PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lmd pelajaran 8
  • Sabar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sabar
  • Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Conto saka Yésus
  • Sing Isa Dipelajari saka Yésus
  • Carané Niru Yésus
  • Terusa Sabar
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké Vidhéo kanggo Mulang
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Manfaat Tebusané Yésus
    Topik Liyané
  • Mikirké sing Diminati Wong Liya
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
Delok Kabèh
Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
lmd pelajaran 8

MUPUK MINAT

Yésus nemoni Yakobus sing lagi nggawé méja. Yakobus kagèt.

Yoh. 7:​3-5; 1 Kor. 15:​3, 4, 7

PELAJARAN 8

Sabar

Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar.”—1 Kor. 13:4.

Conto saka Yésus

Yésus nemoni Yakobus sing lagi nggawé méja. Yakobus kagèt.

VIDÉO: Yésus Sabar Mbantu Adhiné

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Yohanes 7:​3-5 lan 1 Korintus 15:​3, 4, 7. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1. Awalé, apa adhi-adhiné Yésus gelem ngrungokké Yésus? Apa buktiné?

  2. Apa buktiné nèk Yésus ngupaya tenanan bèn akhiré Yakobus gelem nglayani Yéhuwah?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Awaké dhéwé kudu sabar soalé ana wong-wong sing mémang butuh wektu bèn akhiré isa gelem nampa ajaran sing bener.

Carané Niru Yésus

3. Gelem nyoba akèh cara. Nèk wongé ora langsung nampa pas ditawani pelajaran Alkitab, ya aja dipeksa. Nèk situasiné cocog, isa nyetèlké vidéo utawa nduduhké artikel bèn dhèwèké ngerti kaya apa pelajaran Alkitab kuwi lan apa manfaaté.

4. Aja mbandhing-mbandhingké. Situasiné saben wong kuwi ora padha. Nèk keluarga utawa kunjungané njenengan ragu-ragu kanggo nampa pelajaran Alkitab utawa ora langsung setuju karo ajaran ing Alkitab, pikirna ngapa kok dhèwèké kaya ngono. Misalé, ’Apa dhèwèké isih angèl ninggalké ajaran tertentu saka kepercayaané mbiyèn?’ utawa ’Apa dhèwèké ngrasa tertekan merga dilarang keluarga utawa kanca-kancané?’ Kèkana wong kuwi wektu bèn isa mikirké apa sing wis njenengan omongké lan bèn isa memahami nèk isiné Alkitab mémang bener.

5. Ndonga. Njaluk bantuané Yéhuwah bèn njenengan isa terus wicaksana, semangat, lan nduwé harapan. Terus ya isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn njenengan ngerti wongé kuwi berminat tenan apa ora, lan apa kunjungané perlu dilanjutké manèh.—1 Kor. 9:26.

DELOKEN AYAT LIYANÉ

Mrk. 4:​26-28; 1 Kor. 3:​5-9; 2 Ptr. 3:9

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim