PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 Mei hlm. 20-25
  • Naséhat soal Carané Nggolèk Pasangan Hidup

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Naséhat soal Carané Nggolèk Pasangan Hidup
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NÈK AREP NGGOLÈK PASANGAN HIDUP, KUDU PIYÉ?
  • NGAMATI SIK
  • NÈK AREP MULAI PACARAN
  • CARANÉ NGUWATKÉ SEDULUR-SEDULUR SING DURUNG NIKAH
  • Naséhat soal Berpacaran Menurut Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Kudu Setya karo Bojoné
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Urip Bebojoan Kuwi Anugrah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Naséhat ing Alkitab soal Wong sing Nikah lan Ora Nikah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 Mei hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 21

LAGU 107 Niru Tresnané Yéhuwah

Naséhat soal Carané Nggolèk Pasangan Hidup

”Sapa sing isa éntuk wong wédok sing apik bèn isa didadèkké bojo? Wong wédok kuwi luwih berharga timbang watu sing berharga saka laut.”—WB. 31:10.

INTI

Pathokan ing Alkitab soal piyé bèn isa milih bojo sing apik lan piyé para sedulur ing jemaat isa ndhukung sedulur-sedulur sing durung nikah.

1-2. (a) Apa waé sing kudu dipikirké sakdurungé mulai pacaran? (b) Apa maksudé ”pacaran”? (Deloken ”Keterangan”.)

APA njenengan péngin nikah? Meskipun kuwi dudu jaminan bèn isa bahagia, ana akèh sedulur enom lan tuwa sing péngin nduwé bojo. Tapi sakdurungé pacaran, njenengan kudu akrab sik karo Yéhuwah, kudu wis déwasa lan ora kekanak-kanakan, terus ya kudu bertanggung jawab soal keuangan.a (1 Kor. 7:36) Kuwi kabèh penting bèn isa bahagia pas wis nikah.

2 Bèn isa éntuk bojo sing apik kuwi ora gampang. (WB. 31:10) Bahkan nèk misalé wis ketemu wong sing njenengan senengi, piyé carané ngandhani wong kuwi soal perasaané njenengan?b Ing artikel iki bakal dibahas apa waé sing isa diupayakké sedulur sing durung nikah kanggo nggolèk calon pasangan hidup lan mulai pacaran. Terus ya bakal dibahas piyé para sedulur ing jemaat isa ndhukung sedulur-sedulur kuwi.

NÈK AREP NGGOLÈK PASANGAN HIDUP, KUDU PIYÉ?

3. Apa waé sing kudu dipikirké nèk arep nggolèk pasangan hidup?

3 Nèk péngin nikah, bahkan sakdurungé mulai pacaran, njenengan kudu ngerti sik arep nggolèk pasangan hidup sing kaya apa. Soalé nèk ora ngono, isa waé ana wong sing sakjané cocog kanggo njenengan, tapi njenengan ora ngerti. Utawa njenengan malah pacaran karo wong sing ora cocog kanggo njenengan. Sing pasti, nèk mèh nikah, kudu karo sing wis dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. (1 Kor. 7:39) Tapi, ora kabèh sing wis dibaptis kuwi mesthi cocog dadi pasangané njenengan. Mulané pikirna: ’Aku nduwé rencana-rencana apa? Aku péngin nduwé bojo sing sifat-sifaté piyé? Apa sing tak karepké kuwi masuk akal?’

4. Soal nggolèk pasangan hidup, apa waé sing isa didongakké?

4 Nèk péngin nikah, njenengan mesthi ya ndongakké soal nggolèk pasangan hidup. (Flp. 4:6) Mémang, Yéhuwah ora janji nèk kabèh umaté mesthi éntuk pasangan hidup. Tapi, Yéhuwah perduli karo perasaan lan kebutuhané njenengan. Dhèwèké ya bakal mbantu njenengan wektu nggolèk pasangan sing cocog. Dadi, critakna karo Yéhuwah kabèh sing njenengan rasakké lan pénginké. (Mzm. 62:8) Ndongaa bèn njenengan isa sabar lan wicaksana. (Yak. 1:5) Sedulur Johnc saka Amerika Serikat nyritakké apa waé sing dhèwèké dongakké. Dhèwèké crita, ”Aku ngomong karo Yéhuwah aku nggolèk sedulur wédok sing kaya apa. Aku njaluk bèn ana kesempatan isa ketemu sedulur wédok sing kaya ngono. Aku ya njaluk Yéhuwah mbantu bèn aku isa dadi bojo sing apik.” Sedulur Tasya saka Sri Lanka crita, ”Selama aku nggolèk pasangan hidup, aku ya ndonga njaluk Yéhuwah mbantu bèn aku isa tetep bahagia, ora cilik ati, lan terus setya karo Dhèwèké.” Tapi élinga, meskipun wis suwé njenengan durung éntuk pasangan, Yéhuwah janji bakal terus ngopèni, menyayangi, lan nggatèkké njenengan.—Mzm. 55:22.

5. Bèn isa ketemu karo wong sing padha-padha sayang Yéhuwah, njenengan kudu piyé? (1 Korintus 15:58) (Deloken gambar.)

5 Ing Alkitab ana naséhat nèk awaké dhéwé kudu ”terus sibuk nindakké akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”. (Wacanen 1 Korintus 15:58.) Wektu terus sibuk nglayani Yéhuwah lan bergaul karo akèh sedulur, njenengan mesthi bakal dikuwatké. Tapi ora mung kuwi. Njenengan isa waé ketemu karo wong sing ya padha-padha semangat nglayani Yéhuwah. Njenengan mesthi ya bakal bener-bener bahagia nèk ngupayakké sing paling apik kanggo nyenengké Yéhuwah.

Gambar: 1. Sedulur wédok sing durung nikah lagi ngobrol karo sedulur lansia wektu meréka nginjil. 2. Sedulur wédok sing durung nikah kuwi lagi nyiapké panganan ing proyèk pembangunané organisasi. 3. Sedulur lanang sing durung nikah lagi ngancani pinituwa kunjungan penggembalaan ing pasangan suami istri. 4. Sedulur lanang sing durung nikah kuwi ya lagi ana ing proyèk pembangunané organisasi. Dhèwèké lagi nganggo graji mesin.

Nèk terus sibuk nglayani Yéhuwah lan bergaul karo akèh sedulur, njenengan isa waé ketemu karo sedulur sing ya péngin nikah (Deloken paragraf 5)


6. Apa sing kudu diéling-éling sedulur sing lagi nggolèk pasangan hidup?

6 Tapi élinga, aja nganti nggolèk pasangan hidup kuwi dadi sing paling penting kanggo njenengan. (Flp. 1:10) Isa bener-bener bahagia kuwi merga nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah, dudu merga nikah utawa ora. (Mat. 5:3) Malah, nèk durung nikah, njenengan isa nglayani Yéhuwah luwih akèh. (1 Kor. 7:​32, 33) Kesempatan kuwi kudu dimanfaatké tenanan. Sedulur Jessica saka Amerika Serikat sing nikah pas umuré mèh 40 taun crita, ”Wektu isih durung nikah, aku terus sibuk nginjil. Kuwi sing marakké uripku tetep bahagia lan puas meskipun sakjané aku péngin nikah.”

NGAMATI SIK

7. Sakdurungé menyatakan perasaan, ngapa kok kudu ngamati sik? (Wulang Bebasan 13:16)

7 Nah nèk njenengan wis tertarik karo wong, apa njenengan bakal langsung ngomong karo wongé? Menurut Alkitab, wong wicaksana kuwi sakdurungé bertindak mesthi nggolèk informasi sik. (Wacanen Wulang Bebasan 13:16.) Dadi, sakdurungé ngomong nèk seneng, njenengan kudu ngamati dhèwèké sik. Erwin saka Belanda ngomong, ”Aja kesusu pacaran mung merga seneng. Njenengan kudu ngamati sik wongé. Soalé, perasaan kuwi isa cepet muncul, tapi ya isa cepet ilang. Dadi, nèk ngamati sik, ora kesusu menyatakan perasaan, njenengan ora bakal mulai pacaran mung merga perasaan thok.” Nah sakwisé ngamati wongé, njenengan isa waé ndelok nèk dhèwèké ternyata ora cocog dadi bojoné njenengan.

8. Apa waé sing isa diamati? (Deloken gambar.)

8 Lha terus, ngamatiné piyé? Pas pertemuan ibadah utawa lagi kumpul-kumpul, gatèkna sifat-sifaté lan tingkah lakuné. Apa wongé ngutamakké hal-hal rohani? Kanca-kancané sapa? Dhèwèké seneng ngomongké apa? (Luk. 6:45) Apa cita-citané padha karo njenengan? Njenengan isa takon karo pinituwa ing jemaaté utawa sedulur liyané sing rohaniné apik sing kenal karo dhèwèké. (WB. 20:18) Njenengan isa takon soal réputasi lan sifat-sifaté. (Rut 2:11) Tapi pas ngamati dhèwèké, aja nganti marakké dhèwèké isin utawa risi. Njenengan kudu tetep menghargai perasaan lan privasiné.

Gambar: Sedulur wédok lan sedulur lanang sing durung nikah mau padha-padha lagi saling ngamati ing pertemuan ibadah. 1. Sing wédok ngamati sing lanang pas lagi bergaul karo suami istri lansia. 2. Sing lanang ngamati sing wédok pas lagi éntuk tugas ing pertemuan ibadah tengah pekan.

Sakdurungé menyatakan perasaan, kudu ngamati wongé sik (Deloken paragraf 7-8)


9. Sakdurungé pendekatan, njenengan kudu yakin sik soal apa?

9 Lha terus, ngamatiné nganti kapan? Nèk njenengan terlalu cepet menyatakan perasaan, mengko wong kuwi isa mikir nèk njenengan kesusu wektu nggawé keputusan. (WB. 29:20) Tapi nèk njenengan kesuwèn padahal wongé wis ngerti nèk njenengan seneng karo dhèwèké, dhèwèké isa mikir nèk njenengan wongé ora tegas. (Pkh. 11:4) Élinga, sakdurungé mulai pendekatan, njenengan kudu yakin sik nèk njenengan dhéwé wis siap kanggo nikah lan mungkin wong sing njenengan cedhaki kuwi bakal cocog dadi pasangan hidupé njenengan. Tapi ora perlu nganggep nèk njenengan kudu nikah karo wong kuwi.

10. Nèk ana sing seneng karo njenengan tapi njenengan ora, njenengan kudu piyé?

10 Tapi, piyé nèk misalé njenengan disenengi wong tapi njenengan ora seneng karo dhèwèké? Nèk mémang njenengan ora berminat kanggo pacaran karo dhèwèké, kuwi kudu kétok jelas saka sikap lan tindakané njenengan. Aja nganti marakké wong kuwi mikir nèk isa ana kemungkinan bakal pacaran karo njenengan padahal sakjané ora. Kaya ngono kuwi ora apik.—1 Kor. 10:24; Éf. 4:25.

11. Nèk njenengan dikon nggolèkké calon, apa waé sing kudu diéling-éling?

11 Ing beberapa negara ana kebiasaan nèk wong sing dianggep tuwa ing keluargané sing milihké bojo kanggo anggota keluargané sing durung nikah. Ing negara liya, keluarga utawa kancané sing bakal nggolèkké calon, terus dikenalké bèn ngerti cocog apa ora. Nèk njenengan sing dijaluki tulung kanggo nggolèkké calon, pikirna sing dibutuhké lan sing dikarepké loro-loroné. Nèk wis ana sing menurut njenengan cocog kanggo wong sing njenengan golèkké, njenengan kudu berupaya nggolèk informasi soal wong kuwi, ngerti sifat-sifaté, lan sing paling penting, ngerti sepira akrabé wong kuwi karo Yéhuwah. Sayang karo Yéhuwah kuwi luwih penting timbang jabatané, pendidikané, utawa sepira sugihé. Tapi élinga, nèk sing mengko kudu mutuské arep nikah apa ora ya meréka dhéwé, dudu njenengan.—Gal. 6:5.

NÈK AREP MULAI PACARAN

12. Piyé carané menyatakan perasaané njenengan?

12 Nah nèk wis yakin arep mulai pacaran, piyé carané menyatakan perasaan?d Njenengan isa langsung ngejak omongan wongé, isa ing panggonan umum utawa liwat télpon. Omongna sing jelas nèk njenengan seneng lan péngin luwih mengenal dhèwèké. (1 Kor. 14:9) Kèkana wektu kanggo dhèwèké mikir sik. (WB. 15:28) Nèk ternyata dhèwèké ora gelem, njenengan kudu menghargai perasaané.

13. Menurut Kolose 4:​6, nèk ana sing menyatakan perasaané karo njenengan, njenengan kudu piyé?

13 Nah, piyé nèk ana sing ngomong nèk seneng karo njenengan? Élinga nèk kanggo ngomong kuwi dhèwèké mesthi ngupaya tenanan. Makané njenengan kudu tetep apikan lan menghargai perasaané. (Wacanen Kolose 4:6.) Nèk mémang njenengan butuh wektu, ya ngomong waé. Tapi aja kesuwèn. (WB. 13:12) Nah nèk ora seneng, njenengan ya kudu ngomongké kuwi, tapi ngomongé sing jelas lan apikan. Gatèkna pengalamané Sedulur Hans saka Austria. Ana sedulur wédok sing pendekatan karo dhèwèké, tapi dhèwèké ora seneng. Hans ngomong, ”Aku ngomong apik-apik karo dhèwèké soal keputusanku. Aku langsung ngomong karo dhèwèké soalé aku ora péngin ngekèki dhèwèké harapan palsu. Terus, bar kuwi aku ya ngati-ati bèn omongan lan perbuatanku aja nganti marakké dhèwèké ngira nèk saiki aku seneng karo dhèwèké.” Tapi, nèk njenengan ya péngin luwih mengenal dhèwèké, ya ngomonga. Terus, bahasen bareng apa sing njenengan harapké saka hubungan kuwi. Soalé, bergantung karo budaya lan hal liyané, isa waé sing njenengan karepké béda karo sing dhèwèké karepké.

CARANÉ NGUWATKÉ SEDULUR-SEDULUR SING DURUNG NIKAH

14. Piyé bèn omongané awaké dhéwé isa nguwatké sedulur-sedulur sing durung nikah?

14 Para sedulur ing jemaat isa nguwatké sedulur-sedulur sing durung nikah nèk ngati-ati wektu ngomong. (Éf. 4:29) Mulané pikirna: ’Apa guyonanku marakké sedulur-sedulur sing péngin nikah dadi risi? Nèk aku ndelok sedulur lanang lan sedulur wédok sing durung nikah lagi omong-omongan, apa aku langsung nganggep nèk meréka lagi pendekatan?’ (1 Tim. 5:13) Terus, aja nganti marakké sedulur-sedulur sing durung nikah ngrasa ora dihargai mung merga durung nikah. Hans, sing disebutké mau, ngomong, ”Ana sedulur-sedulur sing ngomong, ’Kowé kok ora ndang nikah-nikah, ta? Selak tuwa lho.’ Omongan kaya ngono kuwi isa marakké meréka cilik ati lan dadi mikir nèk kudu cepet-cepet nikah.” Luwih apik nèk awaké dhéwé muji sedulur-sedulur sing durung nikah kuwi.—1 Tés. 5:11.

15. (a) Menurut Roma 15:​2, apa sing kudu diéling-éling nèk arep ngenal-ngenalké? (Deloken gambar.) (b) Apa sing isa dipelajari saka vidéo Berjuang Bèn Tetep Kuwat Imané—Sing Ora Nikah?

15 Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu mikirké perasaané wong liya. Kuwi termasuk wektu awaké dhéwé ngrasa nèk sedulur A bakal cocog kanggo sedulur B. (Wacanen Roma 15:2.) Nèk ana sedulur sing ora gelem dikenal-kenalké, awaké dhéwé aja meksa. (2 Tés. 3:11) Sing liyané mungkin ana sing gelem dikenalké. Tapi, nèk dhèwèké ora njaluk tulung karo njenengan, aja ikut campur.e (WB. 3:27) Terus ya ana sing gelem dikenalké, tapi cara ngenalkéné sesuai karo karepé dhèwèké. Sedulur Lydia saka Jerman sing durung nikah crita, ”Nggawéa waé acara kanggo kumpul-kumpul karo para sedulur bèn meréka isa ketemu lan ngobrol. Bar kuwi, meréka mèh piyé, kuwi terserah meréka.”

Sedulur wédok lan sedulur lanang sing durung nikah mau lagi ngobrol pas acara kumpul-kumpul.

Pas acara kumpul-kumpul, ana kesempatan kanggo kenalan lan ngobrol (Deloken paragraf 15)


16. Sedulur-sedulur sing durung nikah isa éling apa?

16 Ora soal wis nikah utawa durung, kabèh isa urip bahagia lan puas. (Mzm. 128:1) Dadi, nèk njenengan péngin nikah tapi durung ketemu wong sing cocog, terusa fokus nglayani Yéhuwah. Sedulur Sin Yi saka Makau ngomong, ”Mumpung saiki isih lajang, wektuné dinikmati waé lan dimanfaatké tenanan. Soalé, wektuné mung singkat nèk dibandhingké karo wektu sing bakal awaké dhéwé nikmati ing Firdaus bareng karo pasangané awaké dhéwé.” Nah, piyé nèk njenengan wis ketemu sing cocog lan mulai pacaran? Ing artikel berikuté bakal dibahas piyé bèn selama berpacaran njenengan isa nggawé keputusan sing bener.

APA JAWABANÉ?

  • Nèk arep nggolèk pasangan hidup, kudu piyé?

  • Sakdurungé menyatakan perasaan, ngapa kok kudu ngamati sik?

  • Piyé carané para sedulur ing jemaat isa nguwatké sedulur-sedulur sing durung nikah?

LAGU 137 Wong-Wong Wédok sing Kuwat Imané

a Bèn isa ngerti wis siap pacaran apa durung, deloken artikel ”Pacaran—Bagéan 1: Apa Aku Wis Siap Pacaran?”

b KETERANGAN: Ing artikel iki lan artikel berikuté, ”pacaran” kuwi maksudé wektu wong lanang lan wong wédok berusaha luwih kenal bèn isa nggawé keputusan arep nikah apa ora. Pacaran kuwi dimulai wektu wong lanang karo wong wédok ngomong nèk padha-padha senengé lan hubungan kuwi lanjut nganti meréka mutuské kanggo nikah utawa hubungané putus.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d Ing beberapa kebudayaan, biasané sing mulai pendekatan sik kuwi sing lanang. Tapi nèk sing wédok sing arep mulai pendekatan, ya ora apa-apa. (Rut 3:​1-13) Nèk péngin ngerti luwih akèh, deloken artikel ”Pertanyaan Kaum Muda . . . Bagaimana Cara Menyatakan Perasaan Saya Kepadanya?” ing Sedarlah! 22 Oktober 2004.

e Deloken vidéo Berjuang Bèn Tetep Kuwat Imané—Sing Ora Nikah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim