PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Élinga Bojoné Lot
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Bojoné Lot dadi patung uyah, tapi Lot lan anak-anaké mlayu saka Sodom

      PELAJARAN 10

      Élinga Bojoné Lot

      Abraham manggon ing Kanaan bareng ponakané sing jenengé Lot. Ternaké Abraham lan Lot tambah akèh. Mula, Abraham ngomong karo Lot, ’Dhaérah iki kétoké wis ora cukup manèh nèk dienggoni keluargamu lan keluargaku. Saiki kowé miliha dhisik arep lunga ing endi. Mengko aku bakal lunga ing dhaérah liyané.’ Abraham apikan banget, ta?

      Lot ndelok ana dhaérah sing subur ing cedhak kutha Sodom. Dadi, Lot milih dhaérah kuwi lan manggon ing kono bareng keluargané. Tapi, Lot lan keluargané akhiré pindhah ing kutha Sodom.

      Ing cedhak Sodom, ana kutha sing jenengé Gomora. Wong-wong ing Sodom lan Gomora jahat banget. Mula, Yéhuwah arep ngukum wong-wong kuwi. Tapi, Yéhuwah péngin nylametké Lot lan keluargané. Yéhuwah ngongkon malaékat loro ngandhani Lot lan keluargané, ’Cepet! Metua saka kutha iki. Yéhuwah bakal ngremuk kutha iki.’

      Lot ora ndang cepet-cepet lunga saka kono. Mula, para malaékat kuwi nyekel tangané Lot, bojoné Lot, lan anaké wédok loro, terus nggawa wong-wong kuwi metu saka kutha. Para malaékat kuwi ngomong, ’Mlayua! Lungaa bèn slamet! Aja ndelok mburi. Nèk ndelok mburi, kowé mengko mati.’

      Ana udan geni lan belérang ing Sodom lan Gomora

      Wektu Lot lan keluargané tekan kutha Zoar, Yéhuwah ngukum wong-wong ing Sodom lan Gomora nganggo udan geni lan belérang. Loro kutha kuwi hancur. Merga manut Yéhuwah, Lot lan anak-anaké slamet. Tapi, bojoné Lot ora manut Yéhuwah. Dhèwèké ndelok mburi, terus dadi patung uyah. Lot lan anak-anaké mesthi sedhih banget. Awaké dhéwé sinau nèk manut préntahé Yéhuwah kuwi penting banget.

      ”Élinga bojoné Lot.”​—Lukas 17:32

      Pertanyaan: Kenapa Yéhuwah ngukum wong-wong ing Sodom lan Gomora? Kenapa bojoné Lot dadi patung uyah?

      Purwaning Dumadi 13:1-13; 19:1-26; Lukas 17:28, 29, 32; 2 Pétrus 2:6-9

  • Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Abraham lan Ishak lunga ing Moria

      PELAJARAN 11

      Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?

      Abraham mulang Ishak bèn sayang karo Yéhuwah lan percaya kabèh janjiné. Wektu umuré Ishak kira-kira 25 taun, Yéhuwah mènèhi Abraham préntah sing ora gampang dilakoni. Apa préntahé?

      Yéhuwah ngongkon Abraham, ’Ajaken anakmu munggah gunung ing Moria, terus korbanké anakmu ing kana.’ Abraham ora ngerti kenapa Yéhuwah ngongkon dhèwèké ngorbanké Ishak. Tapi, Abraham tetep manut Yéhuwah.

      Sésuké, Abraham ngejak Ishak lan pembantuné loro lunga ing Moria wektu isih ésuk. Sakwisé telung dina, gunungé wis mulai kétok saka kadohan. Abraham ngongkon pembantuné ngentèni ing kono. Terus, Abraham lan Ishak lunga kanggo mènèhké korban ing gunung. Abraham nggawa pisau, lan Ishak dikon nggawa kayu bakar. Ishak takon, ’Endi domba sing arep dikorbanké, Pak?’ Abraham njawab, ’Mengko bakal diwènèhi Yéhuwah, Lé.’

      Wektu wis tekan gunung, Abraham lan Ishak nggawé mézbah. Bar kuwi, Abraham nalèni tangan lan sikilé Ishak. Terus, Ishak didèlèhké ing dhuwuré mézbah.

      Ishak ditalèni ing ndhuwur mézbah, lan Abraham nyekel pisau

      Abraham njupuk pisauné. Wektu kuwi, malaékaté Yéhuwah ngomong saka swarga, ’Abraham, anakmu aja mbok apak-apakké. Saiki aku ngerti nèk kowé nduwé iman karo Yéhuwah. Buktiné kowé gelem ngorbanké anakmu.’ Bar kuwi, Abraham ndelok ana domba sing sunguné nyangkut ing semak-semak. Abraham langsung nguculi tali ing tangan lan sikilé Ishak. Terus, dhèwèké ngorbanké domba kuwi.

      Mulai dina kuwi, Yéhuwah nyebut Abraham sahabaté. Kowé ngerti ora kenapa? Abraham tetep manut senajan ora mudheng kenapa Yéhuwah ngongkon dhèwèké kaya ngono.

      Abraham nguculi tali ing tangané Ishak

      Yéhuwah mbalèni janjiné karo Abraham manèh, ’Aku bakal mberkahi kowé. Aku ya bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget.’ Yéhuwah ya janji nèk liwat keturunané Abraham, kabèh wong sing manut bakal éntuk berkah.

      ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.”​—Yohanes 3:16

      Pertanyaan: Apa buktiné Abraham nduwé iman karo Yéhuwah? Yéhuwah janji apa karo Abraham?

      Purwaning Dumadi 22:1-18; Ibrani 11:17-19; Yakobus 2:21-23

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim