PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w20 Februari hlm. 8-13
  • Awaké Dhéwé Sayang karo Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Awaké Dhéwé Sayang karo Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TETEPA AKRAB KARO YÉHUWAH
  • BUKTÈKNA RASA SAYANGÉ NJENENGAN
  • BANTUNEN WONG LIYA BÈN SAYANG KARO YÉHUWAH
  • BAHAGIA MERGA SAYANG KARO YÉHUWAH
  • Yéhuwah Kuwi Bapak sing Sayang karo Awaké Dhéwé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Terus Sayang karo Yéhuwah lan Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Tetep Cedhak karo Yéhuwah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Katresnané Gusti Allah Kuwi Saklawasé
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
w20 Februari hlm. 8-13

ARTIKEL PELAJARAN 7

Awaké Dhéwé Sayang karo Yéhuwah

”Kita nresnani, merga Panjenengané luwih dhisik nresnani kita.”​—1 YOH. 4:19.

LAGU 3 Kekuwatan, Pangarep-arep, Percayaku

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1-2. Apa sebabé Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi keluargané, lan piyé carané bèn kuwi isa kelakon?

YÉHUWAH péngin awaké dhéwé isa dadi keluargané. Kuwi kesempatan sing luar biasa. Awaké dhéwé wis nggawé janji ngabdi lan nduduhké iman karo korban tebusané Yésus. Awaké dhéwé ya bahagia merga ngerti tujuan urip lan nduwé harapan urip saklawasé, ing bumi utawa ing swarga.

2 Merga sayang karo awaké dhéwé, Yéhuwah péngin awaké dhéwé isa dadi keluargané. Bèn kuwi isa kelakon, Yéhuwah nggawé pengorbanan sing gedhé. (Yoh. 3:16) Awaké dhéwé ”dituku nganggo rega sing larang”. (1 Kor. 6:20) Yéhuwah mènèhké Yésus kanggo dadi tebusan bèn awaké dhéwé isa akrab karo Dhèwèké. Awaké dhéwé dadi nduwé kesempatan sing luar biasa merga isa nganggep Sing Mahakuwasa kuwi Bapaké awaké dhéwé. Apa manèh, kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, Yéhuwah kuwi Bapak sing paling apik.

3. Pitakonan apa waé sing mungkin awaké dhéwé pikirké? (Deloken kothak ”Apa Yéhuwah Nggatèkké Aku?”)

3 Kaya salah siji penulis Alkitab, awaké dhéwé mungkin takon, ”Kang dakgawé piwales apa marang Sang Yéhuwah, tumrap ing sakèhé sih-kadarmané marang aku?” (Ms. 116:12) Jawabané yaiku awaké dhéwé ora bakal isa mbales apa sing wis diwènèhké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé isa nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah. Rasul Yohanes nulis, ”Kita nresnani, merga Panjenengané luwih dhisik nresnani kita.” (1 Yoh. 4:19) Piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah?

Apa Yéhuwah Nggatèkké Aku?

Wong wédok sing lagi ngadeg ing dalan lan ana wong-wong sing lagi mlaku.Terus dhèwèké ndelok dhuwur lan mikir ’Apa Gusti Allah nggatèkké aku?

Njenengan mungkin tau mikir, ’Ing donya iki kan ana akèh wong. Terus, kenapa Yéhuwah gelem nggatèkké aku?’ Sakjané, ora mung njenengan sing tau mikir kaya ngono. Raja Daud ya tau ngomong, ”Dhuh Yéhuwah, manungsa punika punapa ta, déné kok Paduka gatosaken, punapadéné anaking manungsa, déné kok Paduka galih?” (Ms. 144:3) Daud yakin nèk Yéhuwah nggatèkké Daud. (1 Bb. 17:16-18) Liwat Alkitab lan organisasiné, Yéhuwah nggawé njenengan yakin nèk Dhèwèké ngerti apa waé sing wis njenengan tindakké kanggo nduduhké katresnan marang Dhèwèké. Ana ayat-ayat Alkitab sing isa mbantu njenengan yakin nèk Yéhuwah nggatèkké njenengan:

  • Yéhuwah wis nggatèkké njenengan sakdurungé njenengan lair.​—Ms. 139:16.

  • Yéhuwah ngerti pikiran lan perasaané njenengan.​—1 Bb. 28:9.

  • Yéhuwah nggatèkké dongané njenengan.​—Ms. 65:3.

  • Tumindaké njenengan kuwi ana pengaruhé karo perasaané Yéhuwah.​—WB. 27:11.

  • Yéhuwah sing narik njenengan kanggo dadi umaté.​—Yoh. 6:44.

  • Senajan njenengan mati, Yéhuwah isa nguripké njenengan manèh merga Dhèwèké ngerti banget soal njenengan. Dhèwèké bakal nggawèkké badan sing anyar lan mbalèkké pikirané njenengan. Njenengan bakal nduwé pikiran lan sipat sing padha.​—Yoh. 11:21-26, 39-44; Kis. 24:15.

TETEPA AKRAB KARO YÉHUWAH

Kumpulan gambar: 1. Sedulur wédok lagi ndonga lan ana Alkitabé sing kebukak ing sebelahé. 2. Sedulur lanang enom nolak wektu ditawani rokok karo kanca sak kelasé 3. Sedulur lanang nduduhké selebaran karo wong sing dodolan panganan.

Awaké dhéwé isa nduduhké rasa sayangé awaké dhéwé karo Yéhuwah nèk kerep ndonga, manut karo Yéhuwah, lan mbantu wong liya bèn sayang karo Yéhuwah (Deloken paragraf 4-14)

4. Nurut Yakobus 4:8, apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya nyedhak karo Yéhuwah?

4 Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyedhak lan isa komunikasi karo Dhèwèké. (Wacanen Yakobus 4:8.) Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé terus ndonga, lan Dhèwèké mesthi ngrungokké dongané awaké dhéwé. (Rm. 12:12) Terus, awaké dhéwé isa ngrungokké Yéhuwah wektu maca Alkitab lan publikasi-publikasi sing isa mbantu awaké dhéwé luwih paham isiné Alkitab. Awaké dhéwé ya isa ngrungokké Yéhuwah wektu nggatèkké acara ing perhimpunan. Kaya bocah sing isa akrab karo wong tuwané merga terus komunikasi, awaké dhéwé ya isa akrab karo Yéhuwah nèk nindakké sing padha.

 Sedulur wédok lagi ndonga lan ana Alkitabé sing kebukak ing sebelahé

Deloken paragraf 5

5. Apa sing kudu njenengan pikirké soal dongané njenengan?

5 Pikirna dongané njenengan. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyritakké kabèh sing awaké dhéwé rasakké liwat donga. (Ms. 62:9) Awaké dhéwé isa mikirké pitakonan iki: ’Apa dongaku mung dibolan-balèni waé, kaya surat sing difotokopi, utawa apa dongaku saka ati, kaya surat sing ditulis tangan lan dipikirké tenanan?’ Njenengan mesthi sayang banget karo Yéhuwah lan péngin tetep akrab karo Dhèwèké. Bèn isa nindakké kuwi, njenengan kudu terus komunikasi karo Yéhuwah. Critakna kabèh sing njenengan rasakké, klebu rasa seneng lan rasa kuwatiré njenengan. Awaké dhéwé isa yakin nèk awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah.

6. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké bèn isa tetep akrab karo Yéhuwah?

6 Bèn tetep akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus nduwé rasa maturnuwun. Awaké dhéwé mesthi setuju karo sing nulis kitab Jabur. Dhèwèké ngomong, ”Dhuh Yéhuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang èlok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya, boten wonten ingkang saged kajèjèraken kaliyan Paduka. Kaèlokan Paduka badhé kawula cariyosaken saha kawula ucapaken, nanging manawi kaètang kakathahen sanget cacahipun.” (Ms. 40:6) Awaké dhéwé ora mung nduwé rasa maturnuwun, ning ya kudu nduduhké kuwi liwat omongan lan tumindaké awaké dhéwé. Kuwi sing mbédakké awaké dhéwé saka wong-wong ing jaman saiki. Wong-wong ing jaman saiki ora nduwé rasa maturnuwun karo Gusti Allah. Malah, salah siji bukti nèk awaké dhéwé urip ing ”dina-dina pungkasan” yaiku wong-wongé ora nduwé rasa maturnuwun. (2 Tim. 3:1, 2) Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya ngono.

7. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nindakké apa, lan apa sebabé?

7 Kaya wong tuwa sing péngin anaké padha rukun, Yéhuwah ya kaya ngono. Yéhuwah péngin awaké dhéwé sayang karo wong liya. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé kebukti dadi wong Kristen sejati. (Yoh. 13:35) Awaké dhéwé mesthi setuju karo sing nulis kitab Jabur. Dhèwèké ngomong, ”Saiba prayoga lan éndahé, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.” (Ms. 133:1) Nèk sayang karo sedulur seiman, awaké dhéwé mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah. (1 Yoh. 4:20) Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga nduwé sedulur-sedulur sing ”apikan karo siji lan sijiné, [lan] nduwé welas asih”.—Éf. 4:32.

BUKTÈKNA RASA SAYANGÉ NJENENGAN

 Sedulur lanang enom nolak wektu ditawani rokok karo kanca sak kelasé.

Deloken paragraf 8

8. Nurut 1 Yohanes 5:3, apa alesan utamané awaké dhéwé manut karo Yéhuwah?

8 Yéhuwah péngin bocah-bocah manut karo wong tuwané. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé manut karo Dhèwèké. (Éf. 6:1) Awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah merga Dhèwèké kuwi Pencipta, Bapak sing paling wicaksana, lan sing nyukupi kebutuhané awaké dhéwé. Ning, alesan utamané awaké dhéwé manut karo Yéhuwah kuwi merga awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké. (Wacanen 1 Yohanes 5:3.) Senajan ana akèh alesan sing nggawé awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah, ning Dhèwèké ora meksa awaké dhéwé nindakké kuwi. Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kebébasan kanggo milih. Mula, Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé ora kepeksa wektu milih kanggo manut karo Dhèwèké.

9-10. Apa sebabé manut aturané Yéhuwah kuwi penting?

9 Wong tuwa péngin anaké ora cilaka. Mula, wong tuwa mènèhi aturan kanggo nglindhungi anaké. Wektu manut aturan kuwi, bocah-bocah nduduhké nèk percaya lan ngajèni wong tuwané. Yéhuwah ya nduwé aturan lan péngin awaké dhéwé manut karo aturan kuwi. Wektu manut aturan kuwi, awaké dhéwé nduduhké nèk ngajèni lan sayang karo Yéhuwah, lan awaké dhéwé ya isa ngrasakké manfaaté. (Yé. 48:17, 18) Ning, wong-wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah bakal ngalami kesusahan.​—Gal. 6:7, 8.

10 Nèk manut aturané Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tetep séhat, ora ngrasa bersalah, lan tetep nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. Yéhuwah ngerti apa sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Ana sedulur wédok saka Amerika Serikat sing jenengé Aurora ngomong, ”Awaké dhéwé mesthi bakal bahagia nèk manut karo Yéhuwah.” Kuwi pancèn bener. Apa njenengan ya wis tau ngrasakké manfaaté?

11. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ndonga?

11 Nèk ndonga, awaké dhéwé isa dibantu kanggo manut, khususé wektu keadaané angèl. Kadhang kala, awaké dhéwé angèl manut karo Yéhuwah, ning awaké dhéwé kudu terus nglawan kuwi. Awaké dhéwé isa niru sing nulis kitab Jabur. Dhèwèké ngomong, ”Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhé netepi angger-angger Paduka, badhé kawula èstokaken [utawa, tindakké] klayan gumolonging manah.” (Ms. 119:34) Salah siji perintis biasa sing jenengé Denise ngomong, ”Wektu aku kangèlan nindakké salah siji préntahé Yéhuwah, aku ndonga bèn isa nindakké sing bener.” Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal njawab donga sing kaya ngono.​—Luk. 11:9-13.

BANTUNEN WONG LIYA BÈN SAYANG KARO YÉHUWAH

12. Nurut Éfésus 5:1, apa sing kudu awaké dhéwé upayakké?

12 Wacanen Éfésus 5:1. Awaké dhéwé ngupaya niru Yéhuwah merga awaké dhéwé kuwi ”anak-anak sing ditresnani” Yéhuwah. Kanggo niru Yéhuwah, awaké dhéwé ngupaya dadi wong sing apikan lan seneng ngapura. Nèk wong sing durung kenal karo Yéhuwah ndelok tumindak apiké awaké dhéwé, wong-wong kuwi mungkin dadi péngin kenal karo Yéhuwah. (1 Ptr. 2:12) Wong tuwa ya kudu niru Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, bocah-bocah mungkin ya péngin dadi kancané Yéhuwah.

Sedulur lanang nduduhké selebaran karo wong sing dodolan panganan.

Deloken paragraf 13

13. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa kendel?

13 Bocah biasané bangga karo bapaké lan seneng nyritakké soal bapaké. Awaké dhéwé ya ngono. Awaké dhéwé bangga karo Yéhuwah lan péngin bèn wong liya isa kenal karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ngrasakké apa sing dirasakké karo Raja Daud. Dhèwèké ngomong, ”Marga saka Sang Yéhuwah nyawaku rumangsa mulya.” (Ms. 34:3) Ning, piyé nèk awaké dhéwé kuwi wongé isinan? Piyé carané bèn awaké dhéwé isa kendel? Awaké dhéwé isa kendel nèk mikirké rasa seneng sing isa awaké dhéwé rasakké merga nggawé Yéhuwah seneng. Terus, awaké dhéwé ya isa kendel nèk mikirké rasa seneng merga isa mbantu wong liya sinau soal Dhèwèké lan éntuk manfaat saka kuwi. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa kendel. Dhèwèké wis nggawé umaté ing abad pertama dadi kendel. Mula, Yéhuwah ya bakal nindakké sing padha karo awaké dhéwé.​—1 Tés. 2:2.

14. Apa alesané awaké dhéwé nginjil?

14 Yéhuwah kuwi ora mbédak-mbédakké wong, lan péngin bèn awaké dhéwé ya nduduhké katresnan karo kabèh wong. (Kis. 10:34, 35) Salah siji carané awaké dhéwé isa nindakké kuwi yaiku nginjil marang kabèh wong. (Mat. 28:19, 20) Apa manfaaté? Kuwi isa mbantu wong sing ngrungokké nggawé perubahan lan akhiré éntuk harapan urip saklawasé ing Firdaus.​—1 Tim. 4:16.

BAHAGIA MERGA SAYANG KARO YÉHUWAH

15-16. Apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé bahagia?

15 Yéhuwah kuwi Bapak sing sayang karo umaté. Dadi, Dhèwèké péngin umaté bahagia. (Yé. 65:14) Senajan ngadhepi akèh masalah, awaké dhéwé nduwé akèh alesan kanggo bahagia. Contoné, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa ngerti wulangan sing bener saka Alkitab. (Ym. 15:16) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya dadi bagéan saka keluargané Yéhuwah sing anggotané sayang karo Yéhuwah, manut karo Dhèwèké, lan padha-padha nresnani.​—Ms. 106:4, 5.

16 Awaké dhéwé isa tetep bahagia merga yakin nèk keadaané bakal dadi luwih apik ing masa depan. Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kejahatan lan Kratoné Allah bakal nggawé bumi iki dadi firdaus manèh. Merga ana harapan kebangkitan, awaké dhéwé isa ketemu manèh karo wong-wong sing wis mati. (Yoh. 5:28, 29) Keadaané mesthi bakal nyenengké banget. Sing paling penting, awaké dhéwé isa yakin nèk ing masa depan kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi bakal nyembah lan muji Bapak Yéhuwah.

APA SEBABÉ AWAKÉ DHÉWÉ KUDU . . .

  • kerep ndonga?

  • manut karo Yéhuwah?

  • nginjil?

LAGU 12 Yéhuwah, Allah Sing Mahaluhur

a Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé. Dhèwèké ya mbantu awaké dhéwé bèn isa dadi keluargané. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin nduduhké nèk sayang karo Yéhuwah. Ning, piyé carané? Artikel iki bakal ngrembug kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim