MUPUK MINAT
PELAJARAN 8
Sabar
Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar.”—1 Kor. 13:4.
Conto saka Yésus
1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Yohanes 7:3-5 lan 1 Korintus 15:3, 4, 7. Terus jawaben pertanyaan iki:
Awalé, apa adhi-adhiné Yésus gelem ngrungokké Yésus? Apa buktiné?
Apa buktiné nèk Yésus ngupaya tenanan bèn akhiré Yakobus gelem nglayani Yéhuwah?
Sing Isa Dipelajari saka Yésus
2. Awaké dhéwé kudu sabar soalé ana wong-wong sing mémang butuh wektu bèn akhiré isa gelem nampa ajaran sing bener.
Carané Niru Yésus
3. Gelem nyoba akèh cara. Nèk wongé ora langsung nampa pas ditawani pelajaran Alkitab, ya aja dipeksa. Nèk situasiné cocog, isa nyetèlké vidéo utawa nduduhké artikel bèn dhèwèké ngerti kaya apa pelajaran Alkitab kuwi lan apa manfaaté.
4. Aja mbandhing-mbandhingké. Situasiné saben wong kuwi ora padha. Nèk keluarga utawa kunjungané njenengan ragu-ragu kanggo nampa pelajaran Alkitab utawa ora langsung setuju karo ajaran ing Alkitab, pikirna ngapa kok dhèwèké kaya ngono. Misalé, ’Apa dhèwèké isih angèl ninggalké ajaran tertentu saka kepercayaané mbiyèn?’ utawa ’Apa dhèwèké ngrasa tertekan merga dilarang keluarga utawa kanca-kancané?’ Kèkana wong kuwi wektu bèn isa mikirké apa sing wis njenengan omongké lan bèn isa memahami nèk isiné Alkitab mémang bener.
5. Ndonga. Njaluk bantuané Yéhuwah bèn njenengan isa terus wicaksana, semangat, lan nduwé harapan. Terus ya isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn njenengan ngerti wongé kuwi berminat tenan apa ora, lan apa kunjungané perlu dilanjutké manèh.—1 Kor. 9:26.