PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 108
  • Apa Terkenal ing Média Sosial Kuwi Penting?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Terkenal ing Média Sosial Kuwi Penting?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa bahayané dadi terkenal?
  • Apa kowé ngapusi bèn isa terkenal?
  • Apa followers lan likes kuwi penting?
  • Sapa Kancamu ing Internèt?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 1: Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 2: Ngajari Anak Bèn Ngati-ati Pas Nganggo Média Sosial
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 108
Cah wédok sing lagi senyum merga éntuk 85 likes ing média sosialé.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Terkenal ing Média Sosial Kuwi Penting?

Cah enom sing jenengé Elaine ngomong, ”Aku iri karo kanca sekolahku. Dhèwèké terkenal merga nduwé akèh followers (kanca ing média sosial).”

Apa kowé pernah ngrasa kaya ngono? Nèk iya, apa sing dibahas ing artikel iki bakal mbantu kowé.

  • Apa bahayané dadi terkenal?

  • Apa kowé ngapusi bèn isa terkenal?

  • Apa followers lan likes kuwi penting?

  • Apa kowé kétoké rendah hati ning sakjané sombong?

Apa bahayané dadi terkenal?

Wulang Bebasan 22:1 kandha, ”mendhing nduwé réputasi sing apik timbang nduwé harta sing akèh.” Dadi, péngin disenengi wong liya lan nduwé réputasi sing apik kuwi wajar.

Ning, péngin disenengi wong liya isa nggawé kowé péngin dadi terkenal. Kuwi ana bahayané. Onya sing umuré 16 taun ngomong,

”Aku pernah ndelok wong sing nékad. Wong kuwi lompat saka lantai loro sekolahku mung merga péngin terkenal.”

Bèn terkenal ana wong-wong sing ngrekam kelakuané sing anèh-anèh lan di-posting ing média sosial. Ana cah-cah enom sing ngrekam pas dhèwèké mangan détergén utawa kapsul sing isiné racun. Padahal kuwi bahaya banget.

Alkitab kandha: ”Aja seneng . . . sombong.”​—Filipi 2:3, Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar.

Kanggo dipikirké:

  • Apa terkenal ing média sosial kuwi penting kanggo kowé?

  • Apa kowé bakal nindakké sing bahaya bèn terkenal?

    Kandhané kanca-kancamu

    Leianna.

    ”Péngin terkenal kuwi bahaya nèk kowé nindakké apa waé bèn isa terkenal. Aja nganti kowé nindakké sing salah mung merga péngin terkenal. Kowé bakal nyesel.”​—Leianna.

Apa kowé ngapusi bèn isa terkenal?

Akèh cara bèn terkenal, kadhang ora perlu nindakké sing bahaya. Erica sing umuré 22 taun ngomong,

”Ana sing posting akèh foto lan kétok nduwé akèh kanca. Kuwi nggawé wong liya mikir nèk dhèwèké terkenal.”

Ana wong-wong sing ngapusi bèn kétok terkenal. Cara sing umuré 15 taun ngomong,

”Ana wong-wong sing kétoké foto ing pésta padahal ora.”

Matthew sing umuré 22 taun ya tau kaya ngono,

”Aku posting foto lan lokasiné tak tulis Gunung Everest. Padahal aku durung pernah mrono.”

Alkitab kandha: ”Terus dongakna aku, merga aku yakin nèk aku nduwé hati nurani sing resik, lan aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”​—Ibrani 13:18.

Kanggo dipikirké:

  • Apa kowé pernah ngapusi bèn terkenal ing média sosial?

  • Saka sing mbok posting, wong liya isa ngerti apa soal kowé?

    Kandhané kanca-kancamu

    Hannah.

    ”Ana wong-wong sing nindakké apa waé bèn isa luwih disenengi. Tapi, apa kowé péngin disenengi wong-wong merga omongan, pakaian, lan barang-barangmu? Utawa merga kowé nduwé sipat-sipat sing apik? Disenengi karo akèh wong pancèn isa nggawé kowé seneng, tapi kuduné kowé luwih bangga nèk wong-wong seneng karo sipatmu.”​—Hannah.

Apa followers lan likes kuwi penting?

Akèh wong mikir bakal terkenal nèk nduwé akèh followers lan likes. Matthew pernah ngrasa kaya ngono,

”Aku takon karo wong-wong, ’Followersmu ana pira?’ utawa ’Pira sing nge-likes postinganmu?’ Bèn followersku tambah akèh, aku follow wong-wong sing ora tak kenal. Média sosial nggawé aku dadi péngin luwih terkenal.”

Kumpulan gambar: 1. Cah wédok sing lagi senyum merga ndelok likes ing média sosialé. 2. Cah wédok lagi mangan permén. 3. Cah wédok sing kétok nesu.

Terkenal ing média sosial kuwi kaya makanan cepat saji. Kuwi nyenengké ning ana bahayané

Maria sing umuré 25 taun ngomong nèk ana wong-wong sing mikir followers lan likes kuwi penting banget,

”Ana wong wédok sing ngrasa èlèk merga mung sithik sing nge-likes fotoné. Akèh wong ngrasa kaya ngono. Padahal kuwi ora bener. Kuwi padha waé kaya kowé ngécé awakmu dhéwé.”

Alkitab kandha: ”Aja nganti awaké dhéwé sombong, saingan, utawa iri karo liyané.”​—Galatia 5:26.

Kanggo dipikirké:

  • Apa média sosial nggawé kowé mbandhing-mbandhingké awakmu karo wong liya?

  • Nurutmu luwih penting nduwé followers apa nduwé sahabat?

    Kandhané kanca-kancamu

    Joshua.

    ”Péngin disenengi wong liya kuwi wajar. Ning, kuwi bahaya nèk kowé nganti nindakké apa waé bèn terkenal lan mung mikirké piyé carané bèn wong liya seneng karo kowé.”​—Joshua.

Apa kowé kétoké rendah hati ning sakjané sombong?

Apa kowé pernah ndelok wong-wong sing kétoké rendah hati ning sakjané sombong?

  • ”Bar aku tuku mobil anyar, akèh sing péngin mélu mobilku.”

  • ”Aku jèngkèl merga akèh sing terus-terusan ngomong nèk saiki aku langsing.”

Wong-wong kuwi kétoké rendah hati ning sakjané sombong.

Bahayané: Wong-wong bakal ngerti nèk sakjané kowé mung éthok-éthok rendah hati. Kuwi nggawé wong-wong tambah ora seneng karo kowé.

Dadi, aja nganti kowé kaya ngono ing média sosial. Ing Alkitab ana naséhat, ”Bèn wong liya waé sing muji kowé, dudu saka omonganmu dhéwé.

Bèn wong liya waé, dudu kowé dhéwé.”​—Wulang Bebasan 27:2.

Kesimpulan: Piyé carané bèn kowé ora nduwé kepénginan kanggo terkenal ing média sosial?

  • Apa sing mbok posting kudu nduduhké kaya apa kowé sing saktenané.

  • Kowé kudu jujur ing média sosial.

  • Aja nganggep nèk followers lan likes kuwi sing paling penting.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim