-
Abraham lan Sara Manut YéhuwahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 8
Abraham lan Sara Manut Yéhuwah
Ing cedhaké kutha Babèl, ana kutha sing jenengé Ur. Akèh wong ing kono ora nyembah Yéhuwah. Tapi, ana wong sing nyembah Yéhuwah. Wong kuwi jenengé Abraham.
Yéhuwah ngomong karo Abraham, ’Tinggalen omah lan sedulurmu, terus lungaa ing dhaérah sing bakal Tak duduhké.’ Bar kuwi, Yéhuwah janji, ’Kowé bakal dadi bangsa sing gedhé. Akèh wong bakal éntuk berkah liwat kowé.’
Abraham ora ngerti dikon lunga ing endi. Tapi, Abraham percaya karo Yéhuwah. Mula, Abraham, Sara, Térah, lan Lot siap-siap lunga. Térah kuwi bapaké Abraham, lan Lot kuwi ponakané.
Pas tekan ing dhaérah sing diduduhké Yéhuwah, umuré Abraham 75 taun. Dhaérah kuwi jenengé Kanaan. Ing kono, Yéhuwah janji, ’Aku bakal mènèhké dhaérah sing mbok delok iki kanggo anak-anakmu.’ Tapi, Abraham lan Sara wis tuwa, terus ya ora nduwé anak. Dadi, piyé janjiné Yéhuwah isa kelakon?
”Merga nduwé iman, Abraham manut . . . [lan] mangkat ing panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga ing endi.”—Ibrani 11:8
-
-
Akhiré Nduwé AnakAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 9
Akhiré Nduwé Anak
Abraham lan Sara wis suwé nikah. Wong loro kuwi wis ninggalké omahé sing nyaman ing kutha Ur. Saiki, wong loro kuwi manggon ing téndha. Tapi, Sara ora protès. Sara ngerti nèk manut karo Yéhuwah kuwi mesthi ana manfaaté.
Sara péngin banget nduwé anak. Sara ngomong karo Abraham, ’Nèk kowé nduwé anak karo Hagar pembantuku, anak kuwi bakal tak anggep dadi anakku dhéwé.’ Akhiré, Hagar nduwé anak lanang. Bocah kuwi dijenengi Ismaèl.
Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, ana tamu sing teka. Tamuné kuwi ana telu. Wektu kuwi umuré Abraham 99 taun lan umuré Sara 89 taun. Tamuné kuwi dikon istirahat ing ngisor wit karo disuguhi panganan. Kowé ngerti ora sapa tamuné? Tamuné kuwi malaékat. Para malaékat kuwi ngomong, ’Taun ngarep kowé lan bojomu bakal nduwé anak lanang.’ Sara ngrungokké saka njero téndha. Dhèwèké ngguyu karo mikir, ’Aku kan wis tuwa, mosok isa nduwé anak?’
Kaya janjiné malaékaté Yéhuwah, taun ngarepé Sara nglairké anak lanang. Abraham njenengi bocah kuwi Ishak, sing artiné ”Ngguyu”.
Wektu umuré Ishak limang taun, Sara nggatèkké nèk Ishak terus-terusan diécé Ismaèl. Kanggo nglindhungi anaké, Sara njaluk Abraham ngusir Hagar lan Ismaèl. Awalé, Abraham ora gelem. Tapi, Yéhuwah ya péngin nglindhungi Ishak. Mula, Yéhuwah ngomong, ’Rungokna omongané Sara merga janjiku bakal kelakon liwat Ishak. Mengko Ismaèl ya bakal tetep tak opèni.’
”Merga nduwé iman, Sara meteng . . . merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing mènèhi janji kuwi setya.”—Ibrani 11:11
-