama ya ing Gunung Moria. Saben dina wong-wong padha mrono lan ngibadah.

Kabèh wong Yahudi saka endi-endi ajeg ngumpul ing bait kuwi kanggo mènèhké korban, ngibadah, lan ngrayakké perayaan-perayaan. Wong-wong kuwi manut préntahé Yéhuwah iki, ”Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih.” (PT. 16:16) Yérusalèm ya dadi panggonané Sanhèdrin, yaiku Mahkamah Agung Yahudi sing nduwé wewenang kanggo ngatur masyarakat, pamréntahan, lan agama.

2. Pas Péntakosta 33 M ana peristiwa sing luar biasa apa?

2 Pas musim semi 33 M, dina Minggu kira-kira jam sanga ésuk ana peristiwa sing luar biasa. ”Ujug-ujug ana swara sing banter banget saka langit kaya swara angin ribut”. (Kis. 2:2) Murid-muridé Yésus sing jumlahé 120 ya krungu swara kuwi lan meréka kagèt. Ing ndhuwur sirahé meréka ana geni-geni cilik sing bentuké kaya ilat.c Bar kuwi, murid-murid ”nampa roh suciné Gusti Allah” lan meréka mulai isa ngomong nganggo akèh basa. Terus pas murid-muridé Yésus ketemu karo wong-wong sing ana ing dalan-dalan mau, wong-wong kuwi kagèt soalé murid-muridé Yésus isa omong-omongan ”nganggo basa asliné wong-wong kuwi”.​—Kis. 2:1-6.

3. (a) Kenapa peristiwa Péntakosta 33 M kuwi penting banget? (b) Apa hubungané ’kunci-kunci kerajaan’ karo omongané Pétrus karo wong akèh?

3 Peristiwa pas Péntakosta 33 M kuwi penting banget merga wektu kuwi mulai ana Israèl rohani, yaiku wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. (Gal. 6:16) Sakliyané kuwi, ana peristiwa liyané sing penting. Pétrus nggunakké ’kunci-kunci kerajaan’ pas dhèwèké ngomong karo wong akèh. Kunci-kunci kerajaan kuwi maksudé kesempatan sing diwènèhké kanggo wong-wong bèn isa dadi umaté Yéhuwah lan mengkoné bakal munggah swarga. (Mat. 16:18, 19) Kunci sing pertama digunakké kanggo wong-wong Yahudi lan wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi.d Meréka kudu nampa kabar apik lan nampa roh suciné Gusti Allah bèn isa dadi bagéan saka Israèl rohani, terus mengkoné meréka isa dadi raja lan imam bareng karo Yésus. (Why. 5:9, 10) Kunci sing keloro digunakké kanggo wong-wong Samaria. Kunci sing ketelu digunakké kanggo wong-wong sing dudu Yahudi. Apa sing isa dipelajari saka peristiwa-peristiwa pas Péntakosta 33 M?

”Murid-Murid Ngumpul ing Salah Siji Omah” (Kis. 2:1-4)

4. Piyé critané jemaat Kristen taun 33 M dadi tambah akèh nganti saiki?

4 Mauné jemaat Kristen mung ana kira-kira 120 wong sing ngumpul ing kamar dhuwur ”salah siji omah”. Meréka dipilih Yéhuwah liwat roh suci. (Kis. 2:1) Tapi bar kuwi, jumlahé dadi tambah akèh soalé ana éwonan sing dibaptis. Jemaat Kristen jumlahé dadi tambah akèh nganti saiki. Sing dadi bagéan saka jemaat Kristen jaman saiki kuwi wong-wong sing manut karo Gusti Allah. Meréka martakké ”kabar apik soal Kerajaan . . . ing kabèh wilayah ing bumi” sakdurungé ’akhir kuwi teka’.​—Mat. 24:14.

5. Pas jaman mbiyèn lan saiki, apa manfaaté bergaul karo sedulur-sedulur ing jemaat?

5 Liwat jemaat Kristen, sedulur-sedulur sing dipilih munggah swarga lan sing dadi ”domba-domba liyané” isa dikuwatké. (Yoh. 10:16) Paulus seneng banget merga ndelok sedulur-sedulur ing jemaat saling ndhukung. Dhèwèké nulis kanggo jemaat ing Roma, ”Aku péngin banget ketemu karo kowé supaya aku isa mbantu kowé dikuwatké Gusti Allah lan nggawé imanmu kuwat. Aku ya péngin ketemu kowé bèn awaké dhéwé isa padha-padha nguwatké. Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku.”​—Rm. 1:11, 12.

IBU KOTA ROMA

Pas peristiwa-peristiwa ing buku Kisah kelakon, kutha Roma kuwi kutha sing paling gedhé, terkenal, lan dadi pusat politik. Roma kuwi Ibu kota saka pamréntahan sing dhaérah kekuasaané saka Inggris tekan Afrika Utara, terus saka Samudra Atlantik tekan Teluk Pèrsia.

Ing Roma ana akèh budaya, ras, basa, lan kepercayaan. Merga dalan-dalan ing kono apik, akèh pedagang lan wong saka negara liya sing teka mrono. Ing cedhak ibu kota Roma, ana Pelabuhan Ostia. Ing pelabuhan kuwi, ana kapal-kapal sing nggawa panganan lan barang-barang méwah sing bakal diedol ing Roma.

Pas jamané para Rasul, kira-kira luwih saka sak juta sing manggon ing Roma. Mungkin, setengah saka penduduké kuwi budhak. Apa sebabé meréka dadi budhak? Mungkin merga meréka anak-anak sing diedol utawa ora diopèni wong tuwané, mungkin merga meréka dihukum soalé mbiyèné penjahat, utawa merga dadi tawanan perang. Ana wong-wong Yahudi saka Yérusalèm sing ya dadi budhaké Roma merga taun 63 SM meréka ditawan karo Jéndral Pompeius saka Roma.

Penduduk liyané akèh-akèhé mlarat. Meréka manggoné ing rumah susun lan mung ngendelké bantuan saka pamréntah. Tapi, kaisar-kaisar malah nggawé bangunan-bangunan sing megah. Misalé, meréka mbangun téater lan stadion-stadion kanggo pertunjukan, pertandingan gladiator, lan balapan kréta kuda. Kabèh wong olèh nonton hiburan kuwi gratis.

6, 7. Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo préntahé Yésus kanggo nginjil?

6 Umaté Yéhuwah jaman saiki lan jaman mbiyèn manut karo préntahé Yésus iki, ”Dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci. Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé.” Meskipun kuwi ora gampang, tapi kuwi tugas sing nyenengké.​—Mat. 28:19, 20.

7 Saiki Seksi-Seksi Yéhuwah ya manut karo préntahé Yésus kanggo nginjil lan ndadèkké murid. Mémang nginjil karo wong-wong sing basané béda-béda kuwi angèl, tapi Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggawé wacan-wacan Alkitab luwih saka 1.000 basa. Nèk njenengan teratur teka ing pertemuan ibadah lan mèlu nginjil lan ndadèkké murid, njenengan mesthi bahagia. Ngandhani wong liya soal jenengé Yéhuwah kuwi kesempatan sing luar biasa lan mung sithik sing gelem mèlu nginjil.

8. Kenapa jemaat Kristen kuwi hadiah saka Yéhuwah?

8 Yéhuwah wis nyedhiakké sedulur-sedulur sak donya bèn njenengan isa tetep setya ing akhir jaman iki. Rasul Paulus ngomong karo wong-wong Kristen ing Ibrani, ”Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting, senajan ana wong-wong sing nduwé kebiasaan kaya ngono. Ning, awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké lan luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak.” (Ibr. 10:24, 25) Jemaat Kristen kuwi hadiah saka Yéhuwah merga njenengan isa nguwatké lan dikuwatké sedulur liya. Terusa akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat. Aja nganti njenengan nganggep nèk teka ing pertemuan ibadah kuwi ora penting.

”Murid-Murid Isa Ngomong Nganggo Basa Asliné Wong-Wong Kuwi” (Kis. 2:5-13)

Murid-muridé Yésus nginjil marang wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi ing dalan sing ramé.

”Awaké dhéwé krungu wong-wong Galiléa kuwi ngomongké soal tumindaké Gusti Allah sing luar biasa nganggo basané awaké dhéwé.”—Kisah 2:11

9, 10. Apa sing diupayakké umaté Yéhuwah bèn isa nginjil karo wong-wong sing basané béda?

9 Bayangna wong-wong Yahudi lan wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi mesthi seneng banget pas ngumpul ing dina Péntakosta 33 M. Sing teka ing kono akèh-akèhé mung isa basa Yunani utawa Ibrani thok. Ning, wong-wong kuwi ngerti nèk ”murid-murid isa ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi”. (Kis. 2:6) Meréka mesthi seneng banget isa krungu kabar apik nganggo basa asliné. Mémang, jaman saiki ora ana mukjijat sing nggawé awaké dhéwé isa ngomong nganggo basa liya, tapi umaté Yéhuwah tetep isa nginjil karo wong-wong sing basané béda-béda. Kok isa? Sedulur-sedulur gelem sinau basa liya bèn isa pindhah ing jemaat liya utawa negara liya. Malah, wong-wong sing dikabari seneng merga sedulur-sedulur kuwi ngupaya sinau basané.

10 Gatèkna pengalamané Christine sing sinau basa Gujarati karo pitu sedulur liyané. Dhèwèké nyapa kanca kerjané nganggo basa Gujarati. Kancané kagèt lan péngin ngerti ngapa kok Christine sinau basa Gujarati, padahal basa Gujarati kuwi ora gampang. Akhiré Christine nyritakké alesané lan isa nyampèkké kabar apik karo kancané. Terus kancané ngomong karo Christine, ”Aku yakin kabar apik sing mbok sampèkké kuwi penting banget nganti kowé sinau basa liya.”

11. Piyé carané awaké dhéwé isa martakké kabar apik karo wong-wong sing basané béda?

11 Mémang ora kabèh isa sinau basa liya tapi awaké dhéwé isa nyampèkké kabar apik nganggo basa liya. Kok isa? Awaké dhéwé isa nggunakké aplikasi JW Language®. Ing aplikasi kuwi awaké dhéwé isa ngerti piyé carané ngejak omong-omongan wong liya sing basané béda. Awaké dhéwé ya isa sinau ngucapké salam nganggo basané wong sing dikabari bèn meréka tertarik karo kabar apik. Bar kuwi, awaké dhéwé isa nduduhké situs wèb jw.org lan vidéo-vidéo karo wacan-wacan ing basané meréka. Nèk awaké dhéwé nggunakké kabèh sing wis disedhiakké organisasi, awaké dhéwé mesthi seneng wektu nginjil. Kuwi kaya sing dirasakké murid-murid pas wong-wong saka bangsa liya ngerti nèk ”murid-murid isa ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi”.

WONG ISRAÈL ING MÉSOPOTAMIA LAN MESIR

Ing buku The History of the Jewish People in the Age of Jesus Christ (175 SM–135 M) ditulis, ”Ana keturunané wong Israèl kerajaan sepuluh suku lan kerajaan ing Yéhuda sing manggon ing Mésopotamia, Média lan Babilon. Meréka dikongkon bali manèh ing Yérusalèm karo wong Asiria lan wong Babilon.” Tapi ing Ézra 2:64, pas taun 537 SM, mung ana 42.360 wong Israèl sing bali ing Yérusalèm saka Babilon. Flavius Yosefus ngomong nèk kira-kira sakdurungé taun 100 M, isih ana puluhan èwu wong Israèl sing ”manggon ing sekitar Babilon”. Antara taun 201-500 M, keturunané wong Israèl sing manggon ing sekitar Babilon iki nulis buku sing disebut Talmud Babilon.

Ana bukti-bukti sing nduduhké nèk wong Israèl lagi manggon ing Mesir antara taun 501-600 SM. Wektu kuwi, Yérémia nyampèkké berita karo wong Israèl sing ana ing kutha-kutha Mesir, termasuk ing Mèmfis. (Yér. 44:1, cathetan ngisor) Kemungkinan, ana akèh wong Israèl sing pindhah ing Mesir wektu kebudayaan Yunani nyebar ing endi-endi. Menurut Yosefus, wong-wong Israèl kuwi termasuk masyarakat sing pertama kali teka ing Alèksandria. Suwé-suwé akèh wong Israèl sing manggon ing kono. Pas jamané para rasul, ana penulis sing jenengé Filo. Dhèwèké kuwi keturunané wong Israèl. Dhèwèké nulis nèk ana sak juta wong Israèl sing manggon ing Mesir, saka dhaérah ”pinggirané Libia tekan perbatasané Étiopia”.

”Pétrus Ngadeg” (Kis. 2:14-37)

12. (a) Apa ramalané Yoèl sing kelakon pas Péntakosta 33 M? (b) Kenapa murid-muridé Yésus ngarep-arep ramalané Yoèl kuwi kelakon?

12 ”Pétrus ngadeg”, terus ngomong karo wong akèh. (Kis. 2:14) Dhèwèké njelaské nèk mukjijat isa ngomong nganggo basa liya kuwi sakjané kaya ramalané Nabi Yoèl. Nabi Yoèl nulis, ”Aku bakal mènèhké roh suci-Ku marang wong-wong.” (Yl. 2:28) Sakdurungé munggah swarga Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aku bakal njaluk marang Bapak, lan Dhèwèké bakal mènèhi kowé penolong liyané.” Penolong sing dimaksud Yésus kuwi ”roh suci”.​—Yoh. 14:16, 17.

13, 14. Piyé Pétrus mbantu wong-wong Yahudi bèn mertobat, lan piyé awaké dhéwé niru contoné Pétrus?

13 Pétrus ngomong, ”Kabèh wong Israèl kudu bener-bener yakin nèk Gusti Allah wis nglantik Yésus, wong sing mbok patèni ing cagak kuwi, dadi Gusti lan Kristus.” (Kis. 2:36) Mémang ora kabèh sing ngrungokké Pétrus ndelok langsung Yésus dipatèni ing cagak, tapi meréka meneng waé pas Yésus dipatèni. Meskipun ngono, pas omongan karo wong Yahudi Pétrus tetep alus lan apikan. Pétrus ora nyalahké meréka tapi péngin bèn wong-wong kuwi mertobat. Apa hasilé? Wong-wong kuwi dadi ”gela banget”. Terus meréka takon, ”Aku kudu piyé?” Merga Pétrus omongané alus lan apikan, wong-wong kuwi gelem mertobat.​—Kis. 2:37.

14 Awaké dhéwé isa niru contoné Pétrus. Pas nginjil, nèk wong sing dikabari crita soal pendapaté utawa soal pandhangané sing ora sesuai Alkitab, ora perlu langsung nyalahké. Luwih apik awaké dhéwé nggolèk persamaané sik. Nèk cocog, awaké dhéwé isa mbahas Alkitab. Nèk carané awaké dhéwé nyampèkké tetep alus lan apikan, wong-wong mesthi gelem nampa kabar apik.

WONG-WONG KRISTEN ING PONTUS

Pas Péntakosta 33 M, ana wong-wong Pontus sing ngrungokké ceramahé Pétrus. Pontus kuwi ana ing sisih lor Asia Kecil. (Kis. 2:9) Kemungkinan wektu wong-wong kuwi bali ing Pontus, meréka nyritakké kabar apik ing kono. Makané, surat pertama saka Pétrus kuwi kanggo penduduk sing ”kesebar” ing Pontus.g (1 Ptr. 1:1) Pétrus nulis nèk wong-wong Pontus sengsara merga ”ngalami akèh cobaan”. (1 Ptr. 1:6) Meréka ngalami kuwi merga dadi muridé Yésus. Mungkin, meréka ditentang lan dianiaya.

Awaké dhéwé isa ngerti nèk wong-wong Pontus dianiaya saka suraté gubernur Bitinia lan Pontus sing jenengé Plinius. Suraté kuwi dikirimké ing Kaisar Trayanus. Kira-kira taun 112 M, Plinius nulis surat nèk ajaran Kristen kuwi ”nular” ing kabèh wong, ora masalah lanang apa wédok, pira umuré, utawa jabatané apa. Plinius ngongkon wong Kristen ora ngakoni Yésus lan ngutuki Yésus. Nèk ora manut, wong-wong kuwi bakal dipatèni. Tapi wong-wong Kristen sing gelem nyembah déwa-déwa, termasuk nyembah patung Trayanus, bakal dibébaské. Plinius ngomong nèk ”mung wong Kristen sejati sing ora bakal manut karo préntahé”.

g Ing basa asliné, kata ”kesebar” kuwi maksudé wong Yahudi sing pindhah ing panggonan liya. Kuwi nduduhké nèk wong-wong Pontus sing gelem dadi muridé Yésus kuwi wong Yahudi.

”Saben Wong ing Antaramu Kudu Dibaptis” (Kis. 2:38-47)

15. (a) Pétrus ngomong apa karo wong-wong, lan piyé tanggepané meréka? (b) Kok isa éwonan wong sing ngrungokké kabar apik pas Péntakosta langsung dibaptis?

15 Pas Péntakosta 33 M, Pétrus ngomong karo wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi, ”Kowé kudu mertobat. Saben wong ing antaramu kudu dibaptis.” (Kis. 2:38) Hasilé, kira-kira wong 3.000 sing dibaptis. Mungkin baptisé ing kolam-kolam ing Yérusalèm utawa ing sekitaré Yérusalèm.e Apa meréka kesusu lan ora mikir sik sakdurungé dibaptis? Saka kisah kuwi, apa iki berarti sing sinau Alkitab kudu cepet-cepet dibaptis? Terus, apa wong tuwa kudu ngongkon anak-anaké bèn cepet-cepet dibaptis? Ora. Awaké dhéwé kudu éling nèk wong-wong sing dibaptis pas Péntakosta 33 M kuwi wong-wong sing sregep sinau Kitab Suci. Sakdurungé, meréka ya dadi bagéan saka bangsa sing wis diwulang Yéhuwah. Sakliyané kuwi, meréka ya wis nduduhké iman. Buktiné meréka teka ing perayaan iki, malah ana sing teka saka panggonan sing adoh. Sakwisé meréka nduwé iman karo Yésus, meréka dibaptis lan dadi muridé Yésus.

SAPA WONG SING PINDHAH AGAMA DADI YAHUDI KUWI?

”Wong Yahudi asli” lan ”sing pindhah menyang agama Yahudi” ngrungokké ceramahé Pétrus pas Péntakosta 33 M.​—Kis. 2:10.

Pas ana masalah soal pembagian jatah panganan saben dina, salah siji sing dipilih ngurusi soal kuwi yaiku Nikolaus. Dhèwèké ”wong saka Antiokhia sing mèlu agama Yahudi”. (Kis. 6:3-5) Wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi ya dianggep wong-wong Yahudi. Kuwi merga meréka gelem nyembah Gusti Allah, manut karo Hukum Musa, ora gelem nyembah allah-allah liya, gelem disunat, lan gelem dadi bagéan saka wong-wong Israèl.

Sakwisé wong-wong Israèl dibébaské saka Babilon taun 537 SM, akèh wong sing ora manggon ing Israèl tapi agamané tetep Yahudi. Kuwi nggawé wong-wong ing dhaérah Timur Tengah lan dhaérah-dhaérah sing luwih adoh dadi ngerti kepercayaané wong Yahudi. Horatius, Seneka, lan penulis-penulis jaman mbiyèn ya nduduhké nèk akèh wong saka negara-negara liya tertarik karo agama Yahudi lan akhiré meréka pindhah agama Yahudi.

16. Apa buktiné nèk murid-muridé Yésus wektu kuwi réla berkorban?

16 Yéhuwah mberkahi wong-wong sing wektu kuwi dadi muridé Yésus. Ing buku Kisah ya dicritakké nèk ”kabèh murid sing anyar kuwi ngumpul bareng lan berbagi apa sing diduwèni. Wong-wong kuwi ngedol tanahé lan apa sing diduwèni, terus mbagi hasilé nurut kebutuhané saben wong”.f (Kis. 2:44, 45) Umaté Yéhuwah saiki mesthi péngin niru murid-muridé Yésus sing réla berkorban.

17. Apa waé syaraté bèn isa dibaptis?

17 Bèn isa dibaptis ana syarat-syaraté. Sing pertama, kudu ngerti isiné Alkitab. (Yoh. 17:3) Sing keloro, kudu mbuktèkké nèk nduwé iman karo Yéhuwah lan Yésus. Sing ketelu, kudu bener-bener mertobat. (Kis. 3:19) Sing kepapat, kelakuané kudu berubah sesuai kaya sing dikarepké Yéhuwah. (Rm. 12:2; Éf. 4:23, 24) Sakwisé ngetrapké syarat-syarat mau, wong sing dibaptis isa ndonga, janji ngabdi karo Yéhuwah, lan akhiré dibaptis.​—Mat. 16:24; 1 Ptr. 3:21.

18. Nèk wis dibaptis njenengan bersyukur merga apa?

18 Apa njenengan wis dibaptis? Nèk wis dibaptis kaya murid-muridé Yésus mbiyèn, njenengan mesthi bersyukur banget merga isa nampa roh suci lan nduwé kesempatan isa nginjil lan nglayani Yéhuwah.

a Deloken kothak ”Yérusalèm Kuwi Pusat Agama Yahudi”.

b Deloken kothak ”Ibu Kota Roma”, ”Wong Israèl ing Mésopotamia lan Mesir”, lan ”Wong-Wong Kristen ing Pontus”.

c ”Geni-geni cilik sing bentuké kaya ilat” kuwi dudu geni tenanan, tapi kuwi roh suci sing wujudé kétok kaya geni.

d Deloken kothak ”Sapa Wong sing Pindhah Agama Dadi Yahudi Kuwi?”.

e Tanggal 7 Agustus 1993, pas pertemuan internasional Seksi-Seksi Yéhuwah ing kutha Kiev, Ukraina, ana 7.402 sing dibaptis. Acara baptisané suwéné rong jam seprapat.

f Ana sing manggon ing Yérusalèm luwih suwé bèn imané luwih dikuwatké. Merga nresnani meréka, sedulur-sedulur ing Yérusalèm nyedhiakké kebutuhané meréka.​—Kis. 5:1-4.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim